Anda di halaman 1dari 3

SANGKURIANG

Ing jaman dhikik, neng Jawa Barat urip putri raja sing nduwe jeneng Dayang Sumbi.
Dheweke nduweni anak lanang sing nduwe jeneng Sangkuriang. Anak kesebut seneng banget
golek kewan neng ngalas. Saben berburu, dheweke sanuli dikancani kirik ingonane sing
nduwe jeneng Tumang. Tumang sabenere yaiku titisan dewa, lan bapakne Sangkuriang,
nanging Sangkuriang ora ngerti babagan kuwi mergo ibune sengaja ndelike kasunyatan kuwi.
Suwijining dina, kaya biasane Sangkuriang lunga menyang ngalas kanggo manah
kewan. Sakwise neng alas, Sangkuriang anyak nggoleki kewan buruan. Dheweke ndeleng ana
manuk sing lagi mencok ana pang, nuli tanpa mikir dawa Sangkuriang banjur manah manuk
kui kanthi pener. Sangkuriang nuli ngongkon Tumang kanggo ngoyak manuk sing tibo mergo
kepanah mau, nangning Tumang meneng wae lan ora gelem nglakoni apa sing dadi
kongkonane Sangkuriang. Amarga mangkel banget, mula Sangkuriang nuli ngusir Tumang
lan ora ngolehke mulih menyang ngomah bareng Sangkuriang.
Sangantine tekan ngomah, Sangkuriang nyeritoke kedaden kesebut marang ibune.
Krungu cerito saka anake, Dayang Sumbi banjur nesu. Dheweke njupuk enthong, lan
digebugake menyang sirahe Sangkuriang. Amarga rumangsa kuciwa karo ibune, mula
Sangkuriang mlayu lunga saka ngomah, lan ora bali.
Sakwise kedaden kuwi, Dayang Sumbi getun banget. Dheweke ndedonga saben dina,
lan njaluk ben sawiji dina mengko bisa ketemu karo anake maneh. Amarga donga saka
Dayang Sumbi kesebut, mula Dewa menehine siji bebungah ngrupa kayon lestari lan umur
enom salawase.
Sakwise pirang-pirang taun kapungkur Sangkuriang lungo, akhire dheweke nduwe
pangarah kanggo mulih menyang desane. Sangantine nengkana, dheweke kaget banget,
amarga desane wis ngowah total. Rasa seneng Sangkuriang kesebut nambah pas wektu neng
tengah dalan ketemu karo sawong wedok sing ayu banget, sing ora liya yaiku Dayang Sumbi.
Amarga puluhan taun ora ketemu Dayang Sumbi mula dheweke pangling ugo ra ngerteni yen
kui ibune. Singkat cerita mula Sangkuriang banjur nglamar Dayang Sumbi supaya dadi
bojone.

Akhire lamaran Sangkuriang katampa saka Dayang Sumbi, lan sepakat arep rabi neng
wayah cedhak. Suwujining dina, Sangkuriang njaluk ijin calon bojone kanggo berburu neng
ngalas. Sadurung mangkat, dheweke njaluk Dayang Sumbi kanggo ngencengke ikete. Kaget
Dayang Sumbi, amarga nang wektu dheweke ngencengke iketan Sangkuriang, dheweke
ndeleng ana bekas tatu. Bekas tatu kesebut mirip karo bekas tatu anake. Sakwise pitakon
marang Sangkuriang babagan penyebab tatune kuwi, Dayang Sumbi nambah kaget, jebulna
bener menawa calon bojone kesebut yaiku anake dhewe.
Dayang Sumbi bingung kudu kepiye, amarga dheweke ora bakal rabi karo anake dhewe.
Sakwise Sangkuriang mulih berburu, Dayang Sumbi nyoba ngomong marang Sangkuriang,
supaya Sangkuriang murungna niate ngrabeni Dayang Sumbi. Nanging panjaluk Dayang
Sumbi kesebut ora disetujoni Sangkuriang lan ora percoyo yen calon bojone kuwi saktemene
ibune dewe.
Saben dina Dayang Sumbi mikir kepriye carane supaya mantenan kui ora sido
kedadean. Sakwise mikir, akhire Dayang Sumbi nemu cara paling becik. Dheweke ngajokake
rong (2) syarat marang Sangkuriang. Yen Sangkuriang bisa ngebaki 2 syarat kesebut, mula
Dayang Sumbi gelem didadekne bojo, ning sawalike yen wurung mula raben kuwi kudu
dibatalake. Syarat sing pisan Dayang Sumbi pengen supaya kali Citarum dibendung. Lan sing
kapindho yaiku, njaluk Sangkuriang kanggo nggawe prau sing gedhe banget kanggo
nyebrang kali. 2 syarat kuwi kudu dirampungake sadurung isuk tumeka.
Cerita rakyat Sangkuriang bahasa jawa selanjute banjur nyritakake yen Sangkuriang
nyaguhi kapindho panjaluk Dayang Sumbi kesebut, lan ngujar bakal ngrampungke sadurung
isuk tumeka. Kanthi kasekten sing diduweni, Sangkuriang nuli ngerahke kanca-kancane saka
lelembut kanggo ngewangi ngrampungake tugase saka Dayang Sumbi kesebut. Menengmeneng, Dayang Sumbi ngindik pakoleh kerja saka Sangkuriang. Ebo kagete dheweke,
amarga Sangkuriang ameh ngrampungake kabeh syarat sing diwenehna Dayang Sumbi
sadurung isuk tumeka.
Dayang Sumbi nuli njaluk bantuan warga sekitar kanggo ngenengna bebed sutera
arupa abang neng sisih wetan kutha. Pas ndeleng werna ngabang neng wetan kutha,
Sangkuriang nduga yen dina wis menjelang esuk. Sangkuriang teras ngendhegake gaweane
lan rumangsa ora bisa ngebaki syarat sing wis diajokake saka Dayang Sumbi.

Kanthi rasa jengkel lan kuciwa, Sangkuriang nuli njebol bendungan sing wis digawe.
Amarga jebol bendungan kuwi, mula kedadeana banjir lan kabeh kutha kleleb banyu.
Sangkuriang uga nendang prau gedhe sing wis digawe. Prau kuwi mabur lan tiba mengkurep,
nuli dadi gunung sing nduwe jeneng Tangkuban Prau.

Anda mungkin juga menyukai