Anda di halaman 1dari 16

PASINAON 2

Teks Eksposisi Budaya


Wewaler

A. TUJUAN PEMBELAJARAN

1. Siswa bisa membaca dan menanggapi teks eksposisi serta pokok – pokok isi teks
ekspoisi tentang budaya wewaler.
2. Siswa bisa mengidentifikasi nilai – nilai pada teks.
3. Siswa bisa menjelaskan apa yang diharapkan wewaler dan bisa menerapkan dalam
kehidupan sehari – hari.
4. Siswa bisa mempelajari pitutur luhur para sesepuh.
5. Siswa bisa menghormati apa yang dikatakan para sesepuh.
6. Setelah memetik makna dan amanat tersebut siswa dapat menerapkannya dalam
kehidupan sehari - hari
7. Siswa dapat menerapkan dan membandingkan pitutur luhur dengan kondisi masyarakat
saat ini

B. URAIAN MATERI

Wewaler yakuwe samubarang kang ora kena diterak, sesambungan karo kaanan
neng sakiwa tengene kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo Gusti
Alloh sing nyipta. Neng wulangan kiye wewaler sing derembug yakuwe wewaler kang
ana sesambungane karo manungsa sesrawungan karo lingkungan. Manungsa urip kuwe
tansah sesambungan siji lan sijine. Supaya sesambungan kuwe lumaku kanthi becik,
saben manungsa kudu ngugemi marang paugeran kang bisa kajupuk saka wewaler. Sebab
kanthi ngugemi wewaler kuwe mau manungsa bisa nindakaken babagan kang utama ana
neng sakjroning uripe kayata anane rasa urmat, tepa slira, tulung tinulung, rasa welas asih
lan duwe jiwa kaprawiran kanggo kamulyaning nagara.

Tuladha Pituduh (Bimbingan)


1. Pangeran nitihake sira iku lantaran biyungira, mula kudu ngurmati biyungira. (Bahwa
kita itu diciptaka memalui seorang Ibu, oleh karena itu kitaharus menghormati Ibu.
2. Sabegja – begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada. (seuntung –
untungnya orang yang lupa, masih lebih untung orang yangselalu ingatdan waspada.
3. Sing sapa ora gelem gawe becik marang liyan, aja sira ngarep – arep yen bakal oleh
pitulungan ing liyan. ( barang siapa yang enggan berbuat baik, jangan berharap akan
mendapatkan pertolongan dalam perkara yang lain)
4. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli. Mula sarira hangrasa wani.
( merasa ikut memiliki, wajib ikut mempertahankan (bertanggung jawab) dan berani
memawas diri)
5. Enaoma, bagusa, isih darah lan warasa kae yen kepinterane ora duwe, kucem raine
tanpa cahya, ora beda karo kembang randhu alas kang abang branang ora wangi ora
barang.

Tuladha Wewaler (Larangan)


1. Aja sira deksura, ngaku luwih pinter tininmbang sejene
(Jangan kamu sombong, mengaku lebih pandai dari pada yang lainnya)
2. Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat
(Jangan bangga kalau dipuji, jangan benci kalau dicela)
3. Aja gawe seriking atining liyan
(Jangan membikin sakit hati orang lain)
4. Aja ngece wong ora duwe
(Jangan menghina orang yang tidak punya)
5. Aja pisan nacat ing liyan, ora ana wong kang ora cacat
(Jangan sekali – kali mencela orang lain, tidak ada orang yang sempurna)
6. Aja lali piwulang kang becik
(Jangan lupa terhadap ajaran yang baik)

Butir – butir Budaya Jawa kaperang dadi loro, arupa pituduh lan wewaler.
Loro – lorone ngandhut 6 perkara antarane :
1. Ketuhanan Yang Maha Esa
2. Kerohanian
3. Kemanusiaan
4. Kebangsaan
5. Kekeluargaan
6. Keduniawian

A. PITUDUH
Pituduh kang magepokan karo Ketuhanan Yang Maha Esa, kaperang dadi 5 butir :
1. Pangeran (Tuhan) kuwe siji lan nyawiji, ana neng ngedhi – ngendi papan, langgeng sing
nganakake jagat sak isine, dadi sesembahan neng sadhengah makluk nganggo cara
dhewe – dhewe.
2. Pangeran kuwe ana ing ngendhi – endhi papan, aneng sira uga ana pangeran, nanging aja
sira wani – wani ngaku Pangeran.
3. Pangeran kuwe Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa
murungaken.
4. Pangeran iku nitahake sira lantaran biyungira, mula kudu sira ngurmati marang
biyungira.
5. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwe bener mungguhing Pangeran
lan bener saka kang lagi kuwasa.

Pituduh kang magepokan karo kerohanian ana 5 butir :


1. Ketemu Gusti (Tuhan) iku lamun sira tansah eling.
2. Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng)
3. Kahanan donya iku ora langgeng mula aja ngegungake kasugihan lan drajatira, awit
samangsa ana wolak – waliking jaman ora ngisin – isini.
4. Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang
sepadha – padhaning tumindhak.
5. Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan
diwelehake dening tumindake dhewek.

