Anda di halaman 1dari 5

TUGAS BAHASA JAWA

UPACARA ADAT

Disusun Oleh :

Nama : Aprilia Mutiara Sari

No : 04

Kelas : IX E

SMP NEGERI 5 SRAGEN


TAHUN AJARAN 2017/2018
TRADISI SEKATEN

Sekaten utawa upacara sekaten (iku saka tembung Syahadatain utawa loro kalimah
syahadat) yaiku acara ngengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad SAW sing
dianakna ing saben tanggal 5 sasi Jawa Maulud (Rabiul awal taun Hijrah) ing alun-alun
lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara iki biyen diciptakna Sultan Hamengkubuwana I,
pendiri keraton Yogyakarta kanggo ngundang masyarakat supaya gelem mlebu agama
Islam.
Upacara iki biyen saka jaman Kerajaan Demak, yaiku Kerajaan Islam ing Tanah Jawa
sing ngadek sakwuse ambruke Kerajaan Majapahit ing taun 1400 Saka utawa 1478
Masehi. Runtuhe Majapahit nggawe runtuhe Kerajaan Hindu ing tanah Jawa sing
diperintah dening Prabu Brawijaya V. Raja Demak sing pisanan yaiku Raden Patah
utawa Sultan Bintara. Raden Patah nyebarna agama Islam ing tanah Jawa, nanging
akeh masyrakat sing moh mlebu agama Islam.
Banjur Raden Patah ngadakna rapat karo Wali sanga yaiku : Sunan Ampel, Sunan
Gresik, Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Kudus, Sunan Muria, Sunan Kalijaga, Sunan
Grajat lan Sunan Gunung jati. Rapat kuwi mbahas carane kanggo nyebarna agama
Islam supaya bisa ditrima dening Masyarakat sing sakdurunge wus mlebu agama Hindu.
Sunan Kalijaga ngusulna cara yaiku ngganti tata cara adate agama Islam supaya padha
karo syariat Islam.
1. Semedi

Biyen semedi kanggo nyembah dewa saiki diganti sholat limang waktu.

2. Sajen

Biyen sajen knggo ngei mangan dewa lan jin. Supaya padha karo agama Islam , banjur
diganti zakat fitrah. Lan liya-liyane.
Upacara diwiwiti bangi diiringi abdi Dalem (Punggawa Keraton) lan gamelan jawa :
Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan kuwi saka pendopo Ponconiti
tekan masjid Agung ing alun-alun lor dikawal karo prajurit Keraton. Kyai Nogowilogo
manggon ing sisih lor saka masjid Agung, sawetara Kyai Gunturmadu manggon ing
sisih kidul masjid Agung. Gamelan loro kuwi bakal ditabuh nganti tanggal 11 sasi
maulud suwine 7 dina katurut-turut. Ing dina pungkasan, gamelan loro digawa mulih
ing ketaron.
Prosesi
Grebeg Muludan
Acara puncak Sekaten diadakna Grebeg Muludan ing tanggal 12 wiwit jam 8 esuk.
Dikawal 10 macem (bregodo/kompi) prajurit keraton : Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh,
Jagokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, lan Bugis.
Gunungan siji saka ketan, pakanan lan who-wohan sarta jangan-janganan sing digawa
saka Istana Kemandungan nuju Masjid Agung. Sakwuse gunungan didongani, nuli
diddum-dumna ning masyarakat.
Tumplak Wajik
Rong dina sakdurunge acara Grebeg Muludan ana acara tumplak Wajik ing latar Istana
Magangan jam 16.00 sore. Upacarane yaiku dolanan kotekan (dolanan lagu nganggo
kentongan), lumping kanggo numbuk pari. Lagu dinyanyikna yaiku : LOmpong Keli,
Tundhung Setan, Owal awil, lan lagu-lagu liyane.
MITONI

Pangerten saka upacara adat Jawa mitoni/ tingkeban


Mitoni iku asal saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakak wektu calon
ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancas kanggo keslametan calon bayi lan ibun
utawa kanggo sing sipat tolak bala. Ing dharah tartamtu, upacara iki uga diarani
tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis
nyata lan sampurna ing sasi kaping 7.
2.2 paraga sajrone upacara adat Jawa mitoni
1. Bapa
2. biyung
3. juru upacara adat jawa mitoni
2.3 Uba rampe sajrone upacara adat Jawa mitoni
v Uba rampe mateng ing antarane,yaiku :
1. Sekul janganan
2. Jenang abrit,
3. Jenang baro-baro,
4. Jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen,
5. Dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis
6. Cengkaruk timbal,
7. Penyon,
8. Pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing ce-
thing,
9. Diwenehi iwak kebo lan endhog
10. Godhog, gereh,lan krupuk.
11. Rujak
12. Ampyang

v Ubarampe mentah ing antarane,yaiku :


a. Lombok,
b. Terong,
c. Kala pendem(mbote,kacang tanah,menyok,tales)
d. Kala gumantung(kates)
e. Kala marambat(telo)
f. Janganan lan jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan iku digawe cacah pitu
dijangkepi pitung iji apem conthong.
2.4 Urutaing upacara adat Jawa Mitoni/ Tingkeban
Ing ngisor iki bakal kaandharake urutaning upacara adat jawa Mitonoi /tingkeban :
1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga
utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi
menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses
kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh
dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua
2. Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake
bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki
dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora
ana alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari
Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur
weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora
kangelan.
4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-
beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-
arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang
5. Upacara nugel lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa
diganti nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan
laire sang jabang bayi lancer.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane
yaikusawab (doa lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku
gampang lair kaya didorong utawa disurung.
8. Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan
lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang
calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling
kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni
dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen.
Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.

Anda mungkin juga menyukai