Dening :
SMAN 4 BOJONEGORO
DAFTAR ISI
1
COVER…………........……………..............................................................1
DAFTAR ISI....………………………..........................................................2
ATUR PAMBUKA.......………………….....................................................3
BAB I PAMBUKA
1. Lelandhesaning Panliten……………………………………...................4
2. Punjering Panliten……………………………………….........................4
3. Tujuan Panliten……………………………………………………….....5
4. Piguna Panliten.........................................................................................5
5. Wewatesane Panliten................................................................................5
BAB II ISI/ANDHARAN
1. Dudutan.................................................................................................12
2. Pamrayoga.............................................................................................12
KAPUSTAKAN
2
ATUR PAMBUKA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha
Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur
sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija
ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged
purna.
Laporan karya tulis kanthi irah-irahan “Tembang Macapat Pangkur “ punika minangka
salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas semester
2 mata pelajaran basa Jawa.
Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten
manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah
kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.
3
BAB I
PAMBUKA
Bangsa indonesia ngrupakne bangsa sing nduweni akeh pisan budaya saka sabang
tekan merauke kabehe nduweni akeh budaya. Ora kajaba daerah pulau jawa. Mulane
kuwi awake dhewe dadi generasi enom kudu sinau ngajeni budaya bangsa indonesia asli
khususebudaya jawa. Ndelok tambah kurange minat generasi enom kanggo sinau
babagan budaya jawa mulaiki njabarake babagan luput siji budaya jawa khususe budaya
jawa babagan tembang macapat. Ing makalah iki dijelaskake perangane utawa carane
nembangaken tembang macapat.tembang macapat yaiku wujud saka salah siji kebecikan
seni sing nduweni jinis akeh . macapat nduweni pangerten yaiku salah sawijining
tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. tembang
macapat nduweni aji fillosofi sing becik banget amarga masing-masing jeneng tembang
macapat sing cacah 11 tembang ngrupakne dalan urip manusia saka lair sampek mati.
salah sijine yaiku tembang macapat pangkur. Pangkur iku tembang macapat kang nduwé
watak munggah ndhuwur. Manawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan
kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika
nyimpangi bab-bab ingkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan.
Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul.
Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang
nganggo jeneng pangkur, antarané: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok,
lan liya-liyané.
4
1.3 Tujuan Panliten
1.3.1.1 Kanggo mangerteni pangerten tembang macapat
1.3.1.2 Kanggo mangerteni pangerten/filosofi tembang macapat pangkur
1.3.1.3 Kanggo mangerteni piguna tembang macapat pangkur
1.3.1.4 Kanggo mangerteni paugeran/aturan tembang macapat pangkur
1.3.1.5 Kanggo mangerteni watak tembang macapat pangkur
1.3.1.6 Kanggo mangerteni isi tembang macapat pangkur
5
BAB II
ISI/ANDHARAN
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing
kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani
gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi
nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Biasané macapat dimaknani minangka maca
papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-
sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman
Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing
Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang
cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan
uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa
Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa
lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi
tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih
gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang
basa Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
6
Timbulipun Sekar Macapat
Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung
anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening
Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.
Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun
meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming
basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa
Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung
Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.
Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn
rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.
Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang
cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning
panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat
minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglagokaké nada kapapat".Saliyané
maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.
Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning
para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga
istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng
tembang gedhé.
Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing bait (pada) saben pupuh bisa
kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) ora
mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.
Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar
diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning
Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik
diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.
7
Watak lan Gunane Tembang Macapat
8
Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat
1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a
9
2.3 Piguna Tembang Pangkur
1. Nduweni guru gatra : 8 baris saben bait (artine tembang pangkur iki
nduweni 8 larik utawa baris ukara)
2. Nduweni guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 (artine baris pisan awak saka
8 suku tembung, baris kapindho isine 11 suku tembung, lan sateruse
3. Nduweni guru tembang : a, i, u, a, u, a, i (artine baris pisan buyar karo
vokal a, baris kapindho buyar vokal i, lan sateruse
Isine tembang Pangkur yaiku ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
Wos kang kamot ing tembang pangkur
10
BAB III
PANUTUP
1.2 Dudutan
Kita generasi muda kedah njaga adat jawa, ingkang sampun lestari wonten
masyarakat kanti cara nembangake tembang macapat kanthi trep wonten ing
piwulangan khusu sepi wulangan basa jawi. Supados tembang macapat punika
mboten ketilep kahanan zaman.
1.3 Pamrayoga
11
KAPUSTAKAN
http://alamiien.blogspot.co.id/2017/04/makalah-tembang-macapat-lemgkap-pangkur.html
http://sinaunembang.blogspot.co.id/p/tembang-macapat.html
http://pujirokhayanti999.blogspot.co.id/2011/12/makalah-bahasa-jawa.html
https://dyahpratamasari.wordpress.com/2015/07/30/makalah-bahasa-jawa-tembang-macapat-
gambuh/
12