Pituduh kang magepokan karo Kemanusiaan, kena kaperang dadi 37 butir :


1. Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
2. Maungsa sederma nglakoni, kadya wayang saupamane.
3. Jer basuki mawa beya.
4. Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe.
5. Sing sapa lali marang kabecikaning liyan, iku kaya kewan.
6. Ngundhuh wohing pakarti.
7. Ajining dhiri dumunung ing kumedaling lathi lan budi.
8. Yitna yuwana lena kena.
9. Becik ketitik ala kena.
10. Janma tan kena kinira, nanging wenang kinaya ngapa.
11. Klabang iku wisane ing endhas. Kalajengking wisane ana ing buntut. Yen ula wisane ana
ing cangkeme ula kang duwe wisa. Durjana iku wisane ing sarandunging badan.
12. Mulat sarira tansah eling klawan waspada.
13. Sebegja – begjane kang lali, luwih beja kang eling klawan waspada.
14. Sing sapa salah seleh.
15. Nglurug tanpa bala.
16. Sugih ora nyimpen.
17. Sekti tanpa aji.
18. Menang tanpa ngasoraken.
19. Rawe – rawe rantas maang – malang putung.
20. Mumpung anom ngudiya laku utama.
21. Yen sira dibeciki liyan tulisen ig watu, yen sira gawe kabecikan tulisen ing lemah.
22. Melik nggendhong lali.
23. Sing prasaja.
24. Percaya marang dhiri pribadhi.
25. Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
26. Wong mati iku bandhane ora digawa.
27. Wong iku kudu ngudi kabecikan, sebab kabecikan iku sanguning urip.
28. Wong kang ora ngudi kabecikan iku prasasat setan.
29. Wong kang linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangampura.
30. Perang tumrape awake dhewe iku lamun ora bisa meper hawa napsu.
31. Ngelmu kalakone kanthi laku, senajan akeh ngelmu lamon ora ditangkarake lan ora
digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
32. Turuten pituture wong tuwa.
33. Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah – ungguh) iku padha karo ora bisa
ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet,pait).
34. Wong pinter nanging ala tumindhake senenge karo wong ala.
35. Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena pituwase saka penggawene
dhewe.
36. Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
37. Wani ngalah luhur wekasane.

Pituduh kang magepokan karo Kebangsaan ana 15 butir :


1. Bangsa iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake kabangsa nira
pribadi supaya kanugrahan bangsa kang andana warih.
2. Nagara iku ora guna lamun ora darbe angger – angger minangka pikukuhing nagara kang
adhedasar idi kalbune manungsa salumahing nagara iku.
3. Kang becik iku lamun ngerti anane bebrayann agung, ing ngarsa sung tuladha, ing madya
mangun karsa, tut wuri handayani.
4. Nagara bakal tentrem lamun murah sandhang pangan, marga para kawula padha seneng
nyambut gawe, lan ana panguwasa kang berbudi bawa leksana.
5. Wadyabala kang seneng kawula alit iku dadi senengane para kawula sajroning praja,
gawe kukuh sarta tamenging nagara.
6. Para mudha aja ngungkurake kawruh kang nyata, amrih karya ungguling bangsa lan bisa
gawe rahayuning sasama.
7. Panguwasa iku kudu gawe tentrem para kawulane, amarga yen ora mangkono bisa
kawula ngrebut nagara.
8. Nagara kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disuyudi wadyabalaning nagara.
9. Lamun sira dadi wadyabalaning nagara, aja sira dhemen kuwasa dhewe jalaran ing tembe
bakal ana wong kang ngalahaken sira, yen sira wus ora kasinungan maneh. Dene
wadyabala kang kepengin kuwasa marga sing mengku negara ora darbe watak berbudi
bawa leksana, iku bakal dadi tetungguling prajurit nagara kuwi.
10. Yen wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala bakal didandani lamun kena, dene yen ora
kena disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng – andheng umpamane).wataking
manungsa iku kepengin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringi panguwasa miturut
kersane Pangeran pribadi.
11. Wataking manungsa iku kepengin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringi
panguwasa miturut kersane Pangeran pribadi.
12. Sira aja seeng ngaku lan rumangsa pinter dhewek.
13. Perang iku becik lamun tujuwane nggayuh kamardikaning nagara lan bangsane, lan
perangiku ala lamun kanggo njarah rayah darbening liyan.
14. Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosok baline yen wis becik kang
kuwasa, kang besik iku kang ditindakake.
15. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondeli, mulat sarira hangrasa wani.

Pituduh kang magepokan karo kekeluargaan kaperang ana 14 butir :


1. Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.
2. Sing sapa lali marang wong tuwane prasasat lali marang Pangeran. Ngabektiya marang
wong liya.
3. Wong tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanegara (trapsila,
unggah – ungguh) lan tatakrama, iku sejatine dudu panutane putra wayah.
4. Sing sapa seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedhakei
nanging aja ditresnani.
5. Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati.
6. Mikul dhuwur mendhem jero.
7. Ora ana katresnan kang nglewihi katresnane wong tuwa marang anak.
8. Tresna marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku saka
katresnane putra lan mantu.
9. Anak iku minangka terusane wong tuwa.
10. Sayojane iku dohe sepuluh ewu depa, swara kang krungu nganti sayojane aruming jeneng
ngambar – ambar salumahing bumi.
11. Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo
mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang bisa gawe senenging ati. Yen
kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang becik. Yen ana sangarepe
mungsuh kudu bisa ngatonaken kawibawane.
12. Tangga iku padha karo bapa biyung.
13. Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki, nanging aja dimungsuhi.
14. Golek jodho aja mburu endahing warna, senajan ayu utawa bagus yen atine durjana, ora
wurung disiriki liyan.

