Anda di halaman 1dari 5

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

KI.3 Memahami, menerapkan, menganalisis dan mengevaluasi pengetahuan faktual,


konseptual, prosedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta
menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan
bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah
KI.4 Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranah konkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri serta
bertindak secara efektif dan kreatif, dan mampu menggunakan metode sesuai kaidah
keilmuan

No Kompetensi Dasar Indikator


3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama 3.1.1 Mengidentifikasi unsur pembangun
pupuh Gambuh. teks seratWedhatamapupuhGambuh.
3.1.2 Menganalisis relevansi nilai-nilai
yang terkandung dalam
teksSeratWedhatamapupuhGambuh
dalam kehidupan sehari-hari.

4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama 4.1.1 Memproduksi tembang Gambuh


pupuh Gambuh dan menulis serta dengan menggunakan bahasa
menyajikan syair Serat Wedhatama sendiri.
pupuh Gambuh dengan bahasa 4.1.2 Menyunting hasil karya tembang
sendiri. Gambuh.
4.1.3 Menyajikan secara lisan tembang
Gambuh

A. Serat Wedhatama Tembang Macapat Gambuh

Tembang Macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang
nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu,
yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku
uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.
Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku
macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese
tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka
kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.
Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum
macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum
iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase
masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).
Serat Wédhatama (serat mangenani ajaran utama) nggih niku satunggaling rumpaka sastra
Jawa Enggal kang saged digolongaken minangka moralistis-didaktis kang sekedik dipengaruhi
Islam. Rumpaka punika secaos formal diserat dening Ngarsa Dalem Ingkang Wicaksana Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegoro IV. Raja teng keraton Mangkunegaran Solo.
Sanese kawentar keranten kapinterane marang elmu pangauning, piyambeke ugi kawentar
keranten piyambeke mangrupiaken satunggaling tokoh ingkang sakti mandraguna, adil, lan arif
bijaksana. Lantaran olah laku spiritual kang mumpuni, piyambeke sedah kaliyan kasampurnan
gesang sejati salebete ngadep Tuhan Ingkang Mahawisesa, nggih niku warangka manjing curiga
atanapi anggayuh kamuksan, ngadep Gusti kaliyan raganipun sirna tan winekas.
Wonten indikasi nyaniya serat punika mboten diserat dening tiyang setunggal (Pigeaud,
Rangga Warsita et all, 1967:110). Serat punika dianggep minangka salah satunggaling puncak
estetika sastra Jawa abad kaping 19 lan gadah karakter mistik kang kiat. Wangune nggih niku
tembang, kang biasa dipigunakaken teng zaman punika. Serat punika mangadeg ing atase 100
pupuh (bait, canto) tembang macapat, kang dibagi teng selebete gangsal tembang, nggih niku :
Pangkur (14 pupuh,1 – 14)
Sinom (18 pupuh, 15 -32)
Pucung (15 pupuh, 33 – 47)
Gambuh (35 pupuh, 48-82)
Kinanthi (18 pupuh, 83-100)
Isi Serat Wédhatama ngrupiaken falsafah kagesangan, kados dene tenggang rasa, tepa
salira, kepripun dados janma kang sampurna, nglampahaken agami secaos bijak, lan dados
tiyang kang gadah watek ksatria.
B. Pathokan tembang macapat
Guru gatra yaiku cacahing larik/baris saben sapada.
Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra/larik.
Guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra
C. Kasusastran kang tinemu ing gendhing
Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
Cengkok yaiku Lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong
kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab,
siter, lsp
Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
Titi laras yaiku angka minangka gantine laras ( swara cendhak tekan swara dhuwur).
Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
D. Pathokan tembang Gambuh
GAMBUH
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
7 u
10 u
12 i 5
8 u
8 o
E. Watak tembang Gambuh
Watake tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-
bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
F. Makna tembang Gambuh
Gambuh (kecocokan) ing bahasa jawa yaiku "jumbuh utawa sarujuk" sing duweni arti
cocok. Tembang iki nggambaraken komitmen menungsa sing wis wara-wara katresnan lan siap
kanggo dumunung mudhun. Gancarne tembang gambuh yaiku salah sawijine tembang kang
ngandung akeh piwulang.
Tembang iki nyritakake babagan tugas lan kewajibane para generasi muda. Sifate lagu iki
kulina lan nepung-nepungke. Watake tembang gambuh yaiku grapyak, sumanak, mula cocok
kanggo nyritakake pitutur. Saliyane iku, tembang gambuh uga menehi piwulangan marang kabeh
wong. Tembang Gambuh njelasake yen manungsa iku ora isa urip dewe utawa nggantungake
wong liya. Manungsa mbutuhake wong liya kanggo gawe kepribadian diri. Tembang iki akeh
pituduh lan nasehat kanggo generasi muda, babagan pentinge ngormati wong kang luwih tuwa.
G. Titi laras utawa notasi gamelan jawa iku ana loro cacahe, yaiku slendro lan pelog
Slendro : 1 2 3 5 6 1
Ji ro lu mo nem ji
Pelog : 1 2 3 4 5 6 7 1
Ji ro lu pat mo nem pi ji
I. Titi Laras
Titi laras dumadi saka rong tembung yaiku titi lan laras. Miturut Widada, dkk (2011:725),
titi tegese sarwa ngati-ati ora ana sing cicir. Laras tegese wis runtut (cocog) karo swara sing
bener tumrap gamelan (Widada,dkk, 2011:422). Rong teges kasebut bisa didudut yen titi laras
iku tegese diati-ati supaya bisa runtut (cocog) karo swara sing bener tumrap gamelan.
Titi laras miturut Padmosoekotjo (1953:105) yaiku angka kang minangka sesulihing arane
wilahaning gamelan. Titi laras iki ing basa Indonesia biyasane diarani tangga nada. Tangga
nada iki biyasane digunakake kanggo pathokan sawijining tembang supaya tembang kuwi bisa
muni kanthi endah.
Titi laras ing gendhing Jawa iku kaperang dadi loro yaiku ana laras slendro lan laras pelog.
Laras slendro nduweni 5 laras yaiku barang, jangga, dhadha utawa tengah, lima lan enem. Laras
pelog uga nduweni cacahe laras kang padha, yaiku uga nduweni 5 laras. Ananging jenenge kang
beda. Laras-larase pelog yaiku jangga gedhe, jangga dhadha cilik, dhadha lima gedhe, lima enem
cilik, lan enem barang cilik (Susantina, 2010:18).
Endhek dhuwuring swara kang kanggo lelagoning tetabuhan gamelan diarani pathet
(Padmosoekotjo, 1953:105). Kanggo ngadhahi kabeh lagu swara utawa lagu gendhing amrih bisa
trep lan kepenak, laras salendro lan pelog iku nduweni pathet dhewe-dhewe. Padmosoekotjo
ngandharake yen laras slendro nduweni pathet warna telu, yaiku pathet nem, pethet sanga, lan
manyura. Laras pelog uga nduweni pathet kang cacahe telu, yaiku pathet bem, pathet nem, lan
pathet barang
Nyinaoni tembang macapat luwih prayoga yen mangerteni titi larase. Pasinaon tembang
iku ora mung prelu kanggo ngudi kawruh saha kabisan nggendhing wae, nanging kang wigati
marang rasa tentreming batin, uga nuwuhake rasa kasusilan kaya ta : rasa alus, suci, santosa,
nduweni prabawa, mandiri, budi pekerti, lan sapanunggale.
Ing tanah Jawa, kacaritakake para pandhita lan wali padha ngganteni kagunane tembang,
malah akeh kang padha ngecakake daya prabawaning tembang, minangka pambukaning rasa
kabatinan, uga minangka pangasahing budi kang adhedhasar landheping cipta, alusing rasa lan
kuwating karsa (Hardjasoebrata, sajrone Susantina, 2010:3). Ing jaman samengko para ahli
kabudayan prelu banget nggatekake pasinaon tembang kanggo para mudha, ora mung amarga
kang wis kasebutake ing dhuwur, nanging uga gendhing Jawa iku minangka tinggalane para
leluhur.
Gendhing iku bisa dimangerteni ala lan apike gumantung saka ala lan apike wirama.
Adhedhasar kamus busastra kang kaimpun dening Widada,dkk, (2011:224) gendhing nduweni
teges lelagoning gamelan, dene wirama yaiku ukuran kendho kencenging panabuhing gamelan.
Dideleng saka tegese, kaloro tembung kasebut nduweni gegayutan kang padha-padha menehi
daya pangaribawa tumrap siji lan sijine. Ateges lelagoning gamelan iku gumantung kendho
kencenging panabuhing gamelan.
Salah sawijine perangan wigati kang kudu digatekake kanggo nyinaoni gendhing yaiku
wirama. Gendhing ora bakal muni dadi gendhing yen ora ana wiramane. Ing gendhing Jawa
wirama iku kaperang dadi pirang-pirang warna kang karingkes dadi telung perangan, yaiku
gendhing gedhe, gendhing madya (tengahan), langendhing cilik, dadi padha karo perangan
gendhing swara yaiku tembang gedhe (kawi) watake jero, antep, lan kendho, tembang madya
(tengahan, dhagelan) watake sedhengan, dene tembang cilik (macapat) watake entheng, cethek
lan kenceng (Susantina, 2010:6).
H. Tuladha tembang Gambuh
Sekar gambuh ping catur,

(Tembang gambuh keempat)

Kang cinatur polah kang kalantur,

(Yang didiskusikan perihal perilaku yang kebablasan)

Tanpa tutur katula-tula katali,

(Tanpa nasehat terjerat penderitaan)

Kadaluwarsa kapatuh,

(Terlanjur menjadi budaya)

Kapatuh pan dadi awon.

(Adat dapat berpengaruh buruk)

Anda mungkin juga menyukai