Anda di halaman 1dari 6

LEMBAGA PENDIDIKAN SENOPATI

SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN ( SMK )


PAKET A
“SENOPATI”
SEDATI – SIDOARJO

ULANGAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022

Mata Ujian : Bahasa Daerah Hari / Tanggal :


Kelas : XI Waktu : 60 Menit
LEMBAGA PENDIDIKAN SENOPATI
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN ( SMK )
“SENOPATI”
SEDATI – SIDOARJO

I. Jawablah pertanyaan – pertanyaan di bawah ini dengan benar!

1. Wohing kasusastran Jawa kang basane cekak nanging mentes lan endah kanthi wujud iketaning basa kang
memper syair. Kasusastran iki asale saka tembung gurit, kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan.
Kasusastran iki uga diarani puisi Jawa. Cara mresentasi karya sastra iki ora ditembangake, nanging diwaca
nganggo wirama, wiraga lan wirasa manut surasane. Pangerten iki minangka pangerten umum kang diarani …
a. Kasusastran Jawa d. Geguritan
b. Syair e. Kidung
c. Tembang
2. Kasusastran iki bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Kasusastran iki mujudake karya
kang sipate pribadhi. Mula antara penganggit siji lan sijine beda-beda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane
penganggit banjur diolah supaya dadi kasusastran kaya kang dikarepake penganggit. Kasusastran jenis iki
disebut geguritan utawa disebut …
a. Kasustran Jawa d. Tembang Jawa
b. Karya tulis e. Kidung
c. Puisi Jawa modhern
3. Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
1. Geguritan diwaca dhisik supaya ngerti karepe isi geguritan iku
2. Diwaca kanthi sora, amarga dirungokake wong akeh
3. Diwaca kanthi kedal lan intonasi sing trep
4. Diwaca kanthi greget sing jumbuh karo isine geguritan
5. Pamilihane tembung kang mentes
Bab-bab ing dhuwur kalebu bab kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kajaba …
a. 1 d. 4
b. 2 e. 5
c. 3
4. Saben panggurit mesthi duweni tujuwan nalika ngarang geguritan. Tujuwan utawa amanat iki didhelikake,
sinandhi ing walike reroncening tembung, ukara, gatra, lan pada ing geguritan. Sawijining geguritan duwe
struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka paugeran kang mathok wujud kasusastran iki. Struktur batin
geguritan yaiku struktur kang kinandhut ana sajroning geguritan iku. Ing ngisor iki wujud struktur batin
geguritan, kajaba …
a. tema d. amanat
b. suasana e. isi
c. nada
5. Geguritan iku duweni wujud gagrag kang beda antara siji lan sijine. Saben gagrag bisa dibedakake amarga
kalorone duwe pathokan sing ora padha. Kanthi mangerteni pathokane kita bisa mangerteni prabedane.
Geguritan kang tembung-tembunge pilihan, isine mentes, cacahe gatra/larikan ora katemtokake, arang nganggo
tembung salugune/denotasi, akeh nganggo tembung kiasan/konotasi, lan ora nganggo tembung “sun gegurit”,
iki kalebu cirine geguritan …
a. Gagrag anyar d. Gagrag modern
b. Gagrag lawas e. Gagrag pertengahan
c. Gagrag tradisional
6. Geguritan kudu dadi bab kang wutuh utawa diarani koheren, antarane perangan lan unsur-unsur ing geguritan.
Geguritan kudu duweni kualitas estetik kang magepokan karo pilihan tembung kang trep, satemah nuwuhake
imajinasi estetik kang kuwat. Geguritan luwih becik yen bisa ngamot unsur edukatif (pendhidhikan) bisa
kanggo aweh tuladha lan pitutur becik. Pramila geguritan bisa nuwuhake rasa tresna kanggo masyarakat.
Pranyatan iki duweni teges bilih kang ora prelu digatekake ing geguritan yaiku …
a. Wutuh d. nuwuhake rasa tresna
b. Estetis e. imajinasi kang kuat
c. Edukatif
7. Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
1. Ditembangake kanthi suara sora lan cetha
2. Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat
3. Cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra kudu padha akehe
4. Tibaning swara (guru lagu) kudu runtut
5. Sangerepe diwiwiti tembung “Sun Gegurit”
Bab-bab ing dhuwur kalebu paugerane geguritan gagrag lawas, kajaba …
a. 1 d. 4
b. 2 e. 5
c. 3
8. Wacanen geguritan iki!
Memuji
Dening: Dwi Haryadi

Ing wayah esuk iki


Kula menika anak kang memuji
Dhumateng Gusti Kang Maha Widhi
Supaya kurmat marang wong tuwa
Boten mokal boten jangkar lan boten damel dukaning manah
Kurmat marang wong tuwa supaya luhur
Gawe wong tuwa bungah
Merga solah kula sing kurmat ibu bapa