Pituduh kang magepokan karo Kaduniawian ana 9 butir :


1. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya, lan saka pametu sejene kang ora
ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu
duwekeing liyan kang kawruhan sing duwe.
2. Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa – angsa golek bandha donya, ora mikirake
kiwa tengene,uga ora mikirake kahanan batin.
3. Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.
4. Bandha iku anane aneng donya, mula yen mati ora digawa.
5. Wong golek kemakmuran iku ora kalebu kadonyan.
6. Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang
becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.
7. Wong uga aja tansah kepengin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa – mangsa
bisa gawe cilaka.
8. Sing sapa tansah ngegugaken pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa
ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane.
9. Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, nagara lan mboyong putri. Nanging jaman
iku wis ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyonga mau bisa gawe ringkihing
nagara.

B. WEWALER
Wewaler kang magepokan karo Ketuhanan YME, ana 3 werna :
1. Aja dhisiti kersa
2. Aja sira wani marang wong tuwa nira, jalaran sira bakal kena bebendu saka Kang
Murbeg Dumadi.
3. Aja mung kelingan barang kang katon wae, sebab kang katon gumelar iki anane malah
ora langgeng.

Wewaler kang magepokan karo Kerohanian ana 4 werna :


1. Aja daebur pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik uga ana, ora beda
karo manungsa.
2. Aja lali saben ari eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon
Pangeran.
3. Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru
Sejatinira.
4. Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener
dhewek.

Wewaler kang magepokan karo Kemanungsan ana 47 werna :


1. Aja lali marang kabecikaning liyan.
2. Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
3. Aja rumangsa bener dhewek, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewek.
4. Aja wedi kangelan, jalaran urip neng donya iku pancen angel.
5. Aja gawe seriking ati liyan.
6. Aja golek munsuh.
7. Aja sira mulang gething marang liyan jalaran iku bakal nandur cecongkahan kang ora
ana wusanane.
8. Aja ngumbar hawa nepsu, mundhak sengsara uripmu.
9. Aja melik darbeing liyan.
10. Aja cidra ing janji.
11. Aja dumeh.
12. Aja kumalungkung.
13. Aja kumingsun.
14. Aja gumedhe.
15. Aja ngrusak pager ayu.
16. Aja dahwen.
17. Aja dengki.
18. Aja kuminter.
19. Aja ambeg siya.
20. Aja ngece wong ora duwe.
21. Aja kegedhen rumangsa.
22. Aja adigang, adigung, adiguna.
23. Aja nggege mangsa.
24. Aja nampik rezeki.
25. Aja panasten.
26. Aja seneng gawe gendra, sebab gawe gendra iku sipating dhemit.
27. Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacad.
28. Aja lali piwulang becik.
29. Aja aweh kasekten marang durjana.
30. Aja lali marang kahanan kang marakake perang, jalaran yen sira tansah lali bakal tansah
ana perang bae.
31. Aja selingkuh.
32. Aja seneng madon.
33. Aja seneng main.
34. Aja seneng maido.
35. Aja seneng madad.
36. Aja seneng nyaru.
37. Aja bosenen/jelehan.
38. Aja nggebyah uyah padha asine.
39. Aja dadi wong pinter kablinger.
40. Aja mung tuwa tawas.
41. Aja golek menange dhewek.
42. Aja bakal kelu ing swara.
43. Aja taberi utangan.
44. Aja seneng royal.
45. Aja pisan nacad liyan, ora ana wong kang ora cacad.
46. Aja wedi marang penggawe becik, lan wani marang penggawe ala
47. Aja seneng nggampangake.

Wewaler kang magepokan karo Kebangsaan ana 2 werna :


1. Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, lan aja serik yen lagi ora darbe panguwasa, jalaran
kuwe ana bebendhune dhewek-dhewek.
2. Aja mung kepengin menange dhewek kang bisa marakaken arahing nagara lan bangsa,
kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir batin.

Wewaler kang magepokan karo Kekeluargaan ana 3 werna :


1. Aja mung ngaku wong tuwa lamun wong tuwamu katon mulya lan dhuwur drajate,
jalaran siraiku asale saka wong tuwamu senajan kaya ngapa wujude.
2. Aja mung ngegungaken duwe pangkat lan duwe bandha, jalaran pangkat lan bandha iku
mau bisa sirna sadurunge sira pralaya.
3. Aja rumangsa bisa nanging ora bisa rumangsa.

Wewaler kang magepokan karo Keduniaan ana 4 werna :


1. Bandha iku perlu nanging aja diumuk – umukake, drajat lan pangkat iku perlu ning aja
dipamer – pamerake, sebab bisa mlesetake awakmu dhewek.
2. Aja melik darbening liyan, marga raja brana lan wanita iku bisa gawe congkrahing para
sujana lan gawe nisthaning ati.
3. Aja seneng mamerake bandha lan ngengungake pangkat, sebab bandha bisa lunga,
pangkat bisa oncat.
4. Aja seneng marang wong kang lagi nguja hawa nepsu marga akeh bandhane, jalaran
bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung mesthi bandha mau barang kang resik.

