Anda di halaman 1dari 4

Kanca Selawase

Dina minggu esuk Bayu, Bambang, lan Aji numpak pit e arep menyang pasar, amarga pada
kepingin tuku iwak cupang. Bambang kang ora duwe pit, dheweke dibonceng karo Bayu
amarga awak e Bayu luwih gedhe lan luwih roso tinimbang Aji. Ing dalan bocah 3 mau
sawangane seneng banget amarga iwak kang dipengeni ket biyen akhire iso dituku dino iki.

Nalika teko pasar Bayu lan Aji langsung mlayu melbu pasar golek i bakul iwak cupang e.
Bambang sing mlayu keri dewe dhewek e langsung mlayu banter nyusul Bayu lan Aji, tanpa
sadar dhuwit Rp.5000 ne ucul saka genggemane. Bayu lan Aji kang wis teko panggonan luwih
dhisek langsung mileh mileh iwak.

" Wah ki apik ki iwak jan jos tenan ki." omong e Bayu nalika eruh iwak sing apik banget. Banjur
Aji nyauri,

" Endi Yu ndelok iwak mu koyok pie apik temenan opo ora!!." Aji karo nyaut botol kang isine
iwak sing dicekel Bayu.

Karo gumun Aji omong " Wah iyo, apik temenan pilihan mu Yu".

Karo mlayu Bambang langsung nyaut omongan e cah 2 mau " Awakmu i konco opo to jane tego
tegone ninggal aku."

Aji nyaut omongan e Bambang karo mileh iwak " Salahmu kesuwen kok kowe."

Wis suwi cah 3 mau akhire podo oleh iwak seng diseneng i dewe dewe lan banjur mbayar

" Nuwun sewu Pak, niki pinten regine sedoyo iwak e??" takon e Bayu.

" Iwak e sijine Rp. 10.000 le dadi nek 3 Rp. 30.000 le." jawab e bakul iwak.

Bayu lan Aji langsung mbayar iwak e mau " Niki pak arto kulo."

Bambang lagi sadar yen dhuwit e ceblok, dhewek e langsung bingung golek i dhuwit e kabeh sak
e dirogohi nanging tetep ora ketemu. Banjur dheweke ora sido dituku, kekarepane sing wis
diidam idamake awit suwi dadi pupus amarga dhuwit e dhewek e ilang. Banjur Bambang
mbalikake iwak kang wis dipilih mau menyang bakul e. Konco konco podho bingung banjur
podo takon opo sebab e kok ora sido dituku iwake.

Aji lan Bayu langsung nyaut, "Loh la nyapo Mbang kok rasido tuku iwake??"

" Dhuwit ku kurang, ceblok ketok e pas aku mlayu mrene mau. Wis ayo mulih wae gausah
digolek i wis awan. Aku yo gek ndang ngewangi ibuk ku." saur e Bambang.
" Tenan ki? Ga digolek i sek wae?" saure Aji

" Gausah wis ayo muleh. " saure Bambang karo mlaku dhisik i moro parkiran pit.

Akhire Bayu, Bambang, lan Aji langsung mulih. Ing dalan Bambang isih gelo atine amarga ora
sido tuku iwak sing dipengen i. Sawise teko omah e Aji, Bambang langsung pamitan mulih, dene
Aji lan Bayu langsung podo nyawangi iwak e kang lagi dituku.

Bedo panggonan Bambang kang lagi teko omah karo karo wajah e sing mrengut lan mbrabak
langsung ditakoni ibune kang lagi napeni beras ana ing ngarepan omah e. Ibune Bambang
bingung amarga isuk mau Bambang pamite tumbas iwak cupang ing pasar sing kudune seneng
iki kok malah susah muleh teko pasar dene Bambang mulih ora gowo iwak cupang.

" Lo mbang la jare awakmu mau arep tuku iwak cupang, la endi to le iwak e ibuk pengen eruh
apik opo ora njajal tak ndelok to ibuk??? " takon e ibune teko ngarepan omah

Bambang ora wangsuli pitakone ibune mau, banjur ibune sadar yen Bambang mesti lagi enek
opo opo. Ibune banjur marani Bambang kang ana ing njero kamar e. Akhire Bambang cerita yen
dhewek e ora sido tuku iwak cupang amarga dhuwit e ceblok ing dalan. Ibune melas amarga
eruh anak e lagi susah banjur maringi dhuwit marang Bambang supaya digawe tumbas iwak.