Sapa panganggit geguritan ing dhuwur?


a. Kula d. ibu lan bapa
b. Gusti Kang Maha Widhi e. kabeh bener
c. Dwi Haryadi
9. Geguritan kudune duweni kualitas estetik kang magepokan karo pilihan tembung kang trep, satemah nuwuhake
imajinasi estetik kang kuat, ana wiramane, kanthi sasmita-sasmita kang urip lan seger, kanthi lelewaning basa,
nuwuhake rasa lan pamikiran kang jero uga ngamot daya ekspresi. Padhatane geguritan iku ngandharake
pikiran, idhe, utawa gagasan kanthi cara ora langsung. Pangerten iki minangka unsur kang kudu digatekake lan
kaamot ing geguritan supaya geguritan …
a. Wutuh (koheren)
b. Estetis utawa duweni unsur keindahan
c. Edukatif
b. bisa nuwuhake rasa tresna
e. kabeh bener
10. Tembung camboran yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro uatawa luwih kang digabung dadi siji
satemah duweni teges anyar. Tembung camboran iku jinise ana papat, yaiku temung camboran tugel, camboran
wutuh, camboran tunggal lan camboran wudhar. Dene tuladha tembung “meja tulis” iku kalebu tembung
camboran …
a. Tugel d. wudhar
b. Wutuh e. wancah
c. tunggal
11. Upacara adat pangantenan ing tlatah Jawa iku salah sawijining upacara sakral adat Jawa sing duwe rantaman
(urut-urutan) upacara lan tata cara sing wis pakem utawa baku. Tata upacara pangantenan iku nglambangake
nyawijine risang panganten kakung miwah panganten putri kanthi pangajab bisa mangun bale wisma kanthi
ayem tentrem pindha mimi lan mintuna. Upacara pangantenan ing tlatah Jawa iki umume disebut upacara adat
tradhisi …
a. Mantu d. Duwe gawe
b. Pawiwahan e. Ngantenan
c. Resepsi
12. Upacara pangantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing duwe reroncen ing upacara lan
tata cara sing wis pakem. Upacara pangantenan iki nglambangake sapatemonan atarane panganten putri lan
panganten kakung neng swasana sing mligi lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu. Reroncening inti
upacara iki umume dianakake ing papan ngendi …
a. Gedhung resepsi d. Kantor Urusan Agama (KUA)
b. Daleme manten kakung e. Daleme mara tuwa
c. Daleme manten putri
13. Upacara iki kanggo nrima kulawarga calon panganten kakung ing daleme calon panganten putri. Upacara iki
dadi tandha wong tuwa utawa kulawarga manten putri sarujuk yen putrine dadi pasangan urip calon panganten
kakung. Acara iki biasane sekalian kanggo nemtokake dina lan tanggal dianakake reroncening upacara bacute,
utamane tanggal resepsi penganten. Upacara iki yaiku diarani upacara …
a. Nikahan d. Malem midodareni
b. Lamaran e. Boyongan
c. Tunangan
14. Acara iki sejatine upacara kang duweni tujuan lan pralambang kanggo ngresiki jiwa calon pengantene, utawa
diarani ngresiki niat supaya suci. Upacara iki dilaksanakake sedina sadurunge ijab kabul lan dianakake ing
omahe calon panganten dhewe-dhewe. Umume ing bageyan omah sing rada kabukak kaya ing pekarangan
utawa ing buri omah. Upacara iki diarani upacara …
a. Lamaran d. Malem midodareni
b. Siraman e. Srah-srahan
c. Tingkeban
15. Upacara iki lambange para widadari kang mudhun saka kayangan lan aweh wahyu marang pangenten putri
supaya mbesuke nalika dirias bisa manglingi pindha widadari. Acara iki uga kanggo pralambang yen sesuk ing
acara utama, panganten putrine bakal ayu kaya widadari. Ing acara iki panganten putrine ora metu saka kamar
wiwit jam enem sore nganti tengah wengi lan sikancani dening sedulur-sedulur putrine sinambi aweh nasihat.
Upacara iki diarani upacara …
a. Siraman d. Wiji dadi
b. Panggih e. Sinduran
c. Midadareni
16. Adicara iki uga diarani adicara “asok tukon”, yaiku pihak saka manten kakung masrahkake ubarampe lan beya
sing bakal kanggo nganakake resepsi pengantenan. Tuladha ubarampe iki antarane ana beras, sayuran, pitik,
jajan pasar lan wujud ubarampe liyane umume wujud pangan lan sandhang. Saliyane iku sing paling penting
