Anda di halaman 1dari 12

UNIT KEGIATAN BELAJAR M A N D I R I ( U K B M )

BASA JAWA

1. Identitas

a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


b. Kelas / Semester : XII/5
c. Kompetensi Dasar :

Menelaah teks Geguritan

d. Indikator Pencapaian Kompetensi :

3.1.1 Menealaah teks geguritan


3.1.2 Mengidentifikasi unsur pembangun teks geguritan
3.1.3 Menentukan isi geguritan
4.1.1 Menulis Geguritan dengan bahasa sendiri.
4.1.2 Menyunting teks geguritan yang ditulis teman.
e. Materi Pokok : Tembang Kinanthi
f. Alokasi Waktu : 6x45 menit
g. Tujuan Pembelajaran :

Melalui kegiatanmembaca, diskusi, tanya jawab, penugasan,


presentasi dan analisis, peserta didik dapat Menelaah teks
geguritan dan dapat Menulis geguritan dan membacanya,
sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan
ajaran agama yang dianutnya, mengembangakan sikap jujur,
peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangkan
kemampuan berpikir kritis, komunikasi, kolaborasi,
kreativitas (4C).

h. Materi Pembelajaran

- Karakteristik geguritan tradisional ,modern


- unsur-unsur pembangun
- cara memarafrase
- teknik membaca indah
- teknik menulis
- Berbagai contoh teks geguritan tradisional dan modern.
- Struktur dan kaedah geguritan

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 11


2. Peta Konsep

3. Pasinaon

A. PANGERTEN
Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran
tartamtu. Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, jalaran owahing
jaman. Geguritan saiki wis beda karo geguritan jaman mbiyen, tegese wis
mardika, utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1.   Tulisan ingkang awujud tatahan
2.   Kidung utawi tembang
Nggurit tegesipun :
1.   Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan
2.   Nglakokaken tembang utawi kidung

 Titikane geguritan:
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Migunakake tembung-tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang-arang nggunakake tembung
pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes

Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan


kang pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagunipun boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih
menika iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal).
Wonten malih ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking tembung

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 12


gerita. Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair
geguritan jawi sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang
dolanan.

B.    JINISIPUN GEGURITAN


Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–
pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan
menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge
Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih
punika:
Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten
sekawan gatra.
Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra
runtut inggih punik ngangge purwakanti guru swara.
Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun
gegurit” nanging mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun
gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.
Tuladha:
Sun gegurit,
Para mudha jaman saiki
Suba sitar ara dha ngerti
Wong tuwa ora diajeni
Unggah ungguh ra dingerteni
Landhep banget ana ing lathi
Sing digugu karepe dhiri
Mung manut pepengine ati
Wong liya ora dingerteni

2. Geguritan gagrak anyar


Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat
ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan
gagrag anyar mboten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten
ngangge tembung “sun gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru
lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged
dipunwastani puisi Jawa bebas.
ELING
Para mudha…
Elinga marang agama
CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 13
Agama kang dadi ageming aji
Agama kang bisa dadi gegamaning ati

Para mudha…
Elinga marang wong tua
Aja nganti tumindak durhaka
Mengko mundak mlebu neraka

Para mudha…
Elinga marang bangsa lan nagara
Aja mung padha suka-suka
Gawe maksiat sarta dosa
Nganti lali nerak marang angger-anggering agama

Kagiyatan Pasinaon 1

Maca Geguritan lan Mangsuli Pitakon.

Titir Saka Desa


Bambang P.

Dak rungu titir saka desa


Dudu titire eyang paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasusastrane
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!
Kapethik saka Djaka Lodhang no. 43 26 Maret 2005

No Tembung Teges
1 Kedhung
2 Kumandhange
3 Mitra
4 Ngrenggani

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 14


5 Sabawa
6 Titir
7 Ngudarasa
8 Ngelus jaja
9 Nate
10 Wirange

Soal
Wacanen batin geguritan ing dhuwur, banjur wangsulana kanthi trep
pitakon-pitakon ing ngisor kanthi trep!
1. Apa temane geguritan kasebut?
Wangsulan : .......................................................
2. Tembung titir iku nglambangake apa?
Wangsulan : ......................................................
3. Ing ngendi latar geguritan kasebut?
Wangsulan : ......................................................
4. Sebutna unsur nilai ing sajerone geguritan kasebut!
Wangsulan : .....................................................
5. Amanat apa kang ditawarake pangripta marang para maca?
Wangsulan : .....................................................

