Anda di halaman 1dari 4

Kerja Bakti Minggu

Jumat sore wingi bapak lan aku lungguh cerita-cerita ning ngarep ngomah, banjur teko tamu
ngucap salam.

“Assalamualaikum, kulo nuwun,” ature Pak RT.

“Woooo. Pak RT. Wonten dawuh pak?” saure bapakku.

Sore kui Pak RT mubeng ning omah-omahe wargane mbagekake undangan kerja bakti suk
Minggu jam 7.

Aku langsung ngomong ning bapak, “Aku sesuk nderek kerja bakti ya.”

“Iya. Rapapa. Ajar srawung karo tanggane,” jare bapakku.

Sesuk isuke, aku semangat tangi gasik. Bar kui, aku sarapan disik mergo wedi ra kuat kerja bakti
warga sak-RT. Bapak mbek aku mangkat kerja bakti nggawa arit lan pacul.

“Iki pacule gawanen, bapak tak gowo arit,” unine bapak.

“Oke pak,” jawabku marang bapak.

Terus dewe langsung mangkat ning lapangan kumpul mbek warga sing wis teko disik. Ning
kono wis eneng Pak RT, Pak Bambang, lan Pak Indra. Ra suwe, warga mulai do teko gawa
peralatane.

Bapak karo aku ditugasi ngresiki suket ning gapura kampung. Warga liyane ono sing ngresiki
kalen, mindahi pasir, karo bakar sampah. Kerja bakti sosial iki kui acara sing dianakake rutin
saben sasi.
Mlebu Sekolah SMP

Sesuk wis mlebu sekolah meneh. Ora kerasa ati iki deg-degan mergo sesuk aku mangkat ning
SMP. Aku saiki sekolah ning SMP sing tak pengeni. Ra sabar aku oleh kanca, guru, lan
pengalaman anyar.

Wong tuaku akeh ngekeki wejangan gen aku sekolah tenanan. Aku ya diomongi kudu iso njaga
pergaulan. Senin esuk, aku diterne bapak ning sekolah ngenggo seragam anyar nganti ngarep
gerbang terus pamit.

Bapak matur, “Nek wis bali sekolah kabari ya, mengko tak pethuk.”

“Inggih,” saurku.

Aku mlaku mlebu sekolah. Wis akeh kanca baris ning lapangan. Dino iki ono kegiatan “MOS”
nggo siswa anyar gen kenal lingkungan sekolah anyare. Acara MOS diwiwiti upacara bendera,
terus wejangan bapak kepala sekolah, lan mubeng nonton lingkungan sekolah.
Tumbas Pit Onthel Anyar

Sore kui Wisnu lagi lungguh ning kursi ngarep omah. Ulate mbesengut, atine nggondok sebel.
“Bu, bapak dereng rawuh? Kok suwe banget,” Wisnu takok marang ibune. Jebule Wisnu
dijanjeni bapake arep dijak golek onthel.
Wisnu banjur kelingan karo janjine bapake sing bakal numbaske pit yen dheweke iso rangking 1.
“Bapak jih kerjo, Nu. Ketoke mulihe rodho telat,” jawabe ibuk.
Wisnu nyauri, “Lha bapak pun janji ajeng numbasne pit anyar. Bapak kesupen po ya.”
Ra let suwe, ono suara motor teko ning ngomah. Wisnu mlayu nonton yen iku motore bapak.
“Ye! Bapak rawuh. Bapak rawuh,” sorak Wisnu mergo bungah atine.
Awale, Wisnu sing ketok lesu, bingung, dan gelisah langsung semangat. Polahe kui mau mergo
Wisnu rapotan lan Wisnu ranking 1.
“Pak, sios tumbas pit anyar kagem Wisnu?” Wisnu mastekne menyang bapake.
“Wah, oleh ranking 1 to? Selamat yo, Wis. Ayo adus bar kui budal tumbas pit onthel,” jawab
bapake Wisnu.
Terus ra perlu susah, Wisnu garcep njipuk klambi lan mangkat adus.
“Sak gebyur yo wis cukup nggo adus sore iki. Gen cepet,” Wisnu mbatin.
Rampung adus, Wisnu didandani karo ibuke gen tambah bagus. Bar kui nemoni bapake sing wis
ngenteni ning ngarep ngomah. Ing toko onthel, Wisnu ngasi bingung milih pit sing dipingini sing
ndi.
Akeh pilihan pit apik sing ditawarke mulai rego 1 juta ngasi 3 juta. Sak wise ndelok-ndelok pit
ning kunu, Wisnu sreg karo pit sing warnane oranye.
“Pak, aku remen karo pit niki,” kandane Wisnu ning bapake.
“Sik, jajal tak tekonke regane piro,” saure bapake.
Tibake rego pit sing dipingini Wisnu regane 2 juta. Bapake setuju mbek pit pilihane Wisnu
mergo warnane apik. Wisnu dewe yakin yen pit kui durung dinduweni kanca-kancane.
“Jos pilihanmu, Wis,” dawuh bapake Wisnu.
Bar dibayar karo bapake Wisnu, pit kui digowo mulih nyang omah. Wisnu wis ra sabar nggowo
pit iku ning sekolah. Bengi kui jelas kerasa suwe banget nggo Wisnu
Sahabatku sing Becik Atine

Aku karo kancaku niliki Andi mergo wis ra blebu seminggu. Jarene Andi keno lara tipes. Aku
karo kancaku urunan nukokne roti karo buah nggo Andi. Dewe rono bareng-bareng numpak
onthel sisan bali. Tapi pas ning ndalan, ban onthelku ra sengojo kecoblos paku.

“Eh, onthelku kroso gliyat-gliyut,” kondoku ning Edo.

“Iyo. Gliyat-gliyut pitmu.” jawabe Edo.

“Do, mandek sik, Do. Tak tilikane kok pitku ngene,” kondoku.

Banjur aku mbek Edo mandek ndelok onthelku asline kenek opo. Kancaku liyane lanjut ning
nggenjot nin omahe Andi. Pas tak delok, jebule banku kecoblos paku nganti gembos. Aku akhire
golek tukang tambal ban bareng Edo.

Tapi pas kui tambal ban ra ono sing bukak. Ya wis, onthelku tak tuntun ning omah terus
nggonceng Edo.

Anda mungkin juga menyukai