Anda di halaman 1dari 12

Naskah Drama "Ande-ande Imut" (bahasa

Jawa)

Ing sawijining negara (embuh negara apa), ana desa kang arane desa Tak
Dung-dung Tak dung-dung. Desakuwi subur, makmur, gemah ripah loh
jinawi. Ing desa kuwi, ana kulawarga kang isine simbok lan anak-
anake, bapake ora ana, embuh ngilang mengendi, jare wis ninggal
dicaplok baya.

SCENE 1
(Panggung kosong, katon dekorasi kanthi swasana pradesan. Krungu
lagu gendhing Jawa. Mbok Menah mlebunggawa tampah isi beras,
ngenalke awakke marang pamirsa.)Mbok Menah:

Hei Pa
mirsa… kenalna, jenengku Mbok Menah.
Aku iki simboke para klenting. Aku iki bombonge pol duwe anak sing
ayu-ayu, pinter-pinter, sehat-sehat, bekti marang wong tuwa.Pokoke ora
ana tandingane ing desa iki. Wis akeh para pemudha kang padha
nglamar. Eh, wisya pamirsa. Aku arep masak dhisik, anak-anakku
durung padha sarapan.
Daaaaa….”
(Mbok Menah metu saka panggung. Krungu lagu Campursari. Ngiringi
mlebune para klenting. Para klentingmlaku jejer-jejer kaya model
miss universe.
Banjur para klenting ngenalke awakke marang pamirsa)K. Abang :
(Ngipat-ngipatke slendang, kemayu)
”Assalamu’alaikum…
Para pamirsa

kenalke

dhewe iki para klenting, anak-anake Mbok Menah. Aku sing ayu dhewe
iki Klenting Abang, aku sing paling
tuwa lho… Nanging paling oke dhewe..”
K. Biru :

Jenengku Klenting Biru.
Body
-ku sing paling yahud dhewe. Hehe..

K. Ungu :

Nak aku
Klenting Ungu”
K. Ijo :

Aku Klenting Ijo
.”
K. Abang :
”Para
pamirsa, dhewe iki tresna banget marang simbok. Simbokku kuwi wong
kang paling apik sakdonya. Tetep bisa ngrumati anak-anake senadyan
ora duwe wakil. Bapakku wis suwe ninggal,amarga dicaplok baya nalika
nembe mancing.

K. Ungu
:”
Iya, bener. Simbok ya maringi dhewe kebebasan kanggo ngapa wae.
Kuwi berarti simbok percaya
karo dhewe.”
K. Ijo :

Bener banget. Dhewe iki kan isih enom. Urip mung sepisan, dadi kudu
bener-bener dimanfaatke,aja disia-
siakake. Hi… hi… hi…”
K. Biru :
”Eh,
wis-wis..!
Ayo padha mlebu, ngrewangi simbok masak.”

SCENE 2
(Klenting-klenting arep metu saka panggung, nanging ujug-ujug teka
Klenting Kuning).K. Kuning :
”Kulanuwun… Assalamu’alaikum…”
(Para klenting banjur noleh ing sumbere swara. Klenting Abang marani
Klenting Kuning)

K. Abang : (nada swara galak)



Ana apa? Arep ketemu sapa?

K. Kuning : (keweden)
”A… Ak… Aku iki wis ngumbara tekan endi
-endi. Aku ora duwe omah. Ora duwewong tuwa. Dadi aku pengen bisa
dadi sedulurmu kabeh. Moga wae mbak-mbak sing ayu-ayu ikigelem
nampa aku dadi sedulur.. Mesakke aku mbakyu..

K. Ijo : (rupa ora seneng)
”Apa?
Arep nunut nang kene???
Sorry
..!! Wis ora ana panggon..”
K. Ungu :
”Iya! Luwih apik Kowe golek panggonan liya wae. Ning kene wis seseg.
Wis kana lunga..!!”
K. Kuning :

Nyuwun tulung
… Mbakyu… Aku gelem dikongkon apa wae…”
K. Biru : (nyekeli roti)

Ah, bentuke wae wis aneh
. Wis kana lunga!”
(Klenting Kuning tetep Meksa. Amarga swarane rame banget, Mbok
Menah metu saka jero omah.)Mbok Menah: (ngamuk)
“Eh eh eh… Ana apa iki kok ribute
pol
… Ngganggu wong nonton gosip wae.. Anaapa?!”
K. Ijo
: (nyedaki Mbok Menah) “ Niki lho Mbok.. Ana cah aneh arep nunut
nang omahe dhewe. Mbuhsapa kuwi.”
K. Ungu
: “Inggih Mbok… Mpun, mboten usah diladeni Mbok. Marakke sepet
wae.”

