Anda di halaman 1dari 5

Nama: Ayunda Cahya Mufida

Kelas : XII MIPA 5 / 07

Cerkak Gegayuhanku

Ing wayah wengi, aku lungguh ing cedek jendela, angin kang sumilir nandane hawa kang
ayem. Aku luna, aku bocah meneng, nurut kaliyan wong tuwa lan aku termasuk bocah sing
sregep mesti entuk ranking ning sekolah. Saiki aku wis kelas 9, bapaku jenenge Rudi lan ibuku
jenenge Sani. Aku uga nduweni adek jenenge Dani. Aku termasuk keluarga kecukupan bapaku
kerjo ing perusahaan lan ibuku guru TK lan disambi dodolan jajanan pasar. Biasane aku lungguh
ing cedek jendela karo mikir sak jane aku iki arep dadi opo. Mumpung aku isih cilik mulai soko
iki aku kudu mikirne aku iki arep dadi opo lan kudu ngerti arep nerusne sekolah tingkat SMA
ning ndi. Sak ben dino aku kudu sinau soal-soal kanggo UN. Aku kepengen oleh biji UN apik
ben iso melbu SMA favorit lan banggane wong tuwaku.

Ing wayah sore panggone ning ruang tamu aku sak keluarga kumpul, ning kono aku, bapak
lan ibu lagi omong-omongan di sambi maem jajan sing ben dino digawe ibu. Ning kono aku
bahas masalah aku iki cocoke mbesuk dadi opo. Aku takok bapak lan ibu amarga dheweke ngerti
aku iki cocoke dadi opo lan dheweke bisa wenehi solusi sing apik kanggo aku.

(….. wayah sore, ing ruang tamu …..)

Luna : “Pak bu, luna badhe ngendikan.”

Bapak : “ Ana apa nduk?”

Luna : “ aku bingung sak jane gegayuhan aku iki opo.”

Ibu : “ la kowe ki sak iki mosok urung kepikiran gegayuhanmu iki opo.”

Bapak : “ lun, kowe iki bocah pinter kowe kudu dadi wong sukses ojo koyok bapak ibumu iki.
Kowe sing bisa ngangkat derajate bapak lan ibumu iki.”

Luna : “ ngenten bapak luna iki isih bingung aku iki seneng opo.”

Ibu : “ ben ora bingung ngene wae, delengen biji rapormu iku seng palimg apik opo.”

Luna : “ nggih bu, luna persani rumiyin.” ( ing kamar luna goleki fotocopyan rapore dheweke
mulai kelas 7 SMP semester 1 nganti kelas 8 semester 2 ).

Luna : “ niki pak bu, rapor luna biji kelas 7 semester 1 ngantos kelas 8 semester 2.”

Bapak : “ coba bapak delenge sek yo.”

Ibu : “ ibu yo melu to pak.”

Bapak : “ iki bijimu munggah kabeh lun mulai teko kelas 7 nganti 9. Bapak deleng mau mulai
teko kelas 7 nganti iki bijimu seng paling apik pelajaran IPA nduk.”

Ibu : “ iyo lun ibu podo kalihan bapak. Gegayuhan teko mata pelajaran IPA iku ana akeh
lun, tuladhane dokter, perawat, tehnik lan sapanunggale.”

Bapak : “ awakmu ora kepengen dadi dokter to lun?”

Luna : “ dokter pak?”


Bapak : “ iyo dokter lun. Akeh wong sing kepengen melbu dadi dokter amarga gegayuhan kuwi
termasuk gegayuhan kang mulia bisa ngobati manungso.”
Ibu : “ iyo lun, dokter iku gegayuhan kang apik. Ibu setuju yen awakmu nduweni
gegayuhan dadi dokter.”

Luna : “ nggih pak bu, dadi dokter iku pancen sae niate kagem ngobati kabeh manungso. Tapi
dadi dokter iku ora gampang pak bu.”

Bapak : “ pancen lun, dadi dokter iku ora gampang. Awakmu kudu usaha sinau sing sregep lan
ojo lali karo dungo amarga usaha iku gandeng kalih dedungo.”

Luna : “ nggih pak, luna uga enten pikiran dados dokter. luna bakal sinau sing sregep lan ibadah
seng sregep.”

Ibu : “ bapak lan ibu mung bisa dungane awakmu nduk supaya bisa ngraih
gegayuhanmu.”

Luna : “ nggih bu, matur nuwun. Luna seneng banget nduweni bapak lan ibu sing peduli kalih
luna.”

Bapak : “ o iyo lun, supaya biji UN mu maksimal awakmu ora kepengen arep les pelajaran UN
to?”

Luna : ” la niki pak, luna kepengen les tapi taksih bingung dateng pundi luna lesipun.”

Ibu : “ ibu wingi krungu kancamu kelas jenenge Santi les ning gurumu mata pelajaran
UN.”

Luna : “ nggih Santi niku les milai kelas 8 dateng guru maple UN.”

Bapak : “ mumpung iki isih awal pelajaran, yen awakmu kepengen les ning kono, coba takono
Santi iku kepriye carane daftar les ning gurumu iku.”

