Anda di halaman 1dari 3

Kelas XII

Materi 3.2 Geguritan (puisi Jawa)

Pangertene Geguritan:
Geguritan yaiku  puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu.
Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang
digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora
migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake
luwih kepenak(luwih nges).

Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan
sapanunggalane.

Unsur-unsur geguritan:
Geguritan iki kawangun saka unsur fisik lan batin. Dene katrangane kaya mengkene:
a. Unsur fisik, yaiku:
- Diksi (Pilihane Tembung). Yaiku pamilihe tetembungan kang maknane
mentes (padat), kang bisa negesi pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake
larasing unine tembung
- Citraan yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
- Majas yaiku wujud ukara kang iso narik kawigaten
- Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunakake isa narik
kawigaten mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif
- Tipografi (bentuke geguritan). Yaiku wangun geguritan kang tinulis ora
ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital), serta ora
dipungkasi tandha titik. utawa tandha pawacan liyane
b. Unsur batin, yaiku:
- Tema/Makna
- Perasaan / Rasa pengrasa (Feeling). Yaiku pandungkape rasa (sikap)
panggurit tumprap bakune pirembungan kang kinandhut ing geguritan kang
ditulis. Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan iki ana sambung
rapete karo blegere (sosok/latar belakang) panggurit, yaiku saka latar
belakang agama, pendhidhikan, jenis kelamin, kelas sosial,
jabatan/kedudukan ing masyarakat, umur, pengalaman sosilogis lan
psikologis, lan kawruh (pengetahuan) panggurit. Kekarepan isining geguritan
lan jeroning makna kang bisa didungkap ing geguritan kasebut bisa
gumantung saka latar belakang panggurit
- Nada (tone)/irama. Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo
isine geguritan. kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni
(menggurui), ndhikte (mendikte), kerja sama , ngudhari prakara (memecahkan
masalah), masrahake (mborong kersa) marang para maos, lan sapituture
- Amanat. Yaiku pesen kang kang kinandhut ing geguritan diandharake
panggurit marang pamaos
Geguritan klasik:
1) Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit.
2) Sapada ngemot patang gatra utawa luwih.
3) Cacahing wanda saben gatrane padha.
4) Tibaning swara ing pungkasane gatra runtut, nggunakake purwokanthi
Tuladhane:
Sun gegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani

Jenis geguritan :
1. ode
    yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara,
lan apa dene kang dianggep luhur.
2. Hymne
    yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.
3. Elegi
    yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso.
4. Epigram
    yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang
becil lan bener.
5. Satire
    yaik geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep.
6. Romansa
    yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan.
7. Balada
    yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyoto utawa mung
lamunane   pujangga

Trap-trapan panulis geguritan:


a. Nemtokake ide/tema
b. Nyaring
c. Ngripta geguritan.

Trap-trapane lan cara kanggo mahami lan ngudhari surasane geguritan:


a. Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan
b. Nggoleki materi-materi kang wigati
- Irah-irahan (judul) geguritan
- Tembung kunci
- Gaya basa (majas)
- Symbol-simbol
c. Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan
d. Nggancaraken nggunakake basane dhewe

Anda mungkin juga menyukai