Anda di halaman 1dari 6

SOAL UJIAN PRAKTEK BAHASA JAWA

Tahun Pelajaran 2013/2014


I.

MENDENGARKAN
STANDAR KOMPETENSI
Memahami wacana lisan yang didengar baik teks sastra maupun nonsastra pesan,
dalam berbagai ragam bahasa berupa cerita teman, teks karangan, pidato, cerita rakyat,
cerita anak, geguritan, tembang Macapat dan cerita wayang.
KEMAMPUAN YANG DIUKUR
Meringkas cerita yang didengar
INDIKATOR
Diperdengarkan cerita anak, peserta didik dapat meringkas menjadi dua paragraf ngoko
Soal 1
Rungakna crita iki banjur ringkesen dadi rong paragraph kanthi basa ngoko!
Mina kang Srakah
Kacarita, ana kulawarga sing uripe rekasa. Panguripane mung gumantung saka
asile golek iwak. Kadhang kala wis sedina muput anggone mancing, nanging ora oleh
iwak siji-sijia.
Nuju sawijining dina, Pak Mina mancing menyang kali sangu walesan cacah loro
kanggo njagani yen nganti sing siji pedhot ana gantine.
Pak Mina mangkat mancing numpak prau. Praune didhayung menyang kali Kawat.
Satekane ing kali iku Pak Mina banjur ngulur pancinge. Ditunggu sawetara wektu
nanging ora ana iwak kang kena pancinge.
Dina wis sore, Pak Mina mindhahake praune menyang papan kang akeh watune.
Pancinge wiwit diulurake menyang kali. Dumadakan pancinge kaya digeret-geret saka
jero banyu, enggal-enggal Pak Mina nggeret pancinge. Iki iwake mesthi gedhe banget
batine Pak Mina kanthi ati kang bungah.
Bareng pancing wis tekan dhuwur, jebul ora ana iwake babar pisan. Adhuh . . .
iwake ucul. Kandhane kanthi ati gela. Tangane ngelus-elus tali pancing mau nganti
tekan pucuke. Ing pucuk tali iku ana kawat kang nyangkut ana ing pancing. Kawat iku
disawang kanthi premati lan Pak Mina yakin yen kawat kuwi kawat emas.
Kawat kuwi terus digeret nganti pirang-pirang meter. Pak Mina tambah mempeng
anggone nggeret kawat kuwi. Aku bakal dadi wong kang paling sugih ing kampung iki
amarga saka kawat emas iki.
Dumadakan ana ustadz liwat ing sacedhake praune Pak Mina lan ngendika Wis,
cukup tugelen nganti ing kene wae. Pak Mina ora ngrewes ustadz mau kang wis bolabali ngelingake. Kawat-kawat mau ngebaki prau. Dene praune ora kuwat momot kawat.
Wusanane gandheng prau kekebaken kawat, praune mendelep, kerem ing njero kali
bareng karo Pak Mina kang srakah mau.
Pak Mina sing kepengin dadi wong sugih pungkasane kerem ing kali amarga
srakah. Srakah iku sipat sing ora becik. Awake dhewe kudu nyingkiri sipat-sipat kuwi.
Awake dhewe kudu tansah muji syukur marang Allah SWT amarga wis diparingi rejeki.

II.

BERBICARA

STANDAR KOMPETENSI
Menggunakan wacana lisan untuk mengungkapkan pikiran, perasaan, baik sastra
maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam bahasa berupa menceritakan
berbagai keperluan, mengungkapkan keinginan, tokoh wayang, mendeskripsikan
benda, menanggapi persoalan faktual/pengamatan, melaporkan hasil pengamatan,
berpidato, dan mengapresiasikan tembang.
KEMAMPUAN YANG DIUKUR
Menceritakan pengalaman
INDIKATOR
Peserta didik dapat menceritakan pengalaman dengan ragam bahasa tertentu
(padinan/sehari-hari,ngoko alus/krama)
Soal 2
Critakna pengalaman wigatimu kanthi basa ngoko /padinanmu!
III.

