Anda di halaman 1dari 16

SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

(K.G.P.A.A. Mangkunegara IV)

KELAS X
SEMESTER 2
KD. 1
SERAT WEDHATAMA
Serat : tulisan utawa kasusastran
Wedha : kawruh utawa piwulang/ajaran
Tama : saka tembung utama tegese becik
utawa luhur
Serat Wedhatama : sawijining tulisan
utawa kasusastran kang ngemot kawruh
utawa piwulang kang becik/luhur
Serat Wedhatama dumadi saka 5 pupuh lan ana 100
pada/bait

Pangkur : 14 pada
Sinom : 18 pada
Pocung : 15 pada
Gambuh : 35 pada
Kinanthi : 18 pada
 
Katrangan :
Pupuh : Rangkaian tembang kang padha nganti pirang-
pirang pada/bait
Tembang Pangkur kalebu tembang macapat, amarga nduweni
paugeran/aturan yaiku kaiket dening guru gatra, guru wilangan
lan guru lagu.  
BAB-BAB SING BAKAL DIREMBUG

1. Sasmita Tembang Sinom


2. Pathokan Tembang Sinom
3. Watak tembang Sinom
4. Tuladha Tembang Sinom
5. Tegese tembang Sinom
6. Wos Surasa/isi tembang Sinom
7. Gunane tembang macapat
8. Sing ngarang tembang macapat
1. SASMITA TEMBANG SINOM

Sinom iku ateges anom, taruna,mudha, srinata,


roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan
sapiturute.

sasmita tembang : unen-unen utawa


tetembungan sing kanggo menehi tandha utawa
pralambang jenenge tembang.

 
2. Pathokan tembang Sinom
SINOM

Guru wilangan Guru Guru


lagu gatra
8 a

8 i

8 a

8 i

7 i
9
8 u

7 a

8 i

12 a
3. Watak tembang Sinom

Watake tembang Sinom iku tresna, asih,


canthas, trengginas. Cocog kanggo bab-
bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat
kang cukat trengginas, lan sapiturute.
4. Tuladha tembang Sinom
Sinom

NULADHA LAKU UTAMA : Tuladhanen/nirua


tumindak utama / becik
TUMRAPE WONG TANAH JAWI : Kanggone wong tanah
jawa
WONG AGUNG ING NGEKSIGANDA : Wong agung/luhur
ing Mataram
PANEMBAHAN SENAPATI : Panembahan Senapati
KEPATI AMARSUDI : kang tekun/temen-
temen anggone golek
SUDANEN HAWA LAN NEPSU : Ngurangi lan
ngendhaleni hawa lan nepsu
PINESU TAPA BRATA : ngupaya kanthi tumemen cara
laku prihatin
TANAPI ING SIYANG RATRI : lan uga awan bengi
AMEMANGUN KARYENAK TYASING SASAMA :
Tansah tumindak/mujudake kang gawe
tentreming/kepenak atine sasama
( SERAT WEDHATAMA : KGPAA Mangkunegara IV )
5. Tegese tembang Sinom

Sinom iku tegese enom. Tembang iki


nggambarake wayah enom, seneng golek
pangalembana utawa grapyak, luwes,
gampang srawung. mralambangake wayah
isih jejaka/prawan.

 
6. Wos Surasa/isi tembang sinom
(Wedhatama)
a. Menehi pangalembana marang wong kang
seneng ing sipat menehi pangapura lan sabar.
b. Nengenake kadewasaning akal, pikiran,
rasionalitas, utawa intelektual
(laku
c. Babagan karakter lan perilaku kang becik
utama), kanthi tuladha Panembahan Senopati
d. Ngajarake babagan telung nilai kang bisa
ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat,
bandha, lan kapinteran (wirya harta winasis).
e. Ngajarake telung prakara kang dadi cagaking
panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar
nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum
pasrah sumarah marang Allah SWT.
f. Ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa
alesan (kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung
janjine muring-muring), nutupi kaluputane dhewe
g. Manungsa kang luhur bebudene iku seneng mapan
ing papan sepi (tuman tumanem ing sepi), reresik
jiwa (masah amemasuh budi), uga tansah nglakoni
kuwajibane, asipat ruruh, lan gawe seneng atining
liyan.
7. Gunane tembang macapat

1. Mbawani (mbukak) utawa nggerongi gendhing


2. Lelagon ing kethoprak, wayang wong, wayang
kulit
3. Ngarang Kapustakan Jawi
4. Parikan, dhagelan, cangkriman
5. Kanggo lelipur (hiburan) lsp
 
8. Sing ngarang tembang macapat
Para Sesepuh nduweni panemu menawa tembang
macapat anggitane para wali sanga
1. Sunan Kalijaga : Dhandhanggula
2. Sunan Giri : Asmaradana, Pocung
3. Sunan Bonang : Durma
4. Sunan Kudus : Maskumambang, Mijil
5. Sunan Muria : Sinom, Kinanthi
6. Sunan Drajad : Pangkur
( Umar Hasyim : 1974 )
Anggitane Mangkunegara IV
1. Serat Wedhatama
2. Serat Burat Wangi
3. Serat Tripama
4. Serat Rerepen lsp
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai