DENING :
1. Dyah Ayu Kumala Sari (08)
2. Feyruz Zahira Kurniawan (10)
3. Muhammad Rifky Septian (21)
4. Rafli Pranajaya (25)
5. Umi Nabila (34)
KELAS XI-III
SMA NEGERI 7 SURABAYA
TAHUN 2022/2023
ATUR PANGIRING
Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha asih,
ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya. Saengga kita saged
ngrampungaken makalah bahasa Jawa kanthi irah - irahan Upacara Adat Jawa Panggih.
Panulis rumaos menawi angginipun nyerat makalah punika taksih wonten kirangipun.
Pungkasanipun panulis atur nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten babag
kirang kenal. Saklebetipun nyerat makalah meni Sadaya panyaru sarta pamrayoga ingkang
asipat nyengkuyung dipunantu kagem sampurnaning seratan menika.
Cekap semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun
kagungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal ngantos ing
pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi ridha ing sedaya usaha. Aamiin.
Kelompok 5
RACIKAN ISI
ATUR PANGIRING i
RACIKAN ISI ii
WULANGAN I PAMBUKA 1
A. Lelandhesan 1
B. Tujuwan Panulisan 1
WULANGAN II ISI LAPORAN 2
A. Kegiyatan Upacara Adat sing Dilaporke 2
B. Panggon, Wektu, lan Sesapa wae sing nindakake 2
C. Tata Urutan Lumakune Upacara Panggih 3
D. Makna Kaseluruhan Upacara Panggih 5
LAMPIRAN 9
Foto 9
Sumber 11
WULANGAN I
PAMBUKA
A. Lelandhesan
B. Ancasing
Upacara adat sing dilaporake yaiku Upacara Panggih utawa Temu Manten.
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa
sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten priya neng
kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri,
sing dadi pamangku gati yaiku wong tuwa utawa kaluwarga pengantèn putri nanging
tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda
miturut ekonomi saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa kathah sanget, pramila punika
kelompok 11 badhe njlentrehaken bab utawa upacara adat panggih ingkang susunan
kados punika yaiku :
1. Balangan Gantal
2. Wiji Dadi utawa Ranupada
3. Kanthen Asta
4. Sinduran
5. Pangkon utawa Bobot Timbang
6. Tanem Jero
7. Kacar Kucur utawa Tampa Kaya
8. Bubah Kawah utawa Ngunjuk Rujak Degan
9. Dhahar Kalimah utawa Dulangan
10. Mapag Besan
11. Sungkeman atau Pangabekten
Panggon ditindakake upacara adat iki yaiku ing masing masing sing duwe
gawe utawa sing arep nindakake upacara iki. Upacara Panggih dianakake sarampunge
acara Akad Nikah. Wes tentu lan pastine sing nindakake rerata yaiku masyarakat
Jawa.
Ing laporan iki, kita nggawe acara Panggih Kahiyang Ayu putri Bapal Ir. Joko
Widodo kaliyan Ibu Iriana lan Bobby Nasution putra Bapak Erwin Nasution lan Ibu
Ade Hanifah Siregar.
Ingkang dianakake ing Gedung Graha Saba Buana ing Solo. Tanggal 8
November 2017.
1. Balangan Gantal
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing
antarané pengantèn kakung lan putri. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing
wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo
balang-balangan mbaka siji. Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan
kurepe beda, nanging rasane padha, dadi lanang lan wadon iku beda nanging padha
tresnane.
Cacahe loro, kanggo balnagan penganten sarimbit. Balanagane penganten
puri diarani gondhang kasih, balnagane penganten kakung diarani gondhang tulur.
Suruh dipilih sing gathuk rose. Balangan suruh iki mralambangi :
a) Suruh yen dideleng beda rupa lumah lan kurebe, nanging yen digeget pada rasane,
senajan sing siji kakung, sing liyane putri , ananging yen wis manungga tekade,
bisa manunggal cipta, rasa lan karsane, pinasthi jatu kramane.
b) Marga ditaleni lawe wenang warna putih, minagka pengarep-arep muga sawise
ditaleni ing akrami, dadiya paningset anggone mbangun bebrayan, ora nalisir saka
angger-anggering kautaman.
c) Dipilih suruh kan temu rose, mengku werdi supaya penganten sarimbit manungal
lair batine tansah ngudi nyawiji, nyirik tumindak kang marakake sulaya
kasembadan sedyane lestari kang tansah kaesthi.