Tuladha artikel bab wewaler

Tuladha 1

Wewaler Lelungan Setu Paing

Kacarita nalika semana sinuwun prabu neng Penging tindak menyang wewengkon
Kabupaten Banyumas. Nalika semana Kabupaten Banyumas isih dumunung ana ing Wirasaba,
lan Bupatine Raden Tumenggung Rahutomo. Bupati Wrasaba (Banyumas) kagungan putra kang
ayu rupane asmane raden Rara Sukartinah. Sejadine mono Raden RaraSukartinah wis nate dadi
mantune Demang Toyareka, ananing durung nganti atut, durung nganti kelakon sare bareng karo
kakunge awit pancen ora seneng. Raden Rara Sukartinah resmi dadi randha ananging senajan
randa ananging randa kembang. Senajan wis randha nanging esih suci marga durung nate
kembul. Dhek semana Raden Rara Sukartinah lagi mekar – mekare paribasane kembag, mula
akeh para remaja kang padha kasmaran.

Kacarita ingkang sinuwun prabu ing Penging nalika tindak nitih persa ing Wirasaba,
nalika lenggah ana ing Pendhapa kabupaten, kang leladi unjukan lan dhaharan kagem sinuwun
iku Raden Rara Sukartinah. Sinuwun mirsani Raden Rara Sukartinah, banjur tumungkul marga
lingsem. Enggaling carita ingkang sinuwun sakrampuge ngaso sawetara ana ing pendhapa
kabupaten, nuli banjur pamitan kondur kanthi kadherekake Bupati Wirasaba tekan ngajengan
pendhapa. Ing kana sinuwun dhawuh marang Raden Tumenggung Rahutomo, supaya sowan
menyang marang Penging, lan aja lali putrine kudu dijak. Temenan, kira – kra samadya Candra
kondure Sinuwun saka Wirasaba Raden Tumenggung Rahutomo lan putrine dijak sowan
menyang ing Penging. Cekake bareng tindake Raden Tumenggung Rahutomo ing Penging terus
nancang jarane ana ing wit wringin cedhak alun – alu. Sabanjure Raden Tumenggung rahutomo
lan putrine banjur ngadhep sowan sinuwun Prabu ana ing Pendhapa lan ditampa kanthi becik.

Maratuwane Raden RaraSukartinah, Ki Demang Toyareka ngerti menawa ingkang


Sinuwun ngersakake tilas mantune, atine ki Demang panas, lan kepengin males gawe wirang
supaya anak mantune ora sida kelakon dadi garwane Sinuwun. Mula ki Demang enggal nututi
lakune Bupati Wirasaba lan mantune, lan bareng wis tekan alun – alun Penging ki Demang
banjur leren, sesingidan ngenteni Bupati Wirasaba metu saka keraton penging. Cekake Ki
Demang nunggu besane metu karo nata atine mengko menawa ngadhep Sinuwun.

Raden Tumenggung Rahutomo ngadhep Sinuwun. Sinuwun tresa karo putrine Bupati
Wirasaba lan kersa kapundhut garwa ampil (selir). Raden Tumenggung Rahutomo mung matur
ndherek karsanipun sinuwun. Mula bareng wi cetha apa kang dikersakaken dening Sinuwun
Bupati Wirasaban banjur nyuwun pamit medal pasialan. Dene putrine Raden Rara Sukartinah
katinggal keri ana ing keraton Penging. Merga putrine dikersakake dados garwa ampil (selir).
Kacarita Ki Demang Toyareka bareng ngerti menawa raden Tumenggung Rahutomo wis metu
saka keraton, Ki Demang enggal ngadhep sinuwun, lan matur menawa Raden Rara Sukartinah
kuwi sejatine wis ora prawan lan wis randha merga tilas mantune Ki Demang Toyareka.
Sinuwun mbarang midhanget mature Ki demang Toyareka banjur Raden Tumenggung rahutomo
dukabanget, lan tanpa dipenggalih luwih dhisit banjur utusan salah sawijining Tumenggung
kinen ngoyak lakune Bupati Wirasaba, lan yen wis ketututan enggal perjayanen. Amarga saru
ing ngatase anake wis randha kok diaturake menyang ngersane Sinuwun.

Ananging bareng wis utusan Tumenggung kinen merjaya Raden Tumenggung rahutomo,
sinuwun dhawuh marang garwa permaisuri supaya niti pirsa kahanane Raden Rara Sukartinah,
apa bener wis randha apa pancen esih prawan suci. Jebule Raden Rara Sukartinah isih suci.
Sinuwun bareng midhanget ature garwa permaisuri kedhuwung penggalihe, enggal utusan
Tumenggung ijine supaya nututi Tumenggung kang diutus luwih dhisit supaya anggone merjaya
Bupati Wirasaba diurungaken. Mula lakune Tumenggung utusan kang kaping pindho anggone
nitih kuda dirikatake supaya enggal bisa nututi utusan kang dhisit.