Luna : “ nggih pak. Luna badhe tangklet Santi rumiyin.”

Sabanjure ngobrol kalihan bapak lan ibune, luna moro ing kamare jupuk hpne banjur
langsung ngabari Santi takon kepriye carane daftar les ning gurune mata pelajaran UN.

(…..ing kamar…..)

Luna : “ ning ndi yo hpku.” ( goleki hpne ning nduwur mejo belajare)

Luna : “ la iki ketemu.” ( karo goleki kontake Santi sakbanjure langsung di telfon)

Luna : “ Assalamulaikum, san.”

Santi : “ waalaikumsalam,lun. Enek opo telfon?”


:” iki san, aku mau bar ngobrol karo bapak lan ibuku masalah aku iki arep dadi opo,
Luna terus
aku kan durung les la bapakku dek mau takon aku awaku iki kepenge les opo ora, la aku yo
jawab kepengen to san. Aku yo kepengen nduweni biji UN apik. Terus ibu ngomong yen
awakmu les ning guru- guru mata pelajaran UN, sakbanjure bapak ngongkon aku takon awakmu
kepiye carane daftar les e.”

Santi : “ healah iyo aku les pelajaran UN lun mengko tak wenehi kontake guru sing tak lesi. Tapi
awakmu masio ora les tetep pinter lun, la aku les ora les tetep ae bijine ora munggahmunggah.
Nganti bingung aku kudu kepriye supaya aku iki bisa entuk biji sing apik lan bisa banggane
wong tuwa ku .”
Luna : “ yo ojo ngono lun aku iki yo menungso podo awakmu senajan adewe iki bedo kowe di
lahirne teko ibumu aku teko ibuku ( wong loro iki guyu bareng ). Awak dewe iki wis kelas 9
wayahe kudu sregep sinau amarga adewe bakal UN la UN kuwi nek awak dewe ora sinau opo
bakal iso jawab?”

Santi : “ iyo sih lun. Aku iki sek males-malesan arep sinau. Bar les aku wis kesel banjur langsung
turu.”

Luna : “ ora opo bar les iku turu tapi sak durunge turu coba woconen maneh materi les kuwi
mau, supaya ora cepet lali, nek aku ngono san sak wise bar sekolah aku tetep baleni moco seng
di ajarne ning sekolah mau.”

Santi : “ iyo lun saranmu insyaallah bakal tak lakoni supaya aku bisa pinter koyoko awakmu.”

Luna : “ iyo san, tak tunggu yo kontake mergo aku ndang ngobrol maneh karo bapak lan ibuku.
Suwun yo san, assalamualaikum.”

Santi : “ aku yo suwun lun wis di wenehi saran, waalaikumsalam.”

Sakwise telfon kalihan santi, luna langsung ngendikan kalihan bapak lan ibune. Diskusike
luna sing arep les ning gurune.

Luna : “ pak bu, Luna sampun tangklet santi caranipun daftar les.”

Ibu : “ pye nduk jare Santi?”

Luna : “ santi ngendikan yen langsung ngabari gurune mawon bu.”

Ibu : “ iyo lun mengko ibu telfon gurumu yo.”|

Luna : “ inggih, bu.”


Wis setaun mlaku, Luna wis lulus teko SMP lan bijine UN Luna ranking 1 ning
kotane.
Sak iki Luna wis melbu SMA favorit utawa SMA sing dweheke pengen. Ning SMA Luna dadi
bocah sing berprestasi, luna sering melu lomba cerdas cermat lan olimpiade. Mulai teko kuwi
Luna soyo sregep sinau supaya dheweke bisa ngraih opo sing dheweke pengen.

Dino ganti dino ora kroso Luna wis kelas 12 SMA dino kemis, panggone ning kantin luna
karo kanca-kancane maem bakso ning katin. Ning kono ana santi lungguh ning sampinge Luna,
nina lungguh ning ngerepe luna lan sampinge nina ana jesi. Cah papat kuwi wis sahabatan wiwit
kelas 10 SMA. Mbiyen kelas 10 isih bedo kelas ananging kelas 11 nganti kelas 12 saiki sekelas.
Yen dolan, les, kelompokan tugas ning kelas bocah papat kuwi ora kena dipisahne. Ning
endiendi yo bocah papat kuwi. Mung santi sing konco wiwit SMP nganti SMA. Jesi kuwi bocah
sing cerewet, tapi pinter lan ayu, mung jesi sing melu organisasi ning antarane cah papat iki.
Nina iku bocah sing kalem, luwih pinter timbang jesi lan pinter nyanyi. Ning kono podo bahas
arep nerusake kuliah ning endi.

(… ning kantin SMA… )

Jesi : “ cah awak-awakmu iki podo arep nerusne kuliah ning endi?

Santi : “ aku sek mumet iki jes, arep nerusne ning ndi.”

Nina : “ lo san, mosok kowe nganti saiki isih bingung arep nerusne ning endi. Awake dewe
iki wis kelas 12 lo kudune wis nduweni tujuan sing cetho sing bakalane dadi masa depane adwe.”