2. Wiji Dadi utawa Ranupada
Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing
tanggung jawab marang kaluwargane. Antiga utawa endhog pitik kampung sing
isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan manten
wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita
kang bakal mbabarake turun.
Endhog ayam kapidak dening penganten kakung nganti pecah, tegese
anggone mbangun bebrayan bisa mecah (misah) saka tanggunng jawabe wong
tuwa,bisa urip mandhireng pribadi.
penganten putri enggal anjengu (ndhodhok) nyembah penganten kakung
lan enggal mijiki samparane nganggo banyu kembang setaman sing ana ing
bokor. Iku minangka pralambang ngilangake sesuker, muga anggone urip
mbangu bebrayan bisa dadi tuladha. Wanita wajib bekti marang sing kakung. Sing
kakung wajib ngregani bektine sing putri, mula nuntun ngajak sing putri ngadek
jajar.
3. Kanthen Asta
Tementen kekaro wis resmi dadi pasangane lan banjur bebarengan
nyanggemi kewajiban.
4. Sinduran
Tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga. Pralambange
sangkan paraning dumadi, putra kekaro dening rama lan ibu dituntun ing dalaning
kamulyan (Rama mapan ing ngarep, maknane ing ngarsa sung tuladha), dene ibu.
mapan ing mburi maknane tut wuri handayani).
5. Pangkon utawa Bobot Timbang
Semoga uga jejere wong tuwa olehe ngrengkuh anake dhewe apa dene
mantu ora dibedak-bedakake.
6. Tanem Jero
Manten kekaro wis ditandur supaya dadi pasangan sing mandiri
7. Kacar Kucur utawa Tampa Kaya
wong lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo
kabutuhane bale wisma. Adat kacar-kucur mengku pralambang jejibahane
penganten kakung, wajib tanggung jawab marang bojone, guna kaya (nafkah)
asiling pakartine dipasrahake marang bojone. Mangkono uga sig putri duwe
tanggung jawab nyukup-nyukupake utawa ngiguhake supaya murakabi
sekabehane.
8. Bubah Kawah utawa Ngunjuk Rujak Degan
Sesuatu ingkang manis, kudu dibagi dening kaluwarga. Degan kang dirujak
becike degan saka wit klapa sing nembe awoh sapisanan, diarani degan klapa
wala. Iku mralambangi kekudangane para sepuh, muga-muga penganten enggal
kaparingan momongan, lan uga digadhang-gadhang bisa penganten nguwohaken
kautaman sing bisa dituladha dening bebrayan agung.
9. Dhahar Kalimah utawa Dulangan
Ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning kulawarga.
Sawise dulangan banjur lawuhane didokok ing piring sing isi sega, banjur piring
wadhah lawuhan ditangkebake ing piring isi sega. Iku diarani gambuhan,
pralambang bisa tumangkeb manunggal sih tresnane penganten kakung putri
jumbuh kaya sing digayuh, sembada sing disedya.
10. Mapag Besan
Upacara iki amarga kaluarga temanten kakung ora diolehi ana ingkang
prosesi panggih nganti ngunjuk rujak degan
11. Sungkeman atau Pangabekten
A. Dudutan
Panggih utawa temu manten yaiku upacara ditemukake temanten kekaro sak
wis e Akad Nikah. Nanging, sak durunge disandengake ing Sasono Rinengga
(Pelaminan) manten kekarone kudu ngelakoni serangkaian Upacara Panggih iki.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri,
sing dadi pamangku gati yaiku wong tuwa utawa kaluwarga pengantèn putri
nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung. Nanging,
keluwarga tenamnten kakung ora oleh melu ing prosesi panggih nganti sadurunge
“Mapag Besan” Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda
miturut ekonomi saben kaluwarga.
B. Panyaruwe
Budaya lan tradisi adat sing diduweni ojo nganthi dilalekake opo maneh
nganthi musnah keganti karo budaya barat. Kudu dijaga lan dilestarikake, terutama
kaum mudha mudhi saiki sing kudu ngelestarikake. Menawi enten kesusahan, bisa
tanglet marang wong tuwa, eyang, utawa wong sing ahline. Jaman saiki wis canggih,
bisa ndelok ing youtube utawa golek artikel ing google wis akeh
LAMPIRAN
Foto
1. Balangan Gantal
3. Kanthen Asta
4. Sinduran
Sumber
https://youtu.be/uDC7-JLpBK4