Anda di halaman 1dari 11

MODUL AJAR BAHASA JAWA

GEGURITAN

I. KOMPONEN UMUM UMUM

A. IDENTITAS MODUL

Nama Penyusun : Kelompok 2

Sekolah : SMA NEGERI

Tahun Pelajaran : 2022/2023

Jenjang : SMA

Kelas : X (Fase E)

Alokasi Waktu : 2 x 45 menit (1 kali pertemuan)

B. Kompetensi Awal : Peserta didik memahami informasi berupa gagasan, pikiran,


pandangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa geguritan.

C. Profil Pelajar : Bernalar kritis, kreatif, gotong royong, berakhlak mulia, mandiri
Pancasila
D. Sarana prasarana :Ruang Kelas, LCD, Laptop, koneksi internet, bahan ajar, lembar kerja

E. Target Peserta Didik : Reguler / umum

F. Model Pembelajaran : Inquiry Learning

II. KOMPETENSI INTI


KOMPONEN DESKRIPSI

Tujuan pembelajaran diharapkan setelah pembelajaran ini:

1. Memahami informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan,


arahan atau pesan dan teks sastra berupa geguritan.
2. Memarafrasekan geguritan
3. Menemukan makna yang tersurat dan tersirat

4. Menganalisis gaya bahasa dalam teks geguritan


A. TUJUAN PEMBELAJARAN
5. Peserta didik membandingkan geguritan gagrag lawas dan
gagrag anyar dan mampu mengkritik teks geguritan.

6. Peserta didik menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan


dalam bentuk teks sastra geguritan.
7. Peserta didik menyajikan teks geguritan.

Peserta didik akan menerima manfaat setelah setelah


mengikuti proses pembelajaran ini sebagai berikut:

1. Mengenali gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari


B. PEMAHAMAN BERMAKNA
teks sastra berupa geguritan

2. Mengemukakan ciri-ciri teks sastra berupa geguritan.

Peserta didik diajak berdiskusi tentang teks satra, kemudian diberi


pertanyaan pemantik.

C. PERTANYAAN PEMANTIK 1. Apa kang diarani geguritan, coba andharna?

2. Jelasna titikane geguritan !

PERTEMUAN 1

Kegiatan Pendahuluan:

1. Salam pembuka

2. Berdoa sebelum memulai pembelajaran

3. Menyampaikan desain pembelajaran serta kesepakatan dalam


pembelajaran.

4. Guru menjelaskan tujuan pembelajaran pada pertemuan ke-4.

Kegiatan Inti: (Lampiran 1)

1. Peserta didik menemukan gagasan, pikiran, pandangan, arahan


dalam bentuk teks sastra geguritan. (Kegiatan 1)
H. GLOSARIUM
sigit : bagus.
dhestun : sabenere
jamhur : pinunjul bab kawruh (pinter).
Danawa : duta
awiyat : awang-awang
istingarah : prasasat, meh, kena diarani ditetepake, dipesthikake

I. DAFTAR PUSTAKA
Panjebar Semangat Edhisi 22 Surya Kaping 28 Mei 2022. Kanthi besutan.
Priyo, Prabowo Dhanu .2002. Geguritan Tradisional dalam Sastra Jawa, Jakarta
Suwondo, Tirto Rembuyung.1997.Antologi Geguritan dan Macapat, Yogyakarta

Mengetahui
Kepala SMA Negeri 2 Boyolali Guru Mata Pelajaran

Bambang Prihantoro, S.Pd., M.M Subekti Widyaningsih, S.S


NIP . -
NIP 19700926 199702 1 002

LAMPIRAN 1:
A. LEMBAR KERJA SISWA
Kagiatan 1 (Mengamati Jenis Teks Sastra berupa geguritan)

Gathosaken geguritan wonten ngandhap menika.


Geguritan 1
Sun nggegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani

Geguritan 2

Sang Saka
dening : Simbahe Roof

Ngger, ananku cah ayu lan kang sigit


Iki bapa paring pitutur
Napake tilas para satriyaning nagara
Ila-ila dhawuhing para jamhur
Kang kaloka ing bumi Nuswantara
Age kareken ing angkasa
Gendera gula klapa lambaning Negara
Abramarkata sundhul ing awiyat
Netramu panjer mandhuwur
Endi endah kumlebeting sang saka
Nadyan wus sewidak wolu taun mardika
Istingarah tansah kumlebet angartariksa
Dhestun bangsa ing nagaramu samengko
Arsadadi bangsaning danawa
Ninggal pepali manunggaling bangsa pancasila
Amuk suamrata jayamrata
Nenggih memungsuhan mring kadang priyangga
Gendera gula klapa prasasar kadya pataka lungset ing bawana
Kapethik saking majalah Panjebar Semangat,edisi September 2015

