Anda di halaman 1dari 7

blog wong jowo

pasti memberi inspirasi


Home ▼
Saturday, December 6, 2014

makalah penganten adat jawa

BAB I
PAMBUKA

1. Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah
satunggaling Inggih menika upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi
putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning
cak-cakaning tatacara adatingkang sampun kasusun dening budaya. Mila saking menika, ing
makalah punika kita badhe

jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing upacara adat
mantu punika.

2. Kakajen Ingkang Dipun Rembag


1. Punapa tegesipun upacara adat mantu Punika?

2. Punapa kemawon rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu?

3. Punapa kemawon cak- cakaning tata cara wonten ing adat mantu menika?

3. Manfaat Panulisan
1. Mangertosi tegesipun upacara adat mantu

2. Mangertosi rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu.

3. Mangertosi cak-cakaning tatacarawonten ing adat mantu.


BAB II
WOSING PIREMBAGAN

Upacara Adat Mantu Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah- emahaken putra
putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah- emahaken amargi nyawijekaken
putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/
tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan
jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang
bakal nerusaken keturunanipun. Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu,
dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :

1. Lamaran

Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé
calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putrid
setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran
iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan
upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

2. Siraman

Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten.
Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-
masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman
mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua
calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
3. Midodaren

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng
basa indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku,
kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang
yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki
penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani
dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng
wengi midodaren iki seje- seje neng saben dhaerah,kadhang ana sing barengake karo acara
peningsetan lan srah srahan.

4. Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan
biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras,
sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing
papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta
penganten.

5. Ijab Kabul

yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo
wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.

6. Upacara panggih

Upacara panggih Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih,
ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan
cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu
(panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi,
Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

7. Upacara balangan suruh

Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane
penganten kakung lan putri.

8. Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri
ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki
minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

9. Pupuk
Ibu penganten putrid ngusap-usap sirah/ mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas
nompo dadi bageane kulawargo.

10. Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak
kloron wis tinompo dadi kulowargo.

11. Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko
perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.

12. Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putrid minongko perlambang paweh nafkah.isine kedelai,kacang
tanah,bengkle beras

13. Dahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron
arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

14. Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah
lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

15. Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

16. Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi
utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga
inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan
penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara
iki.

a. Dekorasi

dekorasi dipasang wonten dhalemipun ingkang gadhah dhamel,wernane wonten kathah.

b. Tarub
saking bahasa NATA (mengatur) lan URUB(nyala api) masang tarub gumantung wonten
dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.

c. Pemaes

upacara paesing calon penganten putri ing wanci sabibaripun upacara siraman,kajibahan
ditindhakke juru paes utawi dhukun pengant

17. Ugi pirsani

ningali calon penganten putri ing griya tiyang sepuhipun.

BAB III
PANUTUP

1. Dudutan
a. Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun
diwasa.

b. Rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu inggih menika:

1. Lamaran
2. Siraman
3. Midodaren
4. Srah-srahan
5. Ijab kabul
6. Upacara panggih
7. Upacara balangan suruh
8. Upacara wiji dadi
9. Pupuk
10. Sinduran
11. Timbang
12. Kacar-kucur
13. Dahar Klimah
14. Mertui
15. Sungkeman
16. Kenduren / resepsi
17. Uga pirsani
2. Piweling
Kangge generasi mudha supados saged mangerteni lan nglestarekaken adat tradisi jawa,
utamanipun adat upacara tatacara mantu ing masyarakat. Samenika nggadhahi manfaat
sanget kagem para tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel kangge putra- putrinipun.
Anang Ma'ruf at 3:15 PM
Share
No comments:
Post a Comment


Home

View web version


About Me

Anang Ma'ruf
View my complete profile
Powered by Blogger.

Anda mungkin juga menyukai