Anda di halaman 1dari 13

TUGAS BAHASA JAWA

MITONI

KELOMPOK 1
ANGGOTA :
1. Alhanau Setyaningrum
2. Andriyan Eki S.
3. Chika Aurel N.
4. Dikky Purnama
5. Fafa Febriansyah
6. Indah Rahmawati
7. Khafinda Rizky B.
8. Musyarofah Nilal M.
9. Nofika Ningtyastuti
10. Sintya Septa D.

SMA NEGERI 3PATI


TAHUN PELAJARAN 2019/2020
ATUR CECALA

Bismillahirrohmanirrohim,
Assalamu’ alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Puja puji syukur konjuk ing sahadhap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung,, dene
sampun paring kekiyatan saha pitedah, satemah kula saged ngaturaken racikan sapala
ingkang asesirah MITONI
Kula nglenggana sanes satunggaling tiyang ingkang wasis ing bab kawruh basal an sastra, ugi
sanes tiyang ingkang pinter wicara. Parandene kumawani ngaturaken racikan punika,
esthining manah hamung kadereng anggen kula kepengin urun, dhateng para kadang Siswa
Pawiyatan sageda pinangka ancer-ancer tuwin tetimbangan salebeting sinau ngenani mitoni
Ingkang kula aturaken ing racikan punika, inggih naming sagaduking pangertosan kula
ingkang mila tasih cupet, tuwin adhedasar punapa ingkang sagede kula raosaken lan kula
pethik..
Ing wasana sanadyan racikan punika tasih tebih saking leres lan trep parandene kula gadhah
pangajab, mugi wonten guna paedahipun tumprap para maos, mliginipun para kadang siswa
SMA N 3 Pati.

Wassalamu’ alaikum Wr. Wb.


SARIPATHI

a. Sesanthi
“Akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe”

b. Pisungsung
Makalah punika dipun katuraken kagem Bapak lan Ibu ingkan kula tresnani ingkang
badhe sampun ngopeni kula,Sedhaya ingkang sampun nderek ndamel kelancaran
nyusun makalah niki, lan SMA Negeri 3 Pati.
DHAPTAR ISI
Halaman Judul
Aturcecala................................................................................................................................... i
Saripathi.................................................................................................................................... ii
Dhaptarisi................................................................................................................................. iii

BAB I PAMBUKA
A. Purwaka…………….............................................................................……………................1

BAB II PIREMBAGAN
B. Pangertosan
Mitoni……...……......….…….…………................................................................................. 2
C. Piranti Mitoni........…..……….....……….......…..................................................................... 3
D. Tata carane Mitoni................................................................................................................... 4

BAB III PANUTUP


Dhudutan.......……..……............................…………………............................................... 6
Saran .................................................................................................................................. 7
BAB I
A. Purwaka

1. Lelandesaning prakara
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut
mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing
pitung sasi meteng lan pisanan kali.Upacara meteng iki tegese pendidikan ora mung
minangka wong diwasa nanging wiwit wiji implanted garba ibu.

2. Ancasing panyeratan
1. Nerangake opoiku Mitoni
2. Nerangake Tata carane mitoni
3. Tata carane siraman

3. Mupangating panyeratan
Menehi kaweruh dening bab Mitoni ing Tanah Jawi
BAB II

PEMBAHASAN
A. Pangertosan Mitoni
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Anca séka nggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo
sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manung saiku wis nyata
lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncena cara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh
tinimbang upacara ngupti. Urut – urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampong
ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa
gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung,
nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo
mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing
temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang
upacara ngupati, urut – urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampong ing njero kain
calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing,
medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan
pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman naming dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa
mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi
utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengi pun wulan 'purnama sidhi'.

B. Piranti Mitoni
1. Ndog pithik 2 (loro) kanggo ngangkrem

2. Cengkir 2 sing digambari Dewa Kamajaya lan Dewi Kamaratih


3. Jarik 7

4. Tumpeng

5. Dawet

6. Rujak
C. Tata Cara Mitoni
Masarakat Jawa tansah ora uwal saka tatacara adat tradhisi. Apa maneh kang
gegayutan karo sang kanparan ing manungsa. Wiwit manungsa ana njero kandhutan
nganti manungsa surut ing kasebanjati, tansah di iring kanthi adat tradhisi kang digelar
ing wayah tartamtu.Dene tata cara lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining
wanita lagi ngandhut duwe pangajab supaya ibu lan anak utawa wiji dadi kang dikan-
dhut tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab liyane, bayi kang dilairake mbesuke bisa
antuk kabeg jan uripe.

Maneka tatacara dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi ana wiluje-
ngan utawa selametan nigang wulani, petang sasi, limang sasi, enem sasi, pitung sasi
kang disebut mitoni, sarta sangang sasi kang disebut procotan.
Miturut Prasetyo Adi Wisnu Wibowo, dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo, kanggo
njaga supaya jabang bayi bisa slamet nalika ing kandhutan nganti wancine lair, wong
Jawa ngleksanakake maneka warna wilujengan. Maneka upacara tradhisi lumrah dila-
koni jroning cakra manggilingan uripe manungsa Jawa nalika wanita lagi ngandhut wi-
wit umur kandhutan sesasi nganti sangang sasi.