Mbok Menah: “Kowe sapa? Ana prelu apa nang omahku”


K. Kuning : (kanthi rupa dimesak-
mesakke)“Ngeten Mbok.. Kula Klenting Kuning. Kula mboten
gadhahomah.. badhe nunut ing mriki.. kula purun di utus napa mawon.”

Mbok Menah: “O.. Ngono..


Mengko dhisik, aku tak rembugan karo anak-
anakku”
(Mbok Menah lan para Klenting padha ngumpul adoh saka Klenting
Kuning.)
Mbok Menah: “Wis, cah kuwi ditampa wae ing omahe dhewe. Mengko
bisa dikongkon
-kongkon. Dadi dhewe
kepenak. Piye?”

Para Klenting: “Wah,

inggih Mbok. Sarujuk.”


(Mbok Menah lan para Klenting marani Klenting Kuning.)
Mbok Menah : “Yo wis.. Kowe entuk manggon ing kene. Nanging kowe
kudu nurut karo aku lan anak
-
anakku.”
K. Kuning
: (mesam mesem seneng, ngambungi tangane Mbok Menah) ”
Saestu Mbok.. Maturnuwun
Mbok.”

Mbok Menah : (Ngipatke tangane) “Ya ya.. wis kana ndang


ngresiki omah. Aku arep nutugge nonton gosip.

(Mbok menah mudhun panggung, ditutke para Klenting lan Klenting
Kuning)

SCENE 3
(Ing sawijining dina, wektu Klenting Kuning lagi nyapu lan Mbok
Menah lagi nonton gosip, ujug-ujug disela
“sekilas info”)
Penyiar tipi : (Ning buri tipi )
“Nuwun sewu Mbok Menah, gosipe disela sedh
ela. Ana inpo saka kerajaan kangwigati buwanget.

Mbok Menah
: “Lho…
Kok kowe weruh nak aku sing
nonton tipi? Iki penyiar kok aneh.”
Penyiar tipi
: “Lha piye maneh. Sutradara ngutuse ngene jal. Wis tah ora usah rewel.
Dirungokke dhisik
no piye
.”
Mbok Menah
: “O… iya iya.. manut
manut
…”
Penyiar tipi
: “Oke.. Tak baleni.. Sugeng siyang pamirsa.. Wara
-wara.. Diumumke kanggo kabeh cewek-cewek kang isih
single
. Raden Andhe-andhe Imut nganakake sayembara kanggo golek
wakilsupaya bisa didadekake ketua PKK ndampingi Raden Andhe-
andhe Imut kang nembe dilantik dadi raja anyar. Sing rumangsa cah
wedok, ayo ndang cepet ndaftar. Cukup semene sekilas
inpo…”
(Klenting Kuning melu ngrungokna)Mbok Menah
: Cihuy… Kesempatan iki… Anak
-
anakku tak kongkone ndaptar…
Penyiar tipi
: (nggawa properti tipi) “Sedhela Mbok.. Tak liwat dhisik..
Maturnuwun..”
Mbok Menah : (kaget
lan bingung) “Lho.. Iki penyiar kok anehe
pol
.. Bingung aku…”
Penyiar tipi
: (rada kemayu) “Wis tah, senenge kok rewel. Sutradara ngutuse ngene.
Nak ora manut mengkoora entuk konsumsi. Manut wae no piye… Wis
ah… yuk da da
bye bye
…”

Mbok Menah : “Ah mbuh


sembarang. Sing penting aku kudu ngandani anak-
anakku dhisik”
(bengok-
bengok) “Para Klenting…!!! Cepet mrene… Ora nganggo suwe…!!!”
(Para Klenting kesusu munggah panggung. Ana sing isih nganggo rol.
Ana sing isih nggawa pakanan. Ana singisih gawa anduk, lsp.)K. Ungu
: “Wonten napa to Mbok? Kaget ki lho..”
Mbok Menah
: “Iki mau ana sekilas inpo nak tipi. Raden Andhe
-andhe Imut nembe golek calon wakil. Wissaiki padha siyap-
siyap. Langsung ndang lunga menyang kerajaan. Cepet cepet cepet..!!!”
K. Biru
: “Wah… yahuuud ki… hahaa….”
Mbok Menah
: “Wis cepet cepet…!!!!”
(Mbok Menah lan para Klenting metu saka panggung)

SCENE 4
Ing sawijining panggonan desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung, persise
ing kali Bengawan Pala, ana makhluk kang ora jelas bentuke. Kaya
wong, tapi ya kaya yuyu, arane Yuyu Kang Kang.(Yuyu Kang Kang
mlebu panggung karo njogat njoget diiringi lagu campursari. Wektu
njoget, supite nyapit bokonge)Yuyu
: (laranen) “Aduh aduh… Lha dalah.. Iki tangan kok ora isa dijak
kompromi. Nyopat nyapit
karepe
dhewe.” (yuyu clingak clinguk) “Kok sepi ya.. Ora kaya biasane, ket
sekisuk durung ana penglaris.”
(Para klenting mlebu panggung)K. Ijo
: “Wah, kok sepi nemen ya. Endi praune?”
K. Ungu
: “Wah iya, piye carane nyabrang kali nak ngene.
Manawa muter pinggir ya suwe banget.

(Yuyu marani para klenting)Yuyu
: “Eh eh, cah ayu
-ayu arep padha mengendi iki? Nyabrang ya? Wis tak sabrangke wae.
Murah
kok.” (karo pringas
-pringis)K. Abang
:“
Bayare pira Y
u?”
Yuyu
: “Wis, ora usah larang
-larang.
Wong siji sejuta wae. Hehe…”
K. Biru
: “Lho.. larange pol.. Ora bisa murah? Manawa bisa malah gratis.
Hehe...”
Yuyu
: “Woo.. Jaman saiki ora ana sing gratis. Y
a wis, ora bayar ora apa-apa.. Nanging kowe-kowekabeh kudu gelem tak
gandheng nyabrang kali. Piye?

K. Abang
: “Oke. Sarujuk.”
(Yuyu nggandheng siji-siji para klenting)Ora antara suwe, Klenting
Kuning tekan ing panggonane Yuyu Kang Kang. Jebule, Klenting
Kuning ya arepmelu sayembara, ananging dheweke ora pamitan Mbok
Menah. Wedi manawa diamuk.(Klenting Kuning mlebu panggung,
Yuyu ngampiri.)Yuyu
: “Wah, ana cah ayu maneh. Arep nyabrang cah ayu? Ayo tak sabrangke
wae. Kapale ora ana.”
K. Kuning
: “Ah emoh.. kowe Yuyu Kang Kang mesti ana karepe nak gelem
nulungi. Aku milih muter waeliwat pinggir.”
(Klenting Kuning metu saka panggung)Yuyu
: “Woo… jual mahal… Ya wis karepmu Ndhuk..”
(Yuyu metu panggung)
SCENE 5
Ing kerajaan lagi padha nyiapke sayembara. Raden Andhe-andhe Imut
wis ora sabar weruh calon-calon sing bakal dipilih dadi wakilne.(Andhe-
andhe Imut mlebu panggung, ditutke Mbok Randha lan asistene kang
nggawa map lan potlot gedhe)Andhe-andhe
: “Mbok, pripun? Sampun pinten ingkang ndaftar?”

Mbok Randha: “Aduh Le, simbok ya ora weruh.. Coba takon karo
asisten. Kuwi wis tak bayar larang
-larang
sejuta setengah mben semester, kudune weruh.”
Asisten
: “Mbok.. Ampun korupsi. Bayaran mung satus ewu kok diomong sejuta
setengah. Supaya dikirasugih ya. Babagan pendaftar sampun wonten 999
Raden. Menika nengga rumiyin.”
(Mbok Randha mesam-mesem diuneni asisten.)(Para tumenggung
mlebu panggung)Asisten
: “Lha, niki Raden.. Para Tumenggung ingkang mangke nyeleksi calon
wakil
e Raden.”
Andhe-andhe
: “Wah… Apik nak ngono… Ya wis, kabeh tak pasrahke kuwe ten, aku
percaya.”
Asisten
: “Ingging Raden… Siap…!!!”
(Andhe-andhe Imut lan Mbok Randha metu saka panggung)(Krungu
lagu campursari, para Klenting teka)K. Abang
: “Kulonuwun… Spada…”
Asisten
: “Mangga… Wah, cah ayu
-
ayu mesti arep melu sayembara ya?”
K. Ungu
: “Inggih Asisten.
Asisten
: “Oke.. nanging ana sa
rat-
sarate.”
K. Ijo
: “Wah.. Napa kemawon sarate ten?”
Asisten
: “Sarate, 1. Kudu ayu lan lulus PPL siji, iki bakal di tes dening
Tumenggung Kasep.
2. Swarane kudu apik lan bisa nyanyi, iki bakal di tes dening
Tumenggung Trisno.3. Kudu melu test kasarasan lan bisa mlayu
maraton, iki bakal di tes dening Tumenggung
Lambang. Piye? Sanggup?”

