Anda di halaman 1dari 3

DANAU TOBA

Oleh :

KINANTI RAHMANTYA HAPSARI

No. Presensi :

11

Kelas :

XI BD

SMK N 2 PEKALONGAN

TAHUN PELAJARAN 2022/2023


Jaman bien,ing sebuah desa Sumatera Utara ana petani namane Toba. Deweke nyambut
gawe dadi petani karo nyekel iwak. Mben sore kelar nggarap ladang,deknen nang kali cedak
omahe. Nanging dina kui apes,sedino deknen njegok ing pinggir kali,rak sak iwak apak
mangan umpane.

Toba jengkele pok karo wes putus asa. Akhire deknen mutuske bali. Anehe,nembe bae pak
ngadek,moro-moro umpane ditarik ing dasar kali. Umpane asali ditarik keroso abot,deknen
yakin nyekel iwak gedi. Bener bae,nek wes diangkat,ana iwak mas segede pupu menungsa
klepek-klepek ing ngarepane. Toba senenge pok,cepet-cepet deknen nggowo iwake bali.
Tekan ngomah,ono keajaiban,pas deknen pak ngiris iwake,moro-moro iwak kui biso
ngomong.

“Tulong ojo pateni aku,mengko aku mbantu uripmu.” Toba bingung. “ Tapi aku ngelih. Aku
butuh lawuh nggok mangan dina iki” Jare Toba.

“Mengko aku nyediakke panganan nggok koe,uculke aku.” Jawab iwak kui melas. Toba seng
melas karo iwakke,akhire nguculke iwak kui nang kali. Ajaibe,pas tekan omah. Ono
panganan lengkap ing meja. Terus nang pawone ana wong wedok ayune pok seng iseh
masak.

“Ternuwun koe wes nulungi aku. Aku kui wadok jelmaaniwak kui. Saiki aku ngabdi ing koe.”
Omonge. Wadok kui jebul putri sing dikutuk dadi iwak. Rak sui,Toba pingin e pok ngejak rabi
wadok ayu kui. Wadoke nerimo tapi ngajukke syarat. “Aja sepisan-pisan koe ngomongke
asal-usulku dek endi. Sekpisan kui anake dewe mengko. Nek koe ngelanggar bakal ana
kejadian bencana.” Toba nyanggupi perihal kui.

Ora sui dikaruniai anak lanang sing dikei aran Samosir. Do urip bahagia,tapi asale Samosir
uripe dimanja banget,deknen dadi anak sing malesan. Tekan tingkahe nakal. Sak wayah
dino,ibune ngongkon Samosir nggok ngeterke sega bapakke. Marai dipekso,iki Samosir apak
ngelaksanakke. Tapi ning tenagh dalan,deknen ngerasa ngelih terus mangan panganan wek
bapakke.

Ing sisi lio,Toba sing ngerasa ngelih ora sabar nantikkake. Peng kaping-kaping deknen
ngelongok ing ujung dalan,lan pas samosir teko deknen cuma ngekekke sega turahan. Toba
jengkel e pol, “Anak kurang ajar,wanine pok koe ngei bapakmu sego turahan! Dasar anak
turunan iwak.”

Lebar wis Samosir ditutuk tekan nangis. Terus Samosir cepet-cepet bali lan nemoni ibune
ngadu apa seng kejadi. Ibune kaget,moro-moro ana petir nyamber langit. Terus angkasa
dadi peteng,cepet-cepet wadok kui ngongkon Samosir munggah ing bukit paling duwur.

“Cepeto nang! Slametke awakmu!’ jerite. Samosir cepet-cepet mlayu ing bukit. Terus udan
derese pok. Wadok kui terus mudun ning njero kali lan mbalik maneh dadi iwak,kaline luber.
Toba keweden,lan kelingan karo janjine sing wis dilanggar. Tapi wis telat,banyu kali terus
tambah duwur lan nenggelemakke kabeh desa. Sui-sui banyune mbentuk danau sing diarani
Danau Toba. Pulau ing tengah-tengahe dijenengi Pulau Samosir.

Anda mungkin juga menyukai