Anda di halaman 1dari 17

Tembang

Macapat
PANGERTEN TEMBANG MACAPAT

Tembang Macapat mujudake kaskaya asil


reriptan karya sastra Jawa kang nduweni biji
adiluhung. Jroning tembang macapat kebak
piwulang lan tuntunan kang bisa kanggo aweh
sesuluh marang panguripan ing bebrayan.
PAUGERAN TEMBANG MACAPAT
PANGGUNAAN PAUGERAN
TEMBANG MACAPAT
- Angkara gung neng angga
anggung gumulung Guru Gatra: 4
(Kejahatan besar di dalam tubuh Guru Wilangan:
kuat menggelora)
12, 6, 8, 12
- Gegolonganira
(Menyatu dengan diri sendiri) Guru Lagu: u, a, i, a
- Triloka lekeri kongsi
(Menjangkau hingga tiga dunia)
- Yen den umbar ambabar dadi
rubeda.
(Jika dibiarkan akan
berkembang menjadi bencana)
11 JINIS TEMBANG MACAPAT
Jinis Tembang
Macapat Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu

Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a

Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i ,u

Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u ,a ,i, a

Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i

Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a

Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o

Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a

Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, a, i, a, a, i, a, i

Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, a, i, u, a, u, a, i

Megatruh 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o

Pocung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Maskumambang; Maskumambang nggambarake jabang


bayi kang isih kumambangan ana ing kandhutane Ibu.
Watake nelangsa, prihatin, sedhih banget.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Mijil; Mijil = lair. Tembang Mijil iku nggambarake laire si


jabang bayi. Watake tembang gandrung, prihatin.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Kinanthi; Kinanthi tegese digandheng, dikanthi. Tembang


macapat Kinanthi nggambarake si bocah kang
digandheng, dituntun supaya bisa slamet uripe. Watake
yaiku asih-asuh.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Sinom; Sinom tegese anom, enom,


timur; nggambarake kahanan sing isih
enom nalika si bocah kudu ngangsu
kawruh, golek elmu saakeh-akehe
kanggo keslametane. Watake
tembang; wantah.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Asmaradana; Tembang Asmarandana


asale saka tembung asmara kang ateges
tresna, lan tembung dahana kang artine
geni. Mulane, Asmarandana isine wuyung
lan samubarang kang magepokan karo
tresna. Tegese, rasa tresna, tresna marang
liyan (priya lan wanita lan kosok baline).
Kabeh mau wis dadi kodrate Gusti.
Watake tembang Asmarandana yaiku:
sengsem, katresnan, kasmaran, gandrung,
kepranan. Kanggo medharake rasa
kasmaran, kepranan, lan gandrung.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT
Gambuh; Gambuh asale saka tembung
jumbuh utawa sarujuk kang ateges yen
jumbuh/sarujuk banjur digathukake
antarane priya lan wanita sing padha
nduweni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip ing
bebrayan kanthi langgeng lan ayem
tentrem. Watake tembang gambuh
yaiku: wani wanuh/kenal, rumaket,
kulina banget, lan sumanak. Kanggo
medharake pitutur.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Dhandhanggula; Dhandhanggula
nggambarake uripe wong kang
lagi seneng-senenge, apa kang
digayuh bisa kasembadan. Wis
kelakon duwe sisihan (bojo),
duwe anak, urip cukup kanggo
sakulawarga. Watake tembang
dhandhanggula yaiku: luwes,
kewes, lan resep. Kanggo
bebuka, medharake piwulang,
lsp.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Durma; Durma ngemu kahanan


kang serem, wingit lan bisa njalari
rasa wedi. Ana sing ngarani, Durma
saka tembung darma (weweh).
Wong yen wis rumangsa kacukupan
uripe, banjur tuwuh rasa welas asih
marang kadang mitra liyane kang
lagi nandang kacintrakan, mula
banjur tuwuh rasa kepengin darma
(weweh) marang sapadha-padha.
Watake tembang Durma yaiku:
nesu, muring-muring, lan muntab.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Pangkur; Pangkur saka tembung mungkur kang


ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang
dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-
padha. Umpama piwulang, iku piwulang kang
dhuwur. Umpama tresna, iku tresna kang pinunjul.
Watake tembang Pangkur yaiku: sereng, kejem, lan
nantang.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Megatruh; Tembang Megatruh iku yen dipirid asal saka


megat roh, artine wis wektune nyawa, yitma, atmane
pisah lawan raga. Bali marang sangkan parane dumadi,
sowan ing ngarsane Gusti. Watake prihatin, getun,
keduwung.
11 JINIS TEMBANG MACAPAT

Pucung; Pucung (ana kalane tinulis pocung), tembang iki


nglingke marang pepati. Pocung cedhak karo tembung
pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon,
pocung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang
manungsa yen urip ing ndonya mono ora langgeng,
bakale mesthi mati dadi layon. Yen wis dadi layon
(mayit) banjur dibuntel mori putih utawa dipocong
sadurunge dikubur. Watak tembang Pocung yaiku:
kendho tanpa greget saut, kanggo medharake
sembranan lan crita kang sakepenake.
TULADHA TEMBANG POCUNG

Anda mungkin juga menyukai