Anda di halaman 1dari 4

MATERI BAHASA JAWA

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH


KELAS XI/SEMUA JURUSAN

Serat Wedhatama
Karya sastra iki ditulis dening Ngarsa Dalem kang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Raja ing keraton Mangkunegaran Solo. KGPAA Mangkunegara
IV kalebu raja kang kawentar amarga kawsisane ing babagan ilmu pengetahuan, piyambake uga
kawentar amarga kalebu sawijining tokoh kang sakti mandraguna, adil, lan arif bijaksana. Lumantar
olah laku spiritual kang mumpuni, piyambake sedah karo kasampurnan gesang sejati sajroning
ngadep Tuhan kang Mahawisesa, yaiku warangka manjing curiga atanapi anggayuh kamuksan,
ngadep Gusti lan ragane sirna tan winekas.
Serat iku kadhapuk saka 100 pupuh tembang macapat, kang diperang dadi limang tembang,
yaiku :
Pangkur (14 pupuh,1 – 14)

Sinom (18 pupuh, 15 -32)

Pucung (15 pupuh, 33 – 47)

Gambuh (35 pupuh, 48-82)

Kinanthi (18 pupuh, 83-100)

Isine tembang macapat kang ana ing serat wedhatama iku ngandharake menawa manungsa
urip ing ngalam donya iki ora bisa uwal saka Gusti Kang Maha Kawasa, kang wis maringake
kanugrahan awujud rasa pangrasa minangka sawijining bab kang bisa mbedakake manungsa karo
titah liyane.
Pitutur kang kamot ana ing tembang ngandharake tumindak becik kang kudu dilakoni dening
manungsa supaya bisa dadi manungsa kang utama. Tumindak kasebut yaiku tansah eling lan waspada
ing samubarang gawe, lan kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu kang gawe kapitunan marang awake
dhewek lan wong liya, lan nuwuhake sikap tansah “mulat sarira angrasa wani (mawas diri)”.
Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku wujud tembang Jawa kang uga disebat tembang alit. Guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagu.
1. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.
2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra.
3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu tembang macapat


1. Gambuh 4 gatra: 12u, 6a, 8i, 12a
2. Megatruh 5 gatra: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
3. Durma 7 gatra:12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
4. Pangkur 7 gatra: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
5. Mijil 6 gatra: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
6. Sinom 9 gatra: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
7. Kinanthi 6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
8. Asmarandhana 7 gatra: 8i, 8a, 8e, 8a, 8a, 8u, 8a
9. Dandhanggula 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10. Megatruh 5 gatra: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Maskumambang 4 gatra: 12i, 6a, 8i, 8a

Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh.
Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram.
Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).
a. Pathokan tembang Gambuh
GAMBUH
Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra
7 U
10 U
12 I 5
8 U
8 O
b. Watak tembang Gambuh
Watake tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat
paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.

c. Makna tembang Gambuh


Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa
utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula bisa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan
masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi
pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur
marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna
sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung
jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.

d. Tuladha tembang gambuh


Pada 1
Samengko ingsun tutur,
sembah catur supaya lumuntur,
dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.

Kelak saya bertutur, Empat macam sembah supaya dilestarikan; Pertama; sembah raga, kedua; sembah
cipta, ketiga; sembah jiwa, dan keempat; sembah rasa, anakku ! Di situlah akan bertemu dengan pertanda
anugrah Tuhan.

Pada 2

Sembah raga puniku,


pakartine wong amagang laku,
susucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
Sembah raga adalah Perbuatan orang yang lagi magang “olah batin” Menyucikan diri dengan sarana
air,Yang sudah lumrah misalnya lima waktu Sebagai rasa menghormat waktu

Pada 3

Inguni-uni ersua,
sinarawung wulang kang sinerung,
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawignyanipun,
sarengate elok-elok.

Zaman dahulu belumpernah dikenal ajaran yang penuh tabir,Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil
rekaan,memamerkan ke-bisa-an nya amalannya aneh aneh

Anda mungkin juga menyukai