Urip Kang Urub


Manungsa kang urub sajroning uripe tansah migunani marang sasama. Marang kulawarga,
mitra, bangsa, lan nagara. Amarga manungsa kang uripe tansah urub (murub) iku pindha lampu kang
bisa aweh pepadhang marang sadhengah tirah kang lagya kesrimpung pepeteng. Bisa aweh payung
marang wong kodanan. Bisa aweh sandhangan marang wong kawudan.
Supaya bisa urub ing uripe, manungsa kudu tansah mbudidaya anggone njembarake kawruh
tanpa winatesan yuswa sarta bisa nyukupi apa kang dadi kabutuhane ing jagad gumelar. Saengga
manungsa bisa aweh tutur, uwur, lan sembur marang sapadha-padha titah.
Menawa wus bisa urip urub lan ora mung urip-uripan urip kang mung kandheg ing arep
(karep) manungsa bakal dadi memaniking manungsa. Saengga rikala wus bisa nglakoni darma
sajroning uripe, tegese manungsa wus mikul dhuwur mendhem jero marang sakloron wong tuwane,
mligine ibu kang ngandhut lan nglairake ing madyapada. Menawa wus ginaris ing pati, manungsa
wus duweni sangu tri prakara, putra kang soleh, amal jariyah, sarta ngelmu kang mupangati kanggo
ngadhep marang Gustine. (pethilan kasebut kapethik saka Panjebar Semangat Edhisi 22 Surya
Kaping 28 Mei 2022)

LAMPIRAN 2 :
DIAGNOSTIK

Lisan
1. Apa kang diarani geguritan, coba andharna?

2. Jelasna titikane geguritan !

Lisan/tulis

1. Apa kang dadi surasane geguritan angka 1 ?


2. Apa kang dadi surasane geguritan angka 2 ?
3. Apa beda sing bisa kotemukake saka geguritan 1 lan geguritan 2 !

Lampiran 3
FORMATIF
1. Penilaian sikap (profil pelajar pancasila) berupa observasi saat melakukan pengamatan secara
mandiri terhadap teks sastra berupa geguritan.

2. Penilaian performa saat menuampaikan isi teks sastra berupa geguritan (kreatif dan bernalar kritis)

Pengamatan Individu Teks Sastra


No Nama Profil Pelajar Pancasila Jumlah Nilai Keterangan

Santun Kreatif Mandiri Krit Skor


is

Ket.
A = 100-90
B = 89-80
C = 79-70
D = <70

Lampiran 4
SUMATIF

A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A,B,C,D utawa E kang koanggep bener!
1. Kang diarani geguritan bebas yaiku….
A. geguritan modheren
B. geguritan tradhisional
C. tembang tengahan
D. kidung
E. macapat
2. Pamilihaning tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani….
A. tema
B. amanat
C. diksi
D. rima
E. ritma
3. Kang ora kalebu perangan ing babagan nulis geguritan yaiku….
A. tema
B. rima
C. diksi
D. skenario
E. pilihan tembung
4. Ekspresi, patrap/ sikap, lan obahing awak nalika maca geguritan diarani….
A. wicara
B. wiraga
C. wirasa
D. wirama
E. wirunggan
5. Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan anyar yaiku….
A. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan
B. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung
C. Sajak pungkasan mardika/bebas
D. Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit
E. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya Bahasa

6. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.


Sepiku
dening : Naryata

Sepiku dipodhong rembulan kerangsang pucuke jambu


Sepiku gumelar ana sikile ara-ara kekitrang
Sepiku mbrosot ing sela selaning tumpukan tembung uwuh
Sepiku dibuwang saka sisane tetesan banyu udan
Sepiku sepine pocapmu
Rikala nembe wae angina sore katon pethite

Undheraning prakara saka geguritan kanthi irah-irahan “Sepiku “ yaiku …


A. Sepine ati dadi rekasaning raga kang nembe nandang katresnan
B. Sepine ati dadi pratandha tatune raga marga tresna
C. Pancobaning katresnan yaiku nalikane nandang kangen kang dadekake sepining ati
D. Pancobaning katresnan yaiku nalikane udan deres kang ninggal kenangan
E. Sepi kang mbrosot ing sela selaning tumpukan tembung uwuh dadi pratndha tresna
7. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.
Wis Wanci
dening : Rachmat Djoko Pradopo

Langite sumringah dumilah


Sawise dikumbah udan
Kang sumanak grapyak
Srengenge wis glendheh-glendheh sume

Yaiku wektu kang becik


Kanggo nyebar tanduran
Kang bakal ijo royo-royo
Njanjekake panenan gedhe

Ya wektu iki mangsane gumregah tangi


Meras kringet kanthi semangat mangalad
Bebarengan wong sabrayat masyarakat
Nyungsung panenan kang bakal dadi

