Unsur Geguritan
https://adjar.grid.id/amp/543196274/geguritan-pengertian-unsur-dan-ciri-cirinya?page=2
2. Definisi Geguritan
• Geguritan minangka salah sawijining karya sastra Jawa kang asale saka rasa ing ati, banjur
diandharake pangripta nganggo basa sing duweni irama, rima, mitra, lan tatanan lirik kang
duweni teges tartamtu.
• Tembung geguritan ing kamus Baoesastra Djawa, asale saka tembung “gurit” kang tegese
tulisan tatahan; kidung utawa tembang. Dene ing kamus Kawi-Jarwa, Poerwadarminta, gurit
iku tegese tulisan, karangan, rumpakan, kidung. Gerita asale saka tembung Gita sing tegese
tembang.
• Geguritan minangka wujud rerangkening basa kang endah memper syair sing kegolong
puisi Jawa anyar lan ora kaiket paugeran tartamtu.
Penjelasan nyawiji ing geguritan yaiku Antarane sing maca lan sing
ngrungokake kudu nyawiji. Dalam puisi, antara yang membaca dan yang
mendengarkan harus menyatu.
Tegese, wiwit saka pamilihe geguritan, tata krama, nganti tata busanane sing
maca kudu nggatekake kasenengan utawa kabutuhane sing ngrungokake.
c. Selapanan
Asale saka basa Jawa yaiku selapan kang tegese 35 dina. Tradhisi selapanan
minangka pangenget menawa sang anak wis tambah umur. Upacara selapanan
dianakake mingangka rasa sokur marang Gusti kang wus paring berkah lan
kaslametan marang bayi lan wong tuwane. Ing acara iki bayi rambute dicukur lan
kukune uga dikethok.
a. Brokohan
b. Sepasaran
c. Selapanan
d. Larung Sesaji Pethik Laut Muncar
e. Sekaten
f. Kasada Bromo
g. Tedhak Siten
h. Grebeg Sura
a. Tembung sing wis owah saka asale amarga kawuwuhan ater-ater, panambang,
seselan kaaran tembung -> andhahan
b. Becike sepedhamu menyeng tambal ban.
Ukara ing dhuwur ngemu ater-ater mang mujudake -> madyatama purusa
c. Ing ngisor iki sing ora kelebu tembung kang migunakake ater-ater anuswara ->
lumaku
d. Ater-ater tripurusa keperang dadi telu. Ing ngisor iki ukara kang nuduhake ater-ater
tripurusa minangka pratama purusa, yaiku -> Layang saka sekolah wis diaturke
bapak
e. Ater-ater ing basa Jawa ana weneh perangan. Ukara ing ngisor iki sing migunakake
ater-ater anuswara -> Ibu nyapu terus dene Rani nyirami tanduran
f. Geguritan supayane luwih krasa endah iku diwuwuhi rerenggan basa/basa rinengga.
Kaya ing ukara sikil kadya tlapak, amarga wis mlethek daging tumekane kaku uga
migunakake rerenggan basa. Basa rinengga kang digunakake ing ukara kasebut,
yaiku -> pepindhan
g. Geguritan anyar migunakake basa Jawa -> anyar/modheren
h. Sajroning geguritan migunakake basa kang endah lan bisa negesi pirang-pirang
kekarepan kanthi migatekake larasing uni. Babagan iki diarani -> diksi
i. Wengi iku sansaya mamring. Tembung mamring tegese -> sepi banget
22. Ciri-Ciri Gesture Tubuh dan Ekspresi Wajah Pada Saat Membaca Geguritan
a. Wirama (Irama/lagu)
Irama kudu digatekna nalika maca geguritan, upamane banter, alon, cetha, utawa
samar. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora lan
makantar-kantar. Beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu
alon, alus, lan melas.
b. Wirasa (Rasaning Swasana Ati)
Surasane/isine geguritan kudu dimangerteni tegese/karepe. Nuli anggone maca
ngetrepake/nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng, wibawa, getun,
nesu, sedhih, ngungun, lsp. Saengga wong sing ngrungokake bisa melu ngerasakake
suasanene geguritan.
c. Wiraga (Obahing Awak)
Nalika maca geguritan, obahe awak aja luwes bae. Angone mlaku uga prayoga.
