Anda di halaman 1dari 1

WULANGAN 6 (KARYENAK TYASING SASAMA)

1. Pengertene Tmbang Sinom


Sinom iku ateges ano, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom
duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kedaton. Iki coock kanggo
pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.

2. Pathokan Tembang Sinom


Sinom
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
8 a
8 i
8 a
8 i
7 i 9
8 u
7 a
8 i
12 a

3. Watak Tembang Sinom


Watake tembang sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa liincah,
nggambarake sipat kan cukat trengginas lan sapituture.

4. Makna Tembang Sinom


Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa
grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter
ngomong utawa srawung kang goek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih
jejaka/prawan.

5. Tuladha Tembang Sinom


Nuladha laku utama Mencontohlah perilaku yang utama
Tumrape wong tanah jawi Bagi orang di tanah jawa
Wong agung ing ngeksiganda Orang besar dari ngeksiganda/ mataram
Panembahan senopati Panembahan senopati
Kapati amarsudi Sangat tekun berusaha
Sudaning hawa lan nepsu Mengurangi hawa nafsu
Pinesu tapa brata Dengan cara laku prihatin/bertapa
Tanapi ing siyang ratri Yang dilakukan siang dan malam
Amemangun karyanek tyasing sasama Berkarya membangun ketentraman hati sesama

6. Wos kang kamot ing tembang sinom (Wedhatama)


 Serat wedhatama aweh pangelambana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh, asipat aweh
pangapura lan sabar.
 Serat wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual.
 Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama), serat wedhatama menehi tuladha Panembahan
Senopati. Piyambeke temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati amarsudi sudaning hawa lan
nepsu), kang dilakoni kanthi tapa.
 Serat wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajat manungsa, yaiku pangkat,
bandha lan kapinteran (wirya harta tri winasis).
 Serat wedhatama ngajarake telung perkara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan,
sabar nalika entuk pacoban lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring gusti.
 Serat wedhatama ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan
 Manungsa kang luhur bebudene iku seneng mapan ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni
kuwajibane, asipat ruruh, lan gawe seneng atining liyan.

Anda mungkin juga menyukai