Anda di halaman 1dari 53

MODUL AJAR

(Rencana Pelaksanaan Pembelajaran)


BAHASA JAWA
KELAS XI/ FASE F
Oleh: Rudi Permono Putro, S.Pd., M.Pd.

INFORMASI UMUM
A. IDENTITAS MODUL
Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Sekolah : SMA Negeri 3 Surakarta
Tahun Pelajaran : 2022/2023
Jenjang : SMA
Kelas : XI (Fase F)
Alokasi Waktu : 2 x 45 menit (1 kali Pertemuan)

B. Kompetensi Awal : Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa
gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari teks sastra
berupa sastra piwulang.

C. Profil Pelajar : Bernalar kritis, kreatif, gotong royong, berakhlak mulia, mandiri
Pancasila
D. Sarana prasarana : Ruang Kelas, LCD, Laptop, koneksi internet, bahan ajar, lembar kerja
E. Target Peserta Didik : Reguler / umum
F. Model Pembelajaran : Problem Base Learning

KOMPETENSI INTI
KOMPONEN DESKRIPSI
Tujuan pembelajaran diharapkan setelah pembelajaran ini:
1. Peserta didik membuat gancaran dari teks sastra piwulang
A. TUJUAN Tembang Pocung Serat Wedhatama (C5)
PEMBELAJARAN 2. Peserta didik mengartikan kata-kata sulit (negesi tembung)
dalam teks sastra piwulang Tembang Pocung Serat
Wedhatama(C4)
Peserta didik akan menerima manfaat setelah setelah
B. PEMAHAMAN mengikuti proses pembelajaran ini sebagai berikut:
BERMAKNA 1. Menentukan pitutur luhur dalam teks sastra piwulang.
2. Mengaitkan pitutur luhur dengan kondisi saat ini.
Peserta didik diajak berdiskusi tentang teks nonsastra, kemudian
C. PERTANYAAN diberi pertanyaan pemantik.
PEMANTIK
1. Apa kang diarani karya sastra piwulang?
2. Apa wae titikane karya sastra piwulang ?

1
Kegiatan Pendahuluan:
D. KEGIATAN 1. Salam pembuka
PEMBELAJARAN 2. Berdoa sebelum memulai pembelajaran
3. Memberikan apersepsi dan menyampaikan desain pembelajaran

2
KOMPONEN DESKRIPSI
serta kesepakatan dalam pembelajaran.
4. Guru mengingatkan kembali tentang materi pembelajaran
sebelumnya.

Kegiatan Inti: (Lampiran 1)


1. Peserta didik mengamati satu teks sastra piwulang. (kegiatan 1)
2. Peserta didik diberi kesempatan mengajukan pertanyaan terkait
teks sastra piwulang yang diamati.
3. Peserta didik menyampaikan (dugaan) sastra piwulang beserta
alasannya.
4. Peserta didik dibagi kedalam 6 kelompok, kemudian masing-
masing kelompok diberikan teks sastra piwulang yang berbeda.
(Kegiatan 2)
5. Peserta didik dalam setiap kelompok mengamati jenis teks
sastra piwulang.
6. Peserta didik menganalisis sastra piwulang.
7. Peserta didik dalam setiap kelompok mengemukakan pitutur
luhur sastra piwulang.
Kegiatan penutup
1. Peserta didik menyampaikan simpulan materi secara singkat
sebagai bentuk penguatan materi.
2. Guru menanyakan kelebihan dan kekurangan dalam
pembelajaran sebagai bentuk refleksi.
3. Guru menjelaskan kegiatan pada pertemuan berikutnya.
4. Memberikan salam penutup
DIAGNOSTIK
Dilakukan di awal KBM:
Bentuk : Pertanyaan Lisan (lampiran 2)
1. Kepiye wujude teks karya sastra piwulang?
2. Apa bedane teks karya sastra piwulang karo teks karya sastra
prosa?
3. Sebutna pigunane teks karya sastra piwulang?
E. ASESMEN ASESMEN FORMATIF : (Lampiran 3)
1. Penilaian sikap (profil pelajar pancasila) berupa observasi saat
melakukan pengamatan (sopan santun), saat berdiskusi
(menghargai pendapat orang lain,mandiri)
2. Penilaian performa saat presentasi (kreatif dan bernalar kritis)
ASESMEN SUMATIF : (Lampiran 4)
Memberikan kuis untuk mengetahui tingkat pemahaman peserta
didik terhadap materi yang sudah dipelajari
Pengayaan: (Lampiran 5)
Pengayaan dilakukan pada peserta didik yang mampu menjawab
F. PENGAYAAN DAN dengan benar asesmen sumatif.
REMEDIAL Remidial: (Lampiran 6)
Remidial dilakukan pada peserta didik yang belum memahami
materi serta belum mampu mencapai tujuan pembelajaran.
G. REFLEKSI PESERTA Refleksi dilakukan dengan meminta peserta didik memberikan
DIDIK DAN GURU pendapatnya terhadap kegiatan pembelajaran yang telah dilakukan
3
KOMPONEN DESKRIPSI
baik terkait materi yang dipelajari maupun cara atau metode
pembelajaran yang digunakan.

