Anda di halaman 1dari 18

1

KLIPING BUDAYA JAWA


BABAGAN
MANTEN / PENGANTEN



Dening
Nami : Retno Wulansari
No : 27
Kelas : VIII A


SMP NEGERI 7 SEMARANG
Jl. Imam Bonjol 191 A
Semarang


2

Tataran sak derengipun Mantu
Nontoni
Nontoni menika salah setunggaling sarana silaturrahmi dhateng keluarga calon besan,
keluarga calon pengantin sekalian putra kakung kang bade pun nikahaken ugi tumut, ingkang
estinipun nepangaken calon temanten kekalih ingkang pun jodohaken, Keranten wonten ing
jaman kina adicara perjodohan tasik kalampah, sahengga perlu dipun wontenaken adicara
nontoni menika, amargi dereng samya tepang setunggal lan setunggalipun.
Biasanipun saksampunipun keluarga dugi wonten dalemipun calon pengantin putri, calon
putri pun tepangaken kaliyan keluarga calon pengantin kakung kanthi sarana calon penganten
putri dipun aturi medal kasamar, umpaminipun kanthi sarana ngedalaken pasugatan lan
unjukan wonten ing panggenan kempaling para tamu, kanthi mekaten sedaya keluarga calon
temanten kekaleh ing samya njodohaken putra putrinipun samya pitepangan kanthi langkung
rumaket.
Ananging wonten ing mangsa sakmenika adicara nontoni sampun kirang kaprah kalampah,
amargi adat perjodohan tiyang sepuh sampun arang lan meh mboten wonten ( mboten ateges
ical, keranten tasih wonten keluarga ingkang tasih mbudi daya adat perjodohan wonten ing
lingkungan tartamtu ). Ananging ingkang kaprah, calon temanten sakderengipun di
nikahaken, sampun sami-sami pitepangan piyambak-piyambak, biasanipun seng kakung
inggih sampun asring tindak wonten panggenanipun kang putri, ingkang putri, ugi sampun
nate dipun ajak ingkang kakung wonten ing griyanipun, kanthi mekaten sedaya keluarga
sampun pitepangan sakderengipun adicara mantu kalampah, menawi mekaten adicara nontoni
menawi mboten dipun laksanakaken mboten punapa-punapa.




3


Pangantnan adat Jawa
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijin upacara sakral adat Jawa sing
nduw rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
nglambangak pepanggihan antaran pengantn putri lan penganten kakung neng kahanan
sing kusus kadosdn raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalem pengantn putri, sing
dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantn putri nanging tetep dibantu
dning kaluwarga saking pengantn kakung.
Rantaman adicara pengantnan adat Jawa ing saben dharah bda miturut ekonomi
saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantn adat Jawa antaran:
Bab lan Paragraf
1 Lamaran
2 Siraman
3 Midodaren
4 Srah-srahan
5 Ijab kabul
6 Upacara panggih
7 Upacara balangan suruh
8 Upacara wiji dadi
9 Pupuk
10 Sinduran
11 Timbang
o 11.1 Dhkorasi
12 Dhahar Klimah
13 Mertui
14 Sungkeman
15 Kendurn / respsi
4

o 15.1 Dhkorasi
o 15.2 Masang Tarub
o 15.3 Pemaes
15 Uga pirsani
1. Lamaran

Lamaran inggih punika rerangken tata cara parapara ingkang badhe bebesanan,
salajengipun badhe tumuju dhateng tata cara pawiwahan adat jawi, tata cara lamaran
punika minangka tata trapsila lan subasitaning bebrayan.
Tata cara sanesipun inggih menika :
Ningset utawi atur srah-srahan sanggan.
Siraman
Malem midodareni
Ijab qobul. Tuwin
Upacara dhaup..
Leresipun ingkang nindakaken panglamar punika inggih tiyang sepuhipu putra kakung
piyambak, limrahipun, tiyang sepuhipun putra kakung lajeng ngresaya kulawarganipun
ingkang cinaket supados nindakaken panglamar.
Putra kakung mboten perlu nderek wonten ing panglamaran, sedaya kala wau namung
kangge ngawekani mbokbilih lamaran kalawau dipuntolak, ingkang tamtu sanget damel
lingsemipun kulawarga utawi putra kakung piyambak.
Amargi tata cara lamaran namung mujudaken pepanggihan tiyang sepuhipun putra kakung
tuwin tiyang sepuhipun putri kemawon, tata cara lamaran saged dipun tindakaken kanthi
prasaja, mboten kedah mawi upacara utawi ugi mboten prelu wonten pranatacara adicara.
5