Kagiyatan Pasinaon 2

Unsur Instrinsik lan Unsur ekstrinsik sajrone Geguritan


Gaweya pepanthan papat utawa limang siswa, banjur golekana unsur
ekstrinsik lan unsur instrinsik geguritan-geguritan ing ngisor!

Geguritan 1 Geguritan 2
PANAS URIPKU
Dening: Sugeng Wiyadi Dening : Min Ramelan

Geneya sliramu nyerik panasing Urip ing alam donya


srengenge pancen maneka warna
selagine mangsa bedhinding sugih, mlarat, lemu, kuru
awakmu nggregeli pinter, bodho, nakal, kalem
panas lan adem gilir gumatisuwe kabeh mau pindhane kaya
tininggal kangen ngenteni gudhange ana sajroning panguripan
panas iku urip ananging kanggo ngusadani
adhem ora ateges mati aja nganti ketut marang ombyaking donya
mula pepenen ragamu ing klathakan iki
leremna jiwamu ing wayah esuk kabeh kudu kuat anggone manembah

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 15


obongan tresnamu ing pasuketan marang gusti
sirepen ubaling geni kanthi geguritan mesthi bakal adoh saka rubeda
mula pasrahna kabeh panguripanmu ana
ngarsane
Wangsulana kanthi trep pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Apa kang diarani geguritan?
Wangsulan : ................................................................
2. Sebutna titikane geguritan?
Wangsulan : ................................................................
3. Apa isine geguritan 1 ing dhuwur?
Wangsulan : ...............................................................
4. Apa temane geguritan 2 ing dhuwur?
Wangsulan : ..............................................................
5. Jlentrehana latar lan amanat saka geguritan 1 lan 2!
Wangsulan : ..............................................................

Pangerten lan cara gawe parafrasa


Parafrasa yaiku njelntrehake maneh sawijine tuturan/pocapan basa marang wujud
basa liyane kanthi ora ngowahi pangertene. Tujuan nglakokake prafarsa yaiku
kanggo njlentrehake makna kang sinandhi. Cara mparafrasakake geguritan dadi
gancaran yaiku kanthi maca utawa ngrungokake pamacane geguritan kanthi premati,
candhake nggatekake isi geguritan kanthi utuh, kaping telune njlentrehake tembung-
tembung kang ngemot lelewaning basa, dene cara sing terakhir yaiku kanthi
njlenttehake maneh isi geguritan secara sinerat kang diwujudake dadi gancaran
kanthi nggunakake tetembungane dhewe.

Kagiyatan Pasinaon 3

Rembugen geguritan ing ngisor iki kanthi nggoleki tema, pamilihan tembung sarta
amanat kang dikandhut! Carane:
1. Saben pepanthan dumadi saka papat utawa limang siswa.
2. Saben pepanthan ngrembug geguritan ing ngisor.
3. Saben pepanthan ngrembug babagan tema, pamilihan tembung sarta amanat
kang dikandhut banjur diparafrasakake.
4. Saben pepanthan njlentrehake asile rembugan ing ngarep kelas, dene
tembung-tembung kang durung ditemokake tegese, dicathet lan diaturake
marang dwija.

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 16


Geguritan 1 Geguritan 2

PIWELING GAMAN ILANG LANDHEPE


Dening: Sandang Mulyono Dening: Manaf Maulana

Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu Bangsa iki kaya bangsa ilang landhepe
Nalika arep budhal sekolah Cilakane ora ana sing bisa ngungkalke
Nyangking tas kebak buku Amerga akeh sing padha kethule
Ngger, jagad iki amba tebane Saben obah bisane mung ngrusak
Aja cilik ati negarane
Kabes bisa karengkuh Gaman ilang landhepe ora banjur ala
Kanthi ngelmu Malah bisa dadi pusaka kang jumawa
Ngger, ngendikane pujangga Kaya keris-keris wong Jawa
winasis Kethul ning bisa dadi turangga
“Ngelmu iku, kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas ngantosani
Setiya budya pangekesing
durangkara”
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter nanging
Aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging
Aja semugih
Dadia petinggi nanging
Aja ngapusi lan korupsi

