Anda di halaman 1dari 18

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

- Novel -

Satuan Pendidikan : SMK Bhakti Nusantara Salatiga


Kelas / Jurusan : XI (Sebelas) / Seluruh Jurusan
Semester : Ganjil
Tahun Ajaran : 2021 – 2022
Jumlah Pertemuan : 4 x 1 jam pelajaran (40 menit)

A. Kompetensi Inti
KI 1 : Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya
KI 2 : Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong
royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif dan pro-aktif dan menunjukkan sikap
sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam berinteraksi secara efektif
dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa
dalam pergaulan dunia
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis dan mengevaluasi pengetahuan faktual,
konseptual, prosedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta
menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat
dan minatnya untuk memecahkan masalah
KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri serta bertindak
secara efektif dan kreatif, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan

B. Kompetensi Dasar
1.2 Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa
Jawa dalam bentuk teks novel
2.2 Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong, kerjasama,
toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui
teks novel
3.2 Memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa
4.2 Menceritakan isi petikan novel berbahasa Jawa

C. Indikator Pencapaian Kompetensi


3.2.1 Menjelaskan pengertian dan ciri-ciri novel
3.2.2 Menganalisis unsur intrinsik novel
3.2.3 Mengidentifikasi nilai-nilai yang terkandung dalam novel
4.2.1 Menulis sinopsis novel berbahasa Jawa
4.2.2 Menyajikan isi petikan novel berbahasa Jawa menggunakan bahasa sendiri
D. Tujuan Pembelajaran
1. Peserta didik mampu menjelaskan pengertian dan ciri-ciri novel
2. Peserta didik mampu menganalisis unsur intrinsik novel
3. Peserta didik mampu mengidentifikasi nilai-nilai yang terkandung dalam novel
4. Peserta didik mampu menulis sinopsis novel berbahasa Jawa
5. Peserta didik mampu menyajikan isi petikan novel berbahasa Jawa menggunakan bahasa
sendiri

E. Materi Ajar
Terlampir

F. Sumber Belajar
1. Buku Prigel Basa Jawa Kelas XII
2. Modul
3. Internet

G. Media Belajar
1. Buku novel Jawa

H. Model Pembelajaran
Model pembelajaran Discovey Learnig dengan pendekatan Pembelajaran Berbasis Teks.

I. Metode Pembelajaran
1. Ceramah
2. Diskusi
3. Tanya jawab
4. Penugasan

J. Skenario Pembelajaran
Tahap Langkah-Langkah
Alokasi Waktu
Pembelajaran Pembelajaran
Pendahuluan  Guru membuka pembelakaran dengan berdoa, salam, 5 menit
dan menanyakan siswa yang tidak hadir
 Guru melakukan apersepsi untuk mengaitkan materi
yang telah dikuasai siswa dan yang akan dipelajari
 Guru memberikan informasi mengenai kompetensi
yang akan dipelajari, rencana pembelajaran, dan
penilaiaan yang akan dilaksanakan
 Guru memberi motivasi kepada siswa mengenai
perlunya materi yang akan dipelajari dalam kehidupan
sehari-hari
 Guru memberikan informasi mengenai sumber-sumber
belajar yang dapat digunakan
Inti Mengamati 30 menit
 membaca contoh teks novel
 mencermati uraian yang berkaitan dengan
mempertanyakan unsur-unsur pembangun novel
Menanya
 mempertanyakan unsur-unsur pembangun novel
 membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks
novel
Mengumpulkan informasi
 menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam teks
novel
 menulis sinopsis novel dengan bahasa sendiri
Mengasosiasi
 menyunting kesalahan sinopsis novel tulisan teman
 menganalisis unsur-unsur pembangun
 mengaitkan nilai-nilai dengan kondisi masyarakat saat
ini
Mengkomunikasikan
 menyajikan secara lisan atau tulisan sinopsis novel yang
ditulis
 memberi tanggapan isi teks novel dengan bahasa sendiri
Penutup  Siswa mengumpulkan tugas materi yang telah dipelajari 5 menit
 Siswa dan guru merefleksi penguasaan materi yang
telah dipelajari
 Guru memberikan rencana pembelajaran pada
pertemuan yang akan datang

K. Penilaian Hasil Belajar


Terlampir

Salatiga, 5 Juni 2021


Kepala SMK Bhakti Nusantara Salatiga Guru Mata Pelajaran

Drs. Suharno, M.Si. Ayu Anissa, S.Pd.


Lampiran 1 : Materi Ajar

Kasusastran Jawa (Novel)

Definisi Novel
Novel yaiku wacan kang klebu citra narasi lan isine nyritakake kadadeyan utawa prastawa
bisa nyata utawa fiktif kang dilakoni paraga kanthi urutan wektu tinemtu. Novel iku karya sastra
prosa (karangan bebas) kang popular. Kaya dene karya sastra crita liyane, novel iku ngemot crita-
crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing njerone kaperang dadi pirang-pirang crita,
dene saben babak iku ngandarake surasa kang beda-beda.
Titikane novel, yaiku:
1. Dicritakaken sepisan ora rampung, didadekake pirang-pirang bab
2. Perwatakan digambarake kanthi princi
3. Konflik utawa cecongkrahan ora nganti ngowahi nasibe tokoh/paraga
4. Sawijining cecongkrahan dilakoni pirang-pirang paraga naratif/urut

Unsur Pambangun Novel


Unsur Ekstrinsik, yaiku unsur karya sastra kang ana njaba crita (unsur–unsur kang ana
sanjabane perangan karya sastra). Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi
pengarang, agama, ekonomi, sosial, pendidikan, budaya, lan sapiturute, sanjabane unsur intrinsik
(maksude kayata pangripta novel utawa latar belakang penciptaane). Unsur iki bakal mbiyantu
kanggo napsirake surasa sawijining karya sastra.
Unsur Intrinsik yaiku unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun crita. Unsur
kasebut yaiku :
1. Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning crita.
Tema crita kang digunakake kayata: istanasentris, adat istiadat, lan mistis.
2. Alur
Rerangkening cengkorongan prastawa/kedadeyan ing crita. Alur diperang dadi 2 perangan.
a. Alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar
kronologi tumuju ing alur crita.
b. Alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa
kang lagi dumadi.
3. Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga utawa pelaku. Paraga bisa dingerteni
karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
4. Setting
Setting iku minangka latar kang mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu,
papan / panggonan, lan sosial budaya.
5. Amanat
Underaning, nilai-nilai kang bisa dijupuk saka isining crita.
6. Sudut Pandang
Sudut pandang diperang dadi 3 yaiku :
a. Pengarang nggunakake sudut pandang took lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti
orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe
kanthi tembung-tembunge dhewe.
b. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka
sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pengarang biyasane nggunakake tembung
sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).
c. Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing
sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang
tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake
rahasia batine tokoh.
7. Nilai-Nilai
a. Nilai Sosial
Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.
b. Nilai Ethik
Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa
ngewongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa sampurna ing
dhiri pribadine.
c. Nilai Hedorik
Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing
sajroning crita.
d. Nilai Spirit
Nilai spirit iki surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca
duwe kapribaden kang percaya marang dhiri pribadine dhewe.
e. Nilai Koleksi
Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni
novel iku.
f. Nilai Kultural
Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa
ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.

Jinising Novel
1. Novel detektif (crita fokus nggoleki bukti/ barang bukti).
2. Novel roman (crita fokus babagan percintaan utawa kasih sayang).
3. Novel misteri (crita kang nimbulake rasa penasaran).
4. Novel Gotik (penggabungan crita misteri/ horror dengan cerita percintaan)
5. Novel kriminal (crita fokus kasus kriminal).
6. Novel fiksi ilmiah (crita fokus babagan imajinasi).

Novel-Novel Jawa peride 1990-2000an


Tahun
No. Irah-Irahan Panganggit Penerbit
Terbit
1 Ombak Sandyakalaning Tsamir As 1991 Bina Ilmu
2 Kerajut Benang Ireng Harwimuka 1993 Sinar Wijaya
3 Sintru, Oh Sintru Suryadi WS 1993 Sinar Wijaya
4 Kubur Ngemut Wewadi Ay Suharyono 1993 Sinar Wijaya
5 Astirin Mbalela Peni 1995 Pusat Studi Jawa,
Lembaga Studi Asia
6 Lintang Ardini Pangastuti 1997 Yayasa Adhigama
7 Tunggak-Tunggak Jati Esmiet 1997 PT. Dunia Pustaka
Jaya
8 Kinanthi Margareth Widhy 2001 Taman Budaya
Pratiwi Propinsi DIY
9 Pisungsung Kang Wingit Atas S Danusubroto 2002 Taman Budaya
Propinsi DIY
10 Candhikala Kapuranta Sugiarta Sriwibawa 2002 Pustaka Jawa

Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaiku salah sijine wujud nyekakake
sawijining crita kanthi tetep nggatekake unsur-unsur intrinsik ing crita kasebut. Gawe sinopsis iku
cara kang efektif kanggo ngandharake sawijining crita kang dawa sajroning wujud cerkak. Ing
sajroning sinopsis kaendahan gaya bahasa, ilustrasi, lan penjelasan-penjelasan diilangke, nanging
tetep gumathok marang isi lan gagasan umum pangripta.
Sinopsis biasane dibatesi dening cacahing rai. Dawane sinopsis biasane sapralima utawa
saprasepuluh saka dawane karangan asline. Carane nggawe sinopsis yaiku:
1. Maca naskah asli kanggo nggoleki gagasan umume penulis
2. Nyathet gagasan utama kang penting
3. Nulis maneh gagasan utama dadi paragraf
4. Dialog lan monolog amung ditulis isi utawa garis utamane
5. Sinopsis ora kena owah saka isi crita asline
Sinopsis iku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak, nanging bisa nlentrehake crita
sakabehe. Mula nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
1. Tema : gagasan pokok, pokok cerita
2. Latar : papan lan wektu dumadine
3. Alur : lakuning crita
4. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.

Tuladha Pethilan Novel


Lara Lapane Kaum Republik
I
Kabar saka kuta mratelakake jen wong tuwane sakloron wis bali saka pangungsen lan bisa
ngenggoni dalemen maneh. Among ibune katjaritaake nandang gerah maras, bisa uga ngrasakaake
barang-barange diasul-adul wong nalika ditinggal ngili. Nanging saka pamikire Wiradi, gerahe
ibune marga ngrasaake dene bubar geger dar dork ok putra-putrane telu pisan ora ana sing pada
katon. Sebab jen mung barang wae wis wiwit satekane Djepang bijen, wong tuwane nandang
kemlaratan sakatoge, njatane ibune ja seger meger2 wae, bagas-kuwarasan.
„Kaprije dimas, apa ora prajoga jen kita ngaton ing ngarsane sibu sadela, supaja sibu tentrem
penggalihe?” pitakone Wiradi marang adine.
„Pakewuh, kangmas. Marga kaanane kuta saiki, pandjenengan midanget pijambak, saben
dina Landa nganaake pembersihan. Wong lanang sing katon sadjak sentosa, ora kakehan rembug,
terus digawa menjang beten, ditawan,” wangsulane Wiranta.
„Lha ning, kowe ki apa ora mesakake sibu, kita wong loro genah nglumpuk mrene, dene
djeng Wiras ora karuwan kabare. Rakja ngenes ngono, penggalihe sibu!” pandeseke Wiradi.
„Ha, witekna, jen awake dewe mlebu kuta, prasasat ula marani gepuk ngono,” wangsulane
Wiranta. „Ora wurung Landa numpes kita sakeloron.”
„Ah, ja mlebune dedemitan, adja nganti konangan mata2 mungsuh.”
„Ora, kangmas. Aku sing netepake kita ora marak sibu wekti iki. Bapak mesti bisa ngarih-
arih sibu jen djamane durung marengake putra-putrane muntjul ing ngarsane sibu-bapak. Bapak
mesti pirsa kaanan kang kaja mengkene iki.”
„Nanging pije olehku pertjaja marang bapak, bisa ngarih-arih penggalihe sibu, wong njatane
sibu gerah ngono. jen aku netepake: gerahe sibu kuwi mung bakal bisa senggang jen wis pirsa
putra-putrane slamet.”
„Jen kabar slamet wae rak bisa dititipake pak Lodang jen deweke adol pohung suk Djumuah
ngarep.”
„Dadi kene titip lajang, ngono apa pije?”
„Adja, kangmas! Kuwi mbebajani. Jen ngantija pak Lodang digledah ketemon lajange,
mesakake deweke. Lajang apa wae jen wong ndesa kaja pak Lodang sing nggawa mesti dianggep
njalawadi, ora wurung ditangkep, dikon djarwaake wadine, dipilara. Kangmas apa ora kemutan,
pak Karijamentes sing disiksa Landa ana Djurug nganti mati bijen kae?”
„La jen tanpa lajang tulisane kene, apa ja sibu-bapak pertjaja? Karo maneh gerah maras kaja
ngana ora gampang pertjaja menjang kabar angina, apa maneh sing ngabarake wong tani ala kaja
pak Lodang. Elinga lo di, ibu kita ki mung sidji. Jen ilang ora bisa ditemu maneh.”
„Ah, kangmas ki kok neka2. Tak aturi menggalih kaanane ta kangmas. La wong Landa olehe
ngintjim-intjim njang pemuda2 kepati-pati kok kita klujur2 mlebu kuta. Iki mengko rak ora sida
ngleremake penggalihe sibu, nanging ngulungake pati-uripe dewe menjang mungsuh,” Wiranta
tjelatu rada songol. Deweke sanadyan kaprenah enom, kantja-kantjane pada ngreti jen pangretene
luwih lantip tinimbang kangmase.
Wong loro mau saikin isih pada tjekel bedil belani negara ana desa bawah Bekonang wetan
Sala. Landa kang ngedjeki kuta lagi greget-gregete nanggulangi pemuda kang saben bengi nlusup
mlebu kuta lan nganakake serangan2 menjang tangsi2.
Wiradi durung lega atine. Saploke krungu kabar saka kuta bab kondure wong tuwane saka
pangungsen lan ibune nandang gerah maras, deweke tansah tomtomen kepingin ketemu ibune
wae. Bareng ngreti jen adine mantep ora gelem marak ibune, deweke bandjur marani Kusnarna,
kantja sing wingenane sadina bisa mlebu dedelikan menjang kuta lan saiki nggawa kabar keluarga2
lan kaanan kuta wektu iki.
„Anu dik Narna. Aku kok durung mudeng tjaritane bab sibu-bapak mau. Pije, sibu wis
kondur lan manggon ana Widuran, nanging gerah ngono apa pije? La omah Widuran mau, sadjake
ditinggal ngungsi apa ora nandang kekurangan apa2?”
„Embuh ja mas. Aku dewe uga ora kanti sowan njang Widuran, nanging miturut dawuhe
sibu – sibuku – bu Wiradad wis kondur njang Widuran. Mung putra-putrane telu pisan durung
ana sing katon kondur. Aku jo terus matur jen pandjenengan karo mas Wiranta nunggal sakeplajon
ana kene karo aku, slamet ora kurang.”
„Ija, ija. Bab omah?”
„Aku kurang terang. Tak kira ana sing ngenggoni wektu suwung ditinggal ngungsi kuwi.
Mergo sibu kok dawuh jen sing njaosi pirsa kaanan Widuran mau pjaji ngagem topi ngaku
manggon nunggal enggon karo bapak Wiradad.”
Wiradi mantuk2 sadjak kelegan banget atine, bandjur takon maneh:
„Dadi ora ana kabar bab djeng Wirastuti?”
„Ora ana mas.”
Wirastuti iku sadulure ragil, sadela sadurunge Landa mlebu kuta sekolahe diliburake merga
geger P.K.I. ing Madiun lan deweke bijantu ana Biro Perdjuwangan Putri. Wektu Landa mlebu,
Wiranta kober mampir ngomah lan ngeterake wong tuwane menjang Sraten, dene Wirastuti sing
mestine dipapag Wiradi dina sorene, wis sawengi ora mulih. Saiki kabar bab panggonane wong2
sing pada ditresnani wis genah, mung adine ragil iki sing durung keprungu. Luwih dadi pamikire
Wiradi, merga Wirastuti botjah wadon. Ibune mesti ja kagungan penggalih kang mengkono. Ibune
luwih gede prihatine, merga pandjenengane durung midanget jen putra-putrane kakung slamet.
„Ah memelas temen sibu!”
Wektu Narna arep menjat, Wiradi takon maneh: „Ora, dik Narna. Kaanane kuta prije?
Umpama aku nlusup mulih ngendangi sibu ngono apa bisa kira2?”
Kusnarna ngawasake Wiradi karo nggagas2 disik, lagi mangsuli:
„Jen bengi, mas, Landa2 pantjen ora wani metu saka beteng jen mung nganggo power wae.
Nanging teng2 mesti nganglang mawa lampu sorot lan duabelaskomatudjuh. Iku sing diwedeni
kantja2. Karo maneh mata2 sumebar ing endi-endi. Iku ja mutawatiri. Nanging jen awan Landa
kuwawa bludusan turut kampung karo tentara sewan baret2 merah. La kuwi sing nggegirisi.
Ngglidise ora djamak, mlebu omahe wong tanpa wara2, jen kesenggol atine sitik wae pustule muni.
Dadi anggonku bisa slamet sadina ndelik ana ngomah ki dasar kebeneran, dene ora ana patroli
mblusuk marana.”
Krunge tjrita kang mengkono mau, Wiradi geter atine, putjet guwajane.
„Kena apa, mas?” pitakone Narna bareng weruh Wiradi sadjak deleg2.
„Ora apa2, dik. Anu, mung, sadjatine aku ja kepengin sowan sibu. Kira2 apa bisa ja?”
Narna ngawasake Wiradi kanti ati-ati, ing batin ngremehake kekarepane Wiradi sing kurang
pikir kuwi. Djeneh wis dikandani jen uripe pemuda2 ana kuta ki mung gumantung begdja-begdjan
wae, kok isih wani nduweni pepinginan kaja ngono. Narna wae, sing wis kotjap kekendelane lan
wis nglakoni slamet mlebu kuta, kandji ora wani mlebu kuta awan2 djare. Wasana deweke tjelatu:
„Jen pantjen niat ngendangi ngomah mas, sedela wae ing wajah bengi. Dieterake kantja2.
Nanging pamrajogaku adja grusagrusu, merga kadjaba kita mengko bisa kepregok patroli Landa, bu
Wiradad ki lagi gerah maras, jen bengi2 dikageti aku kuwatir jen malah dadi bendrong.”
Sawise tjelatu mengkono, Narna terus enjat lan age-age mlaju menjang ngisor pring,
bebuwang. Kang dadi panggonane pedjuwang2 tlatah Bekonang ki kadjaba bisa dilandjak kanon lan
mortar saka beteng Lodjiwetan, uga penjakit desentri kang lagi semrambah ing desa kono.
Wiradi panggah nggagas2 anggone arep ngetok ibune sing lagi gerah.
Wajah asjar sawise swarane montor-mabur sing njasmitani penganonan leren, Wiradi
metuki adine maneh.
„Mengko bengi tjah2 apa pada mlebu ja?” pitakone Wiradi. Sing dikarepake mlebu iku mlebu
kuta, nganakake serangan gerilja.
„Embuh ja. Tak kira ora, merga dik Narna isih kesel.”
„Nanging jen kita niat marak sibu deweke gelem ngeterake kok mau.”
Wiranta ndjenggirat atine, mandeng kangmase.
„Kok nekat wae ta mas?”
„Djarene dik narna jen bengi rada aman kanggo kita mlebu mrana.”
Wiranta ora enggal mangsuli. Suwe deweke nggagas2, djempolane silike ngorek-orek lemah.
Wektu iku wong2 sing pada umpetan njingkiri kanon wis pada katon klendang2, polatane sadjak
pada sumeh pratanda jen awan iku ora ana kurban njawa. Weruh glagate kantja2 kang mengkono
mau, Wiranta undjal pikirane, mangsuli kangmase>
„Mengko dak rembugan karo kantja2.”
Semangate botjah2 mlebu kuta ki disumet sangka kegembiraan, utawa gregeten nedya males
ukum merga mentas nandang kurban akeh. Jen kurban lagi dong ora natoni atine, lan kaanan ing
desa kono mangkelake ati (merga bab pangan utawa panglipur kurang), botjah2 gerilja semangete
ja pada menda, aras-arasen nganakake serangan.
II
Sawise Wiranta ngandarake kabar kang digawa Narna bab gerahing ibune lan karepe arep
sowan ibune bengi iki perlu nentremake penggalihe, sakantja pada sarudjuk bengi iku mlebu kuta.
Tjatjahe kabeh ana telulas uwong, sanajan gegamane ora pati lengkap ora labeh nduweni karaben
utawa bedil adoh lijane, nanging kabeh nduwe tjekelan, ora ketang pistul utawa granat.
Wektu iku mangsa ketiga, sasi Djuli 1949, wis suwe ora ana udan, dalan2 ing pradesan
bleduke muleg, sawah2 pada garing lan kalen2 pada asat. Kang kaja mangkono mau mung
ndadekake bisane gegantjangan mengko anggone pada lumaku dedemitan mlebu kuta. Kebeneran
mengko bengi rembulane ora katon dadi rada longgar anggone pada singitan, ora perlu ndepis2
banget.
Wajah rembang surup Wiranta sakantja pada mangan bebarengan ing omahe pak lurah,
diladeni Waginah anake Sadikrama lan Kartini putrane den Wira pjaji Bromantakan sing ngungsi
mrono, sarta ditunggoni para sepuh kaja ta pak lurah sekalijan lan bu Danu, pada reerembugan sing
lutju2. Mangan bebarengan mengkono iku dianakake mung jen arep mlebu kuta, dene kaanan
sadina-dinane mangan iku sakarepe botjahe dewe-dewe, ana sing wajah surup ana sing wajah isa,
nanging kabeh wis entuk tjadongane dewe2. Sanadyan mengkonoa ja isih ana botjah2 sing nakal,
tjadongane kantjane dikrowoki. Kang mengkono mau kadangkala dadi gegujon, nanging sok dadi
ladakan, marga bab mangan botjah2 mau lagi pada dremba-drembane, nanging tjadongane lumrahe
tjumpen. Mula panganan sing tinemu saka udjaban tjadongan, kaja ngunduh kates, mantjing erok2
lan nawu iwak ing kali, mbakak pohung, dadi kareman lan kalegane botjah2 mau. Soksok ja mung
dadi tjrita kang nengsemake pengalaman2 kang aneh2 golek sumbal pangan djaman perang ing
pradesan kuwi, kaja ta mbedil drekuku nganggo karaben.
Sakwise rampung mangan kabeh pada pamitan sing pada ditinggal, bandjur budalan. Lakune
ora liwat dalan, nanging nratas liwat galengan, marga jen liwat dalan isih pada kuwatir jen
kepranggul patroli2 Landa sing nekat metu saka pos2 pendjagaan, saora-orane ja njingkiri pangulate
mata2 mungsuh. Dene bebajane liwat galengan kuwi kadjaba rada repot lakune marga tjijut ora
rata, kanggone sing pada ora sepaton ja wedi Kjai Ojot, jaiku ula sing uga tlusurane liwat galengan.
Mula mupung tjandikala isih madangi bumi, botjah2 pada gegantjangan lakune, mangulon parane.
„Kita liwat Putat apa Beton mas?” pitakone salah sidjine kantja kang lumaku pernah ngarep.
Kantja kuwi pendek dedege, lakune ora patija rekasa merga gawane ora abot. Deweke –
Sukardiman djenenge – mung nggawa pistul otomatis karo granat telung idji digandul-gandulake
ing gulune kaja ketupat; ditjentjang ana gulu kuwi prelune jen njabrang Bengawan mengko ben ora
katut teles.
„Liwat Putat wae, sabrangane rada tjetek, terus Warungpelem mangulon,” wangsulane
Wiranta sing mlaku kaprenah ana burine.
„Mas. Sanadjan slamet ora ana kadadean apa2 mengko adja suwe2 anggone rangkul-
rangkulan karo ibu lo,” tjelatune Narna saka buri. Jen bisa djam2 sidji ngono awake dewe wis pada
bali.”
„Ijah, kena apa ta leh, kok kesusu temen kang Narna kuwi?” pitakone kantja lija semu gujon.
„Wetengku durung kena ditata,” wangsulane Narna.
„Wingenane olehe lotisan ana ndalem rada kakehan jake, la wong ditunggoni sidenok-
debleng,” saute kantja lija maneh.
„Heh, wong saiki weteng rasane kaja diudak ngene djare, wong lotisan disengguh demenan,”
tjelatune Narna glenak-glenik.
„Maridja mau sida nganggo sepatu ora mau, tja? Awas lo, Kjaine lagi wae ndlosor mlaju
ngidul iki mau, mentas wae tak langkahi,” tjelatune Sukardiman tjlemang-tjlemong.
„Tenan pa pije kuwi lo? Wong ula djare dienggo sembranan,” wangsulane sing ana tengah
barisan.
„Alah, si Sukardiman kuwi, jen isih jah mene wae kumretjek mbeda kantjane ora uwis2.
Mengko rada bengi sitik jen ora ngoplok golek kantja merga wedi banaspati,” tjelatune Wiranta
ngelehake.
Sinambi gujon mengkono kuwi ora krasa jen dedelengan wiwit ora tjeta, lan sedela maneh
bakal njabrang Bengawan. Njabrang Bengawan iku kudu ngati-ati, merga pemuda2 iku kudu liwat
panggonan kang sela, dene kaanan sabrange Bengawan ora ana sing weruh apa ana tenge mungsuh
sing nunggoni karo lampu sorot lan duabelas komatudjuh apa ora. Jen lagi ana tengah Bengawan
terus disoroti lampu mesti wae ora bisa obah apa2 maneh.
Nalika Wiranta sakantjane rundak-runduk tekan sabrangan tepis peringe Bengawan,
pandjledore bedil botjah2 gerilya panta lija wis ana sing kaprungu.
„E, wis ana sing ndisiki bakdan mretjonan,” tjelatune salah sidjine kantja isih tatak wae.
„Ssstt!! Adja grusa-grusu maneh tjah!” bisike pemuda lijane.
Saiki lakune pada rerundukan kaja ketju ndedepi, pating djruntul kaja botjah djelungan.
Narna kaja adat saben nguduni perenge Bengawan disik dewe. Kantja-kantjane pada ana
tangguling kali ngenteni sasmitane, pada ngempet ambegan. Sadela dienteni, ora ana baneke.
Dienteni rada suwe, isih ora ana sasmita apa2. Wiranta bandjur njingsoti mitrane, takon apa
deweke slamet. Narna ora mangsuli. Kantja2 saja trataban atine.
„Ajake dik Narna klelep,” tjelatune Wiradi bisik2.
„Ah, wong dik Narna kok klelep, wong sabane Tirtamaja. Karo maneh wong ketiga ngerak
ngene, banjune Bengawan rak mung kaja kalen wae,” wangsulane Wiranta. Atine ora djendjem.
Deweke singsot2 maneh. Narna tetep ngilang meneng wae.
„Mas, djare saiki Landa ja ngingu maata2 sing wani gelut sesideman, sumebar ana kampung2.
Mas Narna kuwi mengko gek wis diruduk mata2 Landa . . . ?” tjelatune Maridja.
„Mas, iki tak kira penggawene peri kedung kene: mas Narna diumpetake. Peri ki djare nduwe
kraton ana sangisore banju, mas. Jen panggawene djalma manungsa wae mesti ora ngilang sepi kaja
ngene iki . . .” tjelatune Sukardiman kang tansah mikir bab memedi.
„Ah, adja mikir neka2!” mangsuli ngono mau Wiranta gremet2 madju, nguduni plengsengan.
„Adja pada melu disik jen durung krungu suwarane manuk tuhu.”
Wiradi sing keplepeg tjritane Maridja manti2 banget marang adine: „Sing prajitna lo di. Jen
ana bebaja ndang sentilen wae karabenmu, ben kene pada ngreti.”
Wiranta ora mangsuli, ilang ambles menjang petengan. Deweke grajang2 lemah kang bakal
dipidak, gremetan tjenunak-tjenunuk, ing batin sumpeg atine. Jen ngantija kelangan Narna deweke
mesti bakal tjoto, sebab Narna kadjaba botjah kendel, graitane adoh lan mumpuni. Mulla deweke
anjel banget dene petenge kok ndumuk irung. Wiranta selak kepingin weruh kedadeane mitrane,
mungguh matia ja kepengin nemoni batange.
Saja suwe deweke saja adoh anggone ndlusur dasare kali Sala mangsa ketiga. Dasare kali
wedi malela kang wis pirang2 minggu ora katjak banjo, marga iline banjo Bengawan mung prasasar
kali tjilik kang ora mingsra.
Ing mangsa aman kali kang mengkono mau dienggo adus, ing wedi atos dikeruki digawe
belik.
Ing nduwur pinggir sabrangan bisa uga nalika iku ana teng-teng Landa wis mangro
ngintjerake sorot njabrang kali. Ing kadohan, tar tor suwarane bedil saja rame keprungu. Dene ing
kali kono dewe peteng ndedet lelimengan, kemritjiking banjo mili mbangun sepi, sepi kang saja
nambah peteng, peteng ing kali peteng ing atine Wiranta.
Tekan tepis iline kali, Wiranta uga durung nemu abane Narna. Kelawan ati nok-nik deweke
singsot alon2, njasmitani mitrane jen deweke ana kono.
Wiranta krungu suwarane wong sadjak abot: “Heh!”
Suwarane Narna ketaton mesti! Utawa mungsuhe Narna! Wiranta njiapake karabene.
„Dik Narna?” suwarane Wiranta bisik-bisik, diarah adja nganti keprungu lijan.
„Heh!”
„Ana ngendi kowe dik? Rak ora apa2 ta?”
„Heh! Mas, mas Ranta? Nuwun sewu mas. Aku lagi ewuh.”
„Ewuh apa?”
„Anu mas. Wetengku nuntut, mumpung tjedak banjo djare.”
„Oh! Gawe deg-degane atine wong sak kantja wae. Prije kaanane?”
„Anu, aman kok. Aku wis njabrang mrana kok mau. Aman.”
„Ngonoa kae mbok ja mangsuli singsotku, dadi ora gawe tratabing ati.”
„Ah, la aku rada isin kok. Karepku tak rampungake disik keperluanku iki . . . .”
Ora let suwe mbanjdjur keprungu suwarane manuk tuhu saka sasmitane Wiranta. Narna
bene. Kaanan sabrang kali aman ora ana mungsuh. Wong2 pada enggal njabrang kali lan terus
pating djruntul mlebu djroning kuta.
Saklebatan dalan2 ing kuta sadjak sepi mamring, ora ana barang obah-mosik. Mung sliwere
asu saba utawa kutjing kerah sing gawe tenger, jen ing dalan2 mau isih ana sawenehe barang urip.
Dene suwarane bedil pating djledor lan suwara metralijur kang sadjak diempet-empet ngratani
kuta ora mratelakake jen akeh wong tangi; sing muni kuwi sadjak mung barang mati, bledos karepe
dewe. Nanging jen ditamat-tamatake kanggone wong kang wis kulina, enggal pada weruh jen
sawetarane dalan sing sepi-mamring iku pada ana wong pating djruntul, wong obah2 metu saka
pangumpetan sidji menjang pandelikan sidjine.
Wiranta sakantjane slamet ora nemu alangan sawidji apa nganti tekan Warungpelem.
Nanging bareng wis arep njabrang dalan Mesen, ndadak pada krungu panggerenge teng kang
nganglang saka kidul. Wiranta enggal ngabani kantja-kantjane dikon umpetan lan prajitna.
„Ora susah ditanggulangi, kantja, gaman kita muspra!”
Nanging durung suwe saka tjelatune kuwi, ana suwarane pistul, ora ngerti sapa sing
ngunekake. Teng sing isih tjedak panggonan kono bandjur mandek. Sorot kang djembar lan padang
ndjingglang kaja raina, lan bedil pating djledor tjampuh ing saindenge kono. Wiranta sabalane
pada pating blesar mlaju ngetan sakarepe dewe2, ora kena ditata lan ora kober nata.
Wiranta, kangmase, Narna, Sukardiman lan Maridja pada pating depipis njilikake awake
dewe2 ana ing sawenehing pager urip, ambegane pating krenggos. Kabeh pada mikir pati-uripe
dewe2. Bareng disrantekake sadela, suwarane bedil bandjur rada menda. Wong2 lagi pada kelingan
kantja-kantjane.
„Aku ora ngreti sapa sing ngunekake pistul mau?” swarane Wiranta bisik2. „Swarane kok
saka mburine awake dewe.”
Wiradi krungu wong sesenggrukan nagis.
„Menenga Dja. Iki mengko ora wurung kowe gawe tjilakane wong samene,” suwarane
Sukardiman songol, nanging ora sora.
„Kita wis tjampuh ana daerahe mata2 mungsuh iki, huh, huh,” wangsulane Maridja
sesenggrukan. „Bedilku kari ana ndjaban pager.”
„Dik Narna, pupuku panas aku ora wani ngemek—emek,” tjelatune Wiranta gugup.
Narna kosot2 njedaki mitrane. Swarane bedil-bedilan ndadra maneh, swarane mesin teng
ngeden mratandani arep mlaku, sorote lampu tjelorat-tjelorot madangi daerahe sing pada ndelik.
Kutjing asu sing kasorot pada pating blolong, matane melong2.
„Sing sisih endi sing panas, mas?” pitakone Narna kang wis mengkurep ana sanding mitrane.
Wiranta ora mangsuli apa-apa, mung nuduhake tangane kang mentas ngemek-emek pupune
marang mitrane. Gluprut getih! Tinulung dening pantulane sorot, Narna weruh jen mitrane
pringisan njakot lambene ngisor. Kadjaba miris weruh tangane dewe kang gluprut getih, Wiranta
mesti meh ora kuwat ngempet panase pupune.
„Kowe ketaton mas,” tjelatune Narna.
Wiranta mung mantuk2.
„Kira-kira kuwat ora mlaku dewe?”
Wiranta gedeg2 ngemper perih.
Teng budalan mangalor parane. Sawise teng liwat, bedil-bedilan menda maneh. Wong2
rumangsa bisa longgar, tjrita klesak-klesik rada wani. Kantja2 pada ngrunbung sing ketaton,
nanging ja ora tinggal kaprajitnan.
„Iki mesti panggawene mata-mata mungsuh,” bisike Maridja.
„Pije mas? Apa kita mundur disik?” pitakone Narna.
„Ora,” wangsulane Wiranta. „Kowe kudu ngeterake kangmas tilik sibu. Sukardiman
adjaken.”
„Ah, la mas . . .” protese Narna.
„Tinggalen aku, tinggalen kene wae. Karo Maridja. Kantja2 lijane mengko rak ja mrene
tulung aku. Ning kangmas Wiradi kudu ketemu sibu, wong wis dinijati saka ngomah.”
Wiranta jen duwe karep pantjen angel dieluk.
Sawise pada usreg nata karep, akire Narna manut usule Wiranta.
Dadi tjah telu: Narna, Wiradi, lan Sukardiman nerusake laku njabrang dalan gede Mesen,
lakune gegantjangan wae, slundap-slundup kaja botjah djelungan. Dene Wiranta lan Mridja
ngenteni kumpule kantja2 kang bakal ngupakara Wiranta.
....

Kapethik saka:
Novel Lara Lapane Kaum Republik anggitan Suparto Brata (kaca 5-16)

Tuladha Sinopsis Novel


Tresna Toh Pati
(Anggitane: Any Asmara)
Piyayi kuna kuwi jen arep ndojokake anake nganggo dipetong disik. Neptune dina pasaran
botjah lanang lan wadon dietung, digunggung, bandjur dipara-para jen tinemu ala ora sida
digatukake. Saiki djamane wis madju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi
botjahe, jen anadudu wong tuwane, mula jen ana tindak sing peksan kaja mengkono, kuwi klebu
tindak kleru.
Achmad, pengarang muda, sugih tjrita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti
bisa gawe sengseming para maose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati
merga dajaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kalijan R. Adjeng Uminarsih, dene
Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora
tjojok. Pungkasing Uminarsih didjodohake kalijan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang
dirasaake Achmad ora bisa dilipur kanggo apa bae, dheweke nyoba lungo plesir menyang
Semarang, ton-tonen tjitrane Uminarsih tetep ora bisa ilang. Nganti sawidjining wengi Achmad
tekan sangarepe omah kang lagi duwe gawe, embuh omahe sapa ora weruh. Bandjur mandeg
saperlu arep ngrungoake krontjong. Bareng weruh penganten sarimbit metu, dheweke kaget, ora
njana jebul Uminarsih, awake ora kuwat bandjur tiba semaput. Dheweke digotong menjang jero
omah, bareng wes sadar Achmad krasa isin lan kepengen menyat mulih. Bareng metu saka kamar,
ing djobo wis ana Uminarsih, bandjur Uminarsih menehi lajang kang tekan ngomah bandjur dak
watja karo Achmad, surasane Uminarsih dadi penganten kuwi ora merga blendjani djanji karo
Achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga kersaning rama kang ndjodokake
kalijan Dokter Trenggono. Katimbang urip saben dina mung tansah ginoda ing rasa tresna bae,
aluwung mati. “Mas, pandjenengan dak enteni ana ing ngareping lawang kasuwargan”, panutuping
lajang Uminarsih. Uminarsih bali ing pangajunaning Pangeran djalaran ngombe ratjun.
Let telung dina saka kedadejan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang
ngarsaning Pangeran. Saja krasa remuking ati Achmad, dheweke mlebu rumah sakit nganti pirang-
pirang wulan ora bisa mari, malah kang ana saja ora guna. Awit tiba mangsane Achmad wes
ngrasa bener ora kuwat, dheweke pesen kaliyan Any jen sakpungkure dheweke, kon gubah
sakabehing lelakone dheweke, dadekne tjrita saperlu kanggo katja benggala tumraping masarakat
kang iseh kelu ing panganggep kuna, bisaha didandani, kudu melu enuting djaman, dadi ora kaja
lelakone dheweke. Any anamung mangsuli “Insya Allah”. Let sepasar Achmad sida bali menjang
pangajunaning Pangeran. Innalillahi wa’inna ilaihi rodjingun.
Lampiran 2 : Penilaian Hasil Belajar