Tembung meras kringet kanthi semangat mangalad gegayutan marang kahanan saiki yaiku …
A. Para petani padha seneng yen kasil panene apik
B. Semangat para generasi mudha kudu tansah ngrembaka
C. Para petani kudu nduweni semangat supaya kuwalitas panen bias apik
D. Yen nyebar tanduran kudu nyawang mangsa kangtrep, apamaneh mangsa kaya saiki
E. Temen lan semangat kang mangalad dadi jiwaning pamudha ing jaman iki
Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 8-9.
Saya Gripis
dening : Rachmat Djoko Pradopo
Dina lan wengi kang gilir gumanti
Nggogos umure janma manungsa
Umurmu lan umurku saya gripis
Pungkasane bakal gusis
Apa bener paribasan
……………………………………..
Yen mangkono banjur menyang ngendi parane
Pengumbaranku lan pangumbaranmu
Pangumbarane janma manungsa
Apa kang kita pokolehi
Inga lam padhang iki
Jarene, minangka sanguine lelaku
Tumuju akire langkah kang katuju

8. Pralambang yen pungkasaning laku manungsa tumuju ing akhirat yaiku …


A. Nggogos umure janma manungsa
B. Jarene, minangka sanguine lelaku
C. Pungkasane bakal gusis
D. Pangumbarane janma manungsa
E. Tumuju akire langkah kang katuju
9. Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg geguritan ing dhuwur yaiku …
A. Urip iki mung mampir ngombe
B. Agama agenging aji
C. Ambune arum jamban
D. Playune banter keong
E. Dahwen pati open
10. Gathosaken geguritan kasebut
Sun nggegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani
Teka geguritan ing dhuwur migunakake paugeran tibaning swara padha, mula geguritan kasebut kalebu gagrag …
A. Anyar
B. Kuna
C. Tengahan
D. Sastra
E. Swara

Lampiran 5
Pengayaan
Gatekna teks iki banjur sebutna jinis teks lan titikane!
Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 1 lan 2.

Lelakon

Adoh ratu celak watu


Yo ing kono papan dunungku
Nanging aku ora nggresula
Yen ta kowe pancen tresna
Lelakon kang bakal dumadi
Sapa wae ora mangerteni
Ora susah sangga runggi
Pasrahna mring hyang widhi
Kaya kacang digawe dakon
Kaya wayang kang bakal dumadi
Sesuk esuk lagi dimangerteni
(Soewarno WM, Panjebar Semangat Oktober 2018)
1. Saka teks geguritan ing dhuwur coba parafrasana
2. Tulisen isi geguritan kanthi irah-irahan “Lelakon.”
Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 8-10

Swara Prenjak
Swara prenjak ngganter ing wit blimbing
Nggawa rasa adhem ing esuk wening
Gek sapa sing bakal teka ?
Nggawa swasana sing gawe lega
Wis suwe ati iki anyep lan atis
Kepengin ganti swasana sing manis
Ananging sing tansah teka kok mung kabar lamba
Kok mung warta kang gawe nelangsa
Mangka wis suwe anggonku nganti-anti
Ya gene ora ana warta endha tekan saiki ?
Mung anakmputu sing padha ana Bali
Mulihe kena kanggo tamba ati
( Nini Klenyem, Panjebar Semangat Oktober 2018)

3. “Wis suwe ati iki anyep atis” Apa tegese gatra kasebut miturutmu ?
4. Saka teks geguritan ing dhuwur golekana isine.
5. Tulisen pitutur uhur kang kamot saka geguritan kanthi irah-irahan “Swara Prenjak.”
Si Jago Abang
           Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten
“Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku
kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang sekolahanku.
           Kebakaran iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan
kanca-kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku
ndonga supados rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa.
           Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku
kandas, aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe
melu kebakar.