Kagiyatan Pasinaon 4

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngandhap punika kanthi maringi tandha


ping (X) ing aksara a, b, c, d, utawi e ingkang dipunanggep leres!
1. Ing ngandhap punika ingkang boten kalebet titikane geguritan anyar inggih
punika ....
A. Wosipun mentes
B. Kawengku ing pathokan
C. Migunakaken purwakanthi
D. Awis-awis migunakaken tembung pangiket
E. Migunakaken tembung-tembung ingkang panilih

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 17


2. Bentenipun geguritan gagrak lawas lan gagrak anyar inggih punika ....
A. Geguritan gagrak lawas kawengku ing guru wilangan, geguritan gagrag
anyar kawengku ing guru lagu.
B. Geguritan gagrag lawas dipunwiwiti mangajapa, geguritan gagrag anyar
dipunwiwiti tembung sungegurit.
C. Geguritan gagrag lawas dipunwiwiti tembung sungegurit, geguritan
gagrag anyar dipunwiwiti tembung mangajapa.
D. Geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag nayar kekalihipun kawengku
ing guru wilangan.
E. Geguritan gagrag lawas gunggungipun wanda saben sagtra sami,
geguritan gagrag anyar mardika.

3. Ing ngandhap punika ingkang boten kalebet cara mangertosi geguritan inggih
punika ....
A. Maos geguritan kanthi premati
B. Mangertosi tegesipun tembung
C. Ambal-ambalan anggenipun maos
D. Dipundamel gancaran
E. Madosi pangangitipun

4. Supados katingal becik nalika maos geguritan kedah ngangge wirasa.


Tembung wirasa tegesipun ....
A. Obahing raga
B. Penjiwaan, sikep, lan busana
C. Penjiwaan lan penghayatan
D. Sikep lan penjiwaan
E. Artikulasi, intonasi, tempo lan nadha

5. Perangan ingkang boten perlu dipungantosaken nalika nyerat geguritan


inggih punika....
A. Milih aksara swara ingkang trep supados endah
B. Milih tetembungan saking manca
C. Nemtokaken undering prekawis
D. Milih tetembungan ingkang becik
E. Migunakaken basa ingkang endah

Gatosaken geguritan ing ngandhap punika kangge angka 6-7!


.....
Uga padha budhal pada bali
Ing jetty circular quay
Sawise nalusuri .......
Wewengkoning alam pulo-pulo lan pelabuhan
CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 18
Kali-kali lan pegunungan
Ing antaraning cakrawala kamulyan lan panalangsa
Papan-papan palanyahan pakurjaran lan pakuburan
Reroncen geganep karyaning bebrayan
Kantor-kantor gedhe pawiyatan panggonan pangibadah
Melu nemtokake jine pnguripan utamane kauripan
Kabeh ginelalr murakabi
Kuwi dadi wigati
Tumrap kang padha ora lali
Harbor bridge Sydney wis dakliwati
Karana anggonku nedya ngudi

6. Gatra ingkang migunakaken purwakanthi sawara inggih punika...


A. Uga padha budhal pada bali
B. Wewengkoning alam pulo-pulo lan pelabuhan
C. Ing antaraning cakrawala kamulyan lan panalanga
D. Ing antaraning cakrawala kamulyan lan panalangsa
E. Kabeh genelar murakabi

7. Kantor-kantor gedhe pawiyatan panggonan pangibadhah.


Tembung pawitatan gadhah teges....
A. Sekolah
B. Kantor
C. Kutha
D. Nagari
E. Donya

Gatosaken geguritan ing ngadhap punika kangge angka 8-11!


