Anda di halaman 1dari 13

LAPORAN BAHASA JAWA

TINGKEPAN

Disusun Oleh :
1) Sepvian Eka Putra Harmadi(22)
2) Syahrul widiyanto(24)
3) Tegar Febian Sukmono(25)
4) Vandi Nugroho(27)
5) Wahyu beni irawan(36)
DAFTAR ISI

Halaman Sampul.............................................................................................................................i

Daftar Isi..........................................................................................................................................ii

BAB 1..............................................................................................................................................1

1.1 Landhesan Masalah.................................................................................................................1


1.2 Underane Masalah...................................................................................................................2
1.3 Tujuwan..................................................................................................................................2
1.4 Paedah.....................................................................................................................................2
BAB II.............................................................................................................................................3
2.1 Teges/Sejarahe........................................................................................................................3
2.2 Ubarampe................................................................................................................................4
2.3 Tatacara Tingkeban/Mitoni.....................................................................................................6
2.4 Wektu Dilaksanakake Tradisi Mitoni.....................................................................................9
2.5 Kena Apa Dilaksanakake Tradisi Mitoni................................................................................9
2.6 Akibat Ora Dilaksanake Tradisi Mitoni..................................................................................9
BAB III.........................................................................................................................................10
PENUTUP..................................................................................................................................10
Simpulan................................................................................................................................10

ii
BAB I

1.1     Landhesan Masalah
Tingkeban/mitoni iku salah siji upacara saka tradisi Jawa, upacara iki disebut mitoni asalé
saka ‘am’ (ater-ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ ( angka pitu) kang ateges upacara
sing dilakoni nalika itungan ke-7. Yen Tingkeb artine tutup, Dadi tingkeban yaiku upacara
panutup suwine ibu meteng ngantii ngelahirne bayi.
Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang dilakoni ing sasi
ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng.Upacara iki ditekani dening si ibu, bapak, keluarga,
dukun lan ulama. Kanthi pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu, lan
ibune kang ngandet tansah pinaringan keslametan.Ing upacara iki ibune sing meteng ing karang
banyu lan kembang setaman diiringi Tujuan kanggo nyuwun pandonga marang moho kuwoso
Gusti Allah, muga-muga bakal diparingi rahmat lan pangestune supaya bayi bakal lair aman lan
swara. Saben tiyang sepah bakal nyana bocah sing bakal lair bakal dadi bocah apik lan bisa
ketemu sing pangarepan kasebut.
Tata upacara kang ditindakake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam
kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa
gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu
sorongan,lan  nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana
ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake 
penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat kang
dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek adat istiadat kuwi ora
dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin
kelompok sosial ing masyarakate.
Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo
nganakake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan
tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa sore.
Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren
kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat
saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa
ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.

1
Ana ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata carane
mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.

1.2       Underane Masalah


1) Kepriye sejarah tradisi Tingkeban?
2) Apa wae ubarampe sing digawe ing tradisi Tingkeban?
3) Kepriye proses utawatata carane tradisi Tingkeban?
4) Kapan tradisi kasebut dilaksanakake?
5) Kena apa dilaksanakake tradisi kasebut?
6) Kena apa yen tradisi kasebut ora dilakoni?
7) Kepriyegayutane antara tradisi Tingkeban karo ajaran Islam?
8) Apa nilai kang kinandhut ing Upacara Tingkeban?

.
1.3       Tujuwan
1. Kanggo mangerteni sejarah upacara Tingkeban.
2Kanggo mangerteni apa wae ubarampe sing digunakake ing tradisi Tingkeban.
3 Kanggo mangerteni proses utawa tahapan tradisi Tingkeban.
4.Kanggomangerteni gayutane antara tradisi Tingkeban karo ajaran Islam.
5. kanggo mangerteni hal-hal sing disiapnekanggo jalane upacara Tingkeban.
6. kanggo mangerteni kaitan antara upacara Tingkeban lan ajaran Islam.