Bareng utusan kaping pindho wis meh bisa nututi playune jaran digetakake maning
supaya bisa nututi. Wektu samono Rden Tumenggung Rahutomo Bupati Wirasaba lagi ngaso
ana ing Pesanggrahan bale malang kang ana ing Desa Bener Lowano kabupaten Purworejo. Ing
kana Bupati Wirasaba sapendhereke lagi padha dhahar kanthi lawuh iwak banyak, lan dinane
wektu iku kebeneran dina Setu Paing. Utusan Tumenggung kang dhisik kang kautus merjaya
Bupati Wirasaba nalika diceluk dening utusan mburine kanthi tangane menehi isarat supaya
diurungake nanging panampane dikira cepet – cepet diperjaya, mula bareng tekan pasanggrahan
weruh kudha dicancang pirang – pirang pandhugane mesthi Bupati Wirasaba ana kene.
Temenan, bareng utusan kang sepisan lumebu, ngerti menawa Bupati Wirasaba lagi dhahar,
mula ditubles saka mburi, kang wusanane tiba karo sesambat. Nanging utusan kaping pindho uga
enggal lumebu kang kaget barang ngerti menawa Bupati Wirasaba wis adus getih merga
kecubles nganggo keris saka mburi. Mula utusan kang keri banjur maido marang utusan kang
dhisit, utusan kang dhisit uga ora gelem disalahaken marga weruh tangan utusan kang keri
kumlawe diarani kon cepet.

Wektu iku Raden Tumenggung rahutomo isih bisa ngendhika mula sedurunge seda esih
bisa paring wewaler marang putrawayah, sarta menging utusan supaya aja padha paido –
paidonan, amarga kabeh ora salah lan kabeh ngemban dhawuhe gusti. Raden Tumenggung
Rahutomo uga paring wewaler marang putra wayah yakuwe kabeh anak putuku tedah Banyumas
poma dipoma aja nganti lelungan dina Setu Paing, kejaba iku ora kena gawe umah awujud bale
malang, ora kena dhahar iwak banyak, ora kena nunggang jaran dhawuk pancal panggung lan ora
kena nganggo jarit parang rusak barong. Sapa sing nerak wewaler kasebut bakal nemoni apes.
Barang wis rampung paring piweling banjur seda. Mayite digawa bali ing Wirasaba lan
disarekaken ing pesarean Gumelem. Utusan loro mau banjur mulih. Dene Raden Rara Sukartinah
banjur sida dadi garwane sinuwun. Lan piweling iku nganti saiki isih dipercaya karo masarakat
kono.

Tuladha 2

Wewaler Nglangkahi Gamelan

Nalika wonten kanca ingkang taken, “Kenapa tidak boleh melangkahi gamelan ?” radi
ewuh anggen kula badhe wangsulan. Awit, tamtunipun panjenengan sedaya ingkang sampun
sami priksa bilih kaprahipun para sepuh rumiyin menawi paring pitedah menika asring mawi
cara ingkang boten wantah. Kalebet nalika kula piyambak nampi wanti – wanti saking simbah
menggah awisan nglangkahi gamelan. Simbah namung ngendika, “ora ilok.’ Nalika kula suwuni
priksa menapa sebabipun dene ngantos boten dipun keparengaken ngalngkahi gamelan.

Ing wekdal candhakipun, nalika kepanggih kaliyan kanca ingkang kula anggep langkung
mangertos bab kabudayan, pitakenan “ Kenging menapa boten dipunkeparengaken nglangkahi
gamelan ? “menika gantos kula suwunaken priksa dhumateng piyambakipun. Sareng nampi
pitakenan kula kala wau, jebul piyambakipun boten mbetahaken wekdal kangge bingung kados
dene kula nalika nampi pitakenan ingkang sami. “ yen dudu awake dhewek sing ngeman,
ngopeni, lan ngajeni, njur sapa sing arep gelem ngrumat gamelan?” mekaten wangsulanipun.

Sapunika sampun radi enteng. Liripun, sampun wonten pancadan kangge suka wangsulan
dhumateng sok sintena ingkang taken bab wewaler ingkang karembag ing nginggil. Menawi
dipun nalar, mila inggih leres. Sinten ingkang badhe seguh nguri – uri menawi sanes
panjenengan lan kula? Sinaosa namung sok nglangkahi, menika sampun saged kagolong
tumindhak ingkang nedhahaken dhumateng akathah, bilih panjenengan lan kula tetela sampun
boten eman dhateng bendha gadhahhanipun piyambak.

Mangka, kaprahipun, panjenengan lan kula menika asring nesu, gela, mangkel, kepara
ngundhamana, punika wonten tiyang ingkang kumawantun nyenggol barang ingkang sanes
gadhahipun. Tuladhanipun, nembe pacaran, dereng dados semahipun kemawon, menawi
dipunlirik tiyang sanes, kepeksa mencak – mencak, menapa malih menawi dipunjawil. Boten
klentu menawi wonten unen – unen “sadumuk bathuk sanyari bumi”.

Dados, menawi saking nalar kula, wewaler bab nglangkahi gamelan punika mboten
jalaran menawi dipunterak, lajeng badhe murugaken sesakit utawi kadhawuhan walat/bebendu.
Nanging, langkung nandhesaken bilih tatakrama menika boten cekap dipunwucalaken mawi cara
lesan.

Mucal tatakrama menika inggih kedah mawi tuladha ingkang awujud tumindhak.
Sampun ngantos namung saged prentah supados sedaya tiyang menika nggadhahi tatakrama. Ugi
sampun ngantos namung purun nglepataken asanes ingkang boten gadhah tatakrama. Nanging
kedah saged suka tuladha, kados pundi caranipun ngajeni dhiri pribadi. Mbok menawi
pemanggih menika wonten leresipun. Mugi – mugi.

Budaya Gugon Tuhon Wonten ing Masarakat Jawa.


