Anda di halaman 1dari 6

- Peserta didik mampu mengidentifikasi paugeran

TUJUAN
tembang macapat pupuh Gambuh
PEMBELAJARAN

HANDOUT BAHASA JAWA MATERI POKOK TEMBANG GAMBUH

MTs Ma’arif NU 10 KELAS/


VII (TUJUH) / GANJIL
SEMESTER
Krenceng

A. TEMBANG MACAPAT
 Tembang yaiku susastra/karya sastra , utawa karangan kang pangucape kudu gunakake kagunan swara.
Tembang kasebut uga sekar, ing basa Indonesia kasebut lagu.
 Tembang Jawa kaperang dadi telu yaiku ;
a. Tembang Gedhe, jinising tembang gedhe namung ana siji, yaiku girisa. Kang kalebu tembang gedhe
yaiku Citamengeng, Kusumastuti, Mintajiwa, Pamularsih.
b. Tembang Tengahan, Jenising tembang iki kayadene kidung. Kang kalebu tembang tengahan yaiku
Juru demung, Wirangrong, Balabak.
c. Tembang Alit, Tembang alit yaiku dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu kang pamacane
dilagokake ngganggo kagunan swara. Salah sawijining tembang alit yaiku tembang macapat.
 Tembang macapat yaiku karya sastra awujud geguritan kang kaiket dening paugeran tartamtu. Tembang
macapat iku sawijining kasusastran Jawa kang awujud lelagon, nanging ngemu piwulang kang becik.
Tembang macapat uga diarani maca papat-papat, kang tegese diwaca saben patang wanda (suku kata).
 Paugerane tembang macapat :
a. Guru gatra : cacahing gatra saben sapada
b. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
c. Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra

(pada = bait; gatra = larik; wanda= suku kata)

 Tembang macapat kaperang dadi 11 kang urut-urutane padha karo lelakoning manungsa saka esih ana
ing gua garbane ibu nganti tumekaning pati. Urut-urutaning tembang macapat yaiku;

No. Tembang Macapat Gambaran manungsa


Gambarane jabang bayi kang isih ana ing kandhutane ibune, kang
durung kawruhan lanang utawa wadon. Mas tegese durung weruh lanang
1. Maskumambang
utawa wadon, Kumambang tegese uripe ngambang ing kandhutane
ibune.
2. Mijil Gambarake jabang bayi wis lair lan wis cetha priya utawa wanita
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa
3. Kinanthi
mlaku ngambah panguripan ing alam donya
Tegese kanoman minangka kalodhangan kang paling wigati kanggone
4. Sinom
wong enom supaya bisa ngangsu kawruh saakeh-akehe
5. Asmarandana Ateges rasa tresna marang liyan, kang kabeh mau wis dadi kodrat ilahi
Saka tembuh jumbuh/sarujuk. Kang ateges yen wong lanang lan wadon
6. Gambuh wis jumbuh/sarujuk padha duweni rasa banjur digathukake, ing
pangangkah supaya bisa urip bebrayan
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh
7. Dhandanggula
bisa kasembadan.
Saka tembung darma/weweh. Wong sing wis rumangsa kecukupan
8. Durma
banjur tuwuh rasa welas asih marang sapadha kepingin darma
Saka tembung mungkur ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
9. Pangkur
Kang dipikir tansah kepengin weweh marang sapadha
Saka tembung megat ruh utawa pegat nyawane, awit wis titi wancine
10. Megatruh
katimbalan marak sowan mring Gusti Kang Maha Kuwasa
Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong
11. Pocung
sadurunge dikubur
 Tetengere tembang macapat yaiku
a. Nduweni paugeran guru (guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan)
b. Migunakake basa Jawa anyar, diseseli basa Jawa kuna (Kawi)
c. Bisa madeg dhewe tanpa iringan gamelan
d. Isine bisa bab pitutur, kasusilan, dongeng, kaprajan wayang, lan sapanunggalane.
 Anggone nembangaken tembang macapat kudu ngetrepake laras gamelan (titi laras). Laras yaiku rasa
thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras. Pathet
yaiku ukuran cendhak lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
 Jinise titilaras ana 2, yaiku titi laras slendro lan pelog.
a. Titi laras pelog yaiku 1 (ji), 2 (ro), 3 (lu), 4 (pat), 5 (ma), 6 (nem), 7 (pi). Miturut Padmosoekotjo
laras pelog duweni pathet bem, nem, lan barang.
b. Titi laras slendro migunakake titi laras 4 (pat) lan 7 (pi). Miturut Padmosoekotjo laras slendro
duweni pathet werna 3, yaiku pathet nem, sanga, lan manyura.

B. SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

 Serat Wulangreh
Pakubuwana IV, Raja Surakarta. Serat wulangreh kasimpen ing
Museum Radya Pustaka, Surakarta.
 Tembung Wulangreh
Reh tegese laku utama/tumindhak becik. Wulangreh yaiku ajaran
kanggo nggayuh sawijining bab, yaiku laku utama utawa sempurna.
 Serat Wulangreh migunakake basa Jawa Anyar, mula luwih
gampang diwaca lan dipahami.
 Serat Wulangreh dumadi saka 13 tembang (pupuh), yaiku Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur,
Maskumambang, Megatruh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradana, Sinom, lan Girisa.
 Ing Serat Wulangreh pupuh Gambuh kaperang saka 17 pada/bait.
 Tembang Gambuh tegese jumbuh, sarujuk, utawa duweni watak Grapyak, sumanak, Rumaket, kulina,
wanuh wani, mula cocok kanggo nyitakake pitutur. Dene sasmitane tembang Gambuh yaiku gambuh,
jumbuh, buh, tambuh.
 Ing serat wulangreh pupuh gambuh isine jlentrehaken babagan sipat/watak adigang, adigung, adiguna.
 Tuladha tembang macapat gambuh;
CAKEPAN SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH
Pada/
Cakepan Tembang Terjemah basa Jawa Terjemah basa Indonesia Tegese tembung
bait
Pada 01 Sekar gambuh ping catur Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake Semuanya dimuat dalam Sekar Gambuh. Tembang ini memuat sekar : tembang
kang cinatur polah kang kelantur pituture wong liya, tindak tanduk kang ora becik perilaku yang tidak teratur dan menjadi perbincangan orang banyak. catur : papat/omong
tanpa tutur katula-tula katali kaemot ing sekar gambuh iki, tindak tanduk ala Jika tidak mau mendenganr nasihat orang lain,semakin lama cinatur : diomongke
kadaluwarsa katutuh kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline semakin tidak terkendali, hal ini akan berakibat buruk. polah : tumindak,perilaku
kapatuh pan dadi awon. bakal ala asile lan ngrugekake manugsa dhewe. kelantur : nggladrah,ora teratur,kebacut
tanpa tutur : ora nganggo diomongi
katula-tula katali : tansah nandhang
cilaka
kadaluwarsa : kebacut
katutuh : didakwa,kapaido
kapatuh :kaanggep,katletuh
pan : rak,jer, nanging,mung
Awon : ala
Pada 2 Aja nganti kebanjur Aja nganti manungsa iku kulina nglakoni Jangan sampai terlanjur terbiasa dengan tingkah polah yang tidak Nora : ora
barang polah ingkang nora jujur samubarang kang ora jujur, yen wis jujur, jika sudah terlanjur akan mencelakakan diri sendiri, hal itu Kojur : nemahi cilaka
yen kebanjur kojur sayekti tan becik kasep/kebanjur bakal gawe cilaka. Mesthi wae iku tidak baik. Oleh karena itu berusahalah mencerna ilmu yang sejati. Sayekti : sanyata,temenan
becik ngupayaa iku ora becik. Mangka saka iku pra manungsa supaya Ngupaya : golek,ngreka
pitutur ingkang sayektos. mbudidaya ajaran/paugeran kang sejati. Sayektos : sayekti,bener