Ngobahake peranganing awak kanggo bangun swasana. Pasemon, praenan kudu
jumbuh kalawan isining geguritan, nanging samadya bae/salumrahe.
d. Wicara (Pocapan)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake swara, wanda, lan tembung sajroning
geguritan. Kanthi mangkono surasane geguritan bisa dimangerteni awit saka
cethane pangucapane tetembungan.
• Tedhak siten iku salah sawijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan/245 dina.
Nalika bocah iku lagi sepisanan ajar mlaku. Tedhak siten nggambarake kasiapan bocah
kanggo nglakoni kauripan kang becik ing urip bebrayan agung.
https://www.orami.co.id/magazine/tedak-siten
25. Ubarampe Tradisi Peristiwa Budaya Tedhak Siten
Ubarampe sajroning tedhak siten yaiku pengaron sing diisi kembang setaman, kurungan
kanggo nggambarake yen donyane isih cilik/ciut, werna” barang sing diselehake sajroning
kurungan kang nggambarake suwene urip lan kuwajiban manungsa kanggo golek panguripan
(pari lan kapuk sabengket, piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, maneka warna jinis
dhuwit, mas-masan), klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing jeroning kurungan,
udhik”/dhuwit logam dicampur kembang, andha tebu “Arjuna”, yaiku tebu sing wernane
ungu kang nggambarake undhak”ane urip sing arep dilakono anak, jadah pitung werna
tegese kanggo ngelingake anak yen urip kudu waspada saka godha kang werna”, bancakan,
kayata sega gudhangan (urap urap) sing didumake marang tamu sing rawuh.
26. Identifikasi Guru Swara, Kesesuaian Isi Puisi, & Bahasa Arti Basa Rinengga Geguritan
b. Struktur Fisik
• Tipografi (wujude geguritan)
Tipografi mujudake larik-tarik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada
utawa bait kanggo bedakake antaraning geguritan lan gancaran. Tipografi yaiku
wangunan geguritan kang tinulis ora ngebak larik, ora kudu kawiwitan aksara gedhe
(huruf kapital), lan ora dipungkasi tandha titik utawa tandha pawacan liyane.
• Diksi (pilihane tembung) Diksi yaiku pamilihe tetembungan kang maknane mentes
(padhet), kang bisa negesi pirang-pirang kekarepan kanthi gatekake larasing unine
tembung. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane duweni teges
konotatif. asipat polisemi, lan duweni teges rowa (abstrak). Pamilihing tembung
kang trep bisa ngasilake, gegurit kang edi lan endah.
• Imajinasi (pengungkapan pengalaman indrawi)
Imajinasi yaiku rerangken tetembungan ing geguritan kang bisa medharake
pengalaman indrawi, kayata paningal, pangrungon, lan pangrasa, saengga pamaca
bisa kagawa ing swasana kaya kang dialami panggunt imaji kaperang dadi telu yaiku
imaji swara, paningal, lan raba/sentuh.
• Tembung konkret
Tembung konkret yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang
bisa nuwuhake imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan)
utawa pralambang. Tuladhane tetembungan kayata aking, ketiga ngerak, asat kang
bisa nuduhake menawa geguritan kasebut nggambarake lagi nemahi kahanan
mangsa ketiga dawa
• Wirama (rima)
Wirama yaiku runtuting swara (uni) ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah,
utawa ing pungkasaning gatra (larik).
• Busananing basa (gaya bahasa)
Busananing basa yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan
nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu uga rasa kaendahan Busanane basa ing
geguritan bisa arupa basa rinengga kang maneka warna kayata tembung saroja,
pepindhan, tembung entar.