Anda di halaman 1dari 16

KELOMPOK 2

SMAN 1 MERTOYUDAN
KELOMPOK 2

NAMA:
Maikal Atsani W
Dewi Aghnianti Pinasti
Ahmad surury ridho
Jeemy adinda p
Vito
A. Geguritan

A. Tegese Geguritan
Geguritan yaiku salah sawijine karya sastra Jawa kang diripta minangka wujud saka
wedharan gagasan / rasa pangrasa panyerat. Basa sajrone geguritan migunakake basa
rinengga sarta duweni sipat konotatif, simbolis, lan lambang jalaran nggambarake
imajinasi panyerate. Basa sajrone geguritan ora kaiket paugeran guru tartamtu.
Geguritan asale saka tembung "gurit" sing tegese kidung, tembang, utawa tulisan sing
wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani "guritan" yaiku puisi Jawa. Geguritan
kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa, lan wiraga manut
surasane. Geguritan iku sawijining dhapur susastra kang awujud iketaning basa kang
memper syair. Mula ana sing ngarani geguritan iku syair Jawa. Tembung geguritan
dumadi saka tembung "gurita" kang minangka owah-owahan saka tembung "gerita". Dene
"gerita" iku linggane gita, tegese tembang. Ing sakawit geguritan iku uga tinemu ing lagu-
lagu dolanan.
a. Geguritan Tradisional

Geguritan tradisional yaiku


susastra Jawa kang awujud
tembang. Tuladhane geguritan
tradisional yaiku tembang
macapat, tembang tengahan,
lan tembang gedhe.

B. JINISE GEGURITAN
b. Geguritan Modern

Geguritan modern sipate bebas lan mardika


utawa susastra Jawa kang ora kaiket dening
paugeran geguritan tradisional. Geguritan
modern utawa geguritan gagrag anyar
mujudake ekspresi jiwa panyerate sajrone
nanggepi prastawa kang dialami, diweruhi,
kahanan sakiwa tengene, panguneg-uneg,
gegayuhan, wawasan, lan liya-liyane..

B. JINISE GEGURITAN
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan

Tema yaiku inti prakara ing geguritan.


Tema geguritan maneka warna
gumantung kreativitas lan daya pikire
panyerat. Tuladhane agama, katresnan,
lingkungan, pendidikan, panguripan,
lan sapiturute.
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan

1. Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik geguritan yaiku unsur kang bisa ditemokake
lan ana ing sajroning geguritan.

a. Tema
Tema yaiku inti prakara ing geguritan. Tema geguritan maneka
warna gumantung kreativitas lan daya pikire panyerat.
Tuladhane agama, katresnan, lingkungan, pendidikan,
panguripan, lan sapiturute.
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan

b. Gambaran Pangindran
Gambaran pangindran kaperang dadi papat, ing ngisor iki.
1) Pangindran pangrasa: samubarang kang ana gegayutane karo ati.
Tuladha: Ayem rasa di nyawang ibu kondur.
2) Pangindran pandeleng samubarang kang ana gegayutane karo mripat.
Tuladha: Tajeme ulatane marai tratapan.
3) Pangindran pangrungu samubarang kang ana gegayutane karo kuping.
Tuladha: Gunemane marakake kuping panas.
4) Pangindran pangambu samubarang kang ana gegayutane karo irung.
Tuladha:
Ambune wangi-wangi kembang melati.
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan
c. Purwakanthi

Purwakanthi saka tembung "purwa" tegese wiwitan lan "kanthi tegese gandheng. Purwakanthi
yaiku tetembungan kang runtut karo tembung ing saburine, ngenani bab swara, sastra utawa
tembunge. Purwakanthi kaperang dadi telu antarane ing ngisor iki.

1) Purwakanthi guru swara, yaiku padhane unen-unen vokal (a, i, u, e, o) kang dibaleni kanthi
urut sajrone larik-larik geguritan. Tuladha: Ora cepet, ora ngliwet.

2) Purwakanthi guru sastra, yaiku ukara kang runtut sastrane utawa tulisane. Tegese unen-unen
kongsonan kang dibaleni kanthi urut sajrone larik-larik geguritan. Tuladha: Bobot, bibit, bebet.