2. Siraman

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejatin upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantn.
Upacara iki diselenggarakak sedina sadurung ijab kabul lan dilakokak ing omah calon
pengantn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi
omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantn
banjur sedulur liyan uga kalebu pemaes.
3. Midodareni

Midodarni saking tembung widadari, pikantuk ater-ater hanuswara (m-) saha
panambang (-i).
[1]
Midodarni tegesipun tumindaking tata upacara kanthi ancas
pinangantn kados widadara saha widadari.
[1]
Acara midodarni menika dipunadani
wayah dalu nalika sasampunipun acara siraman. Ingkang rawuh wonten ing dalemipun
calon pengantn putri menika inggih menika kaluwarga, tangga teparonipun calon
pengantn putri, calon pengantn kakung saha kaluwarganipun. Calon pengantn kakung
drng angsal kepanggih kaliyan calon pengantn putri. Calon pengantn putri drng
6

angsal medal saking kamar awit jam 6 sonten ngantos tengah dalu. Wonten ing acara
menika wonten acara peningsetan.
Peningsetan
Peningsetan iku upacara penyerahan barang-barang saka calon penganten kakung
kanggo calon penganten putri. Acara penyerahan barang-barang iki diarani srah srahan.
Barangbarang kanggo peningset umume sing kusus kanggo calon penganten putri dadi
umume barang-barang wong putri, misale rasukan putri, selendang lan sing utama
perhiasan cincin kanggo simbol pengikat utawa nyatu'ake pasangan penganten lan
kaluargane masing-masing.
Nyantri
Nyantri inggih menika kegiatan calon pengantn kakung sapengombyong nyantri
wonten ing dhaerah ingkang celak kaliyan dalemipun calon pengantn putri.
Tuladhanipun pihak calon pengantn putri mbiyayai utawi nyewakaken papan kangg
pengantn kakung nyantri. Wonten ing mrika wonten perwakilan setunggal saking
kaluwarga pengantn putri.
4. Srah-srahan

Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantn kakung
mnhak uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakak pahargyan pengantnan.
Tuladhan uba ramp, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyan
iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprap kanggo ngragati
upacara pahargyan ing omah pengantn putri.
5. Ijab Kabul
7



Ijab kabul yaiku acara nalika pengantn kakung ngucapak janji bebojoan karo
pengantn putri lan diseksni wong akh supaya bisa sah nikah.
6. Upacara panggih

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki
kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah.
Tujuan yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantn putri ketemu (panggih) karo
pengantn kakung kanggo nerusak upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.




8

7. Upacara balangan suruh / gantalan


Gantalan iku suruh sing ketemu rose banjur di wenehi gambir lan digulung, di iket
nganggo benang Lawe. Penganten putri mbalang temanten kakung kasebut Gondhang
kasih ugi tementen kakung mbalang temanten putrid kasebut Gondhang Tutur. Upacara
balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten
kakung lan putri.
8. Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantn putri
misuhi/ngresiki sikil/ampeyan pengantn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki
minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang
kaluwargane.




9

9. Pupuk


Ibu pengantn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha
ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
10. Sinduran


Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha
pinangantn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
11. Timbang
Pinangantn sak kloron lungguh ing pangkonan bapak pengantn putri,
minangka perlambang katresnan wong tuwa marang anak padha karo mantu.
Dhkorasi
Dhkorasi dipasang ing dalem sing duw gaw, wujud werna-werna.


10

12. Dhahar Klimah

Pengantn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantn
kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
13. Mertui
Wong tuwane pengantn putri methuk wong tuwan pengantn kakung ing ngarep
omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.
14. Sungkeman

Pinangantn sak kloron sungkem nyuwun pangstu marang wong tuwa kekalih.
15. Kendurn / respsi
Kendurn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantnan, uga kadang diarani
respsi utawa walimahan. Sejatin kagiyatan iki nduw makna upacara slametan, slamet
merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakak. Ing acara iki,
11

pasangan pengantn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing
acara iki.
Dhkorasi
Dhkorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernan wonten kathah.
Masang Tarub
Masang tarub gumantung marang kahanan ing dalem sing duw kajad.
Pemaes
Upacara paesing calon pengantn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan
ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantn.













