Anda di halaman 1dari 2

Tumbas Sepeda Anyar

Ing sore kang cerah, kejaba wisnu katon lunggung ono kursi ngarep omahe. Ulate mbesungut,
atine katon nggondok.

“Buk, bapak dereng rawoh ta? Kok suwe eram.” Pitakone wisnu marang ibune. Ugo tibak e
wisnu wes dijanjeni bapak e arep dijak mlaku-mlaku sore menyang toko sepedah.

Wisnu terus kelingan janjine bapak yen dhewek e biso rangking 1 arepe di tumbasne sepedah
anyar koyok sing wes dipingini wisnu katon suwe.

“Bapak jek kerjo nu, kayak e bakal muleh rodho telat!”, jawab e ibuk.

Wisnu nimpali dawuhane ibuk, “Lha bapak wingi pun janji ajenge numbasne aku sepedah
anyar lo buk, mosok bapak kesupen ya!”.

Ora suwe banjur ono suworo motor melbu nek ngarep omah, Wisnu langsung mlayu
mastekne yen suworo iku teko motor e bapak e muleh kerjo.

“Hore, Bapak rawuh……… Bapak rawuh……..”. Wisnu Sorak-sorak bungah atine.


Wisnu sing awale katon lesu, gelisah lan bingung ugo langsung semangat. Polae dino iki mau
Wisnu tompo rapot lan dilalahe oleh ranking 1.

“Pak, sore niki sios tumbas sepedah anyar kagem Wisnua kan?”, Wisnu mastekne menyak
bapak e.

“Wah, anakku ranking 1 tenan to? Selamat yo le….. ayo gek dang adus terus budal tumbas
sepedah”, jawabe bapake wisnu.

Banjur tanpo basa-basi Wisnu langsung njupuk klambi lan mlaku nak jeding ados.

“Sak gebyuran ugo wis cukup-lah kanggo adus sore iki, ben cepet”. Batine Wisnu.

Rampung adus, adit di dandani karo ibuke, gawe minyak wangi lan pupuran merok-merok.
Bar kui langsung nemoni bapak e sing wes siap budal ngenteni nek ngarep omah.

Ing toko sepeda, Wisnu sampek bingung milih sepedah sing di pingini. Akeh pilihan sepedah
sing di tawarke mulai rego 1jt – 3jt apik-apik tur warnane katon nyenengke.

Sak wise milih-milih sepeda kang ono ing toko, wisnu mulai sreg karo salah sijine sepeda
kang warnane orange.

“Pak, aku seneng karo sepedah ingkang niki”, muni wisnu karo bapak e.

“Sek, jajal tak takokne regane piro”. Jawabe bapake.

Banjur bapak e adhit nakokne pedah orange kang di pingini wisnu menyak penjogo toko.
Tibak e rego sing di pingini Wisnu regone 2jt.

Tapi bapake setuju karo sepedah kui mergo bentuk lan warnane kang apik.

Wisnu yakin yen sepedah kui durung enek sing duwe.

“Pancen jos tenan pilihanmu wis”, dawuhe bapak menyang wisnu.

Sak wise dibayar karo bakap e wisnu, sepedah kui banjur digowo muleh menyang omah.
Adhit wes ora sabar gawe sepedah kui menyang sekolah, bengi iki jelas kroso suwe banget
bagine wisnu.

Anda mungkin juga menyukai