A. Struktur Fisik
1. Pamilihing Tembung (Diksi)
a. Rinengga: tembung kang dirangkai kanthi cara tembunge digandheng karo tembung
liya, biyasane migunakake ater-ater, seselan lan panambang.
Ater-ater (ha-, a-): ateges
Seselan (-in-, -um-): tumeka, sinambi
Panambang (-ira, -ing): jamaning
b. Tembung Entar: tembung kang duwe teges ora salugune (kiasan).
Tuladha: udan tangis, kethul pikirane, lunyu ilate.
c. Tembung garba: tembung loro utawa luwih kang kagandheng dadi siji, sarana nyuda
cacahing wandane.
Tuladha: yeku, mardikeng, sedyarsa, lsp.
d. Tembung plutan: tembung kang dirangkep wandane, supaya suda akehing wandane.
Tuladha: kluban, pra, kwalon.
e. Tembung wancahan: panyudane aksara ing wiwitan tembung.
Tuladha: wit, wis, ra, lsp.
f. Dasanama: tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.
Tuladha:
Angin : bayu, maruta, samirana
Ati : manah, nala, driya, kalbu
Anak : putra, yoga, siwi, atmaja
2. Pengimajinasian/citraan/gambaran pangindran
a. Indra pangrasa (ati)
Tuladha: ati iki rasane keranta-ranta
b. Indra pandeleng (mripat)
Tuladha: ulatane tajem nalika nyumurupi kembang desa
c. Indra pangrungu (kuping)
Tuladha: simbah atine susah mireng kadadeyan wingi sore
d. Indra pangambu (irung)
Tuladha: ambune wangi-wangi kembang mlati
B. Struktur Batin
1. Tema : gagasan utama panganggit ing geguritane.
2. Nada : swaraning tetembungan kang karakit kanthi laras saengga duweni daya kanggo
nggeterake pamaca saben tembunge.
3. Swasana : kahanan psikologi kang dirasakake dening pamaca kang kawujud amarga
nyawijining pamaca marang isining geguritan
4. Amanat : pepeling kang dikarepake dening panganggit tumrap marang pamacane
lumantar geguritan.