Anda di halaman 1dari 7

2.

CERITA
RAKYAT

Nama : Fatma Ulul Albab


Kelas : XI OTKP 2
No : 13
A. Pengertian Carita Rakyat
Carita rakyat inggih menika salah setunggaling karya sastra
ingkanglair kaliyan ngrembaka wonten salebetipun masyarakat
tarisional kaliyan disebaraken salebetipun wujud relief tetap, utawi
salebetipun bentuk baken ingkang sumebar ing antawis kolektif
tertentu wonten ing salebetipun wekdal ingkang langkung dangu.

B. Fungsi Carita Rakyat


Fungsi carita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa
didadehaken tuladha utamane carita-carita rakyat sing ngandung
piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora CERITA RAKYAT
mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh carita
rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi
amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing
diwarisken sakcara turun temurun.
C. Ciri-ciri Carita Rakyat
Ciri-ciri carita rakyat:
1. Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit
2. Kalebu karya kolektif, dipun anggep ngadhahi rakyat sareng-sareng
3. Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kadadosan-kadadosan
ingkang mokal wontenipun (imajinasi)
4. Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewah ingkang wigati saking jaman dateng jaman
salajengipun.

D. Unsur-unsur Carita Rakyat


Unsur intrinsik carita rakyat:
1. Tema, inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaripun cariyos.
2. Paraga, inggih menika purusa ingkang nglakoake cariyos.
3. Penokohan, inggih menika gambaran watak.
4. Alur/plot, inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
5. Latar/setting, inggih menika panggenan, wekdal, utawi swasana ing crita.
6. Amanat, inggih menika pitutur utawi pesen pangripta wonten ing cariyos.
7. Sudut pandang, inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos. Pangripta saged
dados: - Purusa kapisan paraga utama (orang pertama/pelaku utama)
- Purusa
katiga (orang katiga) - Sarwi mangertos (serba tahu)
E. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaiku salah
sawijining wujud nyekakake sawijining crita kanthi tetep
migatekaken unsur-unsur intrinsiksawijining crita iku. Gawe
sinopsis iku cara kang efektif kanggo ngaturaken sawijining crita
kang dawa dados wujud cekak. Sajroning sinopsis kaendahan gaya
basa, ilustrasi lan penjelasan-penjelasan diilangaken, nanging
tetep gumathok marang isi lan gagasan umum pagripta. Dawane
sinopsis biasane seperlima utawa sepersepuluh saka dawane
karangan asli.
Cara gawe sinopsis:
1. Maca naskah asli kanggo nggoleki gagasan umume panulis
2. Nyatet gagasan utama kang penting
3. Ngrantam maneh gagasan utama dadi paragraf
4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
5. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli
F. Jenis Carita Rakyat
Jenis-jenis carita rakyat kados ingkang sampun dipunandharaken ing
materi mirengaken teks carita rakyat teng ngajeng, ingkang saget
dipun lebetaken teng kategori jenis-jenis carita rakyat punika wonten
werni-werni, antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel.
Teng ngandhap punika badhe dipunjlentrehaken sakedhik
pangertosan saking kategori carios rakyat ing inggil.

1. Legenda
Pengertian Legenda inggih punika carita rakyat ingkang dipun
anggep leres nat kedadosan, ingkang caritanipun dipun
hubungaken kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun dipun
bumboni kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan
tokohipun, Utawi carita jaman ganu sing ana gegayute karo
prastawa sujarah (minurut KBBI).
2. Mite
Pengertian Mite inggih punika carita prosa rakyat ingkang dipun tokohi
dening para dewa-dewi utawi makluk lembut ingkang kedadosan ing
dunya sanes (kahyangan utawi alam gaib) lan dipun anggep leres
kedadosan dening inkang nganggit carita punika utawi penganutipun.

3. Sage
Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten
gegayutanipun kalian sujarah, ingkang nyritakaken kewantunan,
kasekten, kepahlawanan lan keajaiban satunggaling tiyang utawi tokoh.

4. Fabel
Pengertian fabel inggih punika carita ingkang nyritakaken gesangipun
kewan utawi sato ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa, carita
punika mboten leresleres kedadosan, namung carita fiksi, terkadang fabel
ugi nglebetaken karakter mioritas arupi manungsa.
5. Dongeng
Pengertian Dongeng inggih punika satunggaling carita ingkang mboten nate
kedadosan namung carita fiksi, ingkang nyritakaken satunggaling bab ingkang
ngaeng, aneh, lan mboten saged dipun logika. Adatipun nyritakaken bab
keajaiban lan kasakten para dewa, raja, pangeran, putri, lan sanesipun.

Anda mungkin juga menyukai