ana ing papasrahan yaiku dhuwit sing tumrape pihak estri bakal dianggo ragad pas acara resepsi penganten.
Adicara iki diarani …
a. Lamaran d. Malem midodareni
b. Siraman e. Srah-srahan
c. Tingkeban
17. Adicara iki kalebu adicara paling penting utawa adicara kang dadi intine upacara adat ing tradhisi mantu.
Adicara iki dilaksanakake dening naib, calon manten kakung, wali saka manten putri, saksi-saksi lan para
panyeksi liyane. Wujude adicara iki yaiku nalika penganten kakung ngucapake prasetya bebojoan karo
penganten putri lan disekseni wog akeh supaya bisa sah nikahe. Arane adicara iki yaiku …
a. Srah-srahan d. Wiji dadi
b. Panggih e. Sinduran
c. Ijab kabul
18. Sarampunge upacara ijab kabul (akad nikah) dianakake acara yaiku manten kakung ditemokake marang manten
putri. Ing acara iki kembar mayang digawa metu saka omah lan didelehake ing prapatan cedhak omah sing
tujuwane kanggo ngusir roh kang niate ala utawa bebayani. Sawise iku manten banjur ditemokake saperlu
nerusake adicara liyane. Ing tradhisi mantu acara iki diarani …
a. Siraman d. Wiji dadi
b. Panggih e. Sinduran
c. Midadareni
19. Upacara iki katindakake yaiku kanthi lelampahan manten kakung midak endhog pitik jawa nganti pecah. Banjur
panganten putri ngumbah/ngresiki sikil utawa ampeyane panganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara
iki minangka pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab ming kulawargane ing urip
bebrayan nalika wis bangun bale wisma. Upacara iki diarani upacara …
a. Siraman d. Wiji dadi
b. Panggih e. Sinduran
c. Midadareni
20. Ing upacara tradhisi mantun, acara iki diwujudake kanthi lampahan manten kakung ngucurake ubarampe kang
diwadahi klasa bangka. Klasa bangka iki mau isine ana dhuwit logam, beras, kembang, lan ubarampe liyane
miturut adat tradhisi ing tlatahe dhewe-dhewe. Ubarape iki mau dikucurake ana pangkonane panganten putri lan
ditampani ing wadah kain cindhe. Adat iki minangka pralambang saka pangenten kakung kang duweni
kewajiban paweh nafkah marang garwane. Arane adat tradhisi iki yaiku …
a. Pupuk d. Kacar-kucur
b. Sinduran e. Kenduri
c. Timbang
21. Sauwise adicara dhahar klimah yaiku mangan dulang-dulangan minangka pralambang urip susah lan seneng
kanthi dilakoni bebarengan, ditutugake adicara mertui. Adicara mertui yaiku kulawarga panganten putri mapag
utawa methuk wong tuwane panganten kakung saperlu nderekake lelampahan acara resepsi. Sauwise dipethuk
wong tuwa manten kakung lenggah lan ditutugake adicara temanten kekalih nyuwun donga pamgestu mring
rama lan ibu penganten kekalih. Adicara iki diarani adicara …
a. Srah-srahan d. Mertui
b. Kenduri e. Resepsi
c. Sungkeman
22. Saperanganing piranti kang kudu dicepakake ing upacara iki ing antarane yaiku, siji, meja sing ditutupi kain
putih kang wis resik. Ing dhuwure meja iku ditutupi maneh karo ubarampe kang wujude antarane kain kanthi
motif bangun tulak, motif kain sindur, kain lurik, kain yuyu sekandhang, motif mayang sekar utawa lentrek,
motif ron utawa godhong dhadhap serep, motif ron kluwih lan kain motif ron alang-alang. Piranti-piranti iki
minangka ubarampe adicara apa …
a. Mantu d. Tedhak siten
b. Tingkeban e. Slametan
c. Ruwatan
23. Upacara iki yaiku salah sijining upacara adat tradhisi masarakat Jawa. Wujude upacara iki yaiku slametan
kanggo mengeti umure jabang bayi kang dikandhut ibu wis ngancik umur pitung wulan. Tujuwane saka upacara
adat tradisi iki yaiku kanggo ngenalake yen pendhidhikan iku ditindakake bisa wiwit anane jalma ing jero
kandhutan ibu dumugi saumure jalma. Saliyane tujuwane upacara iki kanggo ngunjukake rasa puji syukur
dhumateng Gusti Allah kang murah rejeki lan nyenyuwun supaya ibu lan jabang bayi bisa sehat lan lancar
anggone wayah babaran. Tradhisi kang dimaksud iki diarani upacara tradhisi …
a. Mantu d. Tedhak siten
b. Ruwatan e. Slametan
c. Tingkeban
