Anda di halaman 1dari 16

Rangkuman bahasa jawa

artikel
Artikel yaiku tulisan kang isine opini penulis kang medharake sawijing prakara tartamtu sing asipat aktual
lan kadhang kala kontroversional kanthi tujuwan kanggo menehi pengerten (informatif) , persuasif,
argumentasif, lan panglipur kanggo pamaos.

Struktur

1. Judul minangka wakil saka tema kang bakal di andharake


2. Pambuka medharake pokok pikiran kang utama kang bakal dipertahanake
3. Panjelas medharake saka pokok pikiran utama dadi pokok pikiran penunjang. Saben pokok pikiran
panunjang kasebut digawe ing saben pada. Saben pada dihubungake kanthi jembatan pikiran sing
kuat. Hubungan antarane pada bisa asipat ; kronologis (wektu), spasial (ruang), kausalitas (sebab-
akibat).
4. Panutup medharake dudutan saka andharan-andharan sing ana ing saben pada panjelas

Jinise artikel minurut isine

1. Deskripsi
2. Narasi
3. Argumentasi
4. Eksposisi
5. Persuasi

Jinise artikel minurut cara nyampekake lan tingkat kesulitan

1. Artikel praktis
2. Artikel ringan
3. Artikel halaman opini
4. Artikel analisis ahli

Tembung panggandeng (kata sambung)


Yaiku tembung kang kanggone ndawakake ukara (meluaskan kalimat) utawa tembung sing bisa kanggo
nggandeng ukara.

1. Saha, lan, miwah (nyatakake tambah / penambahan)


2. Utawa (nyatakake pilihan / pemilihan)
3. Ananging (nyatakake kosok balen / perlawanan)
4. Nalika (nyatakake wayah / waktu)
5. Saupama , umpama (nyatakake angen-angen / pengandaian)
6. Supaya (amrih ancas / tujuan)
7. Sanadyan (nyatakake konsesif / menyatakan keadaan yang berlawanan dengan sesuatu yang
dinyatakan / meskipun), tuladha : sanadyan pamarintah wis gawe UU kanggo parlindungan, isih
wae ana wong kang nebangi alas kanthi serampangan
8. Amarga (nyatakake sebab)
9. Saengga, mula (nyatakake akibat / sehingga), tuladha : wana bakau bisa nglindungi pantai saka
erosi lan abrasi saengga bisa nahan banter angin saka segara menyang dharat
10. Kamangka, mangka, yaiku (nyatakake panggamblangan / penjelasan), tuladha : akeh wong kang
ngrusak lingkungan alam kamangka menawa lingkungan alam rusak bakal gawe kapitunan kang
gedhe.

Unsur – unsur instrinsik lan ekstrinsik ing crita wayang


Unsur-unsur instrinsik yaiku unsur-unsur sing mangun karya sastra saka jero

1. Tema, yaiku ide sawijing crita kang bisa makili isining crita (punjering crita)
2. Alur / plot, yaiku urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajrone crita. Ana 3 jinis alur yaiku maju,
mundur, lan campuran / maju mundur / flashback.
3. Watak wantune para paraga / penokohan, yaiku karakter utawa watak wantune kang diduweni
dening saben-saben paraga. Bisa dideleng saka:
a. Apa sing ditindikake paraga
b. Pocapan – pocapane paraga
c. Panggambaran fisik paraga dening pangripta
d. Katrangan langsung saka paraga liya

Jinis – jinise paraga

a. Paraga utama (dadi punjering crita)


b. Paraga sampingan (dadi panyengkuyung crita)
c. Paraga protagonis (paraga kang asipat apik)
d. Paraga antagonis (paraga kang asipat ala / jahat)
4. Busananing basa / gaya bahasa, yaiku cara sawijining pangripta anggone milih tema, prekara,
nintingi prekara, kang di critaning sajroning crita
5. Pawasane pangripta / sudut pandang pengarang, yaiku sudut pandang kang dijupuk saka pangripta
kanggo ndeleng sawijining kedadeyan sajroning crita
6. Latar / setting, yaiku ktrangan kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning crita.

Unsur-unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun karya sastra saka njaba

1. Latar belakang karya sastra diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis
2. Kahanan masyarakat nalika karya sastra diciptakake, yaiku kahanan masyarakat saka ekonomi,
sosial, budaya, nalika karya sastra diciptakake
3. Latar belakang utawa kahanane pangripta

Jinis – jinis ukara


1. Ukara crita / kalimat deklaratif, digunakake kanggo pangandharan / pernyataan saengga isine
minangka pawarta / informasi tanpa ngarepake respon tartamtu
2. Ukara pakon / kalimat imperatif, isine prentah / panjaluk marang wong liyo supaya nindakake bab /
pakaryan kaya kang diarepake sing kongkon
3. Ukara pitakon / kalimat introgatif, isine awujud pitakonlan kekarepan ana wangsulan.

Bahasa lisan ing drama


Ragam bahasa lisan yaiku ragam bahasa kang diandharakae lumantar media lisan, kang ana gegayutane
karo kahanan lan wayah. Basa lisan luwih ekspresif, mimik, intonasi, solah bawa bisa kacampur dadi siji
kanggo nyengkuyung wicara kang ditindakake.

Ciri – ciri ragam bahasa lisan:

a. Langsung
b. Ora kaiket dening ejaan ananging kaiket dening kahanan nalika micara
c. Ora efektif, terkadhang sajroning pacelathon ana unsur kang mung abang-abang lambe wae
d. Ukara asring ora ganep
e. Lagune ukara kudu situasional

Drama, asale tembung saka yunani artine sawijing aksi / solah bawa / crita kang dipentasake dening paraga
paraga. Tembung sandi = rahasia lan wara = panggluwentah. Jinis e kaperang dadi

1. Drama tradisional / klasik, yaiku drama khayalan kang lumrae nyritake ngenani kesaktene salah
sawijing wong
2. Drama modern, yaiku drama kang duweni ancas menehi panggluwentah / pendidikan tumrap
masyarakat lan duweni tema panguripane manungsa ing saben dina

Karakteristik basa lisan

a. Ukara e Kurang terstruktur katimbang basa tulis


b. Umume kanthi struktur topik komentar
c. Jarang migunake ukara tanggap
d. Pamicara bisa njaring ekspresi lawan wicarane
e. Pamicara asring mbaleni wujud ukara

Bab-bab kangg kudu digatekake nalika maca teks drama

1. Saben tembung kudu dilafalake kanthi cetha


2. Ngatekake tembung kang kudu dilafalake banter utawa lirih
3. Intonasi kudu trep
4. Tempo kudu trep
5. Mimik / ekspresi kudu trep karo watak kang diperagakake
6. Watak paraga kudu katon sajroning pacelathon antarane paraga

Bab-bab kangg kudu digatekake nalika nulis teks drama

1. Milih tema
2. Nemtokake paraga, latar, lan pamawase pangripta
3. Nemtokake alur
4. Gawe warangka crita, apa kang bakal dumadi, kapan kedadeyane, lan geneya bisa dumadi
5. Nulis kanthi rasa menawa drama kasebut dipentasake supaya bisa njiwani
6. Gawe naskah pungkasan lan siap dipentasake

Unggah – ungguh basa


1. Basa ngoko
a. Ngoko lugu, yaiku basa ngoko sing ora kecampur tembung2 krama inggil. Panganggone dienggo
1. Sapadha – padha kang wis kulina
2. Dhuwuran marang andhahan
3. Wong kang wis tuwa marang enom
 Wong tuwa marang anak
 Guru marang murid
 Eyang marang putu

Tuladha: kowe sesuk opo sida lunga ?

b. Ngoko alus, yaiku basa ngoko sing kecampur tembung2 krama inggil. Panganggone dienggo
1. Sedulur enom marang sedulur tuwa
2. Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajad e luwih duwur
3. Ibu marang bapak
Tuladha : panjenengan sesuk apa sida tindak?
2. Basa krama
a. Krama lugu, yaiku basa krama sing tembung2 lugu lan ora kecampur tembung2 krama inggil.
Pangganggone: marang wong sadrajad sing durung raket. Tuladha : sampeyan benjing menapa
tamtu kesah?
b. Krama alus, yaiku basa krama sing tembung2e alus lan kecampur tembung2 krama inggil.
Panganggone
1. Wong enom marang wong tuwa
 Anak marang wong tuwane
 Putu marang mbah e
 Ponakan marang paman / bibi/ pakdhe /budhe e
2. Marang wong sing luwih dhuwur drajad e
 Murid marang guru
 Abdi /rewang marang juragane
 Karyawan marang dedhuwurane

Tuladha: panjenengan benjing menapa tamtu tindak?

Aksara jawa
aH nN cC rR kK
fF tT sS wW lL
pP dD jJ yY vV
mM gG bB qQ zZ
Tanda baca

1. Pada adeg-adeg ? .... kanggo miwiti ukara nulis bab anyar


2. Pada lingsa .... , kanggo tanda koma
3. Pada lungsi .... . kanggo tanda titik
4. Pangkon .... - bisa tanda koma menawa ing tengahe ukara
5. Pangkon lan pada lingsa .... -. Bisa kanggo tanda titik menawa ing pungkasane ukara
6. Pada pangkat ;
a. Ngapit angka jawa sing ana ing tengah2 ukara. Tuladha: regane sepatu 278.900 rupiyah.
?regane sepatu ;278900; rupiyah,
b. Nulis ukara langsung (tanda petik). Tuladha : ibu guru ngendika, “sesuk ulangan basa jawa.”
?aibu guru zenFik;sesuk aulznBs jw.
c. Nulis titik loro (:) . tuladha: ana wit – wit kayata : waru, sana, lan jati. ?an witWitKyt ;
wru, sn, ln jti.