H. GLOSARIUM
macapat : karya sastra jawa kang arupa tembang kang nggamabarake cakra
manggilinganing (uripe) manungsa.
gancaran : prosa
paugeran : aturan
tembung : wedharing gunem, panjaluk
gancaran : prosa
basa tembang : basa kang arupa tembang (puitis)
piwulang : pitutur kang migunani

I. DAFTAR PUSTAKA
www.sastra.org kang kaundhuh nalika Sabtu 13 Desember 2022.
Widaryanto, Gandung. 2014. prigel basa Jawa 1. Jakarta: Erlangga.
Suwadji.2003. Ngoko lan Krama. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.
Poerwadarminta, W.J.S, dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: Kaetjap Ing Pangetjapan.
Sudarmanto. 2008. Kamus Lengkap Bahasa Jawa. Semarang: Widya Karya.

Mengetahui Surakarta, 13 Desember 2022


Kepala SMA Negeri 3 Surakarta Guru Mata Pelajaran

Agung Wijayanto, S.Pd., M.Pd. Rudi Permono Putro, S.Pd., M.Pd.


NIP 19720901 199512 1 002 NIP ……..

4
BAHAN AJAR
LAMPIRAN 1:
A. LEMBAR KERJA SISWA
Kagiatan 1 (Mengamati Teks Sastra Piwulang)

SASTRA PIWULANG
Tembang macapat utawa basa krama inggile sekar macapat kalebu tembang yasan ateges:
nduweni paugeran kang gumathok. Saben tembang macapat nduweni paugeran sing beda. Paugeran
utawa aturan tembang macapat uga diarani metrum. Paugeran tembang macapat iku gunane kanggo
maca cakepane tembang yaiku kanthi dilagokake supayane bisa nuwuhake swasana, watak, sarta
kaendhahan tembang. Dadi, metrum utawa paugeran tembang macapat iku asipat gumathok utawa
tetep ing saben-saben tembang macapat.
Basa tembang yaiku basa kang kaiket wewaton guru, guru wilangan lan uga mentingake teges.
Dene macapat kalebu karya jinis sastra jawa puitis ateges mentingake pilihaning tembung sarta
tatanan tembung supaya kebak teges saliyane iku macapat uga kaiket dening paugeran tembang.
Saperangan paugerane (aturane/ metrum) tembang macapat kayata:
1. cakepan : macane/unine tembang (lirik).
2. watak : pangrasane tembang, sipating tembang.
3. guru gatra : cacahing larik/gatra saben sapada (sa-bait).
4. guru wilangan : cacahing wanda saben gatra.
5. guru lagu : tibane suwara vokal ing akhir gatra (dhong-dhing).
6. titilaras : swara thinthingan utawa lagune gamelan kang ditulis mawa angka.
7. cengkok : rerangkening titi laras kanggo ngolah lagu.
8. lagu : munggah medhune lan dawa cendhake suwara trep kaliyan titi laras.
9. pada : wujud satembang wutuh.
10. pupuh : kumpulan tembang macapat kang sawerna, kayata ing Serat Wedhatama
iku pupuh Sinom, Pocung, Pangkur lan pupuh liyane
11. lan sapanunggalane.
Wedhatama kadhapuk saka rong tembung yaiku wedha tegese kawruh dene tama kadhapuk
saka tembung utama. Dene tembung serat iku ateges tulisan kang ngemu suraos karya sastra. Tegese
kurang luwih: karya sastra kang ngewrat kawruh piwulang kautaman. Kanthi mangkono Serat
Wedhatama iku kalebu sastra piwulang yaiku karya sastra kang mentingake pitutur arupa tata
tumindak utawa tata krama sarta unggah-ungguh tumrape bebrayan.

5
A. Tembang Pocung
Tembang Pocung minangka jinis tembang macapat kang paling gampang ditembangake amarga
saka dhapukaning titilaras kang ora patiya akeh luk sarta wataking tembang kang mardika lan
guru gatrane uga ora akeh. Ing kalodhangan bab iki minangka bahan pamulangan isih methik
tembang Pocung saka pupuh serat Wedhatama anggitan KGPAA Mangkunegara kaping IV.
Cacahe Pupuh Pocung ing Serat Wedhatama ana 15 pada sumangga manawi panjengan kersa,
badhe mahami jangkep dhateng sedaya pupuh tembang Pocung saged dipunwaos ing www.
sastrajawa.org.
Amarga wektu pasinonan bab tembang macapat kang winates, kula methik namung sebageyan
tembang wae. Kula pilih pada tembang Pocung kang sekira gampang ditegesi.
B. Paugeran Tembang Pocung
Tembung ‘pocung’ iku asalae saka tembung ‘pocong. Kanthi mangkono tembang Pocung akeh
kang nggambarake tiyang kondor marang Gusti Ingkang Maha Kuwasa sengga pituture akehe
ngewrat babagan: supayane aweh penget supayane ngupaya golek sangu kanggo seba marang
Ingkang Maha Kuwasa.
Paugeran tembang Pocung:
Tembang Pocung
Guru Guru Guru gatra
Wilangan Lagu
12 U
6 A
4
8 I
12 A
Watake tembang yaiku sembrana parikena ateges nalika nembang langkung bebas wiramane
naging tetep ngugemi pathokane tembang.
C. Mahami Tembang Pocung
Dayaning tembang macapat iku luwih banges gresem manawa anggone maca ditembangake
saliyane iku panjengan uga paham marang teges ing saben-saben gatrane. Tiyang sepuh asring
nyebut “Basa Tembang” kanggo nyebut basa kang digununakake ing sajroning tembang, yaiku
arupa basa-basa kang kebak teges utawa puitis.
Cara kang lumrah kanggo negesi tembang macapat yaiku digawe gancarane lan banjur, dirembug
piwulange jangkep apa dene piwulang ringkes. Kajaba kanggone para-para kang ahli nembang lan
ngripta tembang, maca saklerapan wae langsung paham tegese.
Sadurunge panjengan badhe negesi tembang prayogi nyamektakake:
1. Bausastra (kamus basa jawa) yen wektu saiki kamus iki bisa kanthi gampang diundhuh ing
Play Store.

6
2. Dluwang sacukupe kanggo ngira-ira nulisi konsep.

Ing ngisor iku kula paring tuladha marang tatacara ngudhari tembang macapat (Pocung):
1. Tuladha Tembang
Tembange kudu sapada wutuh sokur bage jangkep karo titilarase.
P O C U N G
Slendro Pathet Nem
2 2 2 2 666!55 3 2.0
du-rung pê-cus ke-su-su ka-sê-lak bê-sus
6 ! 5 @ 1 y. 0
a-mak-na-ni ra-pal
5111 y y t t.0
ka-ya sa-yid wê- ton Mê-sir
t y 1 2 1 1 y t y 1 2 1. 0
pên-dhak-pên-dhak a-ngên-dhak gu-na- ning jan- ma
2. Negesi Tembung
Anggone negesi tembung goleka tembung-tembung saka tembang kang sekirane durung
paham. Kudu kanthi teliti anggone nggoleki teges ing Bausastra (Kamus Basa Jawa) sebab
kudu ngurut saka tembung linggane tembung sing digoleki.
No. Tembung ing tembang Tembung Lingga Tegese
(Kata Dasar) (tegese wutuh saka Bausastra)
1. kaselak selak kesusu arep
2. rapal rapal lafal/ayat
3. sayid sayid turunane nabi, para suci
4. pendhak-pendhak pendhak saben
5. angendhak endhak kerep
6. gunaning guna kapinteran
7. janma janma wong
3. Gancaran
Gancaran utawa prosa, iku kudu migunakake basa padinan kang gampang dipahami. Kudu
teliti sarta ngati-ati anggone njenengan ngeret-eret tembung dadi ukara, murih tegese tembang
kang panjengan gawe ora dadi sasar susur.
Gancaran iku digawe kanthi nata tembung-tembung utawa negesi maneh, ngepasake tembung,
saka tegese tembung kang panjenegan padosi.
Anggone nata tembung manut saben gatra kang ngemu teges ora adoh saka gatrane tembang.
Yen wis rampung sagatra banjur gatra candhake. Mangkono sateruse nganti ahir gatra.
Pramila prayogi dikonsep dhisik ing dluwang liya.
Gancarane kaya mangkene:
Durung bisa, nanging kesusu arep sarwa resik.
Negesi ayat.

7
Kaya wong-wong suci lairan Mesir.
Saben-saben kerep minteri marang wong liya.

4. Piwulang (ringkes)
Piwulang iku wejangan kang manpangati. Medhar piwulang iku kalebu pirembagan sasta
ekstrinsik. Carane kanthi ngegarke gancaran adhedhasar kedadeyan-kedayan ing pagesangan
saben dinan marang bab kang sekirane migunanani, becik yen dilakoni.
Lan sing penting andharna piwulang iku kanthi basa sing tegas, ringkes, sarta narik kawigaten.
Aja nganti panjengan kasaten tembung kentekan ukara.
Piwulange kaya mangkene:
Ing jaman saiki akeh wong-wong kang kemresik. Ucapane kaya wong wis paham agama,
pacake kaya wong alim. Pinter paring pitutur kanthi negesi saka ayat-ayat suci. Nanging
jebul kanggo kepentingane dhewe kepara ngelek-elek marang sapadha-padha umat lan liya
umat, kang mesthine padha-padha bisa njaga njaga karukunan lan toleransi. Ora ming
lumantar sawijing forum wong kang ditekani wong akeh, nanging ing media-media social uga
kerep nulis sing karepe ngejak-ngejak tumindak kang ora becik. Wong wong kaya mau iku
perlu diindhari.

MEDIA PEMBELAJARAN:
A. PPT tertintegrasi tembang macapat
https://docs.google.com/presentation/d/1Pz1fQjvqviGpvGPbkijrhifzvmHri93u/edit?usp=drivesdk
&ouid=106685596254691329835&rtpof=true&sd=true

B. Video tembang macapat


https://www.youtube.com/watch?v=1EBB7N_xaPs

LKPD 1
Jenis Teks
1. Kepiye wosing wacan mungguh wacan kasebut?
2. Wenehana panemumu tumrape karya sastra piwulang?
Kagiatan 2
Para siswa mahami wacan sarta tuladha teks piwulang.
Para siswa dibagi 5 kelompok. Coba gaweya gancarane banjur rembuga piwulange kanthi ringkes
cakepan tembang Pocung iki.

8
Teks 1
Ngelmu iku kalakone kanthi laku.
Lekase lawan kas.
Tegese kas nyatosani.
Setya budya pangekese dur angkara.
Kapethik saking: www.sastra.org
Teks 2
Taman limut durgameng tyas kang weh limput.
Karem ing karamat.
Karana karoban ing sih.
Sihing Suksma ngrebdasa ardi gengira.
Kapethik saking: www.sastra.org
Teks 3
Beda lumun yen wus sengsem reh asamun.
Semune ngaksama.
Sesamane bongsa sisip.
Sarwa sareh saking mardi martotama.
Kapethik saking: www.sastra.org
Teks 4
Yeku patut tilulad-tulad tinurut.
Sapituduhira.
Aja kaya jaman mangkin.
Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna.
Kapethik saking: www.sastra.org
Teks 5
Durung punjul kasusu selak jujul.
Kaseselan hawa.
Cupet kapepet tanpa mrih.
Tengeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Kapethik saking: www.sastra.org
Kelompok :
Kelas :
Nama lan Nomer Absen : 1.
2.
3.
4.
9
5.
6.
7.
A. Cakepan Tembang Pocung:
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................

B. Gancaran:
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
C. Piwulang Ringkes:
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................