......
Jagade nate kandha
Jagade nelangsa
Jagade nangis ra kuwawa
Kabeh diregeti
Kabeh dijupuki
Kabeh di gundhuli
Lemah jugrug
Bene ora Sela

8. Undheranipun prekawis saking geguritan ing nginggil punika ....


A. Padudon
B. Banjir
C. Demokrasi
CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 19
D. Bebrayan
E. Pendhidhikan

9. Jagade nate kandha


Jagade nelangsa
Jagade nangis ra karuwan
Lelawaning basa geguritan ing nginggil inggih punika ....
A. Ironi
B. Eufimisme
C. Pwesonifikasi
D. Metafora
E. Sinekdoke

10.Piwulang saking geguritan ing nginggil inggih punika ....


A. Kedah saged njagi supados boten muwun (nangis)
B. Kedah saged njagi lingkungan
C. Kedah saged njagi karukunan
D. Ngayahi jejibahan kanthi jujur
E. Nuladha tumindak ingkang boten nistha

11.Boten ajining (nilai) kabecikan ingkang saged kapethik saking geguritan ing
inggil inggih punika ....
A. Saged nuladha tumindak disiplin ing jagadipun para mudha
B. Saged njagi karukunan ing bebrayan supados boten dados muwun
C. Saged dados patuladhan ing bebrayan babagan gesang lan pagesangan
D. Saged nuwuhaken raos tresna mring budaya ingkang adiluhung
E. Saged dados generasi mudha ingkang peduli lingkungan

ELING
(dening: Joko H)

Heh.......... manungsa!
Apa sira ora krasa yen bantala wis tuwa
Apa sira ora mikir yen jamane wis akhir
Heh....... manungsa!
Sira kudu eling yen wis mati
Diedusi banjur kinubur ing siti
Sepen tanpa kanca, peteng tanpa surya
Bandha datan guna, arta ora digawa
Pisah kaluwarga tinilar kadang mitra
Naming amal, iman, taqwa
Kanggo ngadhep kang mahakuwasa
CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 20
12.Saka geguritan ing ndhuwur ngandhut bobot aji .....
A. Sosial
B. Budaya
C. Religius
D. Moral
E. ekonomi

Gatosaken geguritan ing andhap punika kangge angka 13-15!

Karukunan
Dening: Sunardi KS

Kaya unine siter


Sanajan saka senar kang beda
Nuwuhake endahe suwara
Yen kabeh yaga kudu nyuwara
Tanpa genti-genten menehi kalodhangan liyan
Ora bakal nuwuhake lagu
Kang kepenak dirungu
Kaya kartika ing angkasa
Nduweni papan kang merdika
Kaya rembulan lan bagaswara
Ngayahi jejibahan kang ora mesthi padha
Kaya driji-driji tangan
Yen salah sawijine sulaya
Ora bakal duwe kekuwatan
Kerukunan iku kaya hawa
Mlebu-mlebu bolongane grana
Senajan ora ngawistara
Nggawa irama

13.Lelawaning basa kang kinamot ing geguritan nginggil inggih punika....


A. pepindhan
B. mbangetake
C. nyindhir
D. nyemoni
E. nyandhingake

14.Pitutur luhur ingkang saged kapethik inggih punika ....


A. Kedah saged njagi kerukunan
B. Gentosan dolanan gamelan

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 21


C. Nuladha kartika ing angkasa
D. Ngayahi jejibahan kados bagaskara
E. Karukunan boten ngawistara

15.Bobot aji sosial kang kinamot ing geguritan inggil inggih punika ....
A. Saged nuladha tiyang ingkang dolanan gamelan
B. Saged nuladha karukunan ing bebrayan
C. Saged njagi kerukunan ing bebrayan
D. Saged dados patuladhan ing bebrayan
E. Saged nuwuhake karaharjan ing bebrayan

Rubrik Evaluasi Diri

No Pertanyaan Ya Tidak
1. Apakah Anda telah memahami pengertian
geguritan ?
2. Dapatkah Anda menjelaskan geguritan?
3. Dapatkah Anda menganalisis ciri kebahasaan
sebuah geguritan?
4. Dapatkah Anda menuliskan isi pokok sebuah
geguritan?

Jika anda menjawab “TIDAK” pada salah satu persamaan di atas, maka
pelajarilah materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran dengan bimbingan teman
sejawat ataupun guru anda. Apabila anda menjawab “YA” pada semua
pertanyaan, maka lanjutkanlah dengan meminta penilaian harian kepada guru
anda.

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 22

Anda mungkin juga menyukai