Jinise basa rinengga


1. Tembung saroja (padan kata), yaiku tembung loro utawa luwih sing padha tegese utawa meh
padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane. Tuladha: adhap asor, kuru aking,
gagah perkasa
2. Tembung entar / silihan/ kiasan, yaiku tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune. Tuladha :
lunyu ilate, dawa tangane, gedhe endhase.
Basa rinengga (asal rinengga = dipacaki, dipaesi) ngemu surasa kaendahan.
1. Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu badhean/ tebakan. Wangsalan ngemu unen-unen lan
unen-unen mau mbutuhake wangsulan minangka batangane. Jinis
a. Wangsalan padinan, dienggo nalika guneman saben dina. Tuladha : peken alit, mangsa sandea.
(sandea = wande = warung)
b. Wangsalan kang rinacik ing ukara. Tuladha : sarung jagung, abot enteng ayo ditanggung (klobot
= abot)
c. Wangsalan kang dumadi rong gatra. Tuladha : carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra
d. Wangsalan sinawung ing tembang
2. Paribasan, yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu. Tuladha : yitna
yuwana, lena kena = sing ati2 slamet, sing sembrana tiwas
3. Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan, kang dipidhakake
kahanan utawa sesipate wong. Tuladha : ngubak-ngubak banyu bening = gawe rusuh ing papan
tentrem
4. Saloka, yaiku duwe teges magepokan karo sing disemoni, utawa dipindhakake. Tuladha:
kemladheyan ngajak sempal = mitra kang ngajak rusak

Candrane manungsa
Ngambarake kaendahan, kadhang migunakake basa rinengga. Mungguh kang lumrah dicandra yaiku:

a. Anggane manungsa lan bab kang gegayutane karo manungsa


b. Anggane danawa lan bab kang gegayutane karo danawa
c. Kaananing alam
Candrane mangsa, tuladha:
1 Sotya murca saking embanan Mangsa kasiji, wit2n akeh kang brindil
Sotya = godhong
Embanan = wit
2 Bantala rengka Mangsa kaloro, akeh lemah padha mlethek
3 Suta manut ing bapa Mangsa katelu, uwi-gembili-gadhung wiwit katon padha
mrambat
4 Waspa kumembeng jroning kalbu Mangsa kapapat, tuk padha buntet mula yen gawe
sumur ing mangsa iki bisane metu banyu jero banget
5 Pancuran mas sumawur ing jagad Mangsa kalima, wiwit ana udan deres, banyu wiwit
akeh, mulane wong tani padha ngolah lemah
6 Rasa mulya kasucian Mangsa kaenem, akeh woh-wohan kang enak mirasa
7 Wisa kenthar ing maruta Mangsa kapitu, akeh lelara kang sumebare digawa
angin, satemah lelara tular-tumular
8 Anjrah jroning kayun Mangsa kawolu, mangsane kucing padha gandhik
9 Wedharing wacana mulya Mangsa kasanga, akeh garengpun muni, gangsir ngethir,
jangkrik ngerik
10 Gedhong minep jroning kalbu Mangsa kasepuluh, akeh kewan meteng, manuk
ngendhog
11 Sotya sinarawedi Mangsa kasewelas, akeh manuk padha ngeloloh
12 Tirta sah saking sasana Mangsa karolas, ora ana wong kringeten jalaran ing
mangsa iki mangsa bedhindhing, hawane adem banget
Gathukake mangsa karo wulan kang lumaku, yaiku mangsa kasiji nganti kaenem kudu ditambah 6 lan
sawalike.

Aksara murda / aksara sira / huruf kapital


Kanggo pakurmatan, nulis jeneng wong lan jeneng opo wae, kelebu pangkat utawa kalungguhan. Tata cara
nganggo aksara murda, yaiku :

a. Ora kena dadi sesigeging wanda, dadi ora kena dipangku lan ora bisa di pasangi
b. Cukup ditulis saaksara satembung
c. Bisa diwenehi sandangan
d. Duwe pasangan saengga bisa dadi pasangan

Aksara murda
! @ # $ % ^ & *
na ka ta sa pa nya ga ba

Pasangan murda
! @ $ ^ & *
na ka ta sa pa nya ga ba

Aksara swara
A I U E O
A I U E O
Pengenget – enget:

Gunane kanggo nulis tembung manca kang di cethakake, tegese wis dianggep tembung ing basa jawa
jalaran lumrah digunakake. Paugerane

1. Ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana kasara sigeg ing ngarepe mula kudu di pangku
2. Ora kene diwenehi sandangan swara
3. Tembung manca kang wis rumasuk basa jawa nganti arang kang sumurup asale ditulis tanpa aksara
swara
4. Uga bisa dianggep minangka aksara gedhe. Dadi bisa digunakake kanggo nulis jeneng kutha, nagara
utawa wong.

Aksara rekan
k+ f+ p+ j+ g+
kha dza Fa/va za gha
Aksara rekan kuwi ora kena digawe pasangan, kajab mung aksara fa / va ( p ) wujud pasangane, yaiku ( P )

Jinise tembang macapat


Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthhu paugeran – paugeran tartamtu, yaiku nduweni
guru gatra, guru wilangan, guru lagu.

Guru gatra yaiku cacahe larik ing saben pada

Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra

Guru lagu yaiku tibane swara ing pungkasane gatra

Jinis tembang macapat :

 Mijil  Asmaradhana  Maskumambang  Megatruh


 Kinanthi  Dhandhanggula  Durma  Pucung
 sinom  Gambuh  Pangkur

Paugeran tembung macapat

Jinise tembung Guru Guru wilangan lan guru lagu


gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6a
Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
Asmaradhana 7 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a
Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
pucung 4 12u 6a 8i 12a

Sasmita lan wewatekane tembang macapat

Tembang Sasmitane Wewatekane


Mijil Mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, Tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake
medal, sulastri pitutur nasehat lan uga crita katresnan
utawa asmara
Kinanthi Kinanthi, kanthi, gandheng, Seneng, tresna asih, mitutura,
kanthil nuladhani, mula lumrahe kanggo menehi
pitutur lan crita kang nelakake rasa
tresna asih
Sinom Sinom, taruna, anom, weni, nom, Sabar, grapyak, lan sumanak mula
srinata, pamase, logondang, lumrahe kanggo nelakake crita kang
rema, pangrawit, mudha ngemu piwulang lan pitutur
Asmaradhana Asmaradhana, asmara, brangta, Tresna asih lan sedih, mula pantes
kingkin, yungyun kanggo nelakake rasa brangta,
kayungyun, tresna asih, lan crita
katresnan liyane
Dhandhanggula Dhandhanggula, sarkara, hartati, Luwes, kewes, lan ndudut ati, mula
dhandhang, madu, manis, sari pantes kanggo nelakake crita apa bae ing
bremana, gula drawa gagak, kaga, ngendi bae, lan kahanan apa bae
tresna
Gambuh Gambuh, buh, jumbuh, tambuh Grapyak, sumanak, mula cocok kanggo
nyritakake pitutur
Maskumambang Maskumambang, kampul, Susah utawa sedih lan melas asih mula
maskentir, kambang, kentir cocok kanggo nelakake rasa kasedihan
kang ngenesake
Durma Durma, dur, undur, sirna, galak Galak, seneng, lan ngemu kenepson,
mula cocok kanggo wong kang ana ing
kahanan paprangan
Pangkur Pangkur, wuntat, pungkur, Seneng, antepan ati lan gagah, mila
ungkur, yudakenaka pantes kanggo nyritakake crita kagol,
mangkelake, pitutur kang disebabkake
rasa mangkel lan uga kahanan
paprangan
Megatruh Dudukwuluh, truh, megatruh, Sedih lan kentekan pengarep – arep
pegat, duduk, wuluh, luh mula lumrah kanggo nelakake crita kang
nggrantesake ati
Pucung Pucung, kaluwak, wanda, cung Sapenakake lan kurang greget, lumrahe
kanggo nelakake geguyonan lan pitutur
Teks geguritan
Geguritan / guritan (saka tembung gurit = kidung / tulisan kang awujud tatahan) yaiku sawijing karya sastra
kang basane cekak, mentes lan endah. Jinis e ana 2 yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar
(puisi jawa modern).

Titikane geguritan gagrag lawas:

a. Diwiwiti ukara sun nggegurit


b. Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
c. Guru lagu (rima / pola persajakan) pinathok.
Dene geguritan anyar ora kaiket paugeran ing dhuwur, ora nduweni struktur kang baku ngenani cacahe
gatra(larik), apadene cacahing padane (jumlah bait). Ing geguritan lumrahe ngunakake basa rinengga
supaya katon endah menawa diwaca lan dirasakake. Wondene wangune geguritan gumantung saka
kreativitas panggurit.

