Anda di halaman 1dari 7

2020/2021

BAHAN AJAR BAHASA JAWA


SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI

KELAS XII

Oleh:
Gita Afianti, S.Pd.,M.M.Pd.
SMK Takhassus Al-Qur’an
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi”
Kelas XII Semester 1

KOMPETENSI DASAR
Kompetensi dasar yang akan kita capai dalam pembelajaran kali ini adalah:
3.2 Menelaah teks Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi
4.2 Menanggapi isi Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi dan menulis syair tembang
Kinanthi dengan Bahasa sendiri, serta menyajikannya secara lisan/tulis.

INDIKATOR
Indikator yang akan kita capai dalam pembelajaran kali ini adalah:
3.1.1 Mengidentifikasi struktur dan kaidah tembang Kinanthi lisan maupun tulisan.
3.1.2 Mengidentifikasi isi Serat Wedhatama Kinanthi.
3.1.3 Menyimpulkan pitutur luhur tembang Kinanthi lisan maupun tulisan.
3.1.4 Menunjukkan relevansi dengan masa kini pitutur luhur tembang Kinanthi lisan
maupun tulisan
4.1.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama Kinanthi lisan maupun tulisan.
4.1.2 Menulis syair tembang macapat Kinanthi sesuai dengan struktur dan kaidah yang tepat

TUJUAN PEMBELAJARAN
Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan saintifik dengan
cara memperoleh informasi dari berbagai sumber belajar, serta menggunakan model
discovery learning dan demonstrasi dengan mengedepankan integritas, gotong royong, dan
menumbuhkan kemandirian, peserta didik dapat menelaah teks Serat Wedhatama pupuh
Pocung, dan menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Pocung dengan benar.

PETUNJUK BAGI PESERTA DIDIK


Agar kalian berhasil dalam menguasai materi bahan ajar ini, maka peserta didik:
1. mendengarkan setiap arahan dari dari guru,
2. mengamati dengan seksama media belajar yang akan ditampilkan oleh guru,
3. dapat membaca rangkuman yang telah dibuat dalam bahan ajar ini untuk membantu
pemahaman peserta didik dalam memahami materi,
4. dapat mengajukan pertanyaan apabila kurang mengerti terhadap isi bahan ajar.

PETA KONSEP

TEMBANG MACAPAT

METRUM JINIS TULADHA

SERAT WEDHATAMA
PUPUH KINANTHI
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi”
Kelas XII Semester 1

PANGANGGIT ISI / PIWULANG KAHANAN ING URIP


PADINAN

PENDAHULUAN
A. TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa
kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe
ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud
yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Tembang macapat minangka asil saka
kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.
Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben
metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing
saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh.
Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak
dhewe-dhewe, yaiku :
No Jinise Tembang Paugeran Watak
1 Mijil 10i, 6o, 10e, 10i, Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena
6i, 6u kanggo carita gandrungan.
2 Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang
ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta
3 Kinanthi 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, Seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake
8i piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-
gandrung.
4 Sinom 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.
8u, 7a, 8i, 12a
5 Asmaradana 8i, 8a, 8e, 8a, Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa
7a, 8u, 8a asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.
6 Dhandanggula 10i, 10a, 8e, 7u, Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake
9i, 7a, 6u, 8a, piwulang, gandrungan, lan kanggo panutuping
12i, 7a karangan kang sinawung ing tembang.
7 Gambuh 7u, 10u, 12i, 8u, Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang
8o rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo
4basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket
sesrawungane.
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi”
Kelas XII Semester 1

No Jinise Tembang Paugeran Watak


8 Pangkur 8a, 11i, 8u, 7a, Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa
12u, 8a, 8i sereng.
9 Durma 12a, 7i, 6a, 7a, Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati
8i, 5a, 7a kang nepsu utawa kanggo ing carita perang.
10 Megatruh 12u, 8i, 8u, 8i, Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo
8o medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa
karanta-ranta.
11 Pucung 12u, 6a, 8i, 12a Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang
sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.

Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane
pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo
ngandharake ancase dhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang ana ing dhuwur, bisa
dideleng kanthi cetha tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang kasebut.
Tembang macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru
gatra, lan guru wilangan.
Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra,
Guru lagu yaiku tibaning suara ing pungkasaning gatra
Guru gatra yaiku cacahe gatra saben sapada.

