Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KABUPATEN NGANJUK

DINAS PENDIDIKAN
KOORDINATOR WILAYAH PENDIDIKAN TK, SD KECAMATAN LENGKONG
Jln. Merdeka Selatan No. 07 Lengkong Kode Pos 64393

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 ( PTS 1)


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Tanda Tangan Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : .................................
Orang Tua
Kelas : 4 ( Empat ) No Absen : .................................
Hari/Tanggal : Selasa, 4 Oktober 2022 SDN : ………………………
Waktu : 09.30 WIB – 11.00 WIB Nilai : ………………………

Sapu Sada
Dening Astuti

Jum’at asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu


Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyup rukun kaya sapu sada

I. Pilihen salah siji jawaban seng bener!


1. Saben dina jum’at dianakake kegiatan ……
a. jalan sehat b. sinau bareng c. resik – resik d. penjelajahan
2. Nalika kerja bakti padha tumandang kanthi nandur kabecikan. Tembung “nandur” kabecikan
tegese ……
a. tumindak ala b. tumidak apik c. ngajak tukaran d. ngajak sinau
3. Jroning tandang gawe kabeh dikantheni rasa ……
a. sedih b. seneng c. wedi d. trenyuh
4. Crah agawe bubrah. Tembung “crah” tegese ……
a. Ngajak kekancan c. nganjak cecongkrahan
b. Ngajak paseduluran d. tansah guyun rukun
5. Rukun agawe santosa. Tembung “santosa” tegese ……
a. Tentrem b. anteng c. ringkih d. rosa
6. Urip guyub rukun diibaratke kaya dene sapu sada, jalaran sapu sada kuwi yen manunggal ora ana
sing ……
a. Nyenengi b. ngalahake c. nggunakake d. mbutuhake
7. Sing dadi temane geguritan ing dhuwur yaiku ……
a. Urip cecongkran c. seneng tukar padu
b. Ngajak guyub rukun d. seneng nyambut gawe
8. Geguritan iku yen ing basa Indonesia diarani ……
a. Pantun b. peribahasa c. puisi d. paribasan
9. Tembung – tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku ……
a. Mentes lan mantesi c. lumrah digunakake
b. Angel dingerteni d. ora tahu digunakake
10. Jroning maca geguritan mobah – mosiking awak kudu cocog karo isi karepe geguritan diarani ….
a. Ekspresi b. artikulasi c. kinestik d. wirama
11. Sing diarani teks pirembugan paling sakthik yaiku teks wujude ……
a. Tembang b. geguritan c. gancaran d. pacelathon
12. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ……
a. Bisa ngarang b. pinter nembang c. ngerti pengarane d. paham isine
13. Jroning nulis geguritan sing diutamake dhiksi. Sing diarani dhiksi yaiku ……
a. Panggonane wirama c. pangangen angen
b. Panggonane gaya bahasa d. pamilihan tembung
14. Cacahe wong nalika pirembugan paling sakithik yaiku ……
a. Wong 1 b. Wong 2 c. Wong 3 d. Wong 4
15. Nalika maca teks pirembugan sing kudhu digatekake yaiku ……
a. Olehe ngucapkake tetembungan kudu bener
b. Oleh e maca saben ukara kudu banter
c. Wong sing maca pirembugan kudu pinter
d. Ora perlu nggatekake tanda pawacan
16. Tata krama jroning pirembugan sing becik yaiku ……
a. Rembugan mung karo wong sing becik wae
b. Saora – orane bisa gawe lara atine wong liya
c. Gunakake tetembungan sing becik lan sopan
d. Nalika rembungan ora perlu ngganggo basa
17. Guna paedahe tata krama pirembugan yaiku ……
a. Awake dhewe malih digething wong akeh
b. Akeh wong sing maido marang awake dhewe
c. Awake dhewe diajeni / disunkani wong akeh
d. Awake dhewe malih ora perlu duwe kanca
18. Hadi mau diceluk bapak ora krungu. Tembung “diceluk” benere ……
a. Didukani b. ditimbali c. diutus d. didhawuhi
19. Bu guru saiki isih durung gelem mangan. Tembung “gelem mangan” benere ……
a. Purun nedha b. purun dhahar c. kersa nedha d. kersa dhahar
20. Bapak isih durung gelem turu. Ukara iki yen diowahi dadi ngoko alus ……
a. Bapak isih durung kersa tilem c. Bapak isih durung kersa sare
b. Bapak isih durung purun tilem d. Bapak isih durung purun sare

II. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki !


1. Apa sing diarani geguritan?
2. Sebutna apa wae struktur geguritan!
3. Supaya bisa ngerteni isine geguritan, sebutna 3 wae bab – bab sing kudu di gatekake !
4. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab – bab apa wae sing kudu digatekake !
5. Sebutna 2 wae carane supaya bisa maca geguritan kanthi becik !
6. Apa sing diarani teks pirembugan ?
7. Sebutna 2 wae paedahe tata krama jroning pirembugan !
8. Apa ciri – ciri ne teks pirembungan?
9. “Mengko mampira neng omahe pakdhemu”
Ukara ing dhuwur dadekna ngoko alus !
10. Owahana dadi aksara jawa !
“Ibu tuku jamu jawa”
III. Wangsulono soal – soal ing ngisor iki manut prentahe !
1.

Guyup Rukune si Semut


dening Yuli Falianti Fallah

Si Blekithi
Nadyan alit ringkih
Tansah nengenane komunikasi
Guyup rukun anggung den jagi
Engga kwawa ngusung boga gung aluhur
Pakaryan abot bisa rampung

Apa tegese tembung – tembung kang ditulis miring ana ing geguritan ing dhuwur iki ?
……………………………………………………………………………………………
2. Sapa sing ngarang geguritan “ Guyup Rukune si Semut” ?
……………………………………………………………………………………………
3. Apa sing diarani tata krama jroning pirembugan ?
……………………………………………………………………………………………
4. “ Saiki aku arep mangan”
Ukara ing dhuwur dadekna krama lugu!
……………………………………………………………………………………………
5. Gawea contoh ukara krama alus !
…………………………………………………………………………………………….
Kunci Jawaban

I.
1. C 11. A
2. B 12. D
3. B 13. D
4. C 14. B
5. D 15. A
6. C 16. C
7. B 17. C
8. C 18. B
9. A 19. D
10. A 20. C

II.
1. Geruritan Yaiku salah sijine jenis karya sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan
2. a. Dumadi saka pirang – pirang bait
b.Nggunakake purwakanthi (Rima/persajakan)
c. Tetembungan endah lan mentes
3. a. Negesi tembung – tembung kang utama
b.Nerangke maknane saben – saben ukara jroning geguritan
c. Njlentrehake maknane geguritan kanthi wutuh.
4. Bisa mangerteni isine geguritan
5. Mangerteni isine, Ekspresi utawa solah bawa
6. Tulisan utawa naskah kang dadi bahan rerembugan utawa musyawarah
7. – Awakdewe malih disungkani, diajeni, lan disenengi wong liya
- Bisa luweh gampang anggone srawung marang sapa wae
- Menehi rasa kapitayan dhiri (percaya diri) marang awake dhewe
- Bisa njaga suwasana kang becik jroning pasrawungan ing ngendi wae
(kebijakan guru pilih salah satu diatas)
8. – Saben paraga ngutarakke utawa kanggo ukara langsung
- Sakabehing tetembungan lan ukara sing diomongno kabeh paraga ditulis kaya pacelathon
- Panulisan wektu omong – omongan sapadhane paraga kudu ditulis awujud pacelathon, yaiku titik
loro (:), tanda pethik (“) lan kanggo paragraph anyar saben pindah pacelathon
9. Mengko mampiro neng ndaleme pakdhemu
10.

III.
1. Blekithi = semut Boga = panganan
Nengenake = ngutamakake Pakaryan = penggawean
Den jagi = dijaga
2. Yuli Falianti Fallah
3. Tata pranatan sing kudu ditindakake sajroning nindakake pirembugan marang wong liya
4. Sakniki kulo badhe maem
5. Pak, Panjengan mengke sios ngutus kula punapa mboten? (kebijakan guru)

Anda mungkin juga menyukai