Lampiran 6
Remidial
No Nama Siswa No Soal Jumlah Ketercapaia Ketunasan
n
Skor Belajar

1 2 3 Ya Tida
k

Lampiran 7
Materi Pembelajaran

 GEGURITAN
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kayadene tembang. Geguritan
bisa karipta amarga ana inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula
geguritan antarane panganggit siji lan sijine beda-beda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang
banjur diolah supaya dadi geguritan kang dikarepake penganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basane
katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwilingga, seselan, lan liya-liyane. Geguritan iku nduweni pitutur
luhur lan ancas kang bisa kajupuk kanthi digancarake dhisik. Nggancarake geguritan iku ateges ngowahi lan
ngudhari ukara-ukara geguritan supaya isine luwih gampang dimangerteni, kanthi cara nambahi tembung lan
negesi. Geguritan iku dumadi saka underan, pamilihe tembung, purwakanthi lan majas ( lelewane basa ).
Pamilihe tembung lan majas iku paedahe supaya geguritan katon endah lan kepenak diwaca. Ana saperangan
bab kang njalari geguritan iku katon endah, antarane yaiku;
a. cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
b. menthes yaiku tembunge duwe teges kang jero
c. endah ngemu purwakanthi swara, sastra, utawa basa
d. tembunge pilihan

 JINIS GEGURITAN
a. Puisi Jawa gagrag lawas
yaiku puisi Jawa kang migunakake basa Jawa kuna lan kaperang ana ing pupuh-pupuh tembang, kawengku
guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Paugerane puisi Jawa gagrag lawas yaiku;
 Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
 Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
 Dhong-dhing utawa guru lagune ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara.
 Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
 Puisi Jawa gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tata krama

Tuladha puisi Jawa gagrag lawas:


Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa

b. Puisi Jawa gagrag anyar


Puisi Jawa gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo Puisi Jawa gagrag
lawas. Puisi Jawa gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane puisi
Jawa gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia,
mula puisi Jawa gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka Puisi
Jawa gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis
puisi Jawa gagrag anyar iku R. Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi
premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:
a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c. Sajak pungkasan mardika/bebas
d. Isine mentes.
e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .
Tuladha puisi Jawa gagrag anyar

Lumunturing Budaya
Dening: Ki Andanawarih
Tumetesing waspa dumlewer ing pangrasaku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak anggeranggering budaya
Lali ing tata krama, mbuwang sakabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanajan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinipta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dhewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kadaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda-pemudi jaman saiki unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe
 UNSUR-UNSUR KANG AMBANGUN GEGURITAN
1. Geguritan iku awujud karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke. Unsur-unsur
geguritan kasebut kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur ing
njaba).
a) Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun saka sajrone geguritan. Kang mangaribawani dianggite
sawijining geguritan saka unsur intrinsik iku antarane yaiku;
1) Tema yaiku pokok masalah kang diangkat ing sajroning geguritan.
2) Amanat yaiku nasihat, falsafah, nilai-nilai kang arep diandharake pengarang marang pamaos.
3) Nada lan rasa yaiku pangraose pengarang kang digambarake ing sajroning geguritan.
4) Diksi yaiku pamilihing tembung-tembung endah ing sajroning geguritan.
5) Rima yaiku pangraose swara-swara basa kanggo mujudake kaendahan.
6) Ritma yaiku dawa cendhak, dhuwur cendhek, lan jeda nalika geguritan dilisanake.
b) Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun geguritan saka sanjabane geguritan (pengarang lan
lingkungane). Kang mangaribawani dianggite sawijining geguritan saka unsur ekstrinsik iku
antarane yaiku;
1) Agama
2) Politik
3) Ekonomi
4) Sosial budaya
5) Pendhidhikan
6) Jenis kelamin
7) Adat istiadat, Lsp
2. Pitutur Luhur sing Kakandhut lan Relefansine karo Kahanan Masarakat Jaman Saiki
Teks geguritan iku bisa awujud reriptan apa wae, manawa reriptan iku diwaca lugu iku diarani maca
lugu, yen diwaca anthi lelewa iku geguritan, yen diwaca kanthi cara dilagokake iku diarani tembang.
3. Cara Mamarafrasekake Geguritan
Parafrase yaiku istilah lingusitik (kebahasaan) kang ateges nyritakake/nuturake maneh sawijining
teks/konsep kanthi cara liya sajroning basa kang padha, nanging tanpa ngowahi maknane.
Tata-cara nggancarake utawa parafrasis geguritan kaya ngisor iki:
 Para pamaca mangerteni luwih dhisik makna geguritan kang bakal digancarake, carane kanthi
maca bola-bali (maca hermeneutik)
 Nggoleki lan nemokake tembung-tembung kang ngemu teges ora wantah, pasemon, pepindhan,
simbolik, utawa sabangsane, banjur negesi tembung-tembung mau
 Nulis maneh tembung-tembung kang sengaja "diilangake" dening panganggit. Tembung-tembung
iki ilang lumrahe supaya tuwuh basa endah ing geguritan. Nanging sanajan tembung-tembung mau
ilang, ora ngowahi teges
 Ngronce tetembungan ing geguritan dumadi gancaran (prosa) jangkep, dumadi saka ukara-ukara
minimal Jejer-Wasesa (Subjek-Predikat).

Anda mungkin juga menyukai