12

Siraman
Siraman iku salah siwijin rantaman ing upacara pengantnan. Acara siraman iku
upacara pralambang kanggo ngresikak jiwa calon pengantn. Upacara iki dianakak sedina
sadurung ijab kabul ing omah calon mantn. Padatan mapan ing bagyan omah sing rada
kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan
biasan wong tuwa calon mantn, banjur diterusak dning para sedulur liyan, lan uga
pemas nganti gunggung pitu.
Uba ramp


tumpeng, salah sawijin sesajn ing upacara siraman
Uba ramp sing kudu disiyagakak antara liya:
Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu
Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari)sing kajupuk saka 7 sumber
Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang
kantil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga
Wedhak teles limang werna kanggo sabunan
Shampo tradhisional saka awu merang
Duduh klapa
Banyu peresan jeruk
Klapa loro sing ditalni dadi siji
Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh
Kain putih
Godhong dlingo-bengl
Kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala
Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu
Kain batik motif grompol lan nagasari
13

Andhuk
Kendhi
Gayung (siwur).
Rantaman Upacara Siraman
Rantaman ing upacara siraman, yaiku:
1. Masang Bleketepe lan Tuwuhan nduwni ancas minangka kanggo ngyupi papan kanggo
mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka pengantn putri kanggo pralambang
gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Dn tetuwuhan sing
dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja sawit, tebu wulung, ron alang-alang, ron
kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan kuwi kanggo pralambang
pengarepan supaya pengantn kekalih nggal ntuk momongan.
[1]

2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Pengantn Priya yaiku sawis toya 7 sumber
dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omah calon
pengantn priya. Sing ngirimak yaiku wakil saka kulawarga sing diarani duta saraya.
3. Sungkeman Sadurung siraman, calon pengantn sungkem marang wong tuwa kanggo
njaluk pangapura lan pangstu anggon arp mbangun abalwisma.
4. Dedonga
5. Siraman Sing nyiram sepisanan yaiku bapak calon pengantn banjur ibu pengantn lan
diterusak para pinisepuh uga kalebu juru pas. Sawis kuwi, banjur calon pengantn wudlu
nganggo banyu sing dipancurak saka kendhi dening bapak calon pengantn.
6. Pagas Rikma Sawis siraman banjur diterusak upacara pagas rikma utawa potong rambut.
Potongan rikma saka pengantn kekalih banjur didadekak siji banjur ditanem ing upacara
tanem rikma.
7. Dodol Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawt. Iki nduwni pralambang
lan pangajab supaya ing upacara dhaup penganten suasanan bisa rengng. Sing dodol
dhawet Ibun penganten putri, dn bapak mayungi ibun, karo nyeyuwun ing ngarsan
Gusti Kang Maha Agung, muga-muga urip calon pengantn bisa sesrawungan karo liya lan
seneng ddana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit
krwng/wingko (pecahan gendhng). Werdin (tujuan) dodolan dhawet yaiku: wong omah-
14

omah iku lanang wadon nggayuh jejeg bal wisma (bal omah), supaya tandhan padha-padha
marem ing ati (ayem, tentrem). Werdin dhawet iku arum lan enak rasan, lan bisa ngresiki
ganda sawis dhahar, mula tatacara ngomb dhawet iku tiba tatacara kang keri dhwe.
Kamangka, werdin dhuwit krwng kuwi saka lemah, amarga manungsa iku asal ya saka
lemah kang lantaran bapa biyung, asal saka Gusti Allah.
8. Potong Tumpeng Kamulyan Bapak saka pengantn putri motong tumpeng kamulyan
banjur diwnhak ibu banjur didulangak pengantn putri.
9. Dulangan Pengantn putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.
10. Kembul Bujana Andrawina Para tamu dhahar sesarengan.

Sesaji
Sesaji jroning acara siraman arupa tumpeng, panganan-panganan adhem, gedhang lan
woh-wohan liyan, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulit, gula klapa, lentra, kembang
telon kenanga, mlathi lan kantil, pitung werna bubur, kuw-kuw legi, panganan saka beras
ketan, lan ingkung.
Upacara adat siraman iki uga isa ditemokak neng rantaman upacara pengantnan adat suku-
suku liya neng Nusantara.