Pengetahuan
Indikator Pencapaian
Kompetensi Dasar Indikator Soal
Kompetensi
3.2 3.2.1 Peserta didik dapat
Memahami isi petikan teks Menjelaskan pengertian dan menjelaskan pengertian dan
novel berbahasa Jawa ciri-ciri novel ciri-ciri novel
3.2.2 Disajikan petikan teks novel
Menganalisis unsur intrinsik sehingga peserta didik dapat
novel menganalisis unsur intrinsik
novel
3.2.3 Disajikan petikan teks novel
Mengidentifikasi nilai-nilai sehingga peserta didik dapat
yang terkandung dalam novel mengidentifikasi nilai-nilai
yang terkandung dalam petikan
novel

Soal
1. Jlentrehna sacara cekak aos apa kang diwastani novel!
2. Wacanen maneh pethilan novel “Lara Lapane Kaum Republik” anggitane Suparto Brata.
Jlentrehna unsur-unsur intrinsik pethilan novel kasebut!
3. Jlentrehna nilai-nilai apa wae kang kakandhut sajroning pethilan novel “Lara Lapane Kaum
Republik” anggitane Suparto Brata kasebut!

Jawaban
1. Novel yaiku wacan kang klebu citra narasi lan isine nyritakake kadadeyan utawa prastawa
bisa nyata utawa fiktif kang dilakoni paraga kanthi urutan wektu tinemtu, novel iku ngemot
crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan, mula ing njerone kaperang dadi pirang-
pirang crita, dene saben babak iku ngandarake surasa kang beda-beda.
2. Unsur intrinsik sajroning pethilan novel “Lara Lapane Kaum Republik” anggitane Suparto
Brata:
a. Tema
Panguripan wong desa ing jaman kamardikan
b. Alur
Maju (progresif)
c. Penokohan
- Wiradi : sayang karo keluwargane, rada grusa-grusu
Buktine : „Nanging pije olehku pertjaja marang bapak, bisa ngarih-arih
penggalihe sibu, wong njatane sibu gerah ngono. jen aku netepake: gerahe sibu kuwi
mung bakal bisa senggang jen wis pirsa putra-putrane slamet.”
- Wiranta : wicaksana, lantip
Buktine : „Ah, kangmas ki kok neka2. Tak aturi menggalih kaanane ta
kangmas. La wong Landa olehe ngintjim-intjim njang pemuda2 kepati-pati kok kita
klujur2 mlebu kuta. Iki mengko rak ora sida ngleremake penggalihe sibu, nanging
ngulungake pati-uripe dewe menjang mungsuh,” Wiranta tjelatu rada songol.
Deweke sanadyan kaprenah enom, kantja-kantjane pada ngreti jen pangretene luwih
lantip tinimbang kangmase.
- Narna : kendel
Buktine : Narna ngawasake Wiradi kanti ati-ati, ing batin ngremehake
kekarepane Wiradi sing kurang pikir kuwi. Djeneh wis dikandani jen uripe pemuda2
ana kuta ki mung gumantung begdja-begdjan wae, kok isih wani nduweni pepinginan
kaja ngono. Narna wae, sing wis kotjap kekendelane lan wis nglakoni slamet mlebu
kuta, kandji ora wani mlebu kuta awan2 djare.
- Sukardiman : seneng guyonan nanging wedi karo memedi
Buktine : „Maridja mau sida nganggo sepatu ora mau, tja? Awas lo, Kjaine lagi
wae ndlosor mlaju ngidul iki mau, mentas wae tak langkahi,” tjelatune Sukardiman
tjlemang-tjlemong.
„Tenan pa pije kuwi lo? Wong ula djare dienggo sembranan,” wangsulane sing ana
tengah barisan.
„Alah, si Sukardiman kuwi, jen isih jah mene wae kumretjek mbeda kantjane ora
uwis2. Mengko rada bengi sitik jen ora ngoplok golek kantja merga wedi banaspati,”
tjelatune Wiranta ngelehake.
- Maridja : was-was
Buktine : Wiradi krungu wong sesenggrukan nagis.
„Menenga Dja. Iki mengko ora wurung kowe gawe tjilakane wong samene,”
suwarane Sukardiman songol, nanging ora sora.
„Kita wis tjampuh ana daerahe mata2 mungsuh iki, huh, huh,” wangsulane Maridja
sesenggrukan.
„Bedilku kari ana ndjaban pager.”
d. Setting
- Panggonan : kutha Sala sakupengane
Buktine : Wong loro mau saikin isih pada tjekel bedil belani negara ana desa
bawah Bekonang wetan Sala.
- Wektu : taun 1949
Buktine : Wektu iku mangsa ketiga, sasi Djuli 1949, wis suwe ora ana udan,
dalan2 ing pradesan bleduke muleg, sawah2 pada garing lan kalen2 pada asat.
- Swasana : tegang
Buktine : Nanging durung suwe saka tjelatune kuwi, ana suwarane pistul, ora
ngerti sapa sing ngunekake. Teng sing isih tjedak panggonan kono bandjur mandek.
Sorot kang djembar lan padang ndjingglang kaja raina, lan bedil pating djledor
tjampuh ing saindenge kono. Wiranta sabalane pada pating blesar mlaju ngetan
sakarepe dewe2, ora kena ditata lan ora kober nata.
Wiranta, kangmase, Narna, Sukardiman lan Maridja pada pating depipis njilikake
awake dewe2 ana ing sawenehing pager urip, ambegane pating krenggos. Kabeh pada
mikir pati-uripe dewe2. Bareng disrantekake sadela, suwarane bedil bandjur rada
menda. Wong2 lagi pada kelingan kantja-kantjane.
e. Amanat
- Saking kawontenan sosial rikala bangsa dipunjajah bangsa sanes, rakyat kedah
gadhah jiwa nasionalisme tumrap republik. Kawontenan menika ndadosaken rakyat
kedah ikhtiar kangge ngupaya gesang ing kawontenan ingkang boten temtu.
- Kados menapa kemawon kawontenanipun, kedah njaga katresnan dhateng tiyang
sepuh mliginipun ibu.
f. Sudut pandang
Purusa katelu, panganggit kang sarwa ngerti
3. Nilai-nilai kang kakandhut sajroning novel “Lara Lapane Kaum Republik” anggitane
Suparto Brata:
a. Nilai religius
b. Nilai sosial : kaya ngapaa kahanane, ana wae sing nggolek kauntungan kanggo
ngupakara sedulur sabangsa dhewe
Buktine : „Jen bengi, mas, Landa2 pantjen ora wani metu saka beteng jen mung
nganggo power wae. Nanging teng2 mesti nganglang mawa lampu sorot lan
duabelaskomatudjuh. Iku sing diwedeni kantja2. Karo maneh mata2 sumebar ing endi-
endi. Iku ja mutawatiri. Nanging jen awan Landa kuwawa bludusan turut kampung karo
tentara sewan baret2 merah. La kuwi sing nggegirisi. Ngglidise ora djamak, mlebu omahe
wong tanpa wara2, jen kesenggol atine sitik wae pustule muni. Dadi anggonku bisa
slamet sadina ndelik ana ngomah ki dasar kebeneran, dene ora ana patroli mblusuk
marana.”
c. Nilai moral : kahanan susah seneng kaya kepriye uga kudu bisa njaga katresnan
marang kaluwarga
Buktine : Wirastuti iku sadulure ragil, sadela sadurunge Landa mlebu kuta
sekolahe diliburake merga geger P.K.I. ing Madiun lan deweke bijantu ana Biro
Perdjuwangan Putri. Wektu Landa mlebu, Wiranta kober mampir ngomah lan ngeterake
wong tuwane menjang Sraten, dene Wirastuti sing mestine dipapag Wiradi dina sorene,
wis sawengi ora mulih. Saiki kabar bab panggonane wong2 sing pada ditresnani wis
genah, mung adine ragil iki sing durung keprungu. Luwih dadi pamikire Wiradi, merga
Wirastuti botjah wadon. Ibune mesti ja kagungan penggalih kang mengkono. Ibune
luwih gede prihatine, merga pandjenengane durung midanget jen putra-putrane kakung
slamet.
d. Nilai budaya : adate wong Jawa mangan lan ngumpul bebarengan mesthi padha
gegojekan
Buktine : Wajah rembang surup Wiranta sakantja pada mangan bebarengan ing
omahe pak lurah, diladeni Waginah anake Sadikrama lan Kartini putrane den Wira pjaji
Bromantakan sing ngungsi mrono, sarta ditunggoni para sepuh kaja ta pak lurah sekalijan
lan bu Danu, pada reerembugan sing lutju2. Mangan bebarengan mengkono iku
dianakake mung jen arep mlebu kuta, dene kaanan sadina-dinane mangan iku sakarepe
botjahe dewe-dewe, ana sing wajah surup ana sing wajah isa, nanging kabeh wis entuk
tjadongane dewe2. Sanadyan mengkonoa ja isih ana botjah2 sing nakal, tjadongane
kantjane dikrowoki. Kang mengkono mau kadangkala dadi gegujon, nanging sok dadi
ladakan, marga bab mangan botjah2 mau lagi pada dremba-drembane, nanging
tjadongane lumrahe tjumpen.
Pedoman Penskoran
Soal Aspek yang Dinilai Skor
1 Peserta didik mampu menjelaskan pengertian novel dengan sangat tepat 4
Peserta didik mampu menjelaskan pengertian novel dengan tepat 3
Peserta didik mampu menjelaskan pengertian novel dengan cukup tepat 2
Peserta didik mampu menjelaskan pengertian novel dengan kurang tepat 1
2 Peserta didik mampu menjabarkan 6 unsur intrinsik novel 4
Peserta didik mampu menjabarkan 5 unsur intrinsik novel 3
Peserta didik mampu menjabarkan 4 unsur intrinsik novel 2
Peserta didik mampu menjabarkan 3 unsur intrinsik novel 1
3 Peserta didik mampu menyebutkan 3 nilai dalam novel dengan disertai bukti 4
Peserta didik mampu menyebutkan 2 nilai dalam novel dengan disertai bukti 3
Peserta didik mampu menyebutkan 1 nilai dalam novel dengan disertai bukti 2
Peserta didik mampu menyebutkan nilai-nilai dalam novel tidak disertai bukti 1

Keterampilan
Indikator Pencapaian
Kompetensi Dasar Indikator Soal
Kompetensi
4.2 4.2.1 Peserta didik dapat menuliskan
Menceritakan isi petikan novel Menulis sinopsis novel sinopsis salah satu novel
berbahasa Jawa berbahasa Jawa berbahasa Jawa yang dibacanya
4.2.2 Peserta didik dapat menyajikan
Menyajikan isi petikan novel isi petikan novel berbahasa
berbahasa Jawa menggunakan Jawa menggunakan bahasa
bahasa sendiri sendiri

Soal
1. Wacanen salah siji buku novel Jawa banjur gawea sinopsise!
2. Critakna maneh salah sawijining bab/ pethilan sajroning buku novel sing wis kokwaca
nganggo basamu dhewe!

Pedoman Penskoran
Soal Aspek yang Dinilai Skor
1 Peserta didik mampu membuat sinopsis sesuai dengan unsur-unsur intrinsiknya 4
secara sangat lengkap
Peserta didik mampu membuat sinopsis sesuai dengan unsur-unsur intrinsiknya 3
secara lengkap
Peserta didik mampu membuat sinopsis sesuai dengan unsur-unsur intrinsiknya 2
secara cukup lengkap
Peserta didik mampu membuat sinopsis sesuai dengan unsur-unsur intrinsiknya 1
secara kurang lengkap
2 Peserta didik mampu menceritakan kembali isi petikan novel dengan basa krama 5
Peserta didik mampu menceritakan kembali isi petikan novel dengan basa ngoko 3

Anda mungkin juga menyukai