“Dene nalika umur kandhutan wus ngancik pitung sasi, diadani upacara slametan
kang disebut mitoni utawa tingkeban. Mitoni iki dilakoni dening wong Jawa mligine
nalika wanita lagi ngandhut kang kapisan utawa mbobot tembean,” ing andharanejron
ing sawiji ning pirembugan ing FSSR, sawetara wektu kapungkur.

Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang
disedhiyani dening kula warga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan
nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro - baro, jajan pasar lan sriyatan kang
ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis. Saliyane iku uga ceng-
karuk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng di-
cemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk.
Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawe-
tara jinis kembang - kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijang kepipi-
tungiji apem conthong.

Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu
kang saba njure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasu sastra,
upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama
(sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upacara mitoni
utawa tingkeban diadani jalaran nurut kaprecayane wong Jawa, bayi ing kandhutan na-
lika umur pitung wulan wis diparingi nyawa dening Pangeran. Dene ritual bakujroning
upacara miton iya kuwi siraman lan gantibusana nganti kaping pitu,”
1. SUNGKEMAN
Ibu lan bapak prospek nindakake sungkeman kanggo wong tuwa loro-lorone
supaya njaluk restu kanggo keslamatan lan kelancaran persalinan.

2. SIRAMAN
utawa siram tujuane kanggo ngresiki lahir lan batin sang ibu lan calon bayi.
Nganggo balutan kain batik, ibu linggeh lan disiram nganggo banyu siraman
sing wes dicampur kembang setaman.

3. NGROGOH CENGKIR
Cengkir kuwi tunas kelapa, dadi simbolisasi cikal bakal bayi sing arep dadi
manungso dewasa. Cengkir jumlah e ana 2, dijupuk sang bapa, kanggo
nglanjutno ritual brobosan (meluncurkan).
4. BROJOLAN UTAWA BROBOSAN
Sang bapa ngluncurno cengkir lewat kain sing dinggo ibu.Cengkir dilukis Dewi
Kamaratih nglambangke bayi wedok sg ayu jelita lan Dewa Kamajaya bayi
lanang sing ganteng.

5. BELAH CENGIR
Bapa mbelah cengkir nganggo nyimbolake mbukake dalan bayi supaya metu
saka dalane.

6. PANTES PANTESAN
Ing ritual iki sang ibu ganti busana nganti ping 7. mengko, para tamu serempak
ngomong mboten pantes ping 6. dadi, busana kaping 7 lagi pantes.
7. ANGKREM
Ibu lan bapa niruke pitik angkrem karo kluruk sing banter kanggo tanggung
jawab calon bapa kanggo urip lan kasejahteraan calon ibu lan bayi.

8. POTONG TUMPENG
Kanggo ngungkapke rasa syukur yen slametan mitoni kelakon lancar.

9. TAKIR PONTANG
takir pontang yaiku wadah kanggo adah panganan saka godhong gedang lan
janur.
10.DODOLAN DAWET LAN RUJAK
Ngidangake panganan senengane wong meteng,yaiku rujak sing digawe saka 7
macem buah. Wong sing nampa dawet karo rujak kudu bayar nganggo duwit
ting.
BAB III
PANUTUP

Bab 3 iki mujudkake perangan,pungkasan sajrone panliten. Perangan iki ngandharake rong
perkara, yaiku:dudutan saka andharan kang dadi wangsulan saka undherane panliten lan
pamrayoga.

Dudutan
Adhadasar asile njlentrehkake Upacara Adat Jawa Mitoni bisa didudut patang perkara.
Sepisan, pangerten upacara adat Jawa Mitoni yaiku, Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7).
Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi.Kapindo, Paraga
sajrone upacara adat jawa mitoni yaiku,Bapa,biyung lan juru upacara adat jawa mitoni .
Kaping tigo, bae uba rampe sajroning upacara adat Jawa mitoni yaiku, sekul janganan,
jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen,dhele, kacang
kang kagangsa ing gendhis, cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong
kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, ge-
reh,lan krupuk,Rujak,Ampyang. Kaping papat, urut- urutane upacara adat Jawa mitoni yaiku,
Siraman, Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu,
Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom, Upacara ganti busana
dilakoake nganggo jarit 7, Upacara nugel lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu,
Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok, Upacara nginum
jamu sorongan,lan Upacara nyolong endhog.

Saran
Makalah iku mujudkake tulisan sing isih ana perangan-perangan sing durung bisa kawedhar
kanthi gamblang. Makalah ngenani upacara adat jawa mitoni ditindakake kanggo mangerteni
pangerten, paraga, uba rampe sarta reroncining upacara adat jawa mitoni. Asile panliten
iki bisa didadekake bahan rujukan sajroneng pasinaon kabudayan mligine kabudayan jawa
ing sekolah menengah atas.

Anda mungkin juga menyukai