Anda di halaman 1dari 47

WACANA EKSPOSISI

BABAGAN
GAMELAN
WACANA EKSPOSISI
 Wacana eksposisi yaiku wacana kang
njlentrehake/medharake sawijining bab kanggo
pamaos, supaya pamaos olehinformasi kang genep
babagan sawijining objek, sabanjure pangreten
pamaos bisa mundhak.
 Wacan eksposisi sifate menehi pangerten,
ngonceki, aweh pamrayoga utawa ngandharake
sawijining bab.
Bab Kang dijlentrhake ing
karangan/wacana Eksposisi:
 Data Faktual, yaiku kahanan nyata, ana lan sifate
historis.
 Analisis/penafsiran objektif marang saprangkat
fakta.
 Fakta ngenai pawongan kang cekelan kenceng
marang sawijining keyakinan.
Perangan kang kudu kamot ing wacana
eksposisi:
 Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan.
 Mrelokake fakta kang dikuwatake utawa
dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik,
organigram, gambar, lsp.
 Mrelokake analisis lan sintesis nalika ngoceki
bahan lan fakta.
 Nggoleki sumber ide saka pengalaman,
pengamatan, sikap lan keyakinan.
Pathokan panulise Eksposisi
 Eksposisi iku nyrthakake/nlentrehake sawijining
pokok prastawa
 Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi,
ndayani sikap lan panemune pamaos
 Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake
 Basa eksposisi minangka basa pawarta ranpa rasa
subjektif lan emosional.
 Fakta mung digunakake kanggo piranti konkritisasi
supaya tambah cetha, ora dadi bahan pambuktiane.
Lajengipun ...

 Fakta mung digunakake kanggo piranti


konkritisasi supaya tambah cetha, ora dadi bahan
pambuktiane.
 Eksposisi ngupaya njembarake pamawas lan
pangretene pamaos marang objek kang dirembug.
 Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang
diandharake.
 Panulisbeksposisi kudu prigel nganalisis prastawa
kanthi cetha lan konkret.
Gamelan Jawa ?
Gamelan jawa yaiku seperangkat alat musik khas
jawa kang ditemurunake saka generasi marang
generasi. Gamelan bisaditemokake ing Jawa
Tengah lan Yogyakarta. Musike lembut lan
nggambarake keselarasan urip, kanggo prinsip
urip kang diadopsi dening masyarakat jawa
umume. Alat iki diunikake kanthi bebarengan.
Saengga menawa salah siji instrument ora
diunikake bakal ngasilake swara kang beda.
Sejarah Kesenian Jawa
Sejarah Kesenian Gamelan Jawa- salah sawijine kekayaan
budaya Indonesia kang misuwur ing bidang musik yaiku seni
gamelan. Gamelan akeh ditemokake ing pirang-pirang wilayah
Indonesia. Musik gamelan ana ing Pulau Jawa, Madura, Bali,
lan Lombok. Varian alat musik kang digunakake beda-beda
saka jeneng utawa wujud.

Sejarah Kesenian Gamelan Jawa


Gamelan yaiku seperangkat alat musik kanthi nada pentatonis,
kang kasusun saka : Kendang, Bonang, Bonang Penerus,
Demung, Saron, Peking (Gamelan), Kenong & Kethuk,
Slenthem, Gender, Gong, Gambang, Rebab,, Siter, Suling.
Komponen utama alat musik gamelan yaiku : pring, logam, lan
kayu. Saben alat nduweni piguna dhewe-dhewe ing pagelaran
musik gamelan.
Tembung Gamelan asale saka basa Jawa “gamel”
kang tegese mentung /nabuh, diowahi akhiran “an”
kang dasosake ukara benda. Istilah gamelan
nduweni teges setunggal kesatuan alat musik kang
diuniekake kanthi bebarengan.

Kanggo masyarakat Jawa mligine, gamelan dadi


barang kang lumrah ing panguripan saben dinane.
Tegese, masyarakat paham banget kang disebut
gamelan utawa saperangkat gamelan. Masyarakat
wis kenal istilah 'gamelan', 'karawitan', utawa
'gangsa'. Mula prayogane uga ngerti kepriye
sejarah gamelan iku dhewe, wiwit kapan gamelan
ana ing Jawa ?.
Wiwitane, alat musik instrumen gamelan digawe
adhedhasar relief kang ana ing Candi Borobudur ing
abad 8. ing relief candi kasebut, ana sawetara alat
musik kang kasusun saka kendhang, suling, kecapi,
dawai kang digesek lan dipetik, sarta lonceng.

Wiwit iku, alat musik kasebut didadekake kanggo


alat musik ing alunan musik gamelan jawa. Alat
musik kang ana ing relief Candi Borobudur kasebut
digunakake kanggo ngunekake gamelan. ing jaman
pengaruh budaya Hindu-Budha ing Kraton
Majapahit, gamelan dikenalake marang masyarakat
Jawa ing Kraton Majapahit.
Miturut mitologi Jawa, gamelan dianggit dening Sang
Hyang Guru pas Era Saka. Sawijine dewa kang
nguwasani tanah Jawa, kang ngedhaton ing kraton
gunung Mahendra ing daerah Medangkamulan (saiki
Gunung Lawu). Alat musik gamelan kang Kapisan
dianggit yaiku “gong”, kang digunakake kanggo ngundang
para dewa. Sawise iku, kanggo nglantarake piweling,
Sang Hyang Guru uga nganggit peralatan liyane gong,
nganthi pungkasane awujud saperangkat gamelan.

ing jaman Majapahit, alat musik gamelan ngalami


perkembangan kang apik nganti dadi kaya kang saiki lan
sumebar ing pirang-pirang daherah kayata Bali, lan
Sunda (Jawa Barat).
Bukti otentik kaping kapisan babagan papan gamelan
ditemokake ing Candi Borobudur, Magelang Jawa Tengah
kang dibangun nalika abad 8. Ing reliefe katon gambar
peralatan kayatai suling, lonceng, kendhang sawernane
ukuran, kecapi, alat musik dawai kang digesek lan dipetik,
kalebu sethithik gambaran babagan elemen alat musik logam.
Ing perkembangan sabanjure, gamelan digunakake kanggo
pangiring ing pagelaran wayang lan beksan (tarian). Nganti
pungkasane kanggo musik kang mligi lan dilengkapi swuara
para sinden.

Gamelan kang ngrembaka ing Jawa Tengah, rada beda


Gamelan Bali utawa Gamelan Sunda. Gamelan Jawa nduweni
nada kang luwih alus menawi dibandingake kaliyan Gamelan
Bali kang rancak serta Gamelan Sunda kang didominasi swara
suling. Miturut sawetara peneliten, bedane amarga saka
pengungkapan marang pandangan hidup “wong jawa” umume.
Werna-wernane Jinis Gamelan:
Ing ngisor iki jinis gamelan kang dikenal ing jaman saiki
inggih menika :
1. Gamelan klenengan (Solo) utawa Uyon-uyon
(Yogyakarta). Gamelan jinis iki kasusun saka alat musik,
penyanyi/waranggana, gerong (penyanyi juga), nanging
ora nganggo tarian.
2. Gamelan kangge gending boning (Solo) utawa gendhing
soran (Yogyakarta). Ing gamelan jinis iki mung ana
sawetara instrumen kang ora diueikake, kayata rebab.
3. Gamelan sekaten. Jinis gamelan iki luwih gedhe saka
gendhing soran. Gamelan seketan mung diunekake nalika
ana adicara sekaten ing Dina Riyaya Maulud Nabi ing
Yogya lan Solo.
Jeneng-Jeneng Instrumen Jawa
1. Rebab
a. Rebab Plonthang
b. Rebab Byur ( Kresna )
c. Rebab Baladewa
2. Gender
a. Gender Barung
b. Gender Penerus
3. Bonang
a. Bonang Barung
b. Bonang Penerus
4. Slenthem
5. Demung
a. Demung 1
b. Demung 2
6. Saron Barung
a. Saron Barung
b. Saron barung
7. Saron Penerus ( Peking )
8. Kendhang
a. Kendhang Besar ( Bem )
b. Kendhang Sabet
c. Kendhang Ciblon
d. Kendhang ketipung
9. Kenong
10. Kethuk
11. Kempyang
12. Kempul
13. Gong
a. Gong Besar (Ageng )
b. Gong Kecil ( Suwukan ) Nada 2
c. Gong Kecil ( Suwukan ) Nada 3
14. Suling
15. Siter
16. Clempung
17. Gambang
18. Kemanak
19. Kecer
20. Bedhug
Panjelasan
1) REBAB, yaiku alat gamelan jawa kang duweni dawai,
cara ngunekake kanthi digesek kayadene biola ing
instrument Kulon. Alat iki ing komposisi gamelan kalebu
tetabuh kang alus lan mligi ing nada utawa panggunaane.
Piguna dideleng saka tembunge, tembung rebab kang
kasusun saka rong wanda yaiku “Re” lan “Bab”. Re tegese
mbalik, pergantian utawa mbaleni. Nanging Bab tegese
masalah utawa swasana.
Saengga rebab ditegesi pergantian masalah, pergantian
swasana. Ing gamelan Jawa rebab nduweni piguna kanggo
miwiti gendhing utawa tembang. Uga nduweni piguna
kanggo penguat utawa raga gamelan.
(REBAB)
2) GENDER, yaiku jeneng instrument gamelan jawa
kang kasusun saka 14 nganti 15 wilah. Wilah–wilah
kasebut digantung jejer kanthi urut nadhane nganggo
tali ing ngisore disusun jejer uga bumbung kang gunane
kangge wadah kumandhange swara (gema).
Alat iki kalebu tetabuhan kang alus, sanajan digawe
saka logam.
Cara ngunekake nganggo tangan loro migunakake alat
thuthuk kang digawe saka kayu lan perangan pinggire
dilambari gombal utawa karet, supaya swara kang
diasilake nduweni kesan empuk.
Gunane kanggo gawe endah tembang pokok minangka
variasi, kanggo pambuka ing gendhing tinamtu.
(GENDER)
3) BONANG, yaiku instrument gamelan kang butuh panggonan
jembar. Alat iki kalebu tetabuhan kasar saka logam. Kanggo
saperangkat gamelan jawa cacahe ana 14 iji. Karakit saka
sepasang Bonang Barung lan Bonang Penerus pelog lan
slendro.
Keisimewaan bonang yaiku bisa digunakake kanggo sawernane
gendhing, ing irama sora/banter, alus/alon.
Dideleng saka sejarahe tembung bonang saka tembung “nong-
nang” padha karo unine. Tembung “Nong” tegese nuduhake
arah nong kana. Uga nang kene. Saengga nong-nang tegese
nuduhake nang kene-kana.
Gunane kanggo gawe endhahe tembang pokok, miwiti kangge
pambuka gendhing. Lan padha karo tembung asale “Nong-
Nang” digunakake utamane kangg panuduh arah, uga kanggo
pergantian marang gendhing liyane.
(BONANG)
4) SLENTHEM, saka tembung “seron” tegese
seru. Pada karo jenenge, saron kalebu alat
tetabuhan kasar kang digawe saka logam.
Arupa wilahan-wilahan perunggu kang disusun
jejer ing dhuwur kothak kayu kanggo wadah
kumandhange swara. Cacahe saron saben
saperangkat gamelan paling sethithik ana 8 iji.
karakit saka sepasang saron Demung, 2 pasang
saron Barung,lan sepasang saron Penerus.
Gunane kanggo tembang pokok kanthi
intensitas tabuhan luwih seru.
(SLENTEM)
5) KENDHANG, saka perangkat gamelan kang
paling dadi pusat kawigaten yaiku alat kang
disebut “kendhang”. Alat iki digawe kayadene
tabung, digawe saka kayu kanthi tutup tabung
saka kulit kewan. Cara ngunekake mgamggo driji
lan epek-epek (telapak tangan) kiwa lan tengen.
Saperangkat gamelan jawa nduweni 3 utawa 4
kang kendhang kang kasusun saka :
Kendhang Bem, sabet, ciblon dan ketipung.
Pigunane kang baku kanggo alat pengendali
(irama utawa dinamika).
(KENDANG)
6) KENONG, yaiku instrument gamelan Jawa
kang arupa canang kayata bonang,nanging luwih
gedhe. Cacahe ana 12, kasusun saka 5 kenong
slendro lan 7 kenong pelog.
Gunane kanggo ngunekake irama dhasar lan aweh
tekanan marang tembang.
(KENONG)
7) KETHUK, saemper bonang, cacahe 2
kanggo slendro lan pelog.
Lumrahe dibarengi alat kang jenenge
kempyang kang wujudeluwih cilik, cara nabuh
gentenan kethuk.
Gunane kanggo ngunekake irama dasar karo
uni selang seling kempyang – kethuk – kempul
– kenong lan gong.
(KETHUK)
8) KEMPUL, instrument gamelan jawa kang
nduweni ukuran rada gedhe dibandingake karo
liyane. Karakit saka pirang-pirang iji kang
gedhe –cilike ora padha karo dhuwur endhepe
nadha. Digantung ing gawangan kang digawe
saka kayu kang diarani Gayor.
Gunane kanggo penguat tembang pokok uga
kanggo pathokan gendhing.
(KEMPUL)
9) SULING, ing gamelan jawa suling kalebu
tetabuhan alus, digawe saka pring lan
diunekake kanthi disebul. Digunakake
kanthi mligi banget lan ora saben gendhing
migunakake swara suling.
Gunane kanggo gawe endhahe tembang
pokok.
(SULING)
10) GAMBANG, yaiku instrument gamelan
Jawa kang digawe saka kayu kang ditata jejer
ing dhuwur bak kayu kanggo wadah
kumandhange swara.
Gunane kangge gawe endahe tembang pokok
minangka variasine, uga kanggo ngiringi
sulukan.
(GAMBANG)
11)SITER lan CLEMPUNG, yaiku alat pethik
kang arupa segi papat kanthi ler-leran kawat
utawa dawai ing dhuwur kothak kayu kang
diwenehi bolongan swara. Siter nduweni
ukuran luwih cilik saka clempung.
Gunane kangg ngolah tembang pokok. Karo
swara liyane saka alat gamelan liyane, dadi siter
menehi kesan khusuk marang tembang utawa
gendhing.
(SITER)
(CLEMPUNG)
12) KEMANAK, wujude arupa gedhang,
kasusun saka 2 iji nada 7 lan 6.
Gunane kanggo gendhing tinamtu kanggo
tembang dhasar. Tuladha kanggo gendhing
bedayan lan kodhok ngorek.
(KEMANAK)
13) KECER, wujude kayadene lempengan
nanging ana pencone, kasusun saka 2 pasang
utawa luwih.
Gunane kangge gawe endahe tembang
supaya katon rame.
(KECER)
14) GONG, Gong (penyebutan wong jawa) utawa
nduweni jeneng liya Agong – gong asale saka
Vietnam. Taun 1930, bukti saka peninggalan asal usul
gong ditemokake ing daerah pinggiran Kali Desa Ma
provinsi Thanh Hoa, Vietnam Utara. Bukti kang
ditemokake kasebut awujud kendhang perunggu
(tutupe saka logam) kurang luwih umure 500 – 100
SM.

Gunane gong ing masyarakat Indonesia yaiku kanggo


perangan ing upacara keluarga, masyarakat, kraton,
lan keagamaan. Gong gunane dianggap kanggo
bandha/arta, mas kawin, pusaka, lambang status
kang kagungan, perangkat upacara, lan liyane. Gong
uga wis wiwit dikenal minangka alat musik.
(GONG)
Fungsi Gamelan Jawa
Gunane musik gamelan ing wiwitane yaiku kanggo :
1. Pangiring perang ( mardagga)
2. Pangiring upacara-upacara pengetan-pengetan
negara.
Ing perkembangane, music gamelan nduweni piguna
kanggo:
1.Ngiringi upacara-upacara adat kayata mantenan,
sunatan, pitung wulanan, lan liya-liyane.
2. ngiringi seni pagelaran kayata wayang wong,
wayang kulit, ludruk, tari lan liya-liyane.
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai