Anda di halaman 1dari 8

Materi Budaya Mantu (Pernikahan Adat Jawa)

BUDAYA MANTU

Budaya Mantu

Dalam kebudayaan Jawa, banyak upacara-upacara adat yang dilakukan


masyarakatnya. Diantara banyaknya kebudayaan Jawa tersebut terbagi menjadi tiga
yaitu metu (lahir), manten (nikah), dan mati.
Pada artikel kali ini, Synaoo.com akan menyajikan materi tentang salah satu tradisi
Jawa tersebut yaitu tata cara dan urutan mantenan dalam bahasa Jawa.
Upacara budaya mantu atau pernikahan adat Jawa memang sangat kompleks. Hampir
di setiap prosesinya memiliki makna luhur yang sangat mendalam.
Adapun secara umum tata urutan upacara mantenan sebagai berikut :
1. Nontoni
nontoni

 
Ing adicara iki mbutuhake talanging atur, minangka utusan saka kaluwarga calon
penganten kakung kangge nemoni calon penganten putri.
Talanging atur kui marak sowan bareng kaliyan calon penganten kakung. Ing kono calon
penganten putri bisa padha delengi siji karo liyane.
2. Nglamar

lamaran

 
Adicara menika uga diwestani “asok tukon” yaiku calon penganten kakung menehake
kubarampe lan ragat kang bakal kanggo ngleksanakake pahargyan pengantenan.
Ing prastawa iki uga ana prastawa liru kalpika (tukar cincin) kang dadi pralambang
kanggo nyingseti.
3. Pasang Tarub, Tuwuhan, Bleketepe
 
Tuwuhan

Tarub kui kanggo pratandh yen ana kang duwe gawe lan kanggo njagani menawa tamu
kang rawuh klewat akehe lan uga kanggo talak balak.
Dene tuwuhan kepasang kanggo regol mlebu lan metune tamu. Tuwuhan kang
digunakake biasane gedhang raja, lan uga saget tuwuhan liyane.
4. Midodareni
 

Siraman

Upacara midodareni wujude nyiram calon penganten putri dende wong tuwane
minangka pralambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Midodareni dianakake
sedina sedurunge ijab kabul.
Sawise disiram, calon penganten putri raup banyu kendhi kang diasta dening ibune,
banjur dibanting.
Banjur calon penganten putri ganti busana, diacuteke pagas rikma dening wong tuwane
calon penganten putri. Raambut kasebut dikubur, dibacutake adicara dodol dawet
dening wong tuwa wadone penganten putri.
5. Ijab Qabul
 

 
Adicara iki arupa akad, banjur diterusake upacara panggih jangkep, sawise panggih
jangkep rampung, banjur kembang mayang digawa metu saka omah lan dideleh neng
prapatan cedhak omah.
6. Jenang Sungsuman
 

 
Adicara iki dilakoni sawise adiara palakrama rampung kang awujud ngucap sukur
amarga wis diparingi lancar, ora ana pepalang.
7. Boyongan
 
 
Boyongan yaiku penganten putri lan kakung diterake dening kaluwargane penganten
putri menyang keluwargane penganten kakung. Ngunduh manten dianakake sepasar
sawise acara palakrama ing omahe penganten kakung.
Sebelumnya kalian telah mempelajari Budaya Mantu secara umum. Sekarang waktunya
mempelajari adicara Budaya Mantu secara khusus di acara panggih jangkep setelah ijab
kabul.
1. Balang Suruh
 

 
Balang suruh awujud penganten kakung lan putri kang padh mbalang suruh kang dadi
pralambang sih katresnan lan kasetyan.
2. Wijih Dadi
 
Upacara iki awujud penganten kakung ngidak endhog pitik nganthi pecah, banjur
penganten putri ngresiki ampeyane  penganten kakung nganggo banyu kembang,
pralambang penganten kakung kang bakal pangarsane kluwarga lan ngabdine
penganten putri minangka garwa.
3. Sinduran

Upacara sinduran awujud ing awake penganten kakung lan putri disampirake kain
sindur, kang pucuk kiwo tengene di cekeli dening wong tuwa kakung penganten putri
kanthi mlaku alon-alon minangka pralmbang pinanganten sakloron wis tinampa dadi
kaluwarga
 4. Bobot Timbang
Upacar iki awujud pinanganten sakloron lungguh ing pangkonane bapake penganten
putri, minangka pralambang katresnane wong tuwa marang anak padha karo mantu.
5. Kacar Kucur

Upacara iki awujud penganten kakung maringake wijen-wijen arupa kacang, dhele,
beras, jagung, sega kuning, dlingo bangle, maneka kembang lan dhuwit receh marang
penganten putri kang dadi pralambang penganten kakung maringake kabeh blanjane
marang garwane.
6. Dhahar Klimah

Upacar iki awujud penganten kekalih dhahar dulang-dulangan, dibacutake ngunjuk toya
wning, kang dadi pralambang penganten kekalih arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan.
7. Sungkeman

Upacara sungkeman awujud penganten kekalih sungkem nyuwun pangestu marang


wong tuwa kekalih. Minangka pralambang penganten sakloron nyuwun donga supaya
bisa urip bebrayan kanthi becik.
8. Kirab

Adicara menika awujud arak-arakan putri dhomas, cucuk lampah, lan kaluwarga kanggo
mapang utawa ngiringi penganten arep jengkar saka papan panggih unga mlebu papan
panggih.

Itu tadi materi singkat tentang Budaya Mantu dari Synaoo.com.


Semoga materi yang diberikan dapat bermanfaat.

Anda mungkin juga menyukai