Struktur teks geguritan


1. Struktur fisik
a. Tipografi (bentuke geguritan), yaiku wangun ggeuritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora
kudu kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital), sarta ora dipungkasi tandha titik utawa tandha
pawaca liyane
b. Diksi (pilihan tembung), yaiku pamilihan tetembungan kang maknane menthes (padat), kang
bisa negesi pirang2 kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung
c. Imaji (pengungkapan pengalaman indrawi), yaiku rerangken tetembung ing guritan bisa
medharake pengalaman indrawi kayata :paningal, pangrungon, lan pangrasa. Saengga pamaos
bisa kagawa ing swasana kaya kang dialami panggurit. Kaperang dadi 3 yaiku swara / auditif,
paningal / visual, raba/sentuh/taktil.
d. Tembung kongkret, yaiku tetembung kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa
nuwuhake imaji. Bisa arupa pepindhan (kiasan) / pralambang
e. Busananing basa (gaya bahasa) yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan
nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan, bisa arupa basa
rinengga kang maneka warna
f. Wirama (rima) yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah, utawa ing
pungkasane gatra(larik)
2. Struktur batin
a. Tema / makna /sense yaiku kekarepan / maksud tartamtu kang kinadhut ing saben tembung,
gatra, pada, lan sakaebehe pada ing guritan
b. Rasa / feeling yaiku pandungkape rasa / sikap panggurit tumrap bakune pirembungan kang
kinadhut ing geguritan kang ditulis, ana sambung rapete karo blegere (latar belakang)
panggurit bisa arupa latar belakang agama, kelas sosial, lan liyane. Kekarepan isining guritan
lan jeroning makna kang bisa didungkap ing guritan kasebut gumantung saka latar belakang
panggurit
c. Nada / tone, yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine guritan. Bisa arupa
pesen kang sipate ngguroni / mengurui, ndhikte / mendikte, kerja sama, ngudhari prakara,
masrahake marang para maos.
d. Amanat, yaiku pesen kang kinadhut ing guritan kang diandharake panggurit marang pamaos
Bab2 kang kudu digatekake sadurung nemtokake isi geguritan
1. Negesi tembung sing katulis ing guritan
2. Mangerti maknae guritan ing saben gatra / larik
3. Ngatukake makna guritan ing saben gatra
4. Ndoleki dudutan/ kesimpulan maknane ing pada / bait
5. Ngatukake maknae guritan ing saben pada, menawa dumadi luwih saka sapada
6. Nyimpulake makna e guritan kanthi wutuh

Nemtokake pesan moral ing guritan

1. Maca kanthi bolak balik


2. Negesi tembung sing angel dimangerti
3. Nggancarake guritan / memparafrase puisi
4. Mangerteni makna guritan kanthi wutuh
5. Bisa nyimpulake isining guritan
6. Bisa mahami pesen kang tinulis/tersurat/eksplisit lan ora tinulis/tersirat/inplisit ing guritan

Nggancarake guritan

1. Ngudhari tembung2 baliswara (manawa ana)


2. Nganti tembung sing angel karo tembung sing gampang di mangerteni
3. Munggel tembung / ukara supaya cethe tegese
4. Menehi tembung penggandheng, panyilah, / liyane supaya guritan gampang dimangerti
5. Menehi tandha pawacan
6. Nyalin ukara ing guritan mawa ukara prasaja / lugas kanthi awangun gancaran / prosa

Jeda yaiku ndheg – ndhegan / hentian lakune pocapan sajroning maca guritan kang ditemtokake dening
gantining gatra, bisa ndadekake cetha orane kekarepane sawijing tembung utawa gatra ing guritan. Jinise
yaiku

1. Jeda cekak, digunakake saben tembung ing sawijing gatra


2. Jeda madya, digunakake ing perangane gatra kanthi ditandhani tanda pawacan pada lingsa / koma
lan antarane kumpulane tembung / frase
3. Jeda dawa, digunakake ing saben ganti gatra
/ = leren sadhela

// = leren sawetara

Intonasi yaiku mungga mudune lagu pocapan ing ukara. Panggonane wigati banget, supaya anggone maca
bisa trep, kepenak dirungokake, lan ora wagu / monoton. Digunakake kanggo mahami isining guritan,
mbiyantu kanggo njlentrehake lan mbedakake kekarepan utawa piweling / pesan.

→ = intonasi dhatar

↘ = intonasi mudhun

↗ = intonasi munggah

Bab2 kang kudu digatekake nalika maca guritan

1. Mangerti isi guritan sing arep diwaca


2. Ngrasakake isi lan kekarepane guritan
3. Nggatekake pocapan lan wiramane
4. Bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep

Endhaning guritan dumunung ana ing

1. Pilihane tembung2 kang mentes, trep, lan mantesi


2. Nggunakake wirama utawa lagune
3. Busanane basa kang maneka warna

Laporan kegiatan (ngenani upacara adat)


1. Pambuka
a. Landhesan panaliten, isine ngenani latar belakang masalah
b. Ancase pananliten (tujuan) kanggo opo awakmu gawe panaliten kasebut
c. Guna mupangate (manfaat) panaliten, gunane panaliten kasebut tumrap awake dhewe uga
kanggo wong liya
2. Wosing isi
a. Pangerten (pengertian/definisi) panaliten seng di garap
b. Ancase saking panaliten seng di garap
c. Sapa wae kang kalibat ing panaliten seng di garap
d. Piranti lan ubarampe apa wae sing digunakake
e. Tata cara nindakake (langkah2 / tahapan kegiatan)
3. Dudutan ( kesimpulan) lan panyaruwe (saran)
a. Dudutan yaiku ringkesan kang wigati saka pengamatan kang ditindakake
b. Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe / saran kang katujokake kanggo panaliti dhewe uga
kanggo paniliti kang nindakake panaliten liyane

Teks pewara (pranata adicara)


Pranata adicara / master of ceremony / MC / pambiwara / pranata titilaksana, yaiku sawijing paraga sing
nduweni jejibah nglantarake titilaksana ing sawijing acara. Struktur teks pawara

1. Salam pambuka , yaiku atur pakurmatan kang sepisan marang para rawuh / tamu
2. Panyapa, yaiku nyebut sapa wae sing rawuh / tamu wiwit saka sing sepuh / sing paling dikurmati,
nganti sing paling enom
3. Pambuka, yaiku isi pakurmatan, atur panuwun marang kang padha rawuh, sarta atur pamuji syukur
marang gusti
4. Wosing pranatacara, yaiku rantaman adicara kang arep dileksanakake
5. Panutup yaiku ngemot atur panuwun uga nyuwun pangapura menawa ana kaluputan apa wae
6. Salam panutup, yaiku atur pakurmatan kang pungkasan marang para rawuh utawa para tamu

Struktur teks pidato


Tanggap wacana / pidhato yaiku ngandarake gagasan marang wong liya sarana micara sing wis kasusun
kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu. Perangane naskah pidhato yaiku :

1. Salam pembuka
2. Panyapa / sapaan
3. Purwaka yaiku atur panuwun marang para rawuh lan atu pamujji syukur marang gusti allah
4. Surasa basa / isi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh
5. Wigati / dudutan / kesimpulan yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake
6. Pengarep –arep / harapan yaiku pangajab sing diandharake marang para rawuh lan sing
midhangetake
7. Wusana / panutup yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kakuangan /
kaluputan anggone ngandharake pidhato
8. Salam panutup, yaiku salam kang pungkasan marang para rawuh

Jinis2 pidhato
1. Pidhato pambuka yaiku pidhato singkat kang diandharake dening MC
2. Pidhato pangarahan yaiku kanggo ngarahake sawijining kagiyatan
3. Sambutan yaiku pidhato kang diandharake ing sawijing adicara tartamtu kanthi wektu kang mung
sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji
4. Peresmian yaiku pidhato kang diandharake dening wong kang nduweni pangaruh kanggo
ngresmekake samubarang
5. Laporan yaiku pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas / kagiyatan
6. Pertanggungjawaban, yaiku pidhato kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban
tugas / kagiyatan

Bab2 kang kudu digatekake nalika dadi pranatacara


1. Patrap / sikap, kudu nuduhake tata krama, mimik kudu bisa katon sumringah menawa ing adicara
kang swasanane bungah, lan kudu bisa ngatonake rasa sedhih manawa ing acara layon
2. Busana / ngadi sarira, dilarasake karo kahanan
3. Basa lan satra, ngunakake basa sing komunikatif lan trep utawa pas ing panggonan kudu
ngatekake:
a. Sapa sing guneman
b. Sapa sing diajak guneman
c. Apa sing digunemake
d. Swasana nalika guneman
e. Padha ngerti sing digunem

Bab2 sing kudu digatekake sadurunge nindakake tanggap wacana (pidhato)


a. Swara lan lagu pocapan cetha
b. Nggatekake tata rakite ukara kang becik (menggunakan kalimat yang berstruktur)
c. Mangerti sapa wae sing rawuh lan swasanane (analisa pendengar dan situasi)
d. Nggunkake unggah-ungguh basa kang becik (santun berbahasa yang baik)
e. Anggone micara ora ngambra – ambra, singkat, padhet, lan dhuweni bobot isi (tidak berbicara di
luar konteks tema pidato)

Drama / sandhiwara
Diperang dadi 2 yaiku

1. Drama tradisional / klasik


2. Drama modern

Jinis drama minurut isine

1. Drama komedi 6. Operet / operette


2. Drama tragedi 7. Pantomim
3. Drama tragedi komedi 8. Tablau
4. Opera 9. Passie
5. Lelucon / dagelan 10. Wayang
Unsur2 drama

1. Unsur intrinsik / unsur fisik


a. Paraga c. Alur
b. Setting d. Dialog
2. Unsur batin
a. Tema
b. Amanat

Struktur teks drama

1. Orientasi
2. Komplikasi
3. Resolusi
4. Koda

Unsur kebahasaan teks drama

1. Tembung panyilah, tembung kang gunane nyilahake pangkat lan sebutan, lumrahe manggon ing
sangarepe tembung aran kang disilahake. Tuladha : si, sang, raden, nimas, lan sapanunggale
2. Tembung panguwuh (kata seru), tembung kang nelakake rasa bungah, sedhih, wedi, nggumun,
kaget, bingung, lang sapanunggale. Tuladha : ealah, huh, hah, lan sapanunggale.

