Anda di halaman 1dari 2

PEMERINTAH KABUPATEN KENDAL

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SEKOLAH DASAR NEGERI 2 NOLOKERTO
KECAMATAN KALIWUNGU
ALAMAT JL. NOLOKERTO RT 9 RW 5 NOLOKERTO KALIWUNGU

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2022/2023

LEMBAR SOAL
TEMA : TEMA 1 DAN 2
Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa

Nama :
Kelas : V (Lima)
Hari / Tanggal : Sabtu, 10 September 2022

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo wangsulan kang mathuk!

1 Assalamualaikum wr. Wb

2 Bapak Kepala SD Negeri 1 ingkang dhahat kinurmatan, bapak/Ibu guru ingkang


kula bekteni, lan sedaya rencang-rencang kelas 1 ngantos kelas 6 ingkang kula tresnani.
Puji syukur katuraken dhumateng Gusti Allah Swt. Ingkang sampun paring rahmat lan
hidayah saenggo kita saged ngawontenaken kegiyatan menika.
3 Wonten pengetan Hari Pahlawan menika, kula minangka wakil saking para siswa,
keparng matur sekedhik babagan “paring pakurmatan dhumateng para pahlawan”
ingkang sampun seda mbela bangsa lan negara. Para pahlawan pejuang bangsa gedhe
labuh labete marang bangsa Indonesia.
4 Bapak/Ibu lan rencang-rencang sedaya, awit saking menika mila kita kagungan
kewajiban njagi kamardikan kanthi sregep sinau, sregep makarya lan berprestasi ing
bidhange kiyambak-kiyambak. Samangke Bapak/Ibu guru saget paring informasi lan
cara-cara paring pakurmatan dhumateng pahlawan wonten ing pelajaran sejarah, PPKn
lan sanesipun.
5 Bapak/Ibu lan rencang-rencang sedaya, mekaten ingkang saged kula aturaken,
bilih wontwn kirangipun nyuwun pangapunten ingkang kathah.

6 Wassalamualaikum wr. wb

1. Tema sesorah wacan ing dhuwur yaiku ….


2. Wacan no. 3 kalebu perangan bab ….
3. Wacan no. 5 kalebu perangan bab ….
4. Ing wacan dhuwur, sing kalebu atur panuwun marang para rawuh yaiku ….
5. Sing macakake teks pidhato ing dhuwur yaiku ….

Soal kanggo nomor 6 – 10!


Karna Madeg Senopati

Manut pamikire Prabu Duryudana, sawise sedane Resi Bisma lan Resi Durna,
senapati perang kang bias diandalke yaiku Raja Awangga kanthi aran Adipati Karna
utawa Narapati Basukarna. Prabu Duryudana milih Adipati Karna dadi pimpinan perang
prajurit Astina kanggo nyerang Pandhawa ing Tegal Kurusetra. Kedadean iki ndadekake
perang suluh yaiku perang ing wayah mbengi. Perang kasebut gawe sedhihe para
Pandhawa amarga Gathotkaca gugur ing palagan.
Para Kurawa padha seneng meruhi lan krungu yen Gathotkaca, senapatine
Pandhawa, gugur. Para Kurawa sarujuk yen Adipati Karna diangkat dadi senapati perang
Kurawa. Adipati Karna ngajak Prabu Salya dadi Kusire ing Palagan Kurusetra. Prabu
Salya siap nindakake apa kang dikarepake dening senapatine.

6. Senapati perang Kurawa sakdurunge adipati Karna yaiku …. lan ….


7. Ing wacan dhuwur, dasanamane Adipati Karna yaiku ….
8. Kedadean iki ndadekake perang suluh. Perang suluh yaiku ….
9. Papan dumadine perang suluh yaiku ing ….
10. Kusire adipati Karna ing paprangan yaiku ….

Anda mungkin juga menyukai