LAMPIRAN 2 :
LKPD 2
A. DIAGNOSTIK
Lisan
1. Kepiye wujude teks karya sastra piwulang?
2. Apa bedane teks karya sastra piwulang karo teks karya sastra prosa?
3. Sebutna pigunane teks karya sastra piwulang?
LAMPIRAN 3:
B. FORMATIF
1. Penilaian sikap (profil pelajar pancasila) berupa observasi saat melakukan pengamatan (sopan
santun), saat berdiskusi (menghargai pendapat orang lain,mandiri)
2. Penilaian performa saat presentasi (kreatif dan bernalar kritis)
Pengamatan Individu Pitutur Luhur Teks Sastra Piwulang
No Nama Profil Pelajar Pancasila Jumlah Nilai Keterangan
Santun Kreatif Mandiri Kritis Skor

10
Pengamatan Kelompok Pitutur Luhur Teks Sastra Piwulang

No Nama Profil Pelajar Pancasila Jumlah Nilai Keterangan


Santun Kreatif Mandiri Kritis Skor

LAMPIRAN 4

EVALUASI
ASESMEN SUMATIF
I. Miliha wangsulan kang paling bener !
1. Paugeran tembang macapat kang ngewrat tibaning swara vokal ing pungkasan saben sagatra
diarani...
a. guru sastra c. guru lagu e. guru gatra
b. guru basa d. guru wilangan
2. Tembang macapat iku kalebu tembang yasan. Apa tegese tembang yasan?
a. nembangke kanthi medhot wanda papat-papat
b. tembang kang migunakake titilaras
c. ngewrat bab pitutur luhur
d. kerep kanggo iringan wayang
e. nduweni paugeran kang gumathok
3. Tembung ‘piwulang’ tegese…
a. tatacara tingkah-laku
b. unggah-ungguh basa
c. wohing paimikr
d. pitutur kang migunani
e. manpangati wong akeh
4. Beda karo karya sastra kang awujud gancaran kayata: cerkak, novel lan cerbung. Tembang Pocung
iku minangka karya sastra jawa kang kalebet puitis, saengga carane mangerteni piwulange kudu
mangerteni saben-saben tembunge dhisik, sawise iku banjur...
a. digawe gancarane d. dipahami metrume
b. dimangerteni ukarane e. digawe wangsulane
c. digawe pitakonane
Kanggo soal nomor 5, nganti 8 pahami tembang Pocung iki:
POCUNG
Slendro Pathet Nem

2 2 2 2 6 6 6 i 5 5 3 2
Du- rung pun- jul ing ka- wruh ka- se- lak ju- jul,
6 i 5 2 1 6
ka- se- se- lan ha-wa,
5 1 1 1 6 6 5 5
cu- pet ka- pe- pe- tan pa- mrih,
5 6 1 2 1 1 6 5 6 1 2 1
11
ta-ngeh ne- dya a- nggam- buh mring Hyang Wi- se-sa.
5. Tembung “mring” kadhapuk saka tembung “maring” kang wanda ngarep sengaja diilangi kanggo
nyuda guru wilangan. Paugeran anggitan kang kaya mangkono iku diarani....
a. uluran d. titilaras
b. plutan e. sandhi asma
c. wancahan
6. Tembung hawa tegese....
a. ngerti kahanane liyane
b. banget prihatine
c. rasa bekti
d. tumindak kabecikan
e. sipat nepsu
7. Tembung ‘kawruh’ padha tegese karo…
a. nulis
b. maca
c. nyemak
d. ngelmu
e. paham
8. Gancaran kang jumbuh mungguh cakepan gatra kaping siji, yaiku....
a. Kang tansah netepi kawruh.
b. Durung paham ngelmu nanging kesusu marai.
c. Ngelmu iku dilakoni kanthi prihatin.
d. Tumindak becik iku kayata ngalatih laku.
e. Sipat angkara kang ngambra-ambra ing badan.
9. Cupet kapepetan pamrih. Perkara kang ora entuk pamrih miturut tembang kasebut yaiku
perkara..........
a. Sinau kanthi tekun
b. Kacampur hawa lan nepsu
c. Wewarah ngelmu marang wong liya.
d. Ngupaya budi pakerti
e. Tansah sabar ngadhepi kahanan.
10. Akeh tembang Pocung kang kanggo cangkriman utawa bedhekan. Tembang Pocung anggadahi
watak sembrana parikena. Kang dikarepake sembrana parikena kasebut yaiku…..
a. dhapukan titilaras kang dhuwur
b. bebas wiramanipun naging tetep ngugemi pathokane tembang
c. tibane suwara vokal ing akhir gatra
d.munggah medhune lan dawa cendhake suwara trep kaliyan titi
laras
e. ora mentingake pangrasane tembang

12
II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!
Pahamana tembang Pocung iki:
Pocung
Slendro Pathet Nem

2 2 2 2 6 6 6 i 5 5 3 2
ngel- mu i- ku ka-la-ko-ne kan-thi la-ku,
6 i 5 2 1 6
le-ka-se la-wan kas,
5 1 1 1 6 65 5
te-ge-se kas nyan-to-sa-ni,
5 6 1 2 1 1 6 5 6 1 2 1
se-tya bu-dya pa-nge-ke-se dur ang-ka-ra.