Para Klenting: (bareng) “Sanggup..!!!”


(Asisten, T. Trisno, T. Lambang metu saka panggung.)T. Kasep
: “Ayo, saiki maju siji
-
siji”

Para Klenting maju siji-siji di tes Tumenggung Kasep.T. Kasep


: “Ya wis, bar iki ganti di tes Tumenggung Trisno. Kowe padha nang
kono dhisik.”
K. Biru
: “Siap Tumenggung.”
(T. Kasep metu saka panggung. T. Trisno mlebu panggung)T. Trisno
: “Piye? Wis padha siyap? Saiki maju siji
-siji ya.

K. Abang
: (nembang campursari) “………………”
(Para Klenting banjur nembang siji-siji)T. Trisno
: “Ya wis cukup, saiki ngenteni Tumenggung Lambang. Kuwi tes
pungkasan kanggo
kowe-kowekabeh.

(T. Trisno metu saka panggung. T. Lambang mlebu panggung)T.
Lambang
: “Kowe mau kabeh wis padha dites dening Tumenggung Kasep lan
Tumenggung Trisno, saiki
tes pungkasan. Tes kasarasan, utawa basa Indonesiane tes kesehatan.
Saiki kabeh melu aku nang
lapangan. Ayoo ayoo cah ayu…”
(T. Lambang metu panggung ditutke para Klenting)
SCENE 6
(Andhe-andhe Imut mlebu panggung, ditutke Mbok Randha, asisten lan
para Tumenggung. Andhe-andhe Imutlan mbok Randha padha
lenggah.)Andhe-andhe
: “Kepriye ten asile?”
Asisten
: “Sampun wonten sekawan calon finalis Raden.”
T. Trisno
: “Inggih

Raden. Asil pungkasan Raden ingkang milih.”


(T. Kasep ngundang para Klenting)T. Kasep
: “Para finalis… ayo padha mlebu.”
(Para Klenting mlebu)T. Lambang
: “Dhalem nyuwun pamit Raden”
(Para Tumenggung metu saka panggung ora antara suwe Klenting
Kuning teka.)K. Kuning
: “Kulonuwun…”
(Kabeh padha noleh. Para Klenting kaget.)

K. Abang
: “Heh cah elek.. Ngapa kowe mrene? Bali kana..!!! Tak wadulke
simbok kowe.”
K. Biru
: “E e e.. Mesti ora pamit simbok. Nak pamit ora bakal kowe entuk
mrene. Kana lunga..”
Mbok Randha
: (menyat saka kursi) “Ana apa iki? Kowe sapa Nduk cah ayu? Arep
ngapa?
K. Kuning
: “Kula Klenting Kuning Mbok. Kula badhe ndherek sayembara.”
Asisten
: “Nanging sayembarane wis rampung Nduk. Iki arep pengumuman.
Pripun Raden?”
Andhe-andhe
: “Ya w
is ora apa-
apa. Mrenea, aku kang bakal ngetes.” (ndelengi Klenting siji
-
siji) “Wah
Simbok, aku emoh karo sing papat iki. Ambune ora enak, mesti tilase
Yuyu Kang Kang. Akumilih sing iki wae Mbok.

Mbok Randha
: “Kabeh asil kuwi pilihanmu Le, simbok mung bisa ngiyani.” (mesem)
Andhe-andhe
: “Nimas kang ayu, sapa mau aranmu? Apa kowe gelem dadi wakilku
lan ketua PKK
ing desaiki
?”
K. Kuning
: “Inggih Raden. Kula Klenting Kuning.”
Akhire, Raden Andhe-andhe Imut bisa entuk wakil kang bakal
didadekake ketua PKK kanggo mbimbing ibu-ibu lan para pemudhi ing
desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung supaya bisa mandiri. Desa Tak
Dung-dung Tak Dung-dung dadi san saya makmur lan kawentar ing
desa-
desa liyane. RAMPUNG….

Anda mungkin juga menyukai