Anda di halaman 1dari 5

GEGURITAN

A. APA KARYA SASTRA KI ?


Geguritan, novel, cerkak, parikan, tembang, lsp.

B. GEGURITAN
 Tembung guritan asale seka tembung “gurit” tegese ngripta guritan / kidung / tembang.
 Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Tegese ukarane ora
nggladrah, tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung-tembung rinengga
(purwakanthi swara, purwakanthi sastra lan purwakanthi basa).

Tuladha 1 : rima yang digunakan sama fungsinya untuk penekanan emosi / rasa

Aku ingin kau saja


Ya bait 1

Kau saja
√ (diberi spasi untuk membedakan bahwa ada bait berikutnya)
Seperti bumi yang selalu menanti mentari
Aku selalu begitu bait 2

Tuladha 2 :
Geguritan Modhern
CAPING GUNUNG
rima yang digunakan sama fungsinya untuk penekanan emosi / rasa

Dhek jaman berjuwang .... bait 1

Njur kelingan anak lanang


Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi bait 2

√ (diberi spasi untuk membedakan bahwa ada bait berikutnya)


Jarene wis menang
Keturutan sing digadhang bait 3

C. UNSUR-UNSUR GEGURITAN
1. Larik baris ing sak jroning geguritan
2. Bait kumpulan baris utawa larik ing geguritan kang kasusun secara harmonis lan
ngetokake sawijining teges (makna).
3. Rima lan Irama

Materi GeguritanPage 1
 Rima (persajakan) yaiku swara kang ditokake seka huruf / tembung – tembung ing
sajroning larik lan bait.
 Irama yaiku dhuwur rendahe, dawa cendheke, kuat lemahe swara.
4. Tembung kang endah

DE PUSI LARI BAreng RIMA lan INDAH

Puisi jawa / Geguritan yaiku karya sastra kang kaiket larik, bait, rima, lan umume nggunakake
basa kang indah.

D. PURWAKANTHI
Tegese aksara swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara, tembung ing basa
Indonesia diarani persamaan bunyi utawa sajak.
Purwakanthi kaperang dadi telu:
1. Purwakanthi Guru Swara (menekankan pada vokal)
Purwakanthi sing padha swara ing pungkasaning tembung.
Tuladha : a. Sapa becik bakal ketitik
b. Ora cepet ora ngliwet
c. Ora ngedan ora uman
d. Anak polah bapa kepradah
e. Thenguk – thenguk nemu kethuk
f. Kudu jujur sing sapa kepingin mujur
g. Jarene kepingin maju, lha kok wegah sinau
h. Aja dahwen ati open, menawa kowe kepingin kajen

2. Purwakanthi Guru Sastra (menekankan pada wacana /aksara konsonan setiap awal kata
sama)
Yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitaning ukara.
Tuladha : a. Makutha, makuthem, makuthetheran
b. Sapa salah seleh
c. Runtung runtung rerentengan
d. Tatas, titis, tetes
e. Sing sapa goroh growah
f. Pak kreta tuku kretu medhun kretek kertasana
g. Uler mlungker ing pager
h. Adigang, Adigung, Adiguna

3. Purwakanthi Lumaksita / Guru basa (apabila ada kata yang diulang-ulang)

Materi GeguritanPage 2
Purwakanthi sing padha kabeh tetembungane
Tuladha : a. Raja putra, putra Nata ing Alengka
b. Riris harda, hardaning wong lumaksana
c. Witing tresna tresna kang mung samudana
d. Rujak jeruk, rujake diwadhahi pincuk

E. GAYA BASA
Gaya basa yaiku cara – caraning manungsa padha migunakake basa amrih gampang ditampa
lan gampang dingreteni lan kepenak dirungu.
Kang kalebu peranganing gaya basa antarane :
1. Personifikasi
Yaiku pepindhan janma (manungsa)
Tuladha : a. Nggone sumpah disekseni bumi langit
b. Gunung Merapi yen watuk nggegirisi
c. Tsunami yen krodha neniwasi
d. Patelot iku njoget-njoget ing dhuwur kertas
2. Hiperbola
Yaiku pepindhan kliwat utawa keladuk
Tuladha : a. Watuke kaya gludhuk
b. Bantere kaya angin
c. Surake mbata rubuh
3. Metafora
Yaiku unen-unen nganggo pepindhan diumpamakake
Tuladha : a. R. Setyaki sapukawating praja
b. Rara Sumi dadi kembang lambening desa
c. Bp. Cipta dadi adeg adeging balewisma
d. Rosa dadi kembang desane Glagah Indah
4. Euphesisme
Yaiku unen-unen sing surasane luwih alus (basa rinengga)
Tuladha : a. Mati + murud ing kasidan jati
b. Dadi manten nambut silaning akrami
c. Semaput : lali purwa duksina
5. Ironi
Yaiku unen-unen sing nyritakake kosok balen, kanggo ngece
Tuladha : a. Bocah iki sregepe ora jamak, wong dikongkon ngumbah sepedha motor kok isih
nongkrong
b. Wong kok geringe kaya ngono, becak siji kok sesak

Materi GeguritanPage 3
6. Atitese
Yaiku unen-unen kang wujude surasane kosok balen
Tuladha : a. Gedhe cilike kowe ki nagih ta
b. Rina wengi olehko ndongake kowe
c. Gedhe cilik tuwa enom dha nonton kethoprak bareng
7. Klimaks
Yaiku dhapukaning tembung kang mratelakake saya suwe saya ora banget
Tuladha : a. Aja maneh kowe, kakangmu, embokmu bapakmu pisan kon maju aku ora wedi.
b. Apa maneh lara, mati dak labuhi.
Anti klimaks :
Tuladha : a. Apa maneh sewu, satus, selawase sepuluh, sewu pisan ta aku ora duwe
b. Pekarangane, omahe, motore, sandhangane nganti entek marg kalah main
8. Asimilasi
Yaiku sudaning pacekapak (garban sandi)
Tuladha : a. Jaya – ing dadi jayeng
b. Nara – pati dadi narpati
c. Teka – ing dadi tekeng
9. Metonimia
Yaiku lira liruning jeneng
Tuladha : a. Nang, aku tukokna gudhang garam
b. Wingi ana Ramayana tubrukan karo Arjuna
10.Anomatope
Yaiku tembung kang mratelakake jeneng saka unine
Tuladha : a. Bedhug marga unine dhug-dhug
b. Emprit marga unine prit-prit
c. Knthongan marga unine thong-thong
11. Metatesis
Yaiku lira liruning panggon ing aksara
Tuladha : a. Arca dadi reca
b. Almari dadi lemari
12. Epenthis
Yaiku muwuhi utawa nambahi aksara sajroning tembung
Tuladha : a. Amarta dadi ngamarta
b. Astina dadi ngastina
c. Yogya dadi Ngayogya
d. Setyaki dadi Sencaki
F. DIKSI

Materi GeguritanPage 4
Pilihan tembung

Materi GeguritanPage 5

Anda mungkin juga menyukai