1. Tegesana tembung iki:


a. laku:
b. nyantosani:
2. Gaweya gancarane.
3. Rembuga piwulange ringkes.
4. Terangna sacukupe tatacarane ngudi ngelmu kanthi laku tumrape siswa sekolah.
5. Terangna apa kang diarani ‘basa tembang’.

Lampiran 5
LKPD 3
Pengayaan
A. Pahamana Wacan iki:
Cakramanggilingan urip (gambaran urutan pagesangan manungsa saka lair nganti seda) kang
adhedhasar saka urutan jinise tembang macapat tembang Pocung ana ing urut ahir. Amila ana sing
negesii menawa tembung ‘pocung’ iku asalae saka tembung ‘pocong. Kanthi mangkono tembang
Pocung akeh kang nggambarake tiyang kondor marang Gusti Ingkang Maha Kuwasa sengga
pituture akehe ngewrat babagan: supayane aweh penget supayane ngupaya golek sangu kanggo
seba marang Ingkang Maha Kuwasa.
Saliyane iku kaya sing wis tak ing dhuwur, amarga anggone nembange luwih gampang timbang
tembang macapat liyane sarta luwih mardika. Saengga ora sithik yen tembang Pocung iku banjur
kang kanggo cangkriman utawa bedhekan.
13
Sumangga wenehana katrangan ing kolom iki:
No. Tembang Gambaran ing Pagesangan
1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmaradana
5. Dhandhangula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung Seda dibuntel dados Pocongan.

B. Penilaian:

INSTRUMEN PENILAIAN
Aspek Skor
Siswa menjawab dengan benar dan sangat baik 4/90-100
Siswa menjawab benar dan baik 3/60-80
Siswa menjawab benar dan cukup 2/30-40
Siswa menjawab tidak benar 1/0-20
Skor maksimal 4/100
Keterangan :
4/90-100
3/60-80
2/30-50
1/0-20

14
Lampiran 6
Remidial
Pahamana cakepan tembang Pocung iki:
Kang kadyèku kalêbu wong ngaku-aku.
Akale alôngka.
Elok jawane dèn mohi.
Paksa langkah ngangkah mèt kawruh ing Mêkah.
Pitakonan:
1. Coba terangna karepe cakepan tembang iku?
2. Wenehana tuladha unggah-ungguh lan tatakrama kang minangka asil kabudayan jawa sarta,
wenehana upaya marang kabudayan saka manca kang wektu iki gampang rumasuk amrih budaya
jawa tetep kajaga.

15
LAMPIRAN
MEDIA
PEMBELAJARAN

16
SERAT
WEDHATAMA
PUPUH POCUNG
KGPAA MANGKUNEGARA IV
DENING: RUDI PERMONO PUTRO, S.Pd., M.Pd.

ALLPPT.com _ Free PowerPoint Templates, Diagrams and Charts


MOTIVASI & APERSEPSI

Ayo para siswa ngudi kawruh utama


Dimen besuk raharja
Aja lali tata krama, unggah-ungguh trapsila
Datan lali angleluri kabudayan Jawa
PRE-TEST MATERI TEMBANG

SCAN KULA DONG


^_^
CAPAIAN PEMBELAJARAN
Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi
informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arah
an, atau pesan dari teks sastra berupa sastra
piwulang tembang pocung serat wedhatama .
PITAKONAN PANGGUGAH

SCAN KULA DONG


^_^
ANCAS PAWIYATAN (CP)
• Peserta didik membuat gancaran dari teks sastra piwulang
tembang pocung serat wedhatama
• Peserta didik mengartikan kata-kata sulit (negesi tembung) dalam
teks sastra piwulang tembang pocung serat wedhatama
OBJEK PERKAWIS (PBL)

Pupuh Pocung Pada 1, Serat Wedhatama


Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara
SERAT WEDHATAMA
Panganggit (yasan), Tegese, Wilangane pupuh (jumlahe
pupuh ing serat wedhatama), Surasane tembang
PANGANGGIT
KGPAA MANGKUNEGARA IV (1853 – 1881)
KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya)
Lahir 3 maret 1811, nama alit Raden Mas Sudira

