Anda di halaman 1dari 9

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL

SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN (SMK) BINA PATRIA 2 SUKOHARJO


TAHUN PELAJARAN 2021

LEMBAR SOAL
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
TINGKAT : XII SEMUA BIDANG
WAKTU: 90 MENIT

Wangsulana pitakon ing ngisor iki, kanthi milih salah siji wangsulan A, B, C, D utawa E kang
koanggep bener!

1. Unen-unen Mulat sarira hangrasa wani minangka tembung kang endah. Tembung “Mulat”
duweni teges....
A. Nulat dhiri pribadi
B. Awak utawa badan
C. Rumangsa
D. Ora wedi apa-apa
E. Nuduhake panggonan

2. Tembung “Hangrasa” ing unen-unen Mulat sarira hangrasa wani iku nduweni teges....
A. Rumangsa
B. Nulat dhiri pribadi
C. Awak utawa badan
D. Ora wedi apa-apa
E. Nuduhake panggonan

3. Mulat Sarira Hangrasa Wani Hangrasa ateges....


A. Wani yo wani neng aja nggawa kanca.
B. Wani rumangsa, nulat awake dhewe.
C. Yen rumangsa wani ayo tanding ijen-ijen.
D. Awake dhewe rumangsa wani dhewekan.
E. Yen dhewekan rumangsa wani ngadhepi.

4. Ingkang nyerat Serat Wedhatama yaiku ....


A. R.M.A. Sumahatmaka
B. KGPAA Mangkunegara IV
C. Pangeran Adipati Anom
D. Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV
E. Sunan Pakubuwana V

5. Guru lagu lan guru wilangane tembang Kinanthi yaiku ....


A. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
B. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
C. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
D. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
E. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
6. Tembang sing nggabarake mangsa nalika manungsa iku wus mbangun bale wisma (rabi),
urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane. Uga minangka kuwajibane wong tuwa kudu
bisa nuntun / nganthi para putrane supaya sakabehe tumindake ora nalisir saka bebener
diarani tembang....
A. Maskumambang
B. Dandhanggula
C. Kinanthi
D. Pocung
E. Mijil

7. Paugeran cacahing utawa gunggunge gatra / baris/ larik, saben sapada / sapupuh/ sabait
diarani....
A. Guru lagu
B. Guru wilangan
C. Slendro
D. Guru gatra
E. Pelog

8. Tibane swara ana pungkasaning gatra kang dinulu lan Gunggunge wanda saben sagatra
diarani....
A. Guru wilangan lan Guru lagu
B. Pelog lan Wiraswara
C. Titi laras lan Slendro
D. Guru lagu lan Guru wilangan
E. Guru gatra lan Guru gatra

9. Ing pedhotan tembang Kinanthi "Padha gulangen ing kalbu ing sasmita amrih lantip "
ukara kasebut tegese....
A. Supaya pinter yo kudu ing pawiyatan
B. Latihan ilmu bathin supaya nduweni kasekten
C. Aja dibathin manawa nduweni kekarepan
D. Latihen ilmu bathinmu supaya tetep awet
E. Latihen atimu supaya bathinmu pinter

10. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge paugeran
purwakanthi ....
A. Lagu
B. Wilangan
C. Sastra
D. Swara
E. Gatra

11. Unsur geguritan ana kang arupa fisik dan batin, sing kalebu unsur fisik geguritan yaiku....
A. Tema
B. Majas
C. Irama
D. Perasaan
E. Pitutur
12. Ing unsur fisik geguritan yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan
tembung-tembung utama ing geguritan kang awujud irama lan rima diarani....
A. Citraan
B. Diksi
C. Bunyi
D. Tipografi
E. Amanat

13. Ing unsur fisik geguritan uga ana kang nemtokake tembung-tembung kang digunakake isa
narik kawigaten, mula kudu duwe nilai sastra komunikatif diarani....
A. Majas
B. Citraan
C. Bunyi
D. Tipografi
E. Amanat

14. Andharan panulis ing geguritan supaya gawe sengsem para pemaose yaiku....
A. Diksi
B. Bunyi
C. Citraan
D. Tipografi
E. Amanat

15. Rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening pangripta, nemtokake, nolak, nyarujuki,
apa nyengkuyung tumrap rasa iku diarani....
A. Nada / Irama
B. Tema / Undere gagasan
C. Majas / lelawane basa
D. Perasaan / rasa pangrasa
E. Amanat / Pitutur

