Anda di halaman 1dari 2

BAB 1

UNGGAH-UNGGUH LAN BUDI PEKERTI ING PASRAWUNGAN


(Serat Wedhatama pupuh Gambuh)
A. Serat Wedhatama
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, wedhatama menurut kamus kawi-
indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung “Wedha” kang tegese ilmu pangerten, lan
tembung “Tama” kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung “wedhatama” yaiku
pepathokaning putra. Di deleng saka tembung “wedha” tegese pepakem (patokan) lan tama
utawa utama kang tegese anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo
putra lan putrine.
B. Pangerten tembang Gambuh
Gambuh iku tabuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembungkang awanda mbuh.
Anggitane Natapraja, kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing
jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh(tegas/galak).
Tembang gambuh ana 35 pada (bait), isine kebak pitutur. Pitutur kang nggiring
manungsa supaya eling marang tumindak-tumindake. Manungsa dielingake yen kabeh
tumindake manungsa iku ana akibate. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakake urip
manungsa sing duwe patrap kaya mangkono iku. Piwulang kang ana ing pupuh gambuh
yaiku syukur marang Gusti Allah kang Maha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak
angkara murka lan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglakoni sholat.
Pupuh sinom ing serat wedhatama yaiku isine babagan pikolehe saka tumindak ngati-
ati. Tuladhane yaiku ratu Mataram Panembahan Senopati kang duweni gelar wong agung
ing Ngeksigondo, tegese salah sawijining pemimpin teladan, sumeh lan tresna marang
kawulane lan asring nglakoni pasa, ananging ora ngadohi marang kawulane.

Teks tembang Gambuh


Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutur
Katutuh pan dadi awon

C. Pathokan tembang Gambuh


GAMBUH
Guru Guru Guru
Wilangan Lagu Gatra
7 U 5
10 U
12 I
8 U
8 O
Watak tembng Gambuh yaiku akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng.
Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan

D. Makna tembang
• Gambuh nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa pribadi kang
sansaya diwaca, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin.

E. Wos kang kamot ing serat wedhatama


• Serat wedhatama ngajarake supaya menehi pangapura marang kaluputaning liyan.
• Serat wedhatama ngajarake supaya nindakake pitutur ing tembang, manungsa iku kudu
teguh lan santosa, sarta sabar, tawakal, ikhlas, lila lan nrima ing pandum.

Anda mungkin juga menyukai