1.4       Paedah
Penelitian iki dilaksanaake kanggo  harapan supaya masyarakat iso ngerteni lan mahami
tradisi kasebut kanti bener , lan apik dipandang saka segi budaya utawa ajaran agama. sarana iki
uga dadi latihan kanggo penulis supaya ningkatne  kemampuan nulis penulis. Landadi  media
pewarisan ilmu sesepuh kanggo generasi teruse. Penulis duwe kekarep penelitian iki kenek
digunaake  kanggo referensi  penelitian-penelitian ing sateruse.

2
BAB II

2.1 Teges/Sejarahe
Miturut carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana saka kawit
jamanePrabu Jayabaya.
            Mula-mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken
Satingkeb, yaiku garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau
mati cilik. Kabeh usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong loro mau ngadep lan
matur kahanane marangraja Kediri, yaikuKanjeng Prabu Widayaka (Jayabaya).
Jayabaya menehi pitutur sing kudu dilakoni,  Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nglakoni 3
ritual, yaiku: Saben dina rebo lan sabtu, jam 17.00, diharusne adus nggawebathok klapa; sakwise
adus ganti klambi sing isih resikkaro nggembol klapa gading sing dihiasi Kamajaya lan
Kamaratih/Wisnu lan Dewi Sri sing ditaleni nggawe godhong tebu tulak, banjur dibrojolne
ngisor, sakwise kelapa gading maeng dibrojolne, taline dipedotkenggawekeris karo bojone.
 Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu sregep manembah mring Hyang
Widhi laku becik, welas asih mring sapada, kejaba iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu
nyucekake awak kanthi adus banyu sing dijupuk saka pitu sumur utawa sumberan. Wong loro
mau kudu uga menehake sesajen arupa kembang setaman lan kelapa gading sing isih nom.
Sakwise nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng
Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu umur
kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual kaya dene sing
dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng pitung wulan, lan kanthi pangarep
supaya baying ing weteng lan ibune bias slamet. Kanggo ngormati wong loro mau, mula kabeh
ritual iku diarani “Tingkeban”.

3
2.2 Ubarampe
            Ana telung tradisi sing dilakoni wektu meteng. Yaiku neloni, tingkeban utawa rujakan,
lan plocotan.
Nanging sing wis kulino dilakoni among tingkeban. Adoh sa’durunge meteng ngidak wektu
pitung wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake dina sing apik miturut petungan jawa, dina
sing apik iku dina kang duweni neptu genep (12 utawa 16).

No Jeneng Dina Neptu No Jeneng Pasaran Neptu

1 Ahad 5 1 Legi 5

2 Senin 4 2 Paing 9

3 Selasa 3 3 Pon 7

4 Rebo 7 4 Wage 4

5 Kamis 8 5 Kliwon 8

6 Jum’at 6

7 Setu 9

Dina- dina sing apikyaiku sing neptune 12 utawa 16, kayata Kamis Kliwon, Senin
Kliwon, Akhad Pon lan liya-liyane. Kemis nduweni neptu 8 lan Kliwon nduweni neptu 8 dadi
Kamis Kliwon nduweni neptu 16, lan karo Senin Kliwon nduweni neptu 12 lan Akhad Pon
nduweni neptu 12.
Saliyane nemtokake  dina sing ana aturane, ana werna-werna ubarampe/piranti sing
ruwet.
Dene uborampene yaiku:

No Jeneng Ritual Wektu Piranti

1 Neloni Meteng wulan kaping Takir plontang 4 buah


telu Golong 7 buah
Jajan pasar

4
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang sengkolo
2 Tingkeban Meteng wulan kaping Woh-wohan
pitu Punar 2 buah
Kembang setaman
Sesaji dakripin(Suro ganep)
Daun dadap serep
Godong ringin
Godong andong
Janur
Mayang
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
3 Procotan Meteng wulan kaping Jenang abang
wolu Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
Jenang inthil-inthil
Jenang sewu (dawet)
Jenang sempuro
Jenang kembo

