Anda di halaman 1dari 10

SOAL UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL

PAKET CADANGAN

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa (Muatan Lokal)

Hari/ Tanggal :

Alokasi Waktu : 120 Menit

A. Wangsulana pitakonan sing ana ing ngisoe iki kanthi cara milih jawaban sing paling bener saka
pilihan jawaban a, b, c, d, utawa e !

1. Sawijining artikel kang tujuane ngajak marang pamaca supaya melu karo apa kang dikarepake panulis
yaiku.....
a. Artikel eksposisi
b. Artikel argumentasi
c. Artikel persuasif
d. Artikel preskriptif
e. Artikel prediktif

DhaharanSehatKanggoJantung

Saliyane diabetes mellitus (DM), hipertensi,


gangguankesehataningjantungkalebuurutannomertelupenyakit sing bisamarakakepepati. Bab
ikidiumumakedening WHO, bebadankesehatansadonya. Sayasuwewong sing larajantungoramungwong sing
wislansia (lanjutusia) waenanging nom-nomanugawisakeh sing kenagangguanjantung.
Sebabemergacarauripelancaramangane sing oraperdulimarangkesehatan.

Wiwitcilikbocahsaikiumumepadhasenengjajanpanganan sing modern nangingorasehatkayatafried


chicken, sosis, nugget, soft drinklanpanganan “cepatsaji” sing tinemuingendi-endi.
Bocahsaikiracakeorasenengmangansayur (janganan), buah, lanpanganantradhisional.

Penyakit sing disebabakeurip modern werna-werna, salahsijineyaikupenyakitjantungkoroner, sing


disebabakepembuluhdarahsayasuwesayaciyutmergakesumpedanlemaklankolesterol. Lemaklankolesterol sing
digawamilideninggetihmenyangsaranduneawakakeh sing nemplekingpembuluhdarah,
mliginepembuluhdarah sing tumujujantunglan sing sakajantung. Tumpukanlemaklankolesterolikidiaraniplak,
sing sayasuwesayanumpukkandelllanbisanyumpedipembuluhdarah. Yen ngantibuntu,
wongmaubisatilardonyamenawaoraenggalketututan. Salah
sijinecarakanggongatasimungcaraoperasisupayapembuluhdarah sing kesumpedanmaubisabolongmaneh.

2. Teks artikel iki kalebu jinis artikel......


a. Artikel Eksposisi
b. Artikel Persuasi
c. Artikel Deskriptif
d. Artikel Prediktif
e. Artikel Eksplanatif
3. Sapa ta asmane tokoh Panakawan ing gambar?
a. Petruk
b. Bagong
c. Anoman
d. Gareng
e. Semar

4. Dasanamane Raden Janaka yaiku....


a. Werkudara – Bimasena – Arya Panenggak
b. Purbaya – Kaca Negara – Tetuka
c. Kurupati – Jakapitana – Suyudana
d. Ismaya – Nayantaka – Badranaya
e. Permadi – Dananjaya – Prabu Kariti

5. Nalika, Petruk dadi ratu akeh wong kang gumuyu. Miturut wong-wong, Petruk dadi ratu iku among
lakon impen. Lakon impen wong cilik kang bisa ngowahi kahanan. Apa ana rakyat kang mlarat lan
bodho bisa dadi raja kang sugih lan bijaksana? Ana uga kang kandha lakon iki mung pasemon babagan
kere mungah bale. Ana uga kang ngarani manawa Petruk dadi ratu kuwi among lakon aji mumpung
babagan kawula alit kang migunakake kesempatan sajroning kesempitan. Petruk dadi ratu dudu lakon
wong bodho kang dadi raja, utawa lakone wong cilik kang aji mumpung ananging lakon mencoke
wahyu marang kawula.
Miturut cuplikan crita “Petruk dadi Ratu” kenapa akeh wong kang gumuyu nalika Petruk dadi ratu.....
a. amarga Petruk dadi ratu kuwi lakon mencoke wahyu marang kawula
b. amarga Petruk dadi ratu itu bisa dumadi raja kang adil lan bijaksana
c. amarga Petruk dadi ratu iku among lakon impene wong cilik
d. amarga Petruk dadi ratu iku kabegjane wong cilik
e. amarga Petruk dadi ratu iku bisa ngowahi kahanane wong cilik

6. Mingkar-mingkurin ukara
Akarana karenan mardi siswi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Yen dideleng paugerane, tembang macapat ing dhuwur kalebu
a. Tembang Pangkur
b. Tembang Asmarandana
c. Tembang Dhandhanggula
d. Tembang Mijil
e. Tembang Pucung

7. Tembang macapat kang nduweni paugeran 12u, 6a, 8i, 12a yaiku
a. Durma
b. Pocung
c. Dhandhanggula
d. Asmarandana
e. Kinanthi

8. Ing ngandhap punika lumrah kangge nggambaraken bagus saha agungipun pinanganten kekalih, inggih
punika
a. Burisrawa lan Dewi Wara Sumbadra.
b. Rahwana dalasan Dewi Shinta.
c. Bathara Kamajaya dalah Bathari Kamaratih ngejawantah.
d. Prabu Baladewa dalah Dewi Erawati.
e. Bathara Guru dalah Bathari Durga ngejawantah.

9. Widya Mandala. Ukara basa kawi kasebut tegese yaiku


a. Bocah wadon sing sampurna.
b. Pikiran sing apik lan becik.
c. Bumi kapinteran.
d. Mega sing apik.
e. Ketok srengenge.

10. Paragraf kang nggunakake tetembungan basa rinengga


a. UKS-e kudu lengkap isine sokur ana dokter pengawase sing kalamangsa nunggoni ing UKS. Kader
kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis.
b. Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan
ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung karo gedhung, mburi sekolah, pinggir lapangan.
c. Mbiyen ora ana sing nglirik, nanging saiki dadi rebutan. Kepopulerane saya tambah merga pranyata
tanduran kang ber-“racun” iki manfaate akeh banget. Wiwit minangka bahan baku biodisel, tanduran
pelindung, obat tradisional, pakan ternak, insektisida lan sumber pupuk.
d. Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersame ramane
yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jathasura. Mula sekaring kedhaton ing kadipaten
Blambangan kuwi tansah mbududaya golek cara supaya bisa uwal saka papan kono.
e. Saiki sawise ndonya rumangsa kekurangan bahan organ minyak , merga cadangan minyake saya
entek, manungsa bali nggunakake lenga jarak minangka bahan baker disel. Yen dibandhingake karo
BBM lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek, angger gelem nandur.

11. Maca endhah geguritan iku kudu.....


a. Banter swarane tanpa ana sing ngalahake
b. Cepet lan cetha supaya ora ngentekake wektu
c. Sopan, yen perlu disalini dadi basa krama disik
d. Diwaca lan diapalake geguritane, banjur ditembangake
e. Didhasarake wewatakan, tata krama, lan njiwani

12. Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan......
a. Basane endhah, mentes, lan mantes
b. Basa rinengga, mentes, lan mantes
c. Guru swara, guru sastra, lan guru basa
d. Purwakanthi, pepindhan, lan paribasan
e. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

13. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, kita kudu mangerteni.....


a. Tegese tembung
b. Pralambange tembung
c. Pamacane tembung
d. Ekspresi wajah
e. Wong sing ngarang

14. Sing ditindakake nalika adicara brojolan ing tingkeban yaiku.....


a. Nglebokake klapa gading enom
b. Medhot lawe utawa lilitan benang
c. Mecahake wajan lan gayung
d. Nyolong endhoge tanggane
e. Kendhuran wong sakampung

15. Ing ngisor iki kalebu upacara adat kang ana gegayutane karo manungsa nalika isih ing kandhutan nganti
kaseban jati yaiku.....
a. Pethik laut
b. Bersih esa
c. Brokohan
d. Sedekah bumi
e. Grebeg sura

16. Sawijining paraga sing nduweni jejibahan lantarake titilaksana ing sawijining adicara diarani.....
a. Pambagyaharja
b. Orator
c. Pranatacara
d. Pamedarsabda
e. Pambiwara

17. Bedane teks pranatacara karo pamedhar sabda bisa dititeni perangan.....
a. Pambuka
b. Ramtaman adicara
c. Isi
d. Panutup
e. Papan lungguhe

18. Perangane sesorah sing isine puji syukur marang Gusti lan maturnuwun marang pamiarsa, iku diarani
perangan.....
a. Salam pambuka
b. Pambuka
c. Wusana basa
d. Enggal pangarep-arep
e. Panutup

19. Watake sengkalan iku wiwit angka.... nganti ......


a. 1-9
b. 1-10
c. 0-10
d. 0-9
e. 1-0

20. Sengkalan sing wujude gambar diarani.....


a. Watake sengkalan
b. Sengkalan lamba
c. Sengkalan memet
d. Candra sengkala
e. Surya sengkala

