Anda di halaman 1dari 9

ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA

DISUSUN OLEH :
NAMA : ERY EKA S.
NO
: 13
KELAS : XII. IPS 1

SMA N MOJOGEDANG
KABUPATEN KARANGANYAR
TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015

PURWAKA

Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha
asih, ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya.
Saengga kita saged ngrampungaken makalah ingkang dipun kangge mata kuliah
bahasa jawa.
Makalah punika ngrembag babagan Pranatacara Temanten. Wonten makalah
babagan pinika, kita ngrampungaken miturut bab piwulangan ingkang dipun aturan.
Kita sedaya dipun ndamel makalah punika, ingkang kamampuan kita. Kita
mangertos menawi makalah punika mboten tansah sae. Amergi punika kita dipun
nywun kritik lan saran sedaya pihak ingkang kagungan sifat mbangun.
Cekap semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang
sampun kaggungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal
ngantos ing pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi rindha ing sedaya usaha.
Amin.

Panganggit

DAFTAR ISI

COVER ..........................
1
PURWAKA ...............
2
DAFTAR ISI ..............
3
ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA ....................
4

LAMARAN .............

4
SIRAMAN ............

4
MIDODARENI ................

5
SRAH-SRAHAN .................

5
UPACARA PANGGIH ........

6
BALANGAN SURUH .............

6
WIJI DADI ...................

6
PUPUK .....................................
7

SINDURAN .........................

7
TIMBANG ...................

7
KACAR KUCUR .................................

7
DAHAR KLIMAH ...............................

8
MERTUI ...................................

8
SUNGKEMAN .............................

8
KENDUREN ........................................................
8

ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA


Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe
rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana
sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
4

Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi
sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten
putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga
diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane :

Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng
daleme calon penganten putri.
Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa
kaluarga manten putri setuju yen putrine
didaeake pasangan urip calon penganten
kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian
kanggo nento'ake dina utawa tanggal
penyelenggaraan
rangkeyan
upacara
lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang
kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten.
Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung
ijab kabul lan dilako'ake neng umah masingmasing calon manten, umume neng bagian
umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan
umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga
pemaes.

Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku,
kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo
pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
5

Neng acara iki penganten putri ora metu


saka kamar wiwit jam 6 sore nganti
tengah wengi lan dikancani dening
sedulur-sedulur putrine sing ngancani
sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara
neng wengi midodaren iki seje-seje neng
saben

dhaerah,

kadhang

ana

sing

barengake karo acara peningsetan lan


srah srahan.

Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan
biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.
Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku
sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal
dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

Ijab kabul
Upacara panggih

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah) dileksanakake acara Panggih, ing acara iki
kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah
sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih)
karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara : balang suruh, Wiji dadi, Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

Upacara balangan suruh


Upacara balang suruh minongko perlambang
sih katresnan

lan kasetian ing antarane

penganten kakung lan putri.

Upacara wiji dadi


Penganten kakung ngidak endog pitik nganti
pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki
sikil/ampeyane penganten kakung nganggo
banyu

kembang.

Upacara

iki

minongko

perlambang sawijining kepala keluarga sing


tanggung jawab mring keluarga.

Pupuk
7

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu


kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane
kulawargo.

Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minongko tondho pinanganten
sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng
pangkonane

Bapake

penganten

putri,

minongko perlambang sih katresnane wong


tuwo marang anak lan mantu soho besan.

Kacar-kucur
Kacar-kucur

wujud

dhuwit

logam,

beras

lan

uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane


penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

Dahar Klimah
8

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan


minongko perlambang pinanganten sak kloron
arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong
tuwane penganten kakung neng ngarep omah
lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu
marang wong tuwa.

Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak
acara pengantenan, uga kadang diarani
resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan
iki nduwe makna upacara selametan,
selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul
wis rampung diselenggaraake.
Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga
kabeh sing hadir neng acara iki.

Anda mungkin juga menyukai