5
Jenang procot
Jenang arang-arang kambang

Ketupat lepet

Sekabehe piranti kasebut disiapne dudu merga ora ana artine, kabeh duweni werdi utawa
maknane dewe dewe

2.3 Tatacara Tingkeban/Mitoni


1.                 Pembarep, diwiwiti moco Q.S Al-Fatihah, Al-ikhlas 3x, al-falaq 1x, an-nas 1x, lan ayat
qursi 7x. Upacara siraman dilakokake ning jeding/sumber banyu, ciduke nggawe siwur klapa, lan
dipimpin karo dukun utawa anggota keluarga sing dianggep paling tua, totale 7 uwong termasuk
karo bojone si calon ibu.

Siraman utawa adus yaiku simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa
jiwa.Pitu, berarti pitulungan artine supaya bayi mengko iso dilairake kanthi slamet amerga oleh
pitulungan saka sing Maha kuasa. Dadi siraman iki tujuane kanggo ngresiki calon ibu saka dosa-
dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses
kelahirane lancar.
2. Upacara nglebokake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake bojone
nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Kegiatan iki maknanekanggo
arep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.

6
3. Upacara brojolan utawa nglebokake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari
Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng
ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.

4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda.
Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si
jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang kain. Motif-motifpe yaiku :
a. Wahyu Tumurun: maknane supaya bayi sing arep lair tansah dadi uwong sing demen
ngibadah supaya tansah diparingi petunjuk lan perlindungan marang Gusti Allah.
b. Sido Asih: maknanesupaya bayi sing arep lairdadi uwong sing mesti disayang lan dikasihi
karo uwong-uwong uga nduweni sipat welas asih
c. Sidomukti: maknanesupaya bayi sing arep lair dadi uwong sing mukti wibawa, yaiku
berbahagia lan dihormatii amarga kewibawaane
d. Truntum: maknane supaya budi luhur wong tuwane nurun (tumaruntum) marang bayine.
e. Sidoluhur: maknane supaya anak dadi uwong sing sopan lan nduweni budi pekerti sing becik.
f. Parangkusumo: maknane supaya bayinduweni kepinteran kaya lincipe parang lan nduweni
ketangkesan kaya parang sing lagi digawe karo pesilat sekti. Diharapake isa mikul dhuwur
mendhem jero, artine njunjung dhuwur drajate wong tuwa lan njagaapik jeneng kluarga.
g. Semen Romo: maknane supaya anak nduweni rasa cinta kasih marang sapada, kaya cinta
kasih Rama lan Sinta marang rakyate.
h. Udan Riris: maknanesupaya anak isa nggawe suasana sing nyegerake, penak didelok, lan
nyenengake sapa wae sing kancanan marang deweke.

7
i. Ceker Pitik: maknane supaya anak pinter anggolek rizki dadi isa nyukupi kebutuhan uripe,
sukur isa kaya lan sakluwihe.
j. Grompol: maknane semuga kluarga tetep nyatu, ora  semoga keluarga tetap bersatu, tidak
bercerai-berai akibat ketidakharmonisan keluarga (nggrompol : berkumpul).
k.Kain terakhir sing digawe yaikuSidamukti. Makna simbolike isa dijabarake saka tembung
sidamukti, sing berarti dadi mukti (mulia)utawa bahagia.
5. Kain sidamukti sing digawe mau, ditalekne karo tebu tulak/bolah putih/janur kuning, banjur
talenan mau diketok karo bojone nggawe keris. Tebu tulak dadi simbol tolak bala, supaya anak
adoh saka halangan. Bolah putih (lawe) simbol simpul kelairan wis mbukak,sakliyane janur
kuning sing ditaleni ing weteng wanita dadi pratanda yen suami istri kasebut wis oleh
cahaya(janur=nur) kemenangan,yaiku arep nduweni amanat awujud anak. Cahaya kui kudu
diraih kanthi nglewati rintangan utawa keangelan, dadi calon bapak kudu isa ngatasi kawit cara
ngetok janur. Dikethoke janur berarti upaya ngatasi keangelan,dadilaire sang jabang bayi lancar..
Sakdurunge tali dikethok, diwiwiti karo maca Al-Fatihah lan wacanan Robbi shrohli shodri wa
yassirli amri 3x.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa lan
puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang
lair kaya didorong utawa disurung.
8.Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar
kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang
njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni
dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen
ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.