Pada 3 Pitutur bener iku Ajaran/piwulang kang bener iku wajib Ajaran yang benar itu patut diikuti, meskipun berasal dari orang Pitutur : nasehat
sayektine kang iku tiniru dianut/ditiru, senajan ajaran iku asale saka wong yang rendah derajatnya, namun jika baik ajarannya, maka ajaran Apantes : ora pantes
nadyan metu saking wong sudra papeki pidak pideran( kaum rendah,miskin,pangkate cilik), tersebut pantas diterimanya. Sudra : papa, asor, nistha, ora duwe
lamun becik wurukipun nanging yen ajaran utawa piwulang iku mau Papeki : sembrana,kurang ngati-ati,
iku pantes sira anggo. becik,patut ditiru. sengsara
Lamun : manawa
Wuruk : mulang, ngajari
Pada 4 Ana pocapanipun Ana unen-unen /paribasan kang unine adigang Ada kiasan yang berbunyi adigang,adigung,adiguna: adigang kiasan Pocapan : ucapan, paribasan
adiguna adigang adigung adigung adiguna, adigang/kekuatan dilambangake kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya Adigang : ngendel-ngendelake
pan adigang kidang adigung pan esthi kewan kidang, adigung/kaluhuran dilambangake mati bersamaan. kekuatan (kidang)
adiguna ula iku gajah kewan kang gedhe, adiguna Adigung : ngendelake
telu pisan mati samyoh /mupangat/kegunaan dilambangake ula. Nanging keluhurane/derajat (gajah)
telu-telune mati bareng. Adiguna : ngendelake kapinterane
( ula )
Esthi : gajah
Sampyoh : bareng
Pada 5 Sikidang umbagipun Kidang minangka kewan kang banter playune, Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatn berlari,si gajah Umbag : watak,rumangsa luwih
ngendelaken kebat lumpatipun gajah angkuh amarga awake gedhe dhuwur, ula menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular Kebat : banter
pan si gajah ngendelaken gung ainggil angkuh amarga upase/ racun yen nyakot. menyombongkan bisanya yang ganas jika menggigit.
ula ngendelaken iku
mandine kalamun nyakot

Pada 6 Iku upamanipun Iku kabeh mug unen-unen. Aja angkuh lan congkak Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan diri Sira : awakmu
aja ngendelaken sira iku amarga saka trah raja/bangsawan.duwe karena dirimu keturunan putra raja sehingga merasa tidak mungkin Suteng : suta + ing : suta : anak
suteng Nata iya sapa kumawani panggangep ora ana wong liya kang wani marang ada yang berani, itu tabiat yang adigung, ujung-ujungnya Nata : raja
iku ambege wong digung dheweke. Iki kabeh tingkah laku adigung/sombong. merendahkanmu sendiri. Ambeg : watak
ing wasana dadi asor Kaya mangkono bakal ngasorake drajatmu dhewe. Wasana : akhire
Asor : ala

Pada 7 Adiguna puniku Watak adiguna iku wong kang sombong amarga Watak adiguna adalah menyombongkan kepandaiannya, seluruh Samubarang : sakabehe
ngandelaken kapinteranipun kapinterane, kabeh kapinteran kang ana iku, kepandaian adalah miliknya. Dalam hatinya berkata, “ siapa yang Kabisan : kapinteran, ketrampilan
samubarang kabisan dipundheweki rumangsa duweke dhewe. Kabeh wong dianggep bisa seperti aku ?” padahal akhirnya mereka sendiri justru tidak Dheweki : diaku, diduweni
sapa pinter kaya ingsun ora bias apa-apa. Ing mangka wusanane dheweke sangup melaksanakannya, mereka tidak bisa apa-apa. ngsun : aku
togging prana nora enjoh mala ora bisa apa-apa/ ketok bodhone. Tegese tembung : Togging : jero
Prana : ati
Enjoh : bisa, saged

Pada 8 Ambek digang puniku Watak adigang yaiku watak kang ngendelake Tabiat orang adigang adalah menymbongkan keperkasaan dan Kasuranipun : kewanen, kekendelan
angungasaken kasuranipun kekewatane. Kabeh wong ditantang lan dijak keberaniannya, semuanya ditantang berkelah,bengis, dan suka Tandang : tumindak
para tantang candala anyenyampahi gelutan. Nanging menawa wong kang ditantang mencela. Namun,jika benar-benar dihadapi, mereka tidak sanggup Candhala : tumindak ala utawa elek
tinemenan boya purun mau wani, dheweke malah wedi dhewe. Kabeh iku melawan, bahkan jadi bahan tertawaan karena kekonyolannya. Anyemnyampahi : moyoki
satemah dadi geguyon. malah dadi dhagelan kang ora lucu/diguyu wong Tinemenan : ditenanani
akeh amarga konyol. Pecus : bisa, pinter
Satemah : wusanane
Pada 9 Ing wong urip puniku Wong urip iku aja nganti nglakoni barang tetelu Dalam kehidupan, jangan kamu kedepankan tiga tabiat tersebut, Tegese tembung :
aja nganggo ambek kang tetelu wau (adigang adigung adiguna). Duwe watak kang berlakulah sabra,cermat, dan hati-hati. Perhatikan segala tingkah Rereh : sareh, lerem
anganggowa rereh ririh ngatiati sabra lan ngati-ati. Kabeh tindak tanduk kudu laku, teladani segala perilaku orang lain. Ririh : ati-ati, alus
den kawang-kawang barang laku dikendhaleni. Tingkah lakune wong liya kang becik Den : yen, di
den waskitha solahing wong. iku patut ditiru, sing ala disingkiri Kawangwang : katon, ketok
Waskhita : ngerti
Solahing : tindak-tanduk