" Wis ora usah nangis, ki tak paringi dhuwit gawe tumbas iwak. Kono ndang agi budal tumbas
iwak." ibune Bambang banjur maringi dhuwit e jujul tumbas beras mau.

" Matur suwon sanget buk." saure bambang karo ngrangkul ibune.

" Kulo budal buk" tambahe Bambang karo malyu.

Nalika teko omah e Aji, Bayu iseh ana ing kono. Bambang banjur cerita yen dhewek e diparingi
dhuwit karo ibune supaya tumbas iwak. Dhewek e langsung ngajak Aji lan Bayu supaya
dikancani tumbas iwak, nanging cah 2 mau iseh seneng seneng e karo iwak e dhewek e iseh
nyawangi iwak e nganti saiki lan ora gelem diajak Bambang ngancani tuku iwak. Banjur Aji
nyilihake pit e supaya Bambang budhal tuku iwak dewe. Amarga Bambang ngerteni kancane
akhire dheweke budhal dhewekan tuku iwak.

Durung adoh teko omah e Aji dumadakan " bruaaak....." Bambang tibo amarga saking banter e
leh numpak pit. Aji lan Bayu sing krungu iku langsung mlayu nulungi Bambang.

Karo mlayu Aji mbengok " Pie to mbang mbang kok iso tibo, mbok yo alon alon."

Karo ngadekake Bambang, Bayu takon kahanane Bambang kepiye " Awakmu gak popo to
Mbang? Ana sing catu opo ora? Ayo lungguh kene dhisek!!"
" Sikutku catu saitik iki, tapi ora opo opo kok. " saure Bambang.

Nalika Bambang ngingeti Aji sing lagi bingung amarga pit rusak dheweke langsung takon " Ji
sepurane yo goro goro aku pit mu dadi rusak kaya ngene iki, sesuk tak dandakno kok Ji ora usah
bingung. "

Sejatine Aji yo nesu amarga pit e rusak, nanging dheweke ora tega karo bolone iki, dheweke
mangerteni yen kahanan ekonomi keluargane Bambang koyo kepiye banjur dheweke ikhlas
nerimo. Dheweke yo mikir yen percumah dheweke nesu malah dadi nambahi perkoro wae.

" Wis ora opo opo Mbang wong rusak e yo saitik wae, bapak ku iso kok dandani pit e. " saure Aji
supoyo Bambang ora melu bingung.

Akhire Bambang diajak menyang omah e Aji gawe diobati. Sawise ngobati Bambang, Bayu
nduweni ide gawe numbasake iwak cupang Bambang. Cah 3 mau rembugan lan akhire kabeh
setuju yen Bayu budhal menyang pasar numbasake iwak cupang Bambang lan Aji ngancani
Bambang ana ing omah. Nanging Aji ora takonan karo Bambang amarga sejatine Aji iseh nesu
karo Bambang. Ora ana 1 jam Bayu wis mantuk oleh e tumbas iwak cupang. Dheweke gowo
iwak cupang sing apik banget, banjur diwenehne Bambang.

" Ki Mbang iwak e, pie apik ora iwak e?" takon e Bayu.

" Wah iyo Yu apik temen iwak e, matur suwon ya Yu. Aku yo matur suwon ya Ji. Awakmu kabeh
ki pancen kancaku sing paling apikan. Kekarepan ku awake dewe bisa dadi kanca selawase."
saurane Bambang.

" Iyo podo podo Mbang. " saure Aji lan Bayu bebarengan karo guyu.

Akhire cah 3 mau podo podo seneng e sakiki. Aji seng sejatine iseh nesu amarga pit rusak mau
malih ora nesu nalika ngingeti Bambang seneng amarga wis ditulungi lan ditukokake iwak.

Ora kerasa 10 taun wes kepungkur, nganthi saiki Bayu, Aji, lan Bambang mau iseh kekancan
senajan wes podho makaryane. Saben malem minggu cah telu mau mesti kumpul kumpul
supaya ora podho lali karo kanca lan sedulurane. Malah saiki kekancanane bocah telu mau
diterusake karo anak anak e.

TUGAS CERKAK BASA JAWA


"Kanca Selawase"
Dening :
MACHFUD DWI CHANAFI
18
XII IPA 4
SMAN 2 MEJAYAN
2020/2021

Anda mungkin juga menyukai