B. SERAT WEDHATAMA
Serat Wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Arya Sri Mangkunegara IV. Serat Wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun
budi pekerti. Serat Wedhatama duwe isi piwulang babagan budi pekerti utawa tumindak
utama.
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama miturut kamus Kawi-
Indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan
tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku
pepathokaning putra. Dideleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama
utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman
kanggo putra lan putrine.
Serat Wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
(KGPAA) Mangunegara IV kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang 5
pupuh tembang macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Ing
ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi”
Kelas XII Semester 1

1. Pangkur (14 Pada)


Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna,
kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo
duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati
anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.
2. Sinom (18 Pada)
Babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati . tuladhane yaiku Nata mataram Senopati
kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan ,
sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang
kawulane.
3.Pocung (15 Pada)
Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan
sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon.
Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan
pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.
4. Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung
kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun
nglaakoni sembayang.
5. Kinanthi (18 Pada)
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :
a. Piwulang kanggo kanoman
- Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, mangerteni sumber
ngelmu kang bener supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duwe panguwasa
- Disuwun supaya bisa milah-milah kanthi setiti kabeh piwulang supaya bisa nggunakake
ngelmu kasebut kanthi nyocokake papan lan ketrampilan kang diduweni.
- Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta,
warsis.
b. Piwulang kanggo wong tuwa
Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babagan
ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong
kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip.
Dudu wong kang sing luwih tuwa umure. Dadi Serat Wedhatama yaiku ngelmu babagan
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi”
Kelas XII Semester 1

kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa
batin.
C. SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI

No TEMBANG POCUNG ARTI


Mangka kanthining tumuwuh, Mangka kanggo sanguning urip,
Salami mung awas eling, Selawase kudu awas lan eling,
Ing mlaku kudeh ati-ati,
Eling lukitaning alam,
Eling marang pertandani urip,
Dadi wiryaning dumadi, Supaya adoh sangka sangsara,
Supadi nir ing sangsaya, Yo ngono carane nglakoni urip.

Yeku pangreksaning urip.


Marma den taberi kulup, Mula sregepa anak-anakku,
Angulah lantiping ati, Sinau netepi ati,
Rina wengi den upaya,
Rina wengi den aneda,
Mrasuk ing sajroning ati,
Pandak-panduking pambudi, Ngilangake napsu,
Bengkas kahadaning driya, Supaya dadi wong kang utama.

Supaya dadya utami.


Pangasahe sepi samun, Ngasah ing alam sepi (semedi),
Aywa esah ing salami, Aja nganti leren sadurunge ngrasuk ng awak,
Yen wis ketara upaya,
Samangsa wis kawistara,
Landhepe luar biasa,
Landhepe mingis mingis, Ngiris gunung gedhe,
Pasah wukir reksamuka, Bisa ngilangi pepalangane budi pekerti.

Kekes srabedaning budi.


Dene awas tegesipu, Dene wespada iku tegese,
Weruh warananing urip, Weruh apa kang dadi ngalangi urip,
Serta kekuasaan kang Maha Esa,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang nduweni rina wengi,
Kang atunggil rina wengi, Ora bisa dikabulna,
Kang mukitan ing sarkara, Bakal mbukak alame ndonya.

Gumelar ngalam sakalir.


Ayawa sembrana ing kalbu, Aja nganti sembrana ning ati,
Wawasen wuwus sireki, Waspada marang pangucapanmu,
Ning kono bakal kerasa,
Ing kono yekti karasa,
Ora pangucapane dhewe,
Mula kudu tanggung jawab,
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi”
Kelas XII Semester 1

Dudu ucape pribadi, Nganti apa sing desembadaaki tuntas.


Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.
DAFTAR PUSTAKA
https://books.google.co.id/books?id=S_dRDwAAQBAJ&pg=PA4&lpg=PA4&dq=tembang+macapat+ik
u+kaiket+ing+paugeran&source=bl&ots=tBLzFjYjs6&sig=ACfU3U2U93xRYu0JaMQVHzvzvOgb_yCJoA
&hl=id&sa=X&ved=2ahUKEwiHr5Sky9vpAhXMZSsKHUadCRUQ6AEwCXoECAoQAQ#v=onepage&q=te
mbang%20macapat%20iku%20kaiket%20ing%20paugeran&f=false

http://cahayatenggelam.blogspot.com/2015/12/serat-wedhatama-pupuh-1-pangkur-pada-1.html

http://larasatirukmana.blogspot.com/2018/01/serat-wedhatama-wulangan-ii-serat.html

http://sinaunembang.blogspot.com/p/tembang-macapat.html

Anda mungkin juga menyukai