Anda di halaman 1dari 2

“Tumbas Sepeda Anyar”

Ing sore kang cerah, kajaba wisnu katon lunggung ono kursi ngarep omahe. Ulate mbesengut, atine
katon nggondok.

“Buk, bapak dereng rawuh ta? Kok suwe eram.” Pitakone wisnu marang ibune. Ugo tibake wisnu wes
dijanjeni bapake arep dijak mlaku-mlaku sore menyang toko sepedah.

Wisnu terus kelingan janjine bapak yen dheweke biso rangking 1 arep di tumbasne sepedah anyar
koyo sing wes dipingini wisnu katon suwe.

“Bapak jek kerjo nu, kayak e bakal muleh rodho telat!”, jawab e ibuk.

Wisnu nimpali dawuhane ibuk, “Lha bapak wingi pun janji ajenge numbasne aku sepedah anyar lo
buk, mosok bapak kesupen ya!”.

Ora suwe banjur ono suworo motor mlebu nek ngarep omah, Wisnu langsung mlayu mastekne yen
suworo iku teko motor e bapak e muleh kerjo.

“Hore, Bapak rawuh……. Bapak rawuh……..”. Wisnu Sorak-sorak bungah atine.

Wisnu sing awale katon lesu, gelisah lan bingung ugo langsung semangat. Polae dino iki mau Wisnu
tompo rapot lan ndilalahe oleh rangking 1.

“Pak, sore niki sios tumbas sepedah anyar kagem Wisnu kan?”, Wisnu mastekne menyang bapak e.

“Wah, anakku ranking 1 tenan to? Selamat yo le….. ayo gek ndang adus terus budal tumbas sepedah”,
jawabe bapake wisnu.

Banjur tanpo basa-basi Wisnu langsung njupuk klambi lan mlaku nak jeding ados.

“Sak gebyuran ugo wis cukup-lah kanggo adus sore iki, ben cepet”. Batine Wisnu.

Rampung adus, adit di dandani karo ibuke, gawe minyak wangi lan pupuran merok-merok. Bar kui
langsung nemoni bapak e sing wis siap budal ngenteni nek ngarep omah.

Ing toko sepeda, Wisnu sampek bingung milih sepedah sing di pengini. Akeh pilihan sepedah sing di
tawarke mulai rego 1jt – 3jt apik-apik tur warnane katon nyenengke.

Sak wise milih-milih sepeda kang ono ing toko, wisnu mulai sreg karo salah sijine sepeda kang
warnane orange.

“Pak, aku seneng karo sepedah ingkang niki”, muni wisnu karo bapak e.

“Sek, jajal tak takokne regane piro”. Jawabe bapake.

Banjur bapake adhit nakokne sepedah orange kang dipengini wisnu menyang penjogo toko. Tibak e
rego sing di pengini Wisnu regane 2jt.
Tapi bapake setuju karo sepedah kui mergo bentuk lan warnane kang apik.

Wisnu yakin yen sepedah kui durung enek sing duwe.

“Pancen jos tenan pilihanmu wis”, dawuhe bapak menyang wisnu.

Sawise dibayar karo bapake wisnu, sepedah kui banjur digowo muleh menyang omah. Adhit wes ora
sabar gawe sepedah kui menyang sekolah, bengi iki jelas kroso suwe banget bagine wisnu.

Anda mungkin juga menyukai