2.4 Wektu Dilaksanakake Tradisi Mitoni


Pada kaya tembung asale (angka 7), mitoni dilaksanake wektu si ibu meteng suwene 7
sasi.Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo
nganakake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan

8
tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianakake ing wektu siang utawa sore,
lan dina sing nduweni neptu genep. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing
pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi
Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane
dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Mitoni sing kanggo nylameti kandungan calon anak pembarep, kudu dienekake siraman.
Sakwise iku, mitoni kanggo anak kaloro utawa katelu ora apa-apa yen ora nggawe siraman.
2.5 Kena Apa Dilaksanakake Tradisi Mitoni
Mitoni dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu
lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan. Sakliyane iku, nglaksanakake tradisi mitoni
ugamelu nglestarikake budaya jawa sing wus rada ilang ing jaman saiki.
2.6 Akibat Ora Dilaksanake Tradisi Mitoni
            Mitoni dilaksanakakekanggo pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane
ibu, lan ibune kang ngandet tansah pinaringan keslametan lan uga kanggo nyuwun pandonga
marang Gusti Allah supaya jabang bayi mengko isa dadi wong sing becik lan migunani. Kajaba
kui nglaksanakake tradisi mitoni uga melu nglestarekake tradisi adat jawa lami.
            Dadi ana kekhawatiran yen ora nglaksanakae tradisi kasebut, bakal ana marabahaya sing
nekani si ibu lan bayine kayata ibu kasebut isa keguguran

BAB III

PENUTUP

Simpulan

9
Simpulan sing kenek dijupuk saka uraian – uraian ing dhuwur yaiku :

1.     Sejarah tradisi Tingkeban.
 Perlengkapan yang digunakan dalam tradisi Tingkeban.
Miturut crita asal saka jeneng "tingkeban" asalé saka jeneng ibu jenenge Niken Satingkeb, bojo
Ki Sedya. Wong loro wis sangang anak nanging sanga dheweke tansah mati ing umur awal.
Macem-macem usaha padha manggon, nanging uga ora ngasilaké asil. Nganti sedina padha
ventured katon sadurunge Kanjeng Sinuwun Jayabaya. Jayabaya pungkasanipun maringi pitutur
kanggo ngalami sawetara ritual. Sawise seri ritual sing disaranake dening Prabu Jayabaya, dadi
Gusti Gusti Kang Murbeng dumadi Gusti Allah diwenehake sing request. Ki Sedya lan Niken
Satingkeb tak bayi sehat lan dawa-urip. Kanggo ngelingi jeneng Niken Satingkeb, seri ritual wis
Tulada dening generasi mengko kanggo saiki lan dijenengi tingkeban ing pangarep-arep saka
ease lan ana alangan sak meteng, nglairaké nganti anak akeh munggah.
Peralatan sing digunaake :

Woh-wohan

Punar 2 buah

Kembang setaman

Sesaji dakripin

(Suro ganep)

Godhong  dadap serep

Godhong  beringin

Godhong  andong

Janur

10
Mayang

Jenang abang

Jenang putih

Jenang kuning

Jenang ireng

Jenang waras

Jenang sengkolo

         Proses utawa orane tumrap tradisi tingkeban :
         1  Maos Kitab Suci Al-Qur'an
         2 sungkeman
         3 cipratan banyu
         4 Pantes-Pantes(ganti klambi kaping 7)
         5 tigas Gendit
         6 brojolan
         7 Angrem
         8 Dhahar acara Cowek (cobek)

            Tingkeban dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane
ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.

11

Anda mungkin juga menyukai