Gugon tuhon punika salah satunggaling kabudayan Jawi ingkang awujud pitutur luhur.
Pitutr punika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud
menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kanthi ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh
dhumateng putranipun. Wontening gugon tuhon yakuwe kapercayan tiyang jawi dhumateng
sawenehing bab utawa prakawis mboten tinemu nalar.

Tumrape wong Jawa kang percaya utawa ngandhel tansah gadhah raos was sumelang
menawi mboten saged nyranani utawi nyembadani perkawis kang dipunanggep mbebayani
punika. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang benten babagan gugon tuhon, amargi
gugon tuhon kemawon wujudipun werni – werni.

Jinising gugon tuhon ugi boten namung satunggal. Wujudipun gugon tuhon saged awujud
tembang, parikan, geguritan, ugi pitutur menapa kemawon. Wonten ing masarakat Jawa
nyawisaken bilih etika dipundadosaken salah satunggaling tonggak menawi tiyang Jawi saged
dipunwastani tiyang Jawa ingkang satuhu utawi tenan tiyang Jawi. Ingkang dados tandha bilih
tiyang Jawi mangetos punapa babagan etika Jawa. Wujud etika menika salah satunggaling
kabudayan ingkang sampun dipunwucalaken dhumateng putra wayah. Ingkang dipunparingaken
dhumateng putra wayah kanthi cara punapa kemawon. Saged awujud cerita, peninggalan/tilaran,
tembung, Lsp. Salah satunggaling wujud kabudayan kagem paring wucalan babagan etika Jawa
awujud gugon tuhon.

Gugon tuhon, utawi ingkang asring dipunsebat pamali, salah satunggaling budaya
wewarah dhumateng tiyang Jawi. Gugon tuhon menika saged kagem wulangan saking tiyang
sepuh dhumateng putranipun, utawi para guru dhumateng siswa – siswinipu. Gugon tuhon
punika awujud pitutur ingkang mboten pantes menawi dipuntindakaken wonten teng gesang
bebrayan, ugi saged ndadosaken cilaka dhumateng sinten kemawon ingkang nglanggar wewarah
sakig pitutur gugon tuhon menika. Awit saking punika para putra kedah nyingkiri punapa
ingkang sampun dipunparingaken wonten ing gugon tuhon menika, meski kadang ugi mboten
saged dipun nalar penggalih kita.

Gugon tuhon utawi wewarah punika kathah ingkang dipunparingaken dhumateng para
putra mawi langsung lisan utawi pitutur kemawon, utawi saged awujud cerita, legenda, tembang,
ugi menapa kemawon. Kathah cariyos ingkang mratelakaken babagan gugon tuhon. Biyasane
gugon tuhon menika ingkang wonten teng cariyos bakal dipatuhi dening masarakat. Sinaosa
kathah cariyos utawi pitutur ingkang mboten mlebet akal penggalih kita. Nanging punika salah
satunggaling wujud kearifan lokal ingkang kedah dipunlestantunaken.

Dene tembung gugon tuhon asalipun saking tembung Gugu dene Tuhon asale saka
tembung Tuhu. Bilih gugon tuhon menika kedah disingkiri kanthi satuhu. Sinten kemawon
ingkang boten sarujuk kaliyan wewarah menika saged nemu kacikanan. Kathah sanget gugon
tuhon wonten ing masarakat jawi menika ingkang ginanipun kagem caos pitutur babagan etika
tiyang Jawi wonten ing gesanging bebrayan.
Gugon tuhon dibedakna dadi 3 perangan, yakuwe :
1. Gugon tuhon salugu.
Bocah kang dadi paragane bethara kala. Manut dedongengan yakuwe bocah sukerta.
Manut kapercayan biasane waluya lan lestari uripe, kudu diruwat sarana
ditanggapaken wayang lakon “Amurwa kala”
Tuladha bocah sukerta :
 Kendhana – kendhini
 Sendhang kapit pancuran
 Pancuran kapit sendhang
 Pandawa lima
 Uger – uger lawang, lsp
2. Gugon tuhon isi wasita sinandi.
Pitutur kang ora kena dilairaken kanthi melok/dikandhakaken kanthi semesthine. Sing
akeh – akehe nganggo tembung ora ilok, kang satemene ora becik.
Tuladha gugon tuhon isi wasita sinandi yakuwe :
 Aja ngidohi sumur, mundhak suwing lambene. Tegese idoh kang tumiba ing
sumur bisa njalari regede banyu, luwih – luwih idohe wong kang duwe lelara
nular.
 Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen. Bantal kuwe ganjel sirah, upama
digawe ganjel bokong mesthi bae saru utawa ora becik.
 Aja lenggah neng ngarep lawang mbok dadi prawan tuwa. Tegese lenggah neng
ngarep lawang kuwe ngel – ngeli wong arep liwat, luwih – luwih wong sing arep
liwat nggawa wedang panas mengko mbok kesiram malah dadi cilaka utawa
cidra.
3. Gugon tuhon kalebu wewaler.
Yakuwe kalebu wewaler saka sabdane utawa pangandhikane leluhur/wong kang dadi
bakal ing babagan iku.
Tuladha : Wong ing Banyumas ora kena lelungan dina setu paing. Wong – wong ing
Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina Setu Paing. Wonten kathah
wujudipun gugon tuhon, salah satunggaling awujud cariyos gugon tuhon masarakat
ingkang boten pareng tindakan mawi dinten Setu Paing. Gugon tuhon punika saking
Adipati Banyumas ingkang kalah wonten ing perang pajang ing dinten Setu Paing.
Wonten ing tradisi Jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawa
kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih
sakderengipun Adipati Bnayumas seda, panjenenganipun paring wewaler yakuwe :
ora kena lelungan ing dina setu paing, ora kena mangan daging banyak, wewaler
punika salah satunggaling gugon tuhon ingkang digugu dening masarakat Banyumas
ngantos dinten punika.