24. Salah sawijining tuladha sajen ing adicara tradisional Jawa sing kagawe saka campuran klapa parut lan gula
klapa, dimasak nganti garing diarani enten-enten. Dene sajen kang digawe kanggo lairane anak ing sangisore
putra mbarep dhewe kang digawe saka glepung beras, santen sakcukupe lan gula klapa kang kalebu ing
sajroning sajen upacara tradisi lairan yaiku sajen kanthi aran …
a. Rujakan d. Sumsuman
b. Sekul loyang e. Bubur procot
c. Enten-enten
25. Ubarampe upacara tingkeban iku wujude maneka warna. Ana ubarampe kang awujud panganan lan sandhangan.
Ubarampe iki kalebu ubarampe kang awujud panganan. Dene ancase utawa tujuwane anane panganan iki
minangka tandha sukur marang Gusti Ingkang Mahakuwasa awit kabeh sih nugrahane. Ing ngisor iki kalebu
maneka warna wujude ubarampe golongan panganan ing upacara tingkeban, kajaba …
a. Tumpeng kuwat d. Rujakan
b. Jajan pasar e. Keleman
c. Sekul klimah
26. Ubarampe iki minangka simbol supaya bayi sing arep dilairake mengko sehat lan kuwat. Isine bahan sing
digunakake antarane yaiku beras kang wus didang dadi sega. Banjur ditata utawa dihias nggunakake endhog
pitik godhog cacah 35 iji, ana lawuh tahu, tempe, iwak asin goreng, lombok mentahan kanggo hiasan, terong
mentahan sing dionceki nanging kulite tetep isih tememplek lan diwenehi urap-urapan. Ubarampe kang
dimaksud iki yaiku …
a. Tumpeng kuwat d. Rujakan
b. Jajan pasar e. Keleman
c. Sekul klimah
27. Ubarampe iki uga diarani pala kependhem. Wujude ubarampe iki yaiku kayata ubi-ubinan. Ubi kang dibutuhake
dadi ubarampe upacara tingkeban iki wujude ana pitung jinising, antarane kayata ubi jalar, tela, gembili,
kenthang, wortel, ganyong, erut utawa garut, pohung, enthik, lan maneka warna wujud pala kependhem.
Ubarampe iki digodhog utawa dikukus banjur didakake ing sawijine wadhah kayata nyiru. Ubarampe kang
dimaksud iki uga diarani …
a. Jajan Pasar d. Pancenan
b. Kaleman e. Krowotan
c. Sajeng mendhikingan
28. Upacara iki kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245 dina. Urutane upacara yaiku sepisan bocah dituntun ibune
mlaku ngidak jadah pitung werna. Banjur dituntun munggah andha tebu “Arjuna”. Katelu yaiku bocah dituntun
ing wedhi/pasir. Banjur dilebokake menyang kurungan kang dilambari klasa. Upacara iki pungkasane bocah
diadusi dan didandani nganggo klambi resik lan apik. Upacara iki kanggo nggambarake pangajaping wong tuwa
marang anak supaya bisa dadi bocah sehat, becik lan migunani mring sapadha. Arane upacara tradisi kang
dimaksud iki yaiku …
a. Mitoni d. Selapanan
b. Tingkeban e. Tedhak siten
c. Sepasaran
29. Nyritakake maneh isine wacan iku ana tata carane. Sing baku yaiku diwiwiti kanthi cara kudu maca lan
mangerteni isine wacan dhisik. Tujuwane supaya bisa mangerteni surasane wacan kang arep diandharake
maneh. Sawise maca lan mangerteni isine wacan banjur nyritakake maneh isine wacan. Ing ngisor iki kang ora
klebu tata cara kang trep kanggo nyritakake maneh isine wacan, yaiku …
a. Crita kudu runtut, ora kena diwolak-walik
b. Kudu bisa nguwasani teknik panggung supaya lancar
c. Basane krama kudu bener lan trep
d. Anggone crita kudu lancar
e. Swarane cetha lan ora rangu
30. Menehi tanggapan iku tegese menehi panemu ngenani sawijing prakara. Menehi tanggapan iku ora angger-
anggere. Kapisan, kudu mangerteni prakara kang ditanggepi. Kapindho, ora kena geseh karo prakara asline.
Pungkasane, nggunakake unggah-ungguh basa sing bener lan pener. Dene ngandharake tanggapan teks babagan
tradhisi, lelampahane yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba …
a. Maca kang pratitis teks nonsastra babagan tradhisi
b. Mengerteni isine teks nonsastra babagan tradhisi
c. Nguwasani teknik-teknik maca lancar
d. Menehi tanggapan kanthi unggah-ungguh basa kang trep
e. Swarane kepenak, tegese ora banter ning ya ora alon.

Anda mungkin juga menyukai