TEGESE
WEDHATAMA ( WEDHA: PIWULANG/KAWRUH, TAMA: UTAMA)
WEDHATAMA (KAWRUH UTAMA) Ilmu keutamaan hidup

WILANGAN PUPUH
100 pada (Pangkur 14, Sinom 18, Pocung 15, Gambuh 35, Kinanthi 18)
SERAT WEDHATAMA
Panganggit, Tegese, Wilangane pupuh (jumlahe pupuh ing
serat wedhatama), Surasane tembang
SURASANE TEMBANG (ISI)
Pangkur (Ngungkurake nepsu)
Sinom (tapa brata/laku priatin)
Pocung (golek ngelmu kanthi laku lan kedah wonten gurune)
Gambuh (Nyempurnake ngibadah mring Gusti)
Kinanthi (mulih mula mulanira/bali dadi suci fitrahe)

Saka urutane pupuh ing serat wedhatama kuwi anduweni sasmita marang wong kang gelem nglakoni
kawruh utama. Kawiwitan saka ngungkurake nepsu, kang duweni teges ninggalke hawa nepsu
kamanungsan supaya ulihe tapa brata/laku priatin bisa kasil/fokus (usaha/tawakal) kanggo gayuh apa
sing dadi gegayuhane. Sakbanjure mlebu ning golek ngelmu kang kudu nganggo laku lan ana
gurune, merga yen golek ilmu mung otodidak lan ora ana lakune, ngelmu sing digayuh ora ana faedah
e lan bisa mbebayani. Yen kabeh gegayuhan babagan kadonyan wis kagayuh, mangka kabeh kudu bali
mring sing duwe urip yaiku Gusti Ingkang Maha Agung, kanthi cara nyempurnakake ngibadahe lantaran
sembah catur (raga, cipta, jiwa, rasa). Menawi wis kabeh sembah catur kalaksanan, manungsa mulih
mula mulanira (kembali keasalnya) bali ning fitrahe, manungsa suci.
PUPUH POCUNG
Paugeran (falsafah, ciri struktural, watak, sasmita, gancaran, lan
negesi tembung)
FALSAFAH
Nggambarake pawongan mangsa nalika wis dipocong utawa mati. Manungsa kang wis seda ba
kal lali sakabehe lan wis titiwanci tinimbalan bisane mung manut, mula sapenake.

CIRI STRUKTURAL
• Guru gatra: 4 gatra
• Guru wilangan lan lagu: 12u, 6a, 8i, 12a

WATAK
Sembrana, sakpenake, luwes, lucu, gawe seneng. Biyasane ngandharake bab guyonan/cangkriman
(teka-teki).

SASMITA
bapak pocung,wohing pocung
PUPUH POCUNG
Paugeran (falsafah, ciri struktural, watak, sasmita, gancaran,
pitutur luhur lan negesi tembung)
GANCARAN
Gancaran iku wacana kang bebas, ora kaiket paugeran kaya ing tembang
GANCARAN = PROSA (karangan bebas adhedhasar karya sastra)

PITUTUR LUHUR
•Pangalembana (pituduh) marang wong kang seneng ing sikep luruh, sumeh, pangapuran,
Sabar.
•Nengenake (mengutamakan) kadiwasaning akal, pikiran, rasionalitas/intelektual.
•Nuladani unggah-ungguhing praja mataram yaiku Panembahan Senopati.
•Ngajarake babagan kang kudu diduweni manungsa supaya kajen/dihormati ing donya, yaiku
Wirya (pangkat/drajat), arta (bandha), lan wasis (kepinteran).
•Ngajarake 3 cagaking urip: 1. lila yen kelangan; 2. sabar yen ana pacoban; 3.nrima ing pandum/pasrah
sumarah mring Gusti
•Ngedohi sipat angkara murka: 1. nesu tanpa alesan; 2. nutupi kaluputane dewe.
•Manungsa kang luhur budine kuwi luwih asring nyepi, intropeksi, lan ngakoni kabeh dosane
Marang Gustine.
LKDP TEMBANG POCUNG
PEMBAGIAN KELOMPOK

Kelp. semar: (Pada 1)

Kelp. petruk: (Pada 2)

Kelp. gareng: (Pada 3)

Kelp. bagong: (Pada 4)

Kelp. togog: (Pada 5)