C. PENJELASAN MATERI
Manungsa urip ing ngalam donya iki ora bisa adoh saka budaya luhur kang wus
run – temurun. Salah sawijining budaya kang dianut lan minagka dhasar panguripan ing
bebrayan agung yakuwe wong urip kudu anut marang pitutur lan pangandhikaning para
sesepuh. Pangandhikan lan pitutur kuwe awujud wewaler, sanepa, pralambang, lan
sapiturute. Mligi babagan wewaler iku lumrahe dingendhikakaen langsung nanging uga
lumantar sasmita. Tuladhane dadi wong wadon yen mangan aja ning tengah lawang
mundhak ora ilok. Andharan iku ngemu karep saliyane ora patut uga maringi pangerten
supaya anggone mangan ora katunjang wong liwat amarga mangane ning tegah lawang.
Tuladha liyane nek liwat kuburan utawa papan sing kaanggep sakral kudu uluk salam.
Pratelan kuwe ora mung mligi nganggep papan kuwe ana sing nunggu utawa ana
dhemite, nanging nuturi supaya anggone mlaku ngati – ati, lan sanajan ing kuburan iku
papan wong sing wis mati becike tetep diurmati.

Minangka anak sakmesthine duwe rasa urmat marang wong tuwa kaya dene
wewalere wong “aja sira wani marang wong tuwa nira, jalaran sira bakal kena bendu
saka kang murbeg dumadi”. Saka amdharan iku bisa dimangerteni menawa kanggone
wong Jawa, wong tuwa iku utama ateges kudu diajeni, diurmati kanthi gelem ngajeni lan
ngurmati ateges diarani anak sing bekti. Menawa matur ana sangarepe wong tuwa
prayogane kudu nganggo basa kang alus lan kepenak dirungokna, yen mesthine nganggo
basa krama. Aja pisan – pisan wani marang wong tuwa amarga wani marang wong tuwa
iku bisa diarani anak kang durhaka lan bisa kuwalat. Panganggepe wong Jawa wong tuwa
kang nandhang tatu atine amarga saka tumindak durhaka anake, apa kang kewetu saka
pangucape bisa malati tumrap anak.

Sajroning urip bebrayan prayogane aja sira mulang gething marang liyan,
jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis – uwise. Saka wewaler
kasebut bisa dimagertei menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi bae. Ana ing
sekolahan minagka bocah sekolah sejatine aja nganti ana rasa gething, anyel, lan cubria
marang kancane, amarga kanthi kawetuning rasa kang kaya mengkono kuwe mau bisa
njalari cecongkrahan marang kancane dhewek. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun,
padha urmat lan ngurmati. Ana ing urip bebrayan prayogane aja lali marang ngelmu
kang karya tentreming ati, jalaran kuwe bisa gawe tentreming bebrayan. Saka andharan
kasebut bisa dimangerteni menawa elmu kuwe wigati kanggo gawe ati dadi ayem lan
tentrem kanthi ati kang tentrem mesthine bakal ndadekaken.

Mula saka iku, wong kang nuhoni lan mituhu marang pangandikane para leluhur
anggone nglakoni urip bakal tumata lair lan batine. Saliyane iku, awake dhewek uga
bakal lumaku kanthi tata susila kang ora gawe kapitunaning liyan, lan uga bisa
ngrasakaken kepeak ing sapapan – ppan. Amarga apa kang ditindakaken tansah nganggo
tetimbangan becik lan alane, utawa tuna lan bathine.
Saka andharan kasebut, ing wulangan iki para siswa bakal nyinau ngenani
wewaler luhur kang tundhone ndadekaken tindak utama. Para siswa uga diancas supaya
bisa mangerteni lan mahami wewaler luhurkang wus diparingaken dening para leluhur.

D. SAJIAN CONTOH
Wangsulana pitakonan neng ngisor kiye kanthi titi premati !
1. Sekang tuladha artikel “ Lelungan Setu Paing “ goleti.
a. Wewaler bab apa sing dijlentrehaken ana artikel” Lelungan Setu Paing” ?
b. Sapa bae paragane ?
c. Kenang apa ora kena lelungan dina Setu paing ?
d. Apa kowe esih nggugu karo wewaler “Lelungan Setu Paing”? Jlentrehna ?
e. Nilai – nilai apa bae sing kakandhut teng teks “Lelungan Setu Paing”?
f. Amanat apa sing bisa dijiyot sekang teks kasebut ?
2. Apa tegese gugon tuhon neng ngisor kiye !
a. Aja ngecungi kuburan, mbok jenthike puther.
b. Aja nyapu wengi – wengi, mbok ditekani kunthi
c. Aja lunga mangsan mahrib, mbok di gawa kelong
d. Aja lunga bedhug – bedhug mbok ana setan ngibing
e. Nek madang kudu enthong, mbok pitike mati

