Anda di halaman 1dari 2

SD MARSUDIRINI

Jl. Pemuda 157 – Semarang (024) 3514762


RANGKUMAN BAHASA JAWA KELAS III ABC
Tahun Pelajaran 2020/ 2021

Pasinaon 5

1. Tembang kalebu ing kabudayan jawa. Dene tembang kuwi ana tembang macapat lan ana uga
tembang dolanan.
2. Tembang dolanan kayata Sluku – sluku Bathok, Menthok – menthok, Kidang Talun, Jamuran, lan
liyane
3. Tembang macapat cacahe ana 11, yaiku :
a. Pocung e. Sinom i. Maskumambang
b. Asmaradhana f. Pangkur j. Mijil
c. Kinanthi g. Durma k. Gambuh
d. Dhandhanggula h. Megatruh
4. Saben tembang macapat duwe aturan dhewe – dhewe
5. Aturan tembang macapat yaiku :
 Watake : sembrana
 Guru gatra ( banyaknya baris/ laris dalam satu bait ) : ana 4 larik
 Guru wilangan ( banyaknya suku kata dalam satu satu baris atau larik ) : 12, 6, 8, 12
 Guru lagu (hurup hidup/ aksara urip di akhir baris atau kalimat ) :
u ( suku ), a ( legena ), i ( wulu ), a ( legena )
6. Bedhekan utawa cangkriman yaiku unen – unen ukara kang kudu dibatang utawa dibedhek/
dijawab
7. Tuladhane bedhekan :
a. Jangkrik sungut slawe batangane iku cangkrik sungute gedhene salawe
b. Bapak demang klambi abang disunduk manthuk – manthuk batangane kembang gedang/
tuntut
c. Pitik walik saba kebon batangane/ tegese nanas
d. Manuk ndase telu batangane manuk iku endase dibuntel wulu
e. Sega sakepel dirubung tinggi batangane salak
f. Lan liyane
8. Tembang pocung lan batangane/ tegese :
 Bapak pocung cangkemu madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prap teng wisma si pucung mutah kuwaya
Batangane/ tegese : jun
 Bapak pocung renteng – renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi ireng
Yen lumaku si pocung nyumbar swara
Batangane/ tegese sepur
 Bapak pocung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambang ing jumantara
Kaya manuk rajawali
Wira – wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane/ tegese motor mabur
 Bapak pocung rupane saengga gunung
Tan ana kang tresna
Saben uwong mesti sengit
Yen kanggonan den elus – elus tinangisan
Batangane/ tegese udun atau bisul
9. Tembung angel lan tegese
 Saba : golek pangan Watara : kira – kira
 Sendhang : tlaga Tabuh : jam
 Lambung kering: bangkekan kiwa/ pinggang Wisma : omah
 Prap teng : teka ing Gela : kuciwa
 Kuwaya : banyu Kawigatene : perhatian
 Sigrak : semangat
10. Parikan yaiku unen – unen kang dumadi saka rong / 2 ukara
Tuladhane :
 Wajik klethik gula jawa : luwih becik, sing prayoga
 Pitik blorok manak siji : jare kapok, malah ndadi
 Manut emprit, menclok godhong tebu : dadi murid, sing sregep sinau
 Manut kutut, manggunge ganter : yen rak nurut, bisa keblinger

Anda mungkin juga menyukai