Luna :” iyo betol iku nina, aku wiwit SMP uwis kepengen melbu ning dokter amarga dokter
kuwi nduweni pagawean sing apik yaiku bisa ngobati manungso.”
Jesi : “ apik tenan lun gegayuhanmu, aku kepiye ya bapak ibuku kepengen aku dadi
pegawai pajak tapi aku iki isih remidi ae yen pelajaran matematika. La kowe nin arep dadi opo?”

Nina :” aku kepengen melbu STAN PKN kuwi lo, aku kepengen melbu ning kebendaharaan
Negara.”

Luna : “ wihh apik pisan nin gegayuhanmu, pantes awakmu saiki dadi bendahara kelas supoyo
bisa ngurus kebendaharaan Negara.”

Santi : “ kok podo apik-apik gegayuhane, aku ae isih bingung cah.”

Nina : “ san ndang di pikirne mulai saiki yo mosok awakmu arep bingung ae sampek
mbesok. Iki kaitane karo masa depanmu lo.”

Luna : “awakmu ki seneng karo pelajaran opo to san?”

Santi : “ aku ki seneng karo pelajaran matematika, tapi aku yo podo jesi isih ae remidi.

Jesi : “ matematika iku akeh lo iso melbu tehnik, iso dadi guru matematika, iso ekonomi,
iso pajak koyok aku lan sapanunggale.”

Luna :” iyo san, coba goleko referensi teko opo wae lan temokno seng cocok karo awakmu.
Utawa coba ngobrol karo bapak ibumu supoyo awakmu entuk gambaran lan entuk dukungan.”

Santi : “ iyo suwun ya cah wis podo peduli ning aku.”

Jesi : “adewe kabeh iki sahabatmu san. Susah seneng karo awak dewe, yen enek opo-opo
adewe kabeh iki bakal saling ngrewangi.”

Luna : “ semoga apa sing adewe pengenke, sing adewe usahake sak suwene iki bisa terwujud lan
bisa banggane wong tuwane awak dewe. Yen wis podo sukses ojo lali yo cah.”

Nina : “ aminn, wis pasti ora lali lun.” ( barengan karo suara bel melbu )

Luna : “ wis ayo ndang melbu kelas.”

Bocah papat mau banjur melbu ning kelas lan mulai pelajaran. Dino ganti dino ora kroso
bocah papat mau wis lulus SMA. Saiki Luna uwes ketrimo ning kedokteran ing suroboyo oleh
beasiswa, Nina yo uwis ketompo ning PKN STAN, lan bocah loro kae Jesi karo Santi melbu
ning pajak. Yen wis ana usaha lan dungo bakal ana hasile. tuladhane kaya bocah papat mau
sregep les, sinau, lan dungo.

~Rampung~

Hasil ngoreksi

Cacahe tembung : 1715


Kesalahan :

1. “ aku bingung sak jane gegayuhan aku iki opo.”


(kula bingung sak jane gegayuhan ku iki apa )
2. Opo kudune apa
3. Ana kalimat awale nyatakne “kelas 7 SMP semester 1 nganti kelas 8 semester 2 ).” Tapi tulisan
ngisore malah dadi “ kelas 7 nganti 9”. Iki sing bener sing ngendi mboten jelas.

Luna : “ nggih bu, luna persani rumiyin.” ( ing kamar luna goleki fotocopyan rapore dheweke
mulai kelas 7 SMP semester 1 nganti kelas 8 semester 2 ).

Luna : “ niki pak bu, rapor luna biji kelas 7 semester 1 ngantos kelas 8 semester 2.”

Bapak : “ coba bapak delenge sek yo.”

Ibu : “ ibu yo melu to pak.”

Bapak : “ iki bijimu munggah kabeh lun mulai teko kelas 7 nganti 9. Bapak deleng mau mulai teko
kelas 7 nganti iki bijimu seng paling apik pelajaran IPA nduk.”
4. Tulisan betol kudune betul.
5. “ pak bu, Luna sampun tangklet santi caranipun daftar les.”
( Pak, Bu, Luna sampun nyuwun persa dhateng Santi, caranipun daftar les )
6. Adewe kudune awak dewe
7. Dweheke kudune dheweke
8. Akeh kesalahan berupa penulisan huruf kapital,

Pengoreksi : Shofi Nur Aisyah ( XII MIPA 5/33 )

Unsur Instrinsik:

a. Tema: Gegayuhan
b. Paraga: Luna, Ibu, Bapak, Santi, Nina lan Jesi
c. Penokohan:
 Aku : Sregep sinau, sopan marang wong tuwa, kalem
 Ibu : sabar, penyayang
 Bapak : penyayang
 Santi : peduli marang kanca, bingung
 Nina : peduli marang kanca
 Jesi : peduli marang kanca
d. Alur: alur maju
e. Latar :
 Latar waktu: ing wayah wengi
 Latar suasana: bingung, seneng
 Latar tempat: omah Luna
f. Amanat: Yen pengen kecapai impiane kudu sregep sinau.
g. Sudut pandang: Sudut pandang orang pertama ( aku sebagai tokoh utama)

Anda mungkin juga menyukai