Wangsulan.
1. Wangsulan artikel “ Lelungan Setu Paing”
a. Wewaler kang di jlentrehna ana ing artikel kasebut yakuwe :
 Aja lelungan dina Setu Paing
 Ora kena gawe umah wujud bale malang
 Ora kena dhahar iwak banyak (angsa)
 Ora kena nunggang jaran dhawuk pancal panggung
 Ora ken nganggo jarit parang rusak barong
b. Paraga kang ana neng artikel kasebut yakuwe :
 Raden Tumenggung Rahutomo
 Bupati Wirasaba
 Raden Rara Sukartinah
 Ki Demang Toyareka
 Punggawa 1
 Punggawa 2
 Permaisuri
c. Ora kena lelungan ing dina Setu Paing amarga Gugon tuhon punika saking Adipati
Banyumas ingkang kalah wonten ing perang pajang ing dinten Setu Paing. Wonten
ing tradisi Jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawa kedah
dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih sakderengipun
Adipati Banyumas seda, panjenenganipun paring wewaler yakuwe : ora kena
lelungan ing dina setu paing, ora kena mangan daging banyak, wewaler punika salah
satunggaling gugon tuhon ingkang digugu dening masarakat Banyumas ngantos
dinten punika.
d. Wewaler lelungan ing dina Setu Paing miturut kula minangka gesang teng jaman
modern sampun mboten dipun angge malih, amargi sedaya dinten punika sae, miturut
agama Islam nggih kados niku sedaya dinten panci sae, ingkang wigati kita menawi
badhe kesah teng pundi kemawon kedah ngatos – atos, sampun ngatos – atos koh
kanyatan manggihi kacilakan mawon nggih menika kersane Gusti Alloh. Kita
namung nggadhahi rencana, nanging pati saha gesang, cilaka saha raharja punika
Gusti Alloh ingkang langkung mangertos.
e. Nilai – nilai ingkang kakandhut teng wewaler kasebut inggih punika
 Nilai sosial : bilih menawi badhe nindhakaken rencana napa kemawon kedah
dipun rempag rumiyin supados mboten manggihi kacilakan.
 Nilai agama : bilih kita punika mboten pareng sirik menawi wonten tangga
tepalih kita langkung sukses tinimbang kita. Malah kita kedah tumut bingah
menawi tangga tepalih kita pikantuk bebungah.
f. Amanat / pitutur kang bisa dipunpendhet saking artikel teng inggil inggih punika
 Menawi badhe nindhakaken napa kemawon kedah dipunpenggalih rumiyin,
kedah dipunrembag ampun saking kasil keputusan piyambak.
 Dhumateng tangga tepalih kedah ingkang akur, ampun sami sirik
 Menawi badhe tindhakakan kedah ngatos – atos ampun sembrana.

2. Tegese gugon tuhon teng andhap inggih punika


a. Aja ngecungi kuburan, mbok jenthike puther.
Tegese kita gesang teng alam dunya kedah ngertos tatakrama saha unggah – ungguh,
tuldhane kuburan panggenanipun tiyang seda mawon mboten pareng cang – cung
amargi mboten sopan.
b. Aja nyapu wengi – wengi, mbok ditekani kunthi
Tegese menawi nyapu ndalu – ndalu punika mboten utawi kirang bersih amargi mboten
ketingal kanthi cetha uwuh ingkang dipunsapu sampun kesapu sedaya menapa dereng
amargi nyapunipun ndalu – ndalu.
c. Aja lunga mangsan mahrib, mbok di gawa kelong
Tegese menawi maghrib – maghrib punika wayahipun sholat menawi tindhakan wayah
maghrib mbok ngantos mboten sholat maghrib, amargi sholat 5 wektu punika hukume
wajib, menawi mboten nindakaken hukume dosa.
d. Aja lunga bedhug – bedhug mbok ana setan ngibing
Tegese menawi bedug - bedug punika wayahipun sholat duhur menawi tindhakan
wayah bedug mbok ngantos mboten sholat duhur, amargi sholat 5 wektu punika
hukume wajib, menawi mboten nindakaken hukume dosa.
e. Nek madang kudu enthong, mbok pitike mati
Tegese menawi dahar mboten telas dados mubadir, eman – eman, kathah tiyang ingkang
kirang anggenipun dahar amargi mboten gadheh arto.

E. LATIHAN CONTOH
Wangsulana pitakonan neng ngisor kiye !
1. Sekang tuladha artikel “ WEWALER NGLANGKAHI GAMELAN “ goleti.
a. Wewaler bab apa sing dijlentrehaken ana artikel kasebut?
b. Kenang apa ora kena ngalngkahi gamelan ?
c. Apa kowe esih nggugu karo wewaler kasebut ?
d. Nilai – nilai apa bae sing kakandhut teng wewaler kasebut ?
e. Amanat apa sing bisa dijiyot sekang wewaler kasebut ?
3. Apa tegese gugon tuhon neng ngisor kiye !
a. Aja nyisiri rambut wengi, wengi, ora ilok.
b. Aja nangis – nangisan, mok ditekani setan.
c. Aja ngethoki kuku wengi – wengi, mbok dadi kuku kunthi.
d. Aja uncang – uncang, mbok sikile kecathek ula.
e. Aja madang disangga, mbok mangane direwangi setan.

Anda mungkin juga menyukai