16. Kajiwanani pujangga nalika ngripta geguritan, njletrehake sikep pangripta marang riptane.
Dadi kanthi tinamtu wis isa nitik kepriye andharane pangripta iku diarani....
A. Perasaan / rasa pangrasa
B. Tema / Undere gagasan
C. Majas / lelawane basa
D. Nada / Irama
E. Amanat / Pitutur

17. Sing ora kalebu unsur bathin geguritan yaiku....


A. Rasa pangrasa
B. Irama
C. Undere gagasan
D. Pitutur
E. Lelawane basa
18. Tibane swara ing pungkasane gatra runtut, nggunakake purwakanthi iku minangka salah
sijine ciri....
A. Tembang macapat
B. Unsur geguritan
C. Geguritan modern
D. Tembang dolanan
E. Geguritan klasik

19. Ajining dhiri gumantung ing lathi, ajining raga gumantung ing busana, ing ukara kasebut ana
tembung “lathi” kang nduweni teges....
A. Ilat (ucapan)
B. Rambut (rekma)
C. Kuping (talingan)
D. Untu (waja)
E. Mripat (paningal)

20. Sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudidayane panulis kanggo
menehi peprincen-peprincen saka sawijining objek (pangonan, manungsa, barang lan
sapanunggalane), diarani....
A. Deskripsi
B. Sinopsis
C. Eksposisi
D. Argumentasi
E. Persuasi

21. Tetembungan kang ajeg panganggone lan panggonane, ateges entar, nanging ora ngemu
surasa pepindhan diarani....
A. Parikan
B. Saloka
C. Paribasan
D. Rura basa
E. Kerata basa

22. Adigang, adigung, lan adiguna tegese ngendel-ngendelke kekuwatan, kaluhuran, lan
kapinterane. Ukara kasebut kalebu tuladha tembung ....
A. Plesedan
B. Sanepa
C. Paribasan
D. Kerata basa
E. Camboran

23. Unen-unen kang ajeg panganggone mawa surasa tartamtu, wujude racikaning tembung
kang kadhapuk ukara ngemu teges entar lan ngemu pasemon, cedhak karo babagan
falsafah/ pitutur luhur, ngelmu agaama diarani....
A. Sanepa
B. Camboran
C. Sengkalan
D. Isbat
E. Pepeindhan
24. Tetembungan kang sakemper pepindhan, ngemu surasa mbangetake, ateges kosok balene
karo tetembungane diarani....
A. Deskripsi
B. Isbat
C. Paribasan
D. Sanepa
E. Kerata basa

25. Sawise nggawe cengkorongan, kang kudu katindakake sajrone nulis teks eksposisi yaiku ....
A. Nemtokake tema
B. Nemtokake irah-irahan
C. Nemtokake dudutan
D. Nyunting teks eksposis
E. Njlentrehake cengkorongan teks

26. Kang ora kalebu pengembangan paragrap eksposisi yaiku pola ....
A. Definisi
B. Klasifikasi
C. Pertentangan
D. Ilustrasi
E. Spasial

27. Kang diarani data faktual yaiku ....


A. Sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyane, ana, lan isa asipat historis (isa
dicritakake kanthi cetha)
B. Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta
C. Njlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan
D. Fakta ngenani pawongan kanggo ndhelan kenceng marang sawijining keyakinan
E. Basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional

28. Lambanging laras ing gamelan nuduhake ....


A. Bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras, runtut, lan ora nuwuhake botsih.
B. Bisa kepenak disawang lan ngerti wujud gamelan.
C. Bisa gawe seneng marang sing padha ngerungokake.
D. Bisa gawe gela marang sapa wae kang nindakake ala.
E. Bisa minangka wujud pakurmatan lan kasetyan marang nagari.