15

PANYANDRA
Panyandra ( Janturan )
Panyandra utawi atur ingkang biasanipun dipun aturaken dening para pranatacara
kangge nggambaraken utawi ngaturi kaweruhan kahanan lan swasana tartamtu dhateng para
ingkang samya hamidangetaken utawi para pamiyarsa, dipun aturaken kanthi gamlang lan
saget dipun tampi kanthi pengangen lan saget mangertosi kawontenan sak estunipun, lan
dipun aturaken kanthi, cetho, aris, terwaca, gamblang, lan ngangge kasusastraan ingkang sak
sae-saenipun, bahasa ingkang alus lan biasanipun ginambaraken kanthi rinumpaka ingkang
trep kaliyan swasana ingkang dipun aturaken.
Kangge pamilihing basa ingkang trep kangge ngaturaken panyandra, punika kedah
mengertosi babakan kasusastraan jawi ingkang sakjatosipun, ampun ngantos ginambaraken
kanthi rerumpaka ingkang kirang pas, punapa malih ngantos slewah kaliyan kahanan sak
estunipun, ugi dhumateng ingkang ngaturaken panyandra piyambak, kedahipun mangertosi
artos tujuan lan artinipun kanthi saestu sahingga saget nerapaken kanthi sae babakan
rinumpaka dhateng kahanan ingkang dipun aturaken.
Atur Pranatacara wonten ing adicara sungkeman pengantin :
Poro rawuh kakung putri miwah saguning poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, dupi
sampun paripurno titi laksono adicoro panggih miwah tonpo koyo, kaparengo ngrumpoko
dhumateng adicoro sungkeman. Dhuwung kalolos dening panjenenganipun
bapakawit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh milo datan prayogi lamun
asikep gegaman. Arih tindakiro sri pinanganten sarimbit lumarap marak sowan ing
ngarsanipun romo saha ibu, kekelihipun kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak
ibu.
Hung wilaheng ngawi genam emas punomo sidhem,,
Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinenggo, anganti ingkang garwo
lumarap ngabyantoro myang kang poro pinundhi, nenggih romo dalasan ingkang ibu, lampah
jengku bebasan soto matarangan, esthining penggalih amung sumedyo sumungkem dhateng
padanipun ingkang romo ibu, sigro tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane temanten
sarimbit,
16

Tangkepeng asto sarwo sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipto rumasuk
ing sanubari, anyuwun rumentahing pudyo hastowo saking romo miwah ibu, mring esthining
driyo deniro bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti
kang Moho Welas lan Asih.
Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan biso ngunandhiko, kadyo
sinendhal mayang bathine, sumedhot ing galih, dhene putro sing linairake saiki wus dewoso
arep mangun bale wismo, datan karoso trenyuhing nolo akaryo tumetesing waspo lamun
kacondro kadyo mutyoro rinonce, ingelus elus pamidhangane ingkang putro, ingusap usap
rekmane, ingaras kebak ing raos tresno asih.
Punopo tho menggah darunane..?
Jro sumungkem anguswo pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang
purwaning dumadi duk rikolo linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang
kinudhang kudhang wiwit alit sahinggo dewoso,
Enget marang romo ingkang wus sembodo angukir jiwa ragane miwah dadyo lantaraning
tumuwuh.
Enget marang ibu ingkang wus kuwowo dadyo papaning yugo broto salebeting nawa candra
dasa ari, sarto anglelinthing anggulowentah wiwit kalane ing ngguwo garbo nganti tumekeng
akhir dewoso, rumaos menawi ageng sanget anggenipun katah dwusanipun dateng romo ibu
lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.
Eling eling risang panganten wiwit timur mulo anggung ginunggung mring pepoyaning
kautamen, amilo namung sakedhep netro wus bangkit angusadani onenging nolo, nadyan
anandhang sungkowo cekap ing samudono.
Waspodo ing semu dupi anguningani bilih ingkang putro deniro karantang galih, kadyo
kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasito adi, makaten tho umpamiyo kawijil ing lesan
. :
Duh anaakku ngger temanten sakloron.
Duk kalane isih cilik siro dak kekudang yen tho dewosomu biso winengku dening satriyo
tomo / wanito tomo, ingkang sembodo hangayomi jiwo raganiro ing mengko tumekeng
delahan, ing kalungguhan iki, sepiro tho lego bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus
17

dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning
Gusti ingkang Moho Agung, Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah
anglur selur pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko,
nganthi tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning roso tresno kang hangremboko,
binarung lan pangestune romo ibu kang wus satruju dumurungi marang polokaramamu , biso
atut saruntut kadi mimi lan mintuno, mugyo tansah manggih kabagyan miwah kamulyan,
tebih ing sukerto lan godho rencono, sarto dak sesuwun ing rino pantaran ratri, mugi enggal
antuk talining brayat , yoiku wujuding pratimo ingkang bangkit biso toto jalmo, ingkang datan
liyo momongan minongko rengganing bale wismo lan talining bebrayan .
Dupi wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun romo-ibu, temanten
lajeng kanthi kebak toto lan kasusilan, subositaning putro dateng tiyang sepuh, jumangkah
lon-lonan arso nglenggahi dhampar rinenggo ingkang kasosro sarwo sarwi edipeni.
Opo tho rerengganing dhampar..?
Rerenggan tarub kajawi janur kuning ingkang karenggo adi, ugi kawistoro sawenehing
tetuwuhan miwah puspo rinonce , kadi tho tetuwuhan wulung cengkir gadhing dwegan wilis,
gedang mas sarakit, sinonggo pisang rojo ron kemuning, pari wulen sak angkan pinoro kalih,
jagung otek, godhong moyo, godhong opo-opo, miwah sekar kenongo, mawar melati ingkang
ajrah jroning babut permadani, kongas ngambar arum gandane ginondho gondho jebat kasturi,
punopo tho werdining tebu kang kadayang saking antebing kalbu, tiyang sepuhipun kekalih,
sampun sumedyo agolong agulung, sumedyo bebesanan ingkang sinambet kaliyan raos
kencenging pikir,
Ingkang pangajab panganten tuwuh tumuwuh, tumangkar gampil anggenipun nguladi guno
koyo, manggiyo kalanggengan ing sugengipun, satemah ngambar arum ing asmo pindho sekar
kemuning, lan saged dados pangayomaning poro sanak sederek, kadang pawong sumitro,
raharjo kalis ing saporo-poro, tebih ing sesuker talak panyendhu.
Yayah suryo kembar candrane, penganten sarimbit milo cingaking poro-poro ingkang samyo
humiyat, pindho bathoro komojoyo ngejowantah ingkang sarimbit kaliyang ingkang garwo
bathari kumoratih, gesang reruntungan wiwit saking madyo podo ngantos dumugyo alam
janaloko, rukun sayuk pindho gesangipun mimi lan mintuno, menawi kacondro ing jaman
purwo, kadyo brayanipun risang pamadyaning pandowo risang harjuno kaliyan putri dewi
18

woro ireng yo woro sembodro, kasanepo ing jaman madyo kadyo dhaupipun risang panji
asmoro bangun kaliyan dewi sekar taji, putri ing beboyo ing kediri
Kacondro ing jaman mojopahit, kacondro kadyo prastyanipun raden damarwulan lan ingkang
garwo dewi anjasmoro,
Kathah pangrumpoko lan penyondro ingkang pantes kagem penganten ingkang sayekto
sampun satraju, kawiwoho kapahargyo lenggah wonten ing pasewakan, pramilo dateng
pinisepuh, poro sutresno lan poro priyagung, penganten amung nyuwun sih pariwirmo,
kaparingo pandungo pengesti, miwah sakatahing wursitoworo, kangge sangu miwah dedamar
gesangipun penganten, anggenipun arso lelangen ing bebrayan agung, mugyo kekalihipun
saged awatak momong, momot, momor, mursid lan murakabi, momong mengku pamrih
sageto tansah ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri handayani, momot
tan gampil serik lamun cinacat, ugi mboten gampil bombong menawi kaalembono, momor
gampil ing pasrawungan, mursid landep panggraitane, mboten cengkah kaliyan jejering
kautamen, murakabi lir ipun mboten kalajeng nyekapi betahing priyonggo kemawon, nanging
ugi sageto yrumambahi ing asanes,
Jumbuh kaliyan wewaton dhasaring negari, nun ninggih ponco silo ingkang satuhu luhur.
Wasono cekap semanten agrumpoko, janturan kagem jejering penganten ingkng nembe
kawiwoho, wiwit panggih, kacar kucur ngantos dumugineng sungkeman, pangalembono
miwah panyaruwe kasumangga aken dhumteng poro tamu, damar mancung cinukep
semanten, lan jenang selo wader kali sesonderan, apuranto yen wonten lepat kawulo,
Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai