Anda di halaman 1dari 5

KEKASIH SUTRESNAKU

Oleh: Hefi Rahayu

Binareng kembeng-kembeng waspa ing mripat

Dak sawang urubing dahana tansah mbulat


Ngupaya nylamur pangeling-eling ngegla ing dada
Sarimbit karo sliramu kang saiki datan ana

Saiki aku amung ijen dhewe tanpa kanca

Ing satengahe urip kang sepi nalangsa


Dhewekan, tanpa sliramu ing sisihku
Dhuh, larane rasa atiku
Aku mbok tinggal lunga
Panangisku ijen jroning sungkawa

Saptasa dina aku isih brangti

Ing sawalike lawang kamarku sepi


Kelingan prastawa endah tansah sesandingan sliramu
Lelakon kawuri bebarengan karo aku
Arep daksimpen jroning kalbu
Kekasih sutresnaku

Pocapan pepisahan kumecap ing lathiku


Muga-muga ngirid langkahmu ing papan katuju

UNSUR-UNSUR INSTRINSIK

Tema = katresnan
Rasa = sedhih, kangen
Lagu = kangen, sedhihswasana = sedhih
Diksi=
Dahana = geni
Sungkawa = sedhih
Brangti = kelingan
Kalbu = ati

Purwakanthi:
Kembeng-kembeng
Pengeling eling
GEGURITAN TEMA SEKOLAH
Sekolahanku
(Geguritan.com)

Sekolahanku ….
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku …
Diwulang dening Bapak-ibu Guru

Sekolahanku ….
Sinau, maca buku
Ing Panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei


Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya …

Sanajan abot kudu dilakoni


Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari

penjelasan : geguritan “sekolahanku” ing duwur nyritakake’ sekolah kuwi


panggonane nuntut ilmu.ing sekolah di wuruk’i ilmu sing manfaat. sakliyane kuwi
geguritan iki ugo ngambarake para guru ugo muruk’i kita yoknopo carane
menghormati sing luwih tua lan sapodo-podo.
Amanat : sing kadudut saka geguritan ing dhuwur,kita dadi murid kudu manut
marang guru lan wong sing luwih tuwo.sergep sinau supaya bisa nggayuh cita-cita lan
dadi wong sing manfaat kanggo nusa lan bangsa.
GEGURITAN TEMA IBU
Anggerku
(Yanik Agus Setyaningsih)

Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,

Uripku kebak kaluputan


Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngge

Kepengin crita wae,


Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung

Kabeh ki nyatane ngapusi


Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung

Penjelasan : Geguritan" Anggerku " ngandhut raos saka ibu sing boros kedeningan
akbiologi dhewe . Ceritane saka ibu sing njaluk ngapura amarga rumangsa ora bisa
dadi ibu apik lan sampurna Piyambakipun rumaoso rabisa nyenengake putranipun..

Amanat : sawong ibu rumangsakne menawa uripe nglakoke akeh kaluputan marang
anak lanange, rumangsa uripe sarwa salah. lagekne sang ibu wis nglakoke
samubarange sing paling becik marang anak lanange. ning sang anak nganggep ibuke
sanuli salah
GEGURITAN TEMA GURU
Sertifikasi Guru
(Aris Irianti)

Sertifikasi Guru …
Kabeh wong wis padha krungu
Apa maneh ana kalangan guru
Nanging … kanthi sertifikasi guru mau
Apa bocah-bocah banjur mituhu

Ora wani karo Guru


Mugiya kanthi sertifikasi iki
Para siswa tambah bekti
Sinau ana sekolah kang mligi
Mantep, karep sajroning ati

Kanthi sertifikasi guru iki


Para guru ana kang ndaftar haji
Uga akeh kang tuku mersi
Nanging kang utama
Kanthi sertifikasi guru iki
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang Ibu Pertiwi
Lan marang kang gawe urip pati

Penjelasan : Geguritan " Sertifikasi Guru" Ceritane ngendi guru bisa diwenehi


tunjangan kanggo kaji , tuku mobil , lan tujuan liyane . Ana unsur liyane sing iku,
antarane sing Sertifikasi Guru kang tujuanne  kanggo nggawe guru profesional .
Nanging , iki keuntungan tinimbang digunakake kanggo tujuan liyane .

Amanat : Kanthi sertifikasi guru iki sing di utamake para guru yaiku siswa-siswine
supaya tambah prestasi lan ngamalake ilmune supaya bisa migunani kanggo bangsa
lan negara.
Guruku
( Sutapa, W.R )

wingi nalika sikil iki


tumapak sandhuwure bumi
durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka
alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher!

lumakuning srengenge wis ganti


panyawangku dadi padhang
terawangan
rasaku sangsaya …
ora bisa dakgambarake
sih tresnamu nabet njanget
sajroning atiku

lamun tanpa panjenengan


bisa apa aku nepaki bumi iki ?
leladimu marang aku
ora timbang karo piwalesku

bu guru, pak guru


jangkahku isih adoh
uripku isih nyamut-nyamut
sethithik setetes bun esuk
iku wis cukup
tinimbang banyu sekendhi
marakake ati mati

lepasen lakuku
lilakna labuh labetmu
dakumbare gagasanku
sedyaku kasembadan
donga pangestumu
nuntun marganing sedyaku

penjelasan : Geguritan “guruku “ ing duwur nyritakake’ matursuwun sanget marang


guru sing wis ndidik lan muruk’i tanpa tanda jasa
amanat : Ing njerone geguritan kuwi nyitakake’ jasane guru iku gedhe,muruki kita
saka ora bisa maca nganti bisa maca, saka ora bisa nulis nganti bisa nulis, saka ora
bisa nulis nganti bisa nulis,nganti saiki bisa nglakoni iku kabeh

Anda mungkin juga menyukai