Bab2 sing kudu digatekake sadurunge maragake drama


1. Nggatekake blocking nalika ing panggung
2. Nggatekake swara
a. Swara kudu bisa dirungokake pamiryasa
b. Tembung2 kang kudu cetha
c. Ora monoton
3. Nggatekake artikulasi, tembung2 kang diunekake kudu cetha saengga pamirsa bisa mangerti
4. Nggatekake intonasi, tekanan2 kang kudu di prelokake ing tembung / dialog
5. Nggatekake mimik / ekspresi supaya luwih njiwani olehe maragakake
Mangertani unsur2 kebahasaan tembang macapat
1. Tembung garba, tembung loro sing digandheng dadi siji sarana kanggo nyuda cacahe wanda,
kanggo nyocogakewanda ing sajroning tembang lan kanggo ngringkes tembung ing sajroning ukara.
Tulada : dadyawuh saka tembung dadi + ewuh digarba banjur muncul aksara “y”
2. Tembung saroja, tembung 2 utawa luwih kang padha tegese utawa meh padha tegese dienggo
bebarengan kanggo mbangetake surasane. Tuladha : padhang jinglang
3. Tembung kawi, akeh digunakake ing basa rinengga.basa rinengga yaiku basa sing kanggo
ngambarake kaendahan lan kawibawaan. Tuladha : driya → ati

Bab2 kang kudu digatekake supaya gampang ngarang tembang macapat


1. Temtokno lan tulisen ngenani gagasan sing bakal digawe tembang, supaya bisa ngerti wewatekane
tembang
2. Temtokno tembang sing arep digawe
3. Tulisen guru gatra, wilangan, lan lagune
4. Gawea ukara sing selaras karo paugeran tembang
5. Tembung2 lan ukara2 kang wis digawe mau banjur di tliti maneh

Nulis angka jawa


Nulis angka jawa ing ukara kudu diapit nganggo pada pangkat ( ; ... ; ), gunane kanggo mbedakake
supaya ora jumbuh karo aksara jawa

1 2 3 4 5 6 7 8 9 0
1 2 3 4 5 6 7 8 9 0
Tuladha:

Saiki tabungan siti wis 785.250 rupiyah.

?saikitbuzn siti wis\;785250;rupiyh.

Sengkalan
Yaiku cara nulis taun kang disandhi nganggo ukara. Asal saka tembung saka (waktu / caka jeneng bangsa
indhu) lan kala. Taun 1 saka = taun 78 masehi. Saengga nalika arep nulis sengkala kudu dikurangi /
ditambah 78. Tuladha :1982 saka = 1982 + 78 = 2060 masehi

Cara maca segkalan pada karo maca tulisan arab. Angka saka ukara sing keri saka sengkalan mau dadi
angka taun sing ngarep dhewe. Tuladha : tangan yaksa satataning janma => tangan : 2 , yaksa : 5,
satataning : 5 , janma : 1, dadi di waca taun 1552 saka utawa 1630 masehi

