Anda di halaman 1dari 8

UNIT KEGIATAN BELAJAR M A N D I R I ( U K B

M)
BASA JAWA

1. Identitas

a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


b. Kelas / Semester : XII/5
c. Kompetensi Dasar :
d.
KD 3.7 Mengidentifikasi pokok-pokok isi; menganalisis pilihan kata;
menyimpulkan nilai-nilai yang terkandung di dalam; dan mengevaluasi relevansi
pitutur luhur dengan kondisi masyarakat saat ini teks budaya wewaler, lisan
atau tulisan.
KD 4.7 Memberi tanggapan isi teks eksposisi budaya wewaler

e. Materi Pokok : Budaya Wewaler


f. Alokasi Waktu : 8x45 menit
g. Tujuan Pembelajaran :

Melalui kegiatan membaca, diskusi, tanya jawab, penugasan,


presentasi dan analisis, peserta didik dapat Mengidentifikasi
pokok-pokok isi; menganalisis pilihan kata; menyimpulkan nilai-
nilai yang terkandung di dalam; dan mengevaluasi relevansi
pitutur luhur dengan kondisi masyarakat saat ini teks budaya
wewaler, lisan atau tulisan dan dapat Memberi tanggapan isi
teks eksposisi budaya wewaler, sehingga peserta didik dapat
menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya,
mengembangakan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab,
serta dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis,
komunikasi, kolaborasi, kreativitas (4C).

h. Materi Pembelajaran
Wacana eksposisi yaiku sawijining teks kang isine kanggo aweh informasi lan
njembarake pangertene wong sing maca. Wacana eksposisi digunakake pengarang
kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining
kegiyatan.
 Struktur karangan eksposisi kaperang dadi 3 yaiku:
1. Pambuka (panemu)
2. Surasa/isi (bukti, alesan, argumen)
3. Panutup (dudutan kang nguwatake argumen adhedhasar bukti)

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 54


 Carane aweh tanggapan kang becik yaiku:
1. Migunakake basa lan sikap kang becik
2. Ora ngayawara
3. Diandharake ora kanthi tujuwan ngasorake pribadine wong liya
4. Alesane logis lan ketemu nalar
 Dene jinise wacana eksposisi ana 3 yaiku:
1. Wacana proses
2. Wacana tuladha
3. Wacana sebab akibat
 Pathokan panulise eksposisi:
1. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining
pokok prastawa/persoalan.
2. Isi eskposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune
pamaos.
3. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake.
4. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.
5. Ing eskposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude
gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi
bahan pembuktian).
6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan
marang objek kang dirembug.
7. Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake.
8. Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

Gugon Tuhon
Gugon tuhon iku saka tembung gugu lan tuhu. Gugu iku ateges percaya lan tuhu kang
ateges temenan. Dadi gugon tuhon nduweni teges wewarah ing masarakat Jawa kang pantes
digugu. Dene gunane kanggo ngandharake pitutur marang putra wayah. Gugon tuhon ing
masarakat Jawa iku akeh banget, biyasane ngandhut pitutur babagan sopan santun utawa
pepacuh marang tumindak kang ora ilok. Awit saka iku becike para putra kudu nyingkiri apa
kang dadi pepacuh ing gugon tuhon.
Gugon tuhon iku jinise ana telu yaiku gugon tuhon salugu, gugon tuhon isi wasita
sinandi, lan gugon tuhon kalebu wewaler. Gugon tuhon salugu tuladhane babagan
kapercayaan marang bocah sukerta kang kudu diruwat kanthi nanggap wayang lakon
“Murwakala”.
Gugon tuhon isi wasita sinandi iku gugon tuhon kang dikandhakake ora kanthi
samesthine. Gugon tuhon isi wasita sinandi biyasane memacuh marang tumindak kang ora
ilok, tuladhane aja nglungguhi bantal mundhak udunen. Ana ing kene tumindak nglungguhi
bantal iku ora sopan amarga bantal iku piranti kanggo teturon lan ngganjel sirah.
Gugon tuhon katelu yaiku gugon tuhon kalebu wewaler ngengingi babagan pitutur
saka leluhur tumrap tumindak-tumindak tartamtu. Tuladha saka iki ing tlatah Banyumas,
wong ora kena lelunganan ing dina Setu Paing. Gugon tuhon iki saka Adipati Banyumas kang
kalah nalika Perang Pajang ing dina Setu Paing.

