Anda di halaman 1dari 3

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN BOJONEGORO

KELOMPOK KERJA GURU (KKG) KELAS SD KECAMATAN SUKOSEWU


PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) 2
TAHUN PEMBELAJARAN 2022/2023

Tanda Tangan Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa Paraf


Wali Muri Kelas : VI (Enam) Guru
Waktu : 90 menit
Nama Peserta :

Bahasa Jawa KD 3.4


A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D, minangka wangsulan sing bener!
Wacanen sing tliti kanggo njawab soal nomer 1 - 3!
Globalisasi
Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modheren. Kabeh
ngarani iki jaman globalisasi. Yen jaman biyen, kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya,
umpamane titir terus-terusan tandhane ana banjir gedhe. Mula para warga kudu enggal metu saka omah lan
ngungsi golek papan sing aman. Saiki kenthongan mau wis diganti nganggo piranti canggih kaya dene
sirine sing otomatis bakal muni menawa ana banjir utawa tsunami. Semono uga menawa ana gunung
mbledhos, angin gedhe, lan liya-liyane.
Nalika ana dulur adoh sing arep kirim kabar, ora kudu ngenteni surat sing tekane bisa pirang-
pirang dina. Cukup nganggo telepon utawa handphone, sakala kabar mau wis bisa teka marang wong
sing dituju.

1. Jaman biyen kenthongan digunakake kanggo....


A. gamelan
B. main musik
C. gantine sirine
D. tandha bahaya

2. Saiki, kanggo tandha bahaya nganggo....


A. sirine otomatis
B. kenthongan
C. telegram
D. telepon

3. Nalika biyen, arep kirim kabar nganggo....


A. kenthongan
B. telepon
C. sirine
D. surat

4. Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” sing tegese ....
A. bal bunder
B. mendunia
C. donya
D. di dunia

5. Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....
A. ilange budaya asli
B. majune teknologi
C. komunikasi saya angel
D. ilange pakulinan gotong royong
PTS 2_KKG Kelas SD_Kec. Sukosewu_TP 2022/2023
6. Gambar ing ngisor iki sing kelebu piranti era globalisasi yaiku....

B
A B C D
7. Piranti ing ngisor iki sing kanggo komunikasi yaiku....

A B B C D

8. Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu di....


A. tulis
B. waca
C. batang
D. giyarna

9. “Pakbo letus”
Cangkriman ing ndhuwur iku kegolong cangkriman....
A. wancahan
B. pepindhan
C. plesetan
D. tembang

10. Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane


A. benik
B. andha
C. prau bocor
D. gendheng bocor

11. Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane, pak demang klambi abang ....
A. disuduk manthuk-manthuk
B. disawang malah ilang
C. rupamu kaya kranjang
D. penggaweane saba blumbang

12. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,


Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Badhekane yaiku ....
A. tasbih
B. gelang jam
C. ali-ali
D. binggel

13. Pitik walik saba meja batange....


A. sapu
B. sulak
C. taplak
D. gelas
PTS 2_KKG Kelas SD_Kec. Sukosewu_TP 2022/2023
14. Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ....
A. enem
B. lima
C. papat
D. telu

15. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ....


A. Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati.
B. Sega sakepel dirubung tinggi.
C. Bocor malah enak.
D. Segara beldhes.

B. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


16. Setitekna gambar ing ngisor iki!

Cangkriman sing mathuk kanggo gambar ing nduwur yaiku....

17. Terusna cangkriman iki!


“ ......... buri”
badhekane: tebu ditata mlebu lori

18. Bocor malah kebak, yaiku....

19. Kebo picak kalebu cangkriman jenis....

20. Kebo picak batangane....

21. Gajah nguntal sangkrah, batangane....

22. Dilebokne malah metu, batangane....

C. Wangsulana kanthi bener!


23. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Apa badhekane cangkriman ing dhuwur?

24. Bedhekana cangkriman ing ngisor iki!


Ana gajah numpak becak, ketok apane?

25. Tulisna 3 cangkriman jinis plesetan!

PTS 2_KKG Kelas SD_Kec. Sukosewu_TP 2022/2023

Anda mungkin juga menyukai