Pada 10 Dening tetelu iku Saka tuladha kewan telu mau, kidang mati amarga Dari ketignya itu, si kijang mati karena kegembirannya, gajah mati Tegese tembung :
si kidang suka ing panitipun kasenengane,gajah mati amarga lena, ula matine karena keteledorannya, sedangkan ular mati karena keganasan Alena : kurang ati-ati
pan si gajah alena patinireki amarga kentekan upas/racun. bisanya. Pandos : mandi, manjur
si ula ing patinipun
ngedelken upase mandos.
Pada 11 Tetelu nora patut Saka tuladha telu mau kabeh ora patut ditiru. Ketiga contoh diatas merupakan contoh yang salah dan tidak patut Tegese tembung :
yen tiniru mapan dadi luput Kabeh tuladha mau yen ditiru malah dadi luput. ditiru. Kalau kamu menirunya , berarti kamu telah melakukan Patut : pantes
titikane wong anom kurang wewadi Wong nom titkane yaiku seneng yen tindakan yang salah. Anak muda suka kalua disanjung Wawadi : wewadi, barang kang rahasia
bungah akeh wong kang ngunggung digunggung/dialem dening wong liyan/wong akeh. /dimanja/diungkap kebaikannya,tidak tahu itu semua bisa Kurang wawadi : kurang ngerti wewadi
wekasane kajalomprong. Nanging kabeh iku wusana bakal njlomprongake menyesatkan dirinya. Nggunggung : ngalem
awake dhewe. Kajalomprong : kejlomprong, kejegur

Pada 12 Yen wong anom puniku Manawa bocah nom iku kerep dialem, wekasane Jika pemuda terlalu banyak sanjungan, maka ia menjadi tolol, tuli, Tegese tembung :
kakehan panggunggung dadi kumprung dadi bocah kang bodho,bedheg, lan bingungan. dan bingung, akhirnya mudah diombang-ambingkan, jika sedang Kumprung : bodho banget,gumedhe,
pengung bingung wekasane pan angoling Wusana gampang dipaeka/diapusi, yen digunggung dipuji, maka monyong seperti bisul yang hampir meletus sombong
yen ginunggung muncu-muncu kanthi linuwih/muncu-muncu, kaya dene wudun Penggung : bodho
kaya wudun meh mencothot. kanga rep mbledhos/mencolot. Angoling : nggoling, kutah
Muncu-muncu : kebak banget,
Pada 13 Dene kang padha nggunggung Wong sing seneng ngalem mau, mung prasaja Bagi orang yang (suka) memuji, pamrihnya hanyalah sederhana Tegese tembung :
mung sepele iku pamrihipun panyuwunane/pepinganane, yaiku wareg (saja), (yaitu) hanya kenyang Wadhuk : weteng
mung warege wadhuke klimising lathi wetenge ,tansah teles lambe lan gorokane. Kabeh perutnya, basahnya bibir, dan basahnya kerongkongannya, senan Lathi : lambe
lan telese gondhangipun mau kaleksanan kanthi nyatur alaning wong liya. gnya mencari kejelekan orang. Gondhangipun : gorokane,
reruba alaning uwong. Ruruba : paweweh kanggo golek
pamrih, ijol
Pada 14 Amrih pareke iku Amrih cedhak karo panguwasa/pejabat, kabeh Supaya dekat (dengan atasan). Jika sudah terpakai kemudian Tegese tembung :
yen wus kanggep nuli gawe umuk samubarang kang ala dilakoni. Yen wis katekan membuat ulah dengan membuat orag menjadi takut sehingga ia Parek : cedhak
pan wong akeh sayektine padha wedi niyat/sedyane/kekarepane, banjur gawe ontran- menerima upeti dari hasil menjual kemampuan orang lain. Tan wurung : wekasane
tan wurung tanpa pisungsung ontran/pokal supaya wongliya wedi. Kanthi Pisungsung : hadiyah, paweweh
adol sanggup sakehing wong. mangkono dheweke nampa bebana/hadiah saka
ngedol kapinterane wong liya.