3) Puwakanthi lumaksita, yaiku purwakanthi kang tembunge ing ukara sadurunge dibaleni
maneh ing ukara candhake. Tuladha: Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan
d. Dhiksi
Kanggo ngasilake geguritan kang endah, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang
mathuk. Dhiksi utawa pamilihan tembung ancase kanggo ngasilake geguritan kang trep lan
endah. Tembung-tembung kang digunakake ana kang ngemu surasa lugu utawa apa anane
(denotatif), tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), sarta gambaran
utawa pralambang.
Dhiksi kang asring digunakake sajroning geguritan, yaiku ing ngisor iki.
1) Rinengga, yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya.
Utawa basa-basa sing digawe luwih bregas, endah, kanthi cara diowahi nganggo ukara liya
kang luwih alus. Biyasane basa rinengga migunakake ater-ater, seselan, lan panambang.
2) Plutan, yaiku sudane swara ing wiwitane tembung utawa tembung siji kang diringkes
cacahing wanda supaya luwih ringkes.
3) Wancahan, yaiku panyudane aksara ing wiwitan tembung.
4) Dasanama, yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha Dasanama kang
tinemu ing basa Indonesia diarani sinonim.
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan
e. Rima
Rima yaiku unen-unen kanthi dibolan-baleni kang ndadekake
geguritan katon endah jalaran duweni wirama.
Tuladha: Undhak culika sumebar para duratmaka sesumbar

f. Amanat

Amanat yaiku piwulang utawa pitutur kang kepengin diaturake


pangripta marang pamaca liwat sajroning geguritan.
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan
2. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur saka sajabaning pengarang. Unsur ekstrinsik geguritan awujud
kahanan subjektivitas babagan pangrasane panyerat lan sebab-musababe panyeral nganggit
sawijining geguritan. Ing ngisor iki perangan unsur ekstrinsik
a. Unsur Piwulang
Unsur piwulang nglimput babagan pendidikan, seni, ekonomi, politik, sosial budaya,
adat istiadat, hukum, lan sapiturute. Piwulang kang kakandhut duwe daya kawigaten
saengga ngaruhi apik orané geguritan.
b. Unsur Sosial
Unsur sosial gegayutan raket karo kahanan masyarakat nalika geguritan digawe.
Tuladhane nalika geguritan kuwi digawe ing masa bencana wabah penyakit
saengga geguritan kang digawe surasane ngemot kahanan masyarakat kang
ketaman wabah penyakit kasebut.
B. Unsur Intrinsik-Ekstrinsik
Geguritan

c. Unsur Biografi
Unsur biografi yaiku pawadane panyerat. Pawadane duweni pangaruh
sajrone gawe geguritan, tuladhane nalika nulis geguritan pawadane
panyerat saka kulawarga mlarat, dadi yen dheweke nulis geguritan bakal
ngresepi lan bisa agawe trenyuh pamaca. Bab kasebut jalaran kagawene
pawadane panyerat saengga bisa menehi kesan tumrap geguritan.
C. Nggancarake lan Teknik Maca
Geguritan
Supaya bisa maca geguritan kanthi endah, prelu digatekake paugeran-
paugeran ing ngisor iki.
1. Mangerteni wos geguritan kang bakal diwaca.
2. Praupan lan obahe awak kang jumbuh karo wos geguritan.
3. Bener sajrone medhot tetembungane. Becike nalika medhot sauntara
diwenehi tandha (/) lan kanggo sigeg diwenehi tandha (/).
4. Pas anggone munggah mudhune swara.
5. Milih geguritan sing pas karo kahanan. Ana babagan kang perlu
digatekake nalika milih geguritan.
a. Ana rima lan wirama.
b. Wos geguritan kajumbuhake klawan kahanan.
c. Ngandhut tetembungan rinengga.
d. Sipat geguritane kudu transparan/lugas.
d.Nulis Geguritan

Kanggo ngasilke geguritan kang endah, pangripta kudu nggatekake teknik-teknik


nulis geguritan kang trep. Kayata ing ngisor iki.
1. Nemtokake tema.
2. Nemtokake dhiksi kang pas lan khas.
3. Nggunakake rima lan purwakanthi supaya geguritan luwih endah.
4. Milih wujud fisik geguritan (rata tengan, kiwa, tengen-kiwa, tengah)
5. Pamilah irah-irahan kang jumbuh karo isi geguritan.
Matur nuhun
Spr
Sugeng enjing

Anda mungkin juga menyukai