Tembung lan watak wantune

watak Tembung
1 Tunggal, siji, nyawiji, gusti, sujanma, jalma, wong, semedi, nabi, rupa, maha, iku, rat, jagad, bumi,
bawana, surya, candra, kartika, urip, wani, putra, tyas, kalbu, wardya, raja, ratu, narpa
2 Kalih, dwi, asta, nembah, nyembah, netra, caksu, soca, pandulu, tingal, paningal, kembar, myat,
swiwi, paksi, peksi, paksa, sikara, dresthi, kanthi, apasang, sungu, talingan, karna
3 Tiga, tri, bahni, geni, agni, ujwala, murub, urub, dahana, payudhan, yudha, perang, kaya, kadya,
kadi, banter, kawruh, guna, wedha, naut, teken, pawaka, rananggana, brama
4 Papat, pat, catur, wahana, warih, dadya, keblat, suci, wening, nadi, toya, jaladri, samodra, tasik,
sindu, marta, karta, masuh, segara
5 Lima, gangsal, panca, pandawa, wisik, gati, indriya, parastra, gaman, panah, pusaka, lungid,
landhep, guling, diyu, dik, buta, yaksa, raseksa, raseksi, wil, galak, tata, maruta, bayu, samirana,
angin, marga
6 Nem, sad, rasa, hartati, sarkara, tikta, obah, oyag, kayu, wreksa, prabatang, lindhu, mangsa, naya,
wayang, ilat
7 Pitu, sapta, prawata, giri, arga, gunung, acala, pandhita, resi, wigu, sogata, swara, dwija, wulang,
mulang, weling, wasita, tunggang, titihan, titih, turangga, aswa, kuda, jaran, sabda, muni
8 Wolu, astha, basu, basuki, slira, mukti, bujangga, pujangga, manggala, taksaka, ula, naga, sarpa,
sawer, dwipa, bajul, liman, dwipangga, esthi, gajah, dirada, kunjara, tanu, madya
9 Sanga, sang, nawa, dewa, dwara, lawang, kori, gapura, wiwara, ambuka, gandha, puspa, kembang,
kusuma, bedhah, muka, rudra, gatra, menga, mancep
10 Ilang, musna, sirna, nir, murca, mlethik, langit, akasa, wyat, tawang, kombul, muluk, nenga, luhur,
duwur, adoh, swarga, tanpa, tan, swuh, suda, windu
Tuladha : “sirna ilang kertaning bumi” diterjemahake dadi angka 0, 0, 4, 1 diwalik banjur dadi 1400 saka

1. Manut wujude
a. Suryasengkalan, sengkalan kanggo weweh tetenger taun surya (srengenge)
b. Candrasengkala, sengkalan kanggo weweh tetenger taun candra (rembulan)
2. Manut jinise
a. Sengkalan lamba, sengkalan sing migunakake tembung2 prasaja
Tuladha :
Asta naga sanga candra, teges asta=2 , naga = 8, sanga = 9, candra = 1 yen digabung 2891 dadi
1982
b. Sengkalan miring, sengkalan sing migunakake tembung2 miring saka watek sengkalan lamba
Tuladha:
Lungiding wasita ambuka bawana
Lungid teges landhep, dikarepe gaman, watak 5
Wasita teges pitutur jati, gegayutane pandhita, watak 7
Ambuka teges lawang, watak 9
Bawana teges bumi, watak 1
Dadi tahun 1975
c. Sengkalan memet, sengkalan sing nganggo dudu ukara, ananging awujud gambar, reca, candhi,
gedhong, lan sapanunggale.

Bab2 sing kudu digatekake nalika nulis sengkalan


1. Nggunakakae tembung sing biasa dienggo watak wilangan sing dikarepake
2. Susunane bisa arupa ukara
3. Tegese ukara / susunan tembung bisa nggambarake kahanan taun sing digawe sengkalan
4. Susunan tembung / ukara bisa arupa pawarta, pengarep2, donga, lan pangalembana
5. Sandyan susunan tembung ora duwe teges, ananging luwih becik yen ora duweni ertentangan karo
prastawa sing dumadi ing taun kasebut
6. Susunan tembung / ukara ing sajroning sengkalan nuduhake susunan wilangan taun urut saka kina
manengen
Tambahan
Wana hutan Rubeda hambatan

Kawigaten perhatian Udakara kira-kira, sekitar

Udakara kira-kira / kurang lebih Wigati penting

Peksi burung Apuranta memaafkan

Pangudi usaha Purwa wiwitan

Ngrembaka ngembang Ron daun

Wasis pinter Titilaksana tata pelaksaan acara

Sigra cepat-cepat Tata laksita tata urutan acara

Limpe tidak waspada Sasira badan

Kaloka terkenal Sedhah sirih

Lampahan crita Wasana terakhir

Dilah alat u/ membuat penerang Awang2 langit

Swabawa suara Lumuntur pudar

Bebrayan masyarakat Nyacad meghina

Ganda bau, aroma Pangudi usaha

Gegayuhan keinginan Samya sama

Ngandut mengandung Wigati penting

Nggayuh mencapai Lumaksana melangkah

Pangajab harapan Kahastaman kesenangan

Pepalang halangan Kabagaswaraan kesehatan

Piranti alat Lelintu ganti

Reroncening rangkaian Nilaraken meninggalkan

Uberampe perlengkapan Pawiyatan sekolah

Ancas tujuan Penggalih pikiran

Lumintu terus menerus Pepesthen takdir

Mina ikan Purwakaning awal

Misaya mina nelayan Sesulih wakil

Ngunjukake memanjatkan Aywa jangan

Nguri-nguri melestarikan Gayeng asyik ngobro


Pakewuh tidak enak hati Dumadi terjadi

Sarujuk setuju Kadya seperti

Sengkud rajin Mulya bahagia

Anda mungkin juga menyukai