29. Salah sawijining cara nabuh gamelan iku kanthi irama, lan ora suk-esukan. Pratelan iku
ngandharake lamun gamelan iku nuduhake ....
A. Sing kuwasa iku kudu menang.
B. Nganggo aturan, bisa ditata.
C. Sing nabuh gamelan iku sakepenake dhewe.
D. Sing cilik kudu gelem ngalah karo sing gedhe.
E. Yen manggon mburi suwarane kudu banter.
30. Wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya
pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangreten pamaos
isa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh
pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane iki isa ditindakake
lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan
ilustrasi yaiku.....
A. Literasi
B. Eksposisi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Deskripsi

31. Gamelan iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Gamelan iku diso'ake
langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Bentuké kaya lèmpèngan emas kang disusun
ing kayu. Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang béda. Wujud wilah iki meh padha karo
wilah gambang, bedane nek wilah iki digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek
wilah gambang digawe saka kayu. Tabuhe digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya
palu. Gambar gamelan ing ngisor iki arane....

A. Demung.
B. Gambang.
C. Slenthem.
D. Saron.
E. Bonang.

32. Piranti gamelan jawa bias dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan, penerus
lan kendhang. Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Jinising piranti panerus iku
duwe laras beda-beda lan ana ukurane dewe-dewe. Yen kendhang iku salahsijining piranti
gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh.
Instrument gamelan kang kalebu kulawarga balungan ….
A. Gong, kempyang, ketuk, kempul, kenong.
B. Kempyang, gender, kempul.
C. Bonang, gender, gambang, siter, rebab.
D. Saron, demung, slenthem.
E. Kendhang, srin, kenong.

33. Perangan gamelan cara nabuhe dikeplak nganggo epek-epek (tlapak tangan) yaiku ….
A. Gong.
B. Slenthem.
C. Kenong.
D. Rebab.
E. Kendhang.
34. Gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa
ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga sing mung nduwèni 7
wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa
tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané
kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa.
Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling
ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung
sing luwih dhuwur. Gambar gamelan ing ngisor iki jenenge....

A. Kempol.
B. Kenong.
C. Siter.
D. Kethuk.
E. Gender.

35. Gamelan iki salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu
banjur diarani bentuk  Pencon. Ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras
Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Gamelan
manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing
rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur. Gamelan iki ditabuh nganggo kayu
kang cacahé 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo Kain lan pluntur.
Cara nabuh gamelan kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku pola
tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané. Gambar gamelan ing
ngisor iki arane....

A. Bonang Barung
B. Slenthem
C. Kempol
D. Kenong
E. Gender
36. Ing ngisor iki kang kalebu paugeran panulisan aksara swara yaiku ....
A. Aksara sigegan kang ana ing sangarepe aksara swara dipateni nganggo pangkon
B. Aksara swara bisa didadekake aksara pasangan
C. Aksara swara digunakake kanggo nutup wanda
D. Aksara swara cacahe ana pitu
E. Aksara swara bisa diwenehi sandhangan pepet, taling, lan wulu

37. Gunane aksara swara yaiku kanggo ....


A. Nulis jeneng lembaga pamarentah
B. Nulis aksara vokal kang utamane asale saka basa manca
C. Nyigeg tetembungan
D. Nyigeg aksara carakan
E. Nulis jeneng dhewe lan gelar

38. ?ttk]maikuptutFitiru. carakan kassebut manawa diwaca ....


A. Tata krama kudu dianggo
B. Tata krama iku patut ditiru
C. Tata krama kudu diugemi
D. Tata krama iku kanggo ditiru
E. Tata krama iku digugu

39. “Sasi April” yen ditulis nganggo aksara Jawa kang trep yaiku ....
A. ?ssiapRel\,
B. ?ssiapril\,
C. ?ssiAp]il\,
D. ?SsiAp]il.
E. ?ssiap]il\,

40. ?*u/anWisSe[koli=Uju=pnD=. menawa disalin ing aksara Latin dadi ....


A. Burhan wis sekolah ing Tanjung Pinang.
B. Burhan mlebu sekolah ing Tanjung Pandang.
C. Burhan wis sekolah ing Ujung Pandang.
D. Burhan wis sekolah ing Padang Panjang.
E. Burhan mlebu sekolah ing Ujung Pandang.

Wilujeng Makarya

KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA KELAS XII

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL 2021

1 A 11 B 21 C 31 D

2 A 12 B 22 C 32 D

3 B 13 C 23 D 33 E

4 B 14 C 24 D 34 E

5 C 15 D 25 E 35 A
6 C 16 D 26 E 36 A

7 D 17 E 27 A 37 B

8 D 18 E 28 A 38 B

9 E 19 A 29 B 39 C

10 E 20 A 30 B 40 C

Anda mungkin juga menyukai