Pada 15 Yen wong mangkono iku Wong kang kalakuwane kaya mangkono ora pantes Orang seperti itu tidak pantas untuk berdekatan dengan pembesar Tegese tembung :
nora pantes cedhak lan wong agung nyedhaki panguwasa/pejabat amarga bisa karena dapat mendorong untuk berbuat jahat. Meskipun begitu tetap Juti : jahat. Maling, nyolong
nora wurung anuntun panggawe juti nuwuhake tindak-tanduk kang ala/jahat. Wong ada kepantasannya, yaitu dihukum yang setimpal agar musnah dari Didhedheplok : diplok, dijur
nanging ana pantesipun kang kaya mangkono pantese muka bumi.
wong mangkono didhedheplok. didheplok/ditutu/dipalu supaya musna saka bumi
iki.
Pada 16 Aja kakehan sanggup Aja kegedhen rumangsa, rumangsane ngerti Mereka menganggap dirinya tahu segalanya. Belum melihat dengan Tegese tembung :
durung weruh tuture agupruk sakabehane. Durung ngingeti dhewe nanging wis mata kepala sendiri tetapi banyak berbicara, bahkan hanya dengan Gupruk : gupyuk, yak-yaka
tutur nempil panganggepe wruh pribadi kakehan ngomong kaya-kaya ngerti kahanan mendengar seolah-olah mengetahui sendiri. Dikiranya banyak yang Nempil : melu nunut, tuku sethithik
pangrasane keh wong nggunggung sabenere. Wong kang kaya mangkono dikira akeh menyanjung. Padahal yang mengetahuinya akan memalingkan muka.
kang wus weruh amelengos. sing ngalem. Wong kang ngerti kalakuane, bakal
mlengos saka dheweke.

Pada 17 Aja nganggo sireku Aja duwe kalakuwan lan tindak-tanduk kang kaya Oleh karena itu, jangn kamu bersikap seperti itu karena pasti akan Tegese tembung :
kalakuwan kang mangkono iku mangkono, sanak sedulur bakal nyireni/niteni menjadi catatan dalam hati sanak saudara. Mereka tidak akan Sireku : sira + iku
nora wurung cinirenen den titeni kalakuwan mau, wusana ora percaya maneh percaya lagi kepadamu. Datan wurung : ora wurung
mring pawong sanak kang weruh marang sliramu. Pitados : percaya
nora nana kang pitados.
GLADHEN WULANGAN!
1. Tembang Gambuh inggih menika salah sawijining tembang macapat. Tegese tembang
macapat yaiku ...
2. Watake tembang gambuh yaiku ...
3.
4. Paugerane tembang macapat yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Guru gatra
tembang Gambuh yaiku ...
5. Serat wulangreh kaperang saka ... pupuh/tembang.
Pitutur bener iku
sayektine kang iku tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo.
6. Isine tembang ing nduwur yaiku ...
7. Iku pantes sira anggo. Tembung “sira” duweni teges ...
8. Guru wilangan lan guru lagu gatra/larik kaping 2 tembang gambuuh ing dhuwur yaiku ...
9. Mike iku ketua kelas ing kelas 7E. Saben dina dheweke semena-mena marang kancane.
Mike ora tau gelem bayar kas. Nalika ana tugas saka bapak ibu guru, dheweke namung
prentah marang kancane supaya nggarapna tugase. Polahe Mike iku salah sawijining tuladha
sipat kang ....
a. Adigang
b. Adigung
c. Adiguna
d. Sareh

Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyoh

10. Miturut tembang ing dhuwur, sipat adigang, adigung, lan adiguna dipadhakake karo sipate
kewan ...
11. “telu pisan mati sampyoh”. Apa tegese ukar kasebut?
12. Adiguna iku kalebu watak kang ngendelaken ....
13.

Anda mungkin juga menyukai