MEMBACA
STANDAR KOMPETENSI
Menggunakan berbagai keterampilan membaca untuk memahami teks sastra maupun
nonsastra dalam berbagai ragam bahasa berupa teks bacaan, pidato, cerita rakyat,
percakapan, geguritan, cerita anak, cerita wayang, dan huruf Jawa.
KEMAMPUAN YANG DIUKUR
Membaca indah
INDIKATOR
Disediakan teks geguritan, peserta didik dapat membaca sesuai dengan lafal, intonasi
dan ekspresi yang tepat
Soal 3
Pilihen salah siji geguritan iki, banjur wacanen!
Pilihan 1
Dongane Ibu
Swaramu nyuwek sepining wengi
Nalika kabeh padha turu kepati
Kanggo nyuwun mring ngarsaning Gusti
Supaya anak putu padha mukti
Ibu
Dongamu bisa dadi cagak awak uripku
Bisa nggugah kakuwatanku
Bisa nambah imanku
Golek ngelmu kanggo mulyaning uripku
Ibu
Dongamu ngumandhang ing langit pitu
Tinampa Allah kang Maha Agung
Kanugrahan trus lumintu
Anak bisa kepenak
Putu nemu rahayu
Canggah bisa kesrambah

Pilihan 2
Dadi Tekadku
Aku kudu bisa
Gawe rena biyung lan bapa
Solah bawa luhur
Mendhem jero lan mikul dhuwur
Aku kudu sida
Golek ngelmu kanggo sangu
Ngranggeh gayuhan impen-impenku
Gawe mongkog rama lan ibu
Aku kudu kuwawa
Madhep mantep ing kalbu
Tansah eling nalika lumaku
Supaya padhang lan barokah uripku
Aku kudu bisa, sida lan kuwawa ...
Iku tekadku ...
Pilihan 3
Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)

Gumelar jembar bumi asri


Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani
Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara
Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

IV.

MENULIS
STANDAR KOMPETENSI
Melakukan barbagai keterampilan menulis baik sastra maupun nonsastra dalam
berbagai ragam bahasa untuk mengungkapkan pikiran, perasaan, dan informasi berupa
karangan sederhana, surat dialog, laporan, ringkasan, parafrasre, geguritan, dan huruf
Jawa.
KEMAMPUAN YANG DIUKUR
Menulis aksara Jawa
INDIKATOR
Disajikan satu paragraf (lima kalimat sederhana) dalam huruf latin, peserta didik dapat
menyalin dalam aksara Jawa
Soal 4
Tulisen nganggo aksara Jawa!
Jana ana Sala. Ing Sala menyang Pasar Legi. Jana tuku srabi. Banjur mampir tuku
bakmi. Wayah sore bali numpak taksi.

PEDOMAN PENSKORAN PENILAIAN UJIAN PRAKTIK TAHUN 2014


BAHASA JAWA
NO
1

2.

3.

4.

ASPEK

KEMAMPUAN YANG
DIUKUR

Mendengarkan Meringkas bacaan

Berbicara

Membaca

Menulis

Menceritakan
pengalaman

Membaca indah

Menulis aksara Jawa

ASPEK YANG
DINILAI

SKOR

Kesesuaian isi

20 - 40

Keruntutan

10 - 20

Diksi

10 - 20

Ejaan

10 - 20

Kesesuaian
dengan topik

isi 20 40

Keruntutan cerita

15 - 30

Penggunaan
ragam bahasa

15 - 30

Lafal

20 - 30

Intonasi

25 - 40

Ekspresi

15 - 30

Ketepatan

40 80

Kerapian

10 - 20

Kunci Jawaban Soal 4 ( menulis)

jnansl. ai=slmev=ps/Xgi.jntukus]bi.bnJ|/mmPi/tukubkMi.
wyh[so[rblinumPkTkSi

Anda mungkin juga menyukai