• Gancarake Tembang
• Negesi tembung ing Tembang
Pada 1

Ngelmu iku kalakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara
• Gancarake Tembang
• Negesi tembung ing Tembang
Pada 2
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
• Gancarake Tembang
• Negesi tembung ing Tembang
Pada 3
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama
• Gancarake Tembang
• Negesi tembung ing Tembang
Pada 4
Taman limut durgameng tyas kang weh limput
Kerem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda saardi gengira
• Gancarake Tembang
Negesi tembung:
• Negesi tembung ing Tembang Laku: tumindak

Pada 1 Lekas: wiwit


Kas: sentosa
Ngelmu iku kalakone kanthi laku Setya: karep

Lekase lawan kas Budya: usaha


Pengekese: kang ng
Tegese kas nyantosani alahake
Dur: kang sarwa ala
Setya budaya pangekese dur angkara

Gancaran
Kalakone antuk ilmu kuwi srana wani lelaku nglakoni lelakone urip
/ kudu wani nindakake apa kang dadi lakone. Diwiwiti kanthi kas
kang ateges gawe sentosa utawa kakuwatan lair batin. Duweni
karep lan usaha kanggo bisa ngalahake utawa nyingkirake bab
kang sarwa ala.
• Gancarake Tembang
• Negesi tembung ing Tembang
Negesi tembung:
Pada 2 gung: agung/gedhe
angga: awak
Angkara gung neng angga anggung gumulung
gegolonganira: tunggale,kelompoke
Gegolonganira triloka: telung jagad/jaman
lekere: laladan, lingkungane
Triloka lekeri kongsi kongsi: nganti
ambabar: mundhak/tansaya
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
rubeda: bebaya

Gancaran
Sipat angkara kang gedhe kang ngebaki sajroning awak, kang
manunggal dadi siji nganti saambane telung jagad/sasuwene
telung jaman. Manawa diumbar bakal bisa dadi bebaya.
• Gancarake Tembang Negesi tembung:

• Negesi tembung ing Tembang lamun: manawa


sengsem: seneng/menep

Pada 3 samun: ora ketara


ngaksama: pangapura
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun sisip: kaluputan

Semune ngaksama sareh: sabar


mardi: nggegulang, mulang,
Sasamane bangsa sisip ngudi
Sarwa sareh saking mardi martatama marta: lembah manah

Gancaran
Beda menawa kang wis menep rasane (wis paham nanging ora
diketok-ketokne), tansah aweh pangapura marang sakabehe
kaluputan. Tansah sabar iku mau amarga nggegulang rasa lembah
manah lan bisa gawe swasana seneng.
• Gancarake Tembang Negesi tembung:
taman: panggonan, papan
• Negesi tembung ing Tembang limut:pedhut, peteng
dur: tumindak ala

Pada 4 tyas: ati


Weh: menehi
Taman limut durgameng tyas kang weh limput limput: ditutupi
kerem:klelep, kelem
Kerem ing karamat
karoban: dikuwasai
Karana karoban ing sih Sih: tresna asih
ngrebda: dadi, mundhak
Sihing sukma ngrebda saardi gengira

Gancaran
Ala sajroning ati kang nutupi papan (ati) peteng dhedhet
kaya pedhut. Bisa kerem sajroning kramate urip. Amarga
wis dikuwasai rasa tresna asih, asihing sukma (sejati) kang
tansaya mundhak dadi segunung.
Pada 1

Ngelmu iku kalakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara
POST-TEST MATERI TEMBANG

SCAN KULA DONG


^_^
SERAT
WEDHATAMA
PUPUH POCUNG
KGPAA MANGKUNEGARA IV

ALLPPT.com _ Free PowerPoint Templates, Diagrams and Charts


SERAT
WEDHATAMA
PUPUH POCUNG
KGPAA MANGKUNEGARA IV

ALLPPT.com _ Free PowerPoint Templates, Diagrams and Charts


TEMBANG PANUTUP

Ayo para siswa ngudi kawruh utama


Dimen besuk raharja
Aja lali tata krama, unggah-ungguh trapsila
Datan lali angleluri kabudayan Jawa
MATURNUWUN
DENING
RUDI PERMONO PUTRO, S.Pd., M.Pd

ALLPPT.com _ Free PowerPoint Templates, Diagrams and Charts


AKSI NYATA:
"Modifikasi Modul Ajar sesuai Prinsip Berdiferensiasi"
DOKUMENTASI AKSI NYATA:
"Modifikasi Modul Ajar sesuai Prinsip Berdiferensiasi"

Anda mungkin juga menyukai