Anda di halaman 1dari 3

TEKS SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

Serat Wedhatama, yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran


Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo
mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti
utawa tumindak utama gerteni.
Serat wedhatama asale saka basa Sansekerta, Wedhatama miturut kamus
Kawi-Indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu
pangerten, lan tembung ''tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung
''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Dideleng saka tembung ''wedha'' tegese
pepakem (pathokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathokaning
putra tegese pathokan utawa pedhoman kanggo putra lan putrine. Serat Wedhatama
ngemot tembang macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan
Kinanthi. Cacahe ana limang pupuh.

Coba gatekna cakepan utawa teks Serat Wedhatama Pupuh Gambuh ing ngisor iki!

NO. CAKEPAN/TEKS JARWAN/TERJEMAHAN BEBAS

1 Samengko ingsun tutur Kelak saya bertutur


Sembah catur supaya lumuntur Empat macam sembah supaya dilestarikan
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku
Ing kono lamun tinemu Disanalah akan bertemu
Tandha nugrahing Manon tandha anugrah Tuhan
2 Sembah raga puniku Sembah raga adalah
Pakartine wong amagang laku Perbuatan orang yang olah batin
Susucine asarana saking warih Menyucikan diri dengan sarana air
Kang wus lumrah limang wektu Yang sudah biasa lima waktu
Wantu wataking wawaton Sebagai rasa hormat terhadap waktu
3 Inguni-uni durung Pada zaman dahulu
Sinarawung wulang kang sinerung Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan
Mintokken kawignyanipun Memamerkan kebisaannya
Sarengate elok-elok Amalannya aneh-aneh
4 Thithik kaya santri Dul Kadang seperti santri Dul
Gajeg kaya santri brang kidul Seperti santri wilayah selatan
Saurute Pacitan pinggir pasisir Sepanjang pinggir pantai Pacitan
Ewon wong kang padha nggugu Ribuan orang yang mempercayai
Anggere guru nyalemong Asal-asalan dalam berbicara
5 Kasusu arsa weruh Terburu-buru ingin tahu
Cahyaning Hyang kinira yen karuh Cahaya Tuhan dikira dapat ditemukan
Ngarep-arep urup arsa den kurebi Menanti-nanti besar keinginan mendapatkan anugrah
Tan wruh kang mangkoko iku Namun gelap mata orang tidak paham yang demikian itu
Akale keliru enggon Nalarnya sudah salah kaprah

Pangertene Tembang Gambuh


Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda
mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki
lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu
kang kukuh/bakuh (tegas/galak).

Watake Tembang Gambuh


Watake tembang Gambuh, yaiku supeketing kakaluwargan/akrab, sumadulur.
Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat
paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.

Maknane Tembang Gambuh


Tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dhiwasa
utawa sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan bathin, kulawarga lan
masyarakat, pribadi karo Gusti.

Watake Tembang Gambuh


Watake tembang Gambuh yaiku supeketing kakaluwargan/akrab, sumadulur.
Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat
paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.

Maknane Tembang Gambuh


Tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dhiwasa
utawa sansaya dhiwasa, mula bisa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kulawarga
lan masyarakat, pribadhi karo Gusti.

Wos kang Kamot ing Tembang Gambuh


a. Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa anane wae,
menehi pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi tindak nistha lan angkara
murka.
b. Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu
sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap
marang pungkasaning urip iki.
c. Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton guneman nanging
guneman nganggo waton.
d. Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah mring Gusti
kang kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga, cipta, jiwa, rasa.
e. Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku kudu bisa
nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.
f. Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake
kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.
g. Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa
kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti kang Maha Agung kanthi
njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh saka bathin culika lan nistha.
h. Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh
marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.

Anda mungkin juga menyukai