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 55


2. Pasinaon

Kagiyatan Pasinaon 1

1. Analisislah teks eksposisi ing ngisor iki bersarkan:


a. Struktur teks eksposisi
b. Ciri kebahasaan teks eksposisi
2. Tuliskanlah isi pokok-pokok pikiran teks eksposisi ini kemudian sampaikan dengan
kalimat sendiri!

Wewaler luhur urip ing madyaning bebrayan


Manungsa urip ing alam ndonya ora bisa uwal saka tepa slira lan samad sinamadan.
Kudu nggatekake marang welinge para leluhur kang kebak ing kautaman. Para leluhur wis
akeh paring pautaldhan becik marang turune kang awujud wewaler utawa pitutur
kabecikan.
Minangka anak sakmestine duwe rasa urmat marang wong tuwa kaya dene
wewalere wong jawa aja sira wani marang wong atuwanira,jalaran sira bakal kena bendu
saka kang murbeng dumadi’. Saka andharan iku bisa dimangerteni menawa kanggone wong
Jawa, wong tuwa iku utama ateges kudu diajeni, diurmati kanthi gelem ngajeni lan ngurmati
ateges diarani anak sing bekti. Menawa matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu
nganggo basa kang alus lan kepenak dirungokake, ya mesthine nganggo basa Jawa krama.
Aja pisan pisan wani marang wong tuwa amarga wani marang wong tuwa iku bisa diarani
anak kang duraka lan bisa kuwala. Penganggepe wong Jawa wong tuwa kang nandhang tatu
atine amarga saka tumindak duraka anake, apa kang kewetu saka pangucape bisa malati
tumrap anak.
Sajroning urip bebrayan prayogane aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku
bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis uwise. Saka wewaler kasebut bisa
dimangerteni menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi wae. Ana ing sekolahan
minangka bocah sekolah sejatine aja nganti ana rasa gething, anyel lan cubria marang
kancane, amarga kanthi kawetuning rasa kang kaya mengkono kuwi mau bisa njalari
cecongkrahan marang kancane dewe. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, pada urmat lan
ngurmati. Ana ing urip bebarayan prayogane aja lali marang ngelmu kang karya tentreming
ati, jalaran kuwi bisa gawe tentreming bebrayan. Saka andharan kasebut bisa dimangertteni
menawa elmu kuwi wigati kanggo gawe ati dadi ayem lan tentrem aknthi ati kang tentrem
mesthine bakal ndadekake

Kagiyatan Pasinaon 2
CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 56
Golekana piwulang saka gugon tuhon ing ngisor iki!
No Wasita Sinandhi Tegese utawa kekarepan
1 Aja sok mangan ana paturon mundhak
lara gudhiken.
2 Aja dolanan beras mundhak tangane
kriting.
3 Aja ngidoni sumur, mundhak suwing
lambene.
4 Yen angop kudu ditutupi tutuke,
mundhak dileboni setan.
5 Yen madhang aja sok nyisa mundhak
mati pitike.
6 Aja lungguh bantal mundhak wudunen.
7 Aja mangan karo turu mengko dadi ulo.
8 Aja ngoroti patelot pucuk ngisor lan
ndhuwur.
9 Aja tuku lenga gas wayah udan.
10 Aja mangan ana tengah dalan, mengko
mundhak dienggoni setan.
11 Aja sok sangga uwang, mundhak
nyangga susahe wong patang puluh.
12 Aja sok sangga uwang, mundhak
nyangga susahe wong patang puluh.
13 Aja pisan nacat wong liya, ora ana wong
kang ora cacat.
14 Aja ngece wong ora duwe.
15 Aja seneng yen dialem, aja sengit yen
den cacat.

Kagiyatan Pasinaon 3

Wangsulana pitakon-pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!


1. Gawea teks eksposisi babagan budaya wewaler!
2. Kepriye menawa budaya wewaler ditrepake ing jaman saiki? Tulisana alesane!
3. Tulisen tanggapanmu banjur wacanen ning ngarep kelas!
4. Menawa ana kang beda panemu utawa ora sarujuk karo penemumu, wenehana
alesan kang bisa ditampa nalar!
5. Tanggepana kanthi migunakake unggah-ungguh basa kang pener!

