Anda di halaman 1dari 8

PASINAON 1

PUPUH GAMBUH SERAT WEDDHATAMA

Kompetensi Dasar

1.3 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh gambuh.

1.4 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Gambuh dan menulis, serta menyajikan syair tembang
Gambuh dengan bahasa sendiri.
Indikator

1. Mengidentifikasi struktur dan kaidah tembang Gambuh lisan maupun tulisan.

2. Menganalisis pitutur luhur tembang Gambuh lisan maupun tulisan.
3. Mengevaluasi relevansi dengan masa kini pitutur luhur tembang Gambuh lisan maupun tulisan.
4. Menginterpretasi pitutur luhur tembang Gambuh lisan maupun tulisan.
5. Memroduksi syair tembang Gambuh lisan maupun tulisan.
6. Menyajikan tembang Gambuh lisan maupun tulisan.

ANCAS

Sasampunipun nyinau Serat Weddhatama Pupuh Sinom kaajab para siswa saged mangertosi
pitutur luhur ingkang kamot ing Serat Wedhatama Pupuh Sinom, saengga wonten ewah-
ewahan ingkang langkung sae ing babagan pakarti, antawisipun : kritis, lembah manah,
andhap asor, sregep, jujur, kreatif, sabar, lan sanesipun.

Para siswa wis sinau macapat neng semester 1, 2, 3, uga neng tingkat SD lan SMP. Bakune sinau
macapat kudu ngerti guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Sinau nembang uga kudu ngerti titi
laras gamelan. Neng pasinaon kiye, ora mung sinau nembang Gambuh, nanging uga sinau
nggawe tembang Gambuh. Saliyane, uga sinau mangerteni isining tembang Gambuh supaya para
siswa bisa mangerteni pitutur luhur kang ana ing tembang Gambuh.

Sasampunipun nyinau Serat Weddhatama Pupuh Kinanthi kaajab para siswa saged mangertosi
pitutur luhur ingkang kamot ing Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi, saengga wonten ewah-
ewahan ingkang langkung sae ing babagan pakarti, antawisipun : kritis, lembah manah, andhap
asor, sregep, jujur, kreatif, sabar, lan sanesipun.

1. Macapat
Salah sijine asil kabudayan Jawa kang adi
luhung yakuwe tembang macapat. Macapat wis
wiwit ana ing jaman kuna makuna. Bibit kawite
bisa dirunut sekang anane Kekawin (sekang
tembung kawi = syair) lan Kidung kang
digunakaken para pujangga kanggo nulis karya
sastra ing jaman Majapahit (± tahun 1400 M).

Sanadyan macapat kuwe umure wis tuwa,

nanging wis "mbalung-sungsum" ana ing dhiri pribadhine wong Jawa, nganti saprene tembang
macapat esih tetep lestari. Tembang macapat sering digunakaken ing pewayangan, sindhenan,
klenengan, campursari, kethoprak, lsp.

Macapat kuwe diarani salah sawijining asil kabudayan kang adi luhung, amarga ing sajroning
tembang macapat mau pranyata akeh banget pitutur becik kang gedhe pigunane kanggo sangu
urip bebrayan. Upamane pitutur marang para putra, pitutur marang para wanita, ajaran moral,
sopan santun, unggah-ungguh, toleransi, dongeng, ajaran manembah marang Gusti Kang Maha
Kuwasa, seni budaya, lsp. Kabeh mau anjoge nuntun manungsa marang urip bebrayan kang
sarwa tentrem, tepa-slira lan padha ajen-ingajenan.

Kabeh ajaran mau akeh neng tembang macapat kang diwujudaken dadi pirang-pirang karya
sastra tulis. Upamane Serat Sana-sunu, Wulangreh, Wedhatama, Centhini, Cabolek, Candrarini,
Suluk Wujil, Darma Gandhul, Panitisastra, Sastra Cetha. lsp.

Macapat kuwe dhasare lugu ora kakehan eluk wilet apadene gregel, dene lakune utawa cak-
cakane nengenaken rasa, surasaning tembung kang kacetha ing gatra tembang. Mula sekang
kuwe pamedhoting tembung kudu cetha lan nggatekaken wutuhing tembung kang mengku surasa
utawa makna kang kamot ing tembang.

Sadurunge nembang perlu dimangerteni, lelagon utawa tembang macapat kuwe bisa
diarani endah lan kepenak dirungokaken manawa leres lan laras. Lire, diarani leres manawa
tembange pas guru gatra, guru wilangan lan guru lagune. Dene diarani laras manawa anggone
nglagokaken wis pas lan jumbuh karo titi laras gamelan Jawa.