21. Kanggorembugankarowong sing luwihdhuwurpangkate, nangingwisraketnggunakakebasa ...


a. ngoko
b. ngokoalus
c. kramaalus
d. kramalugu
e. kramamadya

22. ..... asile rembugan ing kantor mau? Tembung pitakon kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku
...
a. kepriye
b. kapan
c. ngendi
d. sapa
e. pira

23. Tiyang sepuh badhe ..... penggalihipun manawi putranipun sae budi pekertinipun. Tembung
kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku .....
a. gela
b. sarujuk
c. mongkog
d. anyel
e. nesu

24. Mawar diutus ibune menyang pasar nanging Mawar ora gelem amarga dheweke arep nggarap
tugas kelompok ing omahe Dina. Mawar anggone matur .....
a. Sepurane Bu, aku arep nggarap tugas kelompok ana omahe Dina.
b. Pangapunten nggih Bu, kula nembe kathah gawean nggarap tugas kelompok dhateng
omahe Dina.
c. Nyuwun pangapunten Bu, kula badhe nggarap tugas kelompok dhateng dalemipun Dina.
d. Sorry Bu, aku akeh tugas. Dina iki tugasku nggarap tugas kelompok ing omahe Dina.
e. Nyuwun pangapunten Bu, kula badhe ndamel tugas kelompok wonten griyanipun Dina.
25. Unsur intrinksik crita kang ngandharake papan lan wayah sing digunakake ing crita cekak
diarani .....
a. alur
b. tokoh
c. amanat
d. tema
e. latar

MAKMUR NING AJUR


……………………………………………………………………………………………………………
………..” mengko mbengi Mami arep kulak dagangan maring Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu
njaga kiose. Eman-eman angger tutup, mengkorejeki atusan ewu ilang. Pokoke
Papi kudu bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa, tur madan kesuh.
Sugeng ora semaur. Gagean motore destater terus diplayokna metu sekang ngumah maring
sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis gutul. Montor diparkir, Sugeng mlebu kantor terus
njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol acan merga pikirane putek kemutan
polahe bojone sing tambah wani goli ngatur wong lanang.
Jane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane dadi
kawus. Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane. Mulane Sugeng trima
meneng bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat ngundange Mas maring Sugeng. Siki
bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora gelem karepe Mami.

26. Sekang pethikan cerkak ing ndhuwur wateke Yanti yakuwi…


a. Sabar lan narima
b. Ngabekti maring wong lanang
c. Jujur lan ngati-ati
d. Wani lan seneng ngatur bojone
e. Seneng ngapusi

27. Banjir Bandhang ing Njember iku kena dienggo minangka …. sajroning crita cekak.
a. Tema
b. Latar
c. Sudhut pandhang
d. Gaya crita
e. Amana

28. Ciri khas crita cerkak, yaiku ...


a. Migunakake alur kilas balik
b. Nduweni konflik mung siji
c. Paraga sing akeh lan dawa
d. Latar lan alur sing ruwet
e. Prakara sing kedadeyan akeh

29. Pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta arane .....
a. Amanat
b. Paraga
c. Penokohan
d. Tema
e. Alur

30. Sawijine karya sastra kang awujud crita lan nduweni piguna kanggo gegojegan (lucu-lucuan)
iku diarani ...
a. Cerkak
b. Wacan bocah
c. Wayang
d. Mitos
e. Anekdot

Disemoni Radio
Dina Setu 22 Januari kepungkur, aku karo T dolan menyang omahe kancaku. Olehku
mertamu suwe banget. Karo omong aku mbatin, kok ora ana tandha-tandha yen arep metu
suguhane. Ora ngerti ndadak saka njero omah ana swara radio seru banget” Saudara pendengar
…sekarang akan kami hadirkan beberapa lagu…..sebagai penghantar minum teh….” Ngono mau
swarane penyiar. Krungu swara penyiar mau aku lan T pandeng-pandengan. Sing duwe omah
sajak tanggap sasmita. Ora wetara suwe sing wadon metu karo nggawa teh rong gelas lan
suguhan.
Apa tumon, gara-gara disemoni radio …gorokan ora sida garing.
31. Crita ing nduwur kalebu crita sing kepriye?
a. Mbingungake
b. Nganyelake
c. Nyedihake
d. Nyengsemake
e. Nggentunake

32. Ing saben dina, kabeh bakal ngerti apa iku sing diarani anekdot, ing ngisor iki sing iso diarani
anekdot yaiku ...
a. Cerita romansa
b. Cerita Rakyat
c. Gugon tuhon
d. Dagelan
e. Jaturan wayang

33. Ancase (tujuwane) wong ngarang sawijine crita anekdot yaiku kanggo ....
a. Mbangun tatanan masarakat
b. Mrovokator masarakat
c. Ngina marang tatanan
d. Nglipur masarakat
e. Lelucon

34. Jenis drama sing saemper klawan pantomim yaiku .....


a. Pantomim d. Pasie
b. Tragedi e. Tablau
c. Dhagelan
35. Drama khayalan kang lumrahe nyritakake ngenani kesaktene salah sawijining wong diarani
drama....
a. Modern d. Action
b. Kolosal e. Tradisional
c. Melodrama

36. Ibu lagi masak dene bapak maca koran. Ukara kasebut kalebu ukara camboran ....
a. Camboran sajajar d. Camboran jejeran
b. Camboran reketan e. Camboran kosok balen
c. Camboran susun

37. Ban motore bocor, kamangka dheweke telat budhal sekolah. Jejer saka ukara camboran
kasebut yaiku ...
a. Ban motore d. Sekolah
b. Dheweke e. Kamangka
c. Telat budal

38. Wacanen teks drama ing ngisor iki nganti patitis!


Dinda lajeng pados tiyang. Dhewekipun tepang kaliyan tiyang saking sabin ingkang badhe
kondur. Asmanipun Pak Mitro kaliyan Bu Mitro. Pak kaliyan Bu Mitro menika tiyang sepuhipun
Diana, ananging Dinda mboten mangertosi.
Dinda : Pak, rencang kula kecemplung kalen. Saged nulungi mboten, Pak?
Bu Mitro : Sapa sing kecemplung?
Dinda : Rencang kula, Bu.
Pak Mitro : Kalen ngendi?
Dinda : Kalen lor, Pak.
Ibu Mitro : Ya wis, Pak, ayo ditulungi!
Dinda lajeng eling menawi Diana mboten saged nglangi. Dinda nggeret astanipun Pak Mitro.
Pak Mitro : Weladalah, uwong tuwa kok digeret-geret! Ora, aku isa mlaku dhewe!
Dinda : Selak keblebeg, Pak! (mlayu)
Bu Mitro : Bocah jaman saiki ora duwe tatanan tenan. Mosok ing kalen wae arep
keblebeg.

Tema saka teks drama kasebut yaiku ......


a. Bocah nakal d. Unggah-ungguh basa
b. Keblebeg ing kalen e. Tata krama
c. Kurang ajar

39. Latar panggonan sing ana ing teks drama kasebut yaiku ......
a. Sabin d. Pinggir dalan
b. Kalen e. Galengan
c. Omah

40. Ing ludruk, adegan pelawak siji karo liyane sing padha guneman kanthi materi humor diarani
...
a. Adegan lakon d. Gara-gara
b. Adegan lawak e. Bedolan
c. Bedayan
B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi wangsulan kang ringkes

1. Apa wae tuladhane basa rinengga iku ?

2. Yen diwaca unine .....

Semaken teks pacaturan ing ngisor iki!


Pak Agus : “Lha, ngene iki Nak Sutanta, kagungan kersa apa, Nak?”
Sutanta : “Inggih, namung badhe sowan Pakdhe, sampun kangen.”
Pak Agus : “Kepriye, garwa putra rak ya padha becik-apik ta?”
Sutanta : “Saking pangestunipun Pakdhe, sadaya sami sae.”
Pak Agus : “Iki mau saka kantor apa saka tindak ngendi?”
Sutanta : “Saking griya kemawon, mboten mlebet amargi badan radi mboten sekeca.”

3. Basa kang digunakake paraga Pak Agus, yaiku basa .....


4. Apa wae unsur intrinsik sing ana ing cerkak?
5. Ukara camboran sing jejere ukara kang siji oradisebutne maneh diarani ukara camboran...
KUNCI JAWABAN

PILIHAN GANDA
1 C 11 E 21 D 31 D
2 A 12 E 22 A 32 D
3 D 13 A 23 B 33 D
4 E 14 A 24 E 34 E
5 C 15 C 25 E 35 B
6 A 16 C 26 D 36 A
7 B 17 C 27 B 37 B
8 C 18 B 28 B 38 E
9 C 19 D 29 A 39 A
10 D 20 C 30 E 40 B

URAIAN
1 paribasan, bebasan, saloka, tembung kawi, tembung entar, pepindhan
2 drestha sirna nir sikara
3 Ngoko alus
4 alur, latar, tema, paraga, amanat
5 raketan jejer

Anda mungkin juga menyukai