Kagiyatan Pasinaon 4

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 57


A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tanda (x) ing aksara a, b, c,
d, lan e sing koanggap bener!
1. Gugon tuhon iku saka tembung gugu lan tuhu. Gugu tegese ....
A. Percaya
B. Singkiri
C. Lungo
D. Ngadhoh
E. Seneng

2. Miturut dedongengan, bocah sukerta iku dadi panganane bathara kala. Supaya
slamet mula kudu ....
A. Dislameti
B. Diruwat
C. Disunat
D. Dibancaki
E. Didhelike

3. Kang ora kalebu bocah sukerta yaiku ....


A. Anggana
B. Cukit dulit
C. Gilir kacang
D. Gotong mayit
E. Lola

4. Wewaler iku isine pitutur supaya....


A. Sumingkir
B. Tumindak becik
C. Tumindak ala
D. Aweh pangaruwe
E. Awe panglipur

5. Wewaler iku kalebu perangane....


A. Isbat
B. Sanepa
C. Bebasan
D. Paribasan
E. Gugon tuhon

6. Tembung wewaler saka tembung waler atages....


A. Pepacuh

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 58


B. Wejangan
C. Piwulang
D. Pitutur
E. Nasehat

7. Kang ora kalebu wewaler yaiku ....


A. Mangan ing ngarep lawang
B. Mbuwang sega
C. Turune wengi-wengi
D. Lungguh ing tengah lawang
E. Nyokoti kuku

8. Aja seneng lungguh neng . . . ., mundhak wudunen.


Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur yaiku....
A. Kursi
B. Dhingklik
C. Bantal
D. Kasur
E. Cakruk

9. Aja ndhodhok neng tengah lawang mundhak ....


A. Lara sikile
B. Adoh jodhone
C. Abot sanggane
D. Lara wetenge
E. Adoh rejekine

10. Bocah sukerta iku diruwat kanthi nanggap wayang kulit lakon ....
A. Murkakala
B. Murwakala
C. Mursakala
D. Murnakala
E. Musnakala

11. Aja sok jag-jagan ing amben utawa paturon, mundhak ora ilok.
Gugon tuhon ing dhuwur becike dilakoni amarga....
A. Regedan kang nemplek ing dlamakan sikil ngregedi kasur
B. Bisa wudunen
C. Mengko angel anggone turu
D. Mengko angel anggone golek jodho
E. Bisa gawe awak lara

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 59


12. Wewaler ora kena dilanggar amarga bisa....
A. Nambah kabegjan
B. Njaga kaslametan
C. Gawe congkrah
D. Dimungsuhi dening masarakat
E. Gawe lara

13. Aja sok tumbak cucukan, mundhak dadi kapir. Tumbak cucukan tegese....
A. Seneng tetulung
B. Seneng crita
C. Seneng adu-adu
D. Seneng dolan
E. Seneng ngrungokake

14. Miturut wewaler e wong jawa menawa tangi turu kawanen dipercaya bakal ....
A. Ngadohke rejeki
B. Bakal entuk mbok kuwalon
C. Praupane katon tuwa tinimbang umur satenane
D. Kesamber bledhek kang satemene arep nyamber lelembut sing ana kana
E. Dadi bocah sing nggiwar saka angger-anggering agama

15. Gugon tuhon kaperang dadi telu yaiku ....


A. Salugu, wasita sinandi, wewaler
B. Salugu, pepeling, wewaler
C. Salugu, wasita sinandi, pepeling
D. Pepeling, wasita sinandi, wewaler
E. Wewaler, salugu, pepacuh

B. Garapen manut prentahe!


1. Andharna apa kang diarani gugon tuhon!
2. Geneya wong mbiyen maringi pitutur nganggo wewaler?
3. Sebutna pathokane panulisane teks ekposisi!
4. Kepriye menawa budaya wewaler ditrapke ing jaman saiki? Wenehana andharan
saka panemumu!
5. Andharna piwulang saka wewaler ing ngisor iki!
a. Aja ngece wong ora duwe
b. Aja sok sangga uwang. Mundhak nyangga susahe wong patang puluh
c. Aja mangan karo turu, mengko dadi ula
d. Aja tuku lenga gas wayah udan
e. Aja sok nampani nganggo tangan kiwa, mundhak ngedhe

Panutup
CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 60
Rubrik Evaluasi Diri
No Pertanyaan Ya Tidak
1. Apakah Anda telah memahami pengertian teks
eksposisi ?
2. Dapatkah Anda menjelaskan struktur teks
eksposisi?
3. Dapatkah Anda menganalisis ciri kebahasaan
sebuah teks eksposisi?
4. Dapatkah Anda menuliskan isi pokok sebuah teks
eksposisi?

Jika anda menjawab “TIDAK” pada salah satu persamaan di atas, maka pelajarilah materi
tersebut dalam Buku Teks Pelajaran dengan bimbingan teman sejawat ataupun guru
anda. Apabila anda menjawab “YA” pada semua pertanyaan, maka lanjutkanlah dengan
meminta penilaian harian kepada guru anda.

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 61

Anda mungkin juga menyukai