Titi laras utawa notasi gamelan Jawa kuwe ana loro cacahe, yakuwe slendro lan pelog. Dene
carane maca :
1 2 3 5 6 1 (slendro)
Ji ro lu mo nem ji

1 2 3 4 5 6 7 1 (pelog)
Ji ro lu pat mo nem pi ji

Jinise tembang Macapat:

SEKAR GURU GURU WILANGAN GURU LAGU
MACAPAT GATRA

Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a

Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i, u

Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7,8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a

Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i

Asmaradana 7 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a

Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i

Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i

Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a

Pocung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a

Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o

Megatruh 4 12, 8, 8, 8 u, i, u, i, o

2. Wewatakaning Tembang Macapat

Sekar Macapat ing nduweni watak dhewek-dhewek, kaya ing ngisor kiye:

a. Mijil : Prihatin, mathuk kanggo carita kang ngemu rasa kasedhihan. Suka pitutur
kang melasasih, utawa kanggo gandrung.
b. Sinom : Canthas, ethes, prayoga kanggo aweh pitutur, sok uga kanggo gandrung.
c. Asmaradana : Sedhih, prihatin ing asmara. Mathuk kanggo carita kang sedhih lan
asmara.
d. Kinanthi : Seneng, tresna, mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa
katresnan.
e. Dhandhanggula : Ngresepake, luwes, mathuk kanggo nggambarake rasa apa bae.
f. Durma : Sereng, nepsu, mathuk kanggo medharake rasaning ati kang sereng,
gregeden, utawa carita perang.
g. Gambuh : Sumanak, sumadulur, mathuk kanggo aweh pitutur utawa sesorah kang
ngemu rasa rada sereng.
h. Pangkur : Sereng, nepsu, mathuk kanggo suka pitutur sereng, carita perang,
bebukaning carita.
i. Maskumambang : Nelangsa, ngeres-eresi, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih
keranta-ranta.
j. Megatruh : Trenyuh, memelas. Mathuk kanggo carita kang ngemu rasa susah.
k. Pocung : Gregeden, kendho. Mathuk kanggo ing carita kang sakapenake.

Paugeran Tembang Macapat

Pranataning tembang macapat kang wus tinamtu lan ora kena diowahi yakuwe anane guru
gatra, guru wilangan lan guru lagu / dhong-dhing, amrih cethane:

a. Guru gatra : Cacahing gatra / larik / baris saben sapada. Ing antaraning tembang siji lan
sijine ora kabeh padha larikane, ora kena ditambahi dhewek merga wis
mujudake pathokan kang gumathok.
b. Guru wilangan : Cacahing wanda (suku kata / indonesia) sagatra / larik / baris. ing tembang
macapat uga ora kena ditambahi dhewek merga uga wis gumathok
gunggunge wanda kuwe.
c. Guru lagu : Tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Swara kang dikarepaken
yakuwe swara vokal yakuwe ; nglegena (a), suku (u), wulu (i), taling (è lan
é) lan taling tarung (o). Dene aksara swara / vokal pepet (ê) ing tembang
macapat ora tau dienggo ing pungkasaning gatra tembang macapat.

Urut-urutanipun sekar macapat menika sami kaliyan lelakoning manungsa wiwit saking bayi
abang dumugi tumekaning pati. Mungguh kados makaten urut-urutanipun tembang:
1. Maskumambang :
Gambaraken jabang bayi ingkang taksih ing kandhutanipun ibu, ingkang dereng kawruhan
jaler utawi estri, Mas ateges dereng gertos jaler utawi estri, kumambang ateges gesangipun
ngambang ing kandhutan ibunipun.
2. Mijil :
ateges sampun lair lan cetha priya utawi wanita.
3. Kinanthi
saking tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supados saged mlampah ngambah
panguripan ing alam ndonya.
4. Sinom
tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati kagem remaja supados
saged ngangsu kawruh sak kathahipun.
5. Asmaradana
tegesipun rasa tresna, tresna dhumateng tiyang sanes ( priya lan wanita lan kosok wangsule )
kang sedaya sampun dados kodrat Ilahi.
6. Gambuh
saking tembung jumbuh / sarujuk kang ateges menawi sampun jumbuh / sarujuk lajeng
dipungathukaken antawisipun priya lan wanita ingkang sami nggadhahi raos tresna wau, ing
pangangkah supados sageda gesang bebrayan.
7. Dandanggula
Nggambaraken gesang ingkang saweg remen-remene, menapa ingkang dipungayuh saged
kasembadan. Kelakon gadhah sisihan / keluarga, gadhah putra, sarwi kacukupan kangge sak
kulawarga. Awit saking menika tiyang ingkang saweg bungah / bombong atine, saged
dipunwastani tembang ndandanggula.
8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Tiyang ingkang sampun rumaos kacukupan gesangipun,
lajeng tuwuh raos welas asih dhumateng tiyang sanes ingkang saweg nandhang kacintrakan,
pramila lajeng tuwuh raos kepengin darma / paring dhateng sesami.
9. Pangkur
Saking tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang
dipunpenggalih tansah kepingin weweh kaliyan sesami.
10. Megatruh
Saking tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit sampun titi wancinipun
katimbalan marak sowan mring Ingkang Maha Kawasa.
11. Pocung / Pucung
menawi sampun dados layon / mayit lajeng dipunwungkus mori putih utawi dipunpocong
sak derengipun dipunkubur.

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Serat Wedhatama kuwe salah sijining karya sastra Jawa kang dianggit dening KGPAA.
Mangkunegara IV, raja ing kraton Mangkunegaran, Solo. Serat Wedhatama wujude tembang
macapat, ditulis antarane tahun 1782 – 1810 Jawa utawa 1853 – 1881 Masehi, ditulis nganggo
aksara Jawa. Wedhatama isine ajaran luhur kanggo mbangun budi pakerti lan olah spiritual
kanggo kalangan raja-raja Mataram. Nanging uga diajaraken kanggo sapa bae sing nduweni
karep nyinaoni.
Wedhatama dadi salah sawijining dhasar penghayatan tumrap sapa bae sing nyinaoni ‘laku’
spiritual lan sipat universal lintas kapercayaan utawa agama apa bae. Wedhatama ngajaraken lan
nuntun manungsa nemokna dalan urip kang sejati, tepung karo awake dhewek, manunggaling
kawula Gusti, lan pikantuk anugrah Gusti Akarya Jagat kanggo weruh wadining urip.

Serat wedhatama kajlentrehaken dadi 5 pupuh, menawa digunggung kabeh ana 100 pada:
Pupuh Pangkur (14 pada, I - XIV))
Pupuh Sinom (18 pada, XV - XXXII)
Pupuh Pocung (15 pada, XXXIII - XLVII)
Pupuh Gambuh (35 pada, XLVIII - LXXXII)
Pupuh Kinanthi (18 pada, LXXXIII - C)

Pupuh Gambuh

Pupuh Gambuh ing serat Wedhatama punika pupuh ingkang kaping sekawan sasampunipun
pupuh Pangkur, Pupuh Sinom lan Pupuh Pocung. Ing pupuh Gambuh punika wonten 35 pada.
Gantosipun saking pupuh Pocung ing pupuh Gambuh katitik ing sasmitaning tembang ing gatra
kaping 4 pada kaping 18 pupuh Pocung: ‘tangguh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa’

Waosana pada 1 – 10 saking Pupuh Gambuh serat Wedhatama anggitanipun Sri Mangkunegara
IV ing ngandgap menika.

1. Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga cipta jiwa rasa kaki, ing
kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
2. Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, sesucine asarana saking warih, kang
wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.
3. Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetokken anggit,
mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.
4. Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon
wong kang padha nggugu, anggere padha nyalemong.
5. Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkono iku, akale keliru enggon.
6. Yen ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku batin,
dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
7. Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe
putraningsun, nyenyeger badan mrih kaot.
8. Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah
antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.
9. Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming
dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
10. Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh
utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.

Wangsulana pitakenan ing ngandhap!

1. Sebutaken guru gatra, guru wilangan lan guru lagunipun!

………......................................................................................................................................
..................................................................................................................................................
..................................................................................................................................................
2. Punapa kemawon pitutur luhur kang wonten ing tembang ing nginggil?
..................................................................................................................................................
..................................................................................................................................................
..................................................................................................................................................
3. Padosana tembung-tembung ingkang angel, lajeng padosana tegesipun ing Bausastra!
..................................................................................................................................................
..................................................................................................................................................
..................................................................................................................................................
4. Sekarana tembang ing ngandhap kanthi titi laras ingkang leres!

Gambuh Laras pelog pathet nem

2 3 5 5 5 3 5 6
Sa mêng ko ing sun tu tur

6 5 3 2 2 3 5 5 3 5 6
Sêm bah ca tur su pa ya lu mun tur

2 1 6 1 2 2 2 2 2 3 1 6 5
Dhi ngin ra ga cip ta ji wa ra sa ka ki

1 2 2 2 3 1 2 3
Ko no ka la mun ka tê mu

3 5 6 5 3 2 3 1 2
Tôn dha nu gra ha ning Ma non
2 3 5 5 5 3 5 6
Sa mêng ko ing sun tu tur

6 5 3 2 2 3 5 5 3 5 6
Sêm bah ca tur su pa y..oiggvghsxfcbgsa lu mun tur

2 1 6 1 2 2 2 2 2 3 1 6 5
Dhi ngin ra ga cip ta ji wa ra sa ka ki

1 2 2 2 3 1 2 3
Ko no ka la mun ka tê mu

3 5 6 5 3 2 3 1 2
Tôn dha nu gra ha ning Ma non

Gambuh laras Slendro Pathet sanga

5 6 6 6 1 2 2
ing ngu ni- u ni du rung

6 6 1 6 5 5 6 1 1 6 1 2
Si na ra wung wu lang kang si nê rung

5 3 2 3 5 5 5 5 5 6 3 2 1
La gi I ki bông sa kas mê tok kên ang git

5 5 5 5 6 3 5 6
Min tok kên ka wig nya ni pun

3 5 3 2 3 5 6 3 5 5
Sa re ngat e e lok- e lok

5. Kadamela sekar